33.
Dina
terus mlaku maju ora ana mandhege, saka kelas loro munggah neng kelas telu wis
padha dilakoni dening Sudimin lan kanca-kancane, malah wektu kuwi wis wancine Ujian
Sekolah. Ujian sing dianakne dening sekolahane dhewe-dhewe, manggone neng
sekolahane dhewe, sing ngawasi ya guru-gurune dhewe. Asil akhir saka bocah kelas
telu SMP Kebangsaan Kedunggalar sing cacahe ana satus patang puluh loro, sing
ora lulus mung siji, merga pancen ora melu ujian. Ing sajroning upacara perpisahan,
mBah Harjo Sucipto priyayi sepuh pensiunan Guru sing ora kersa leren nggone
berjuang majokne Pendidikan ing desane, sing wekasane ngesuhi SMP Kebangsaan
minangka Kepala Sekolah, mbiwarakake yen sing oleh biji dhuwur dhewe ing Ujian
tahun kuwi ora ana liya kajaba Sudimin. Kajaba saka kuwi, mBah Cip uga dhawuh
yen rumangsa melu bombong, merga tahun kuwi racak-racak para siswa bijine padha
apik-apik kabeh. Kang mangkono iku ora bisa diselaki awit iya saka pambudidayane
para Guru lan para siswa sing luwih tumemen nggone padha nindakne wajibe
dhewe-dhewe. Sing katon menjila bijine kajaba Sudimin, sasat kabeh dienggoni
dening para murid sing melu sinau kelompok sing dimotori dening Sri Hartini,
sing manggon neng emperan mburi daleme Pak Suwaji Kepala SD Negeri Pasopati
sing lagi wae pensiun. Sri Hartini dhewe bisa oleh peringkat loro sasekolahan
lan Ninuk oleh peringkat sepuluh.
Pancen
sasuwene iki, sanadyan Pak Dalal wis nemoni Pak Mantri Guru Suwaji uga methuki Bapake
Sri Hartini, martakne olehe kepengin ngepek Mantu Sudimin, pranyata ora pati
gedhe pengaruhe. Merga Pak Suwaji uga mrayogakne marang Pak Dalal supaya sabar,
merga sing jenenge jodho kuwi ora bisa dipenggak lan ora bisa dipeksa, kabeh
manut garising kodrat.
“Sudimin
sampun kula tuturi kathah-kathah Pak Dalal” kandhane Pak Suwaji nalika “mbales
kunjungan” neng omahe Pak Dalal, sing uga kanthi rasa sumadulur ditampa kanthi
seneng lan uga ditemoni lan dikancani jagongan dening Bu Dalal.
“Inggih
Matur nuwun sanget Pak Mantri” Pak Dalal wangsulan karo mripat sing sumunar
nandhakne yen kepranan atine “Lha Sudimin lajeng kados pundi? Menawi nitik
lelabetanipun Pak Mantri dhateng piyambakipun, mesthinipun Sudimin harak inggih
lajeng ndherek menapa ingkang dipun dhawuhaken Pak Mantri ta?”.
“Kula
kalih Ibunipun lare-lare menika boten nate labet menapa-menapa dhateng Sudimin,
Pak Dalal, malah Sudimin ingkang kathah sampun ngrencangi kula lan ibunipun
lare-lare ngrampungaken padamelan ing griya ugi ing sabin” Pak Suwaji wangsulan
karo mesem “Sanaosa makaten Sudimin ugi boten ndaga utawi mancahi pitutur kula
dhateng piyambakipun”.
“Bakenipun
Sudimin rak sampun nglenggana lan saged nampi menawi benjangipun Gendhuk Ninuk
menika dados jodhonipun makaten ta Mas Mantri?” Bu Dalal melu udhu rembug
nakokne kepiye wangsulane Sudimin nalika dikandhani bendarane.
“Tuwin
piyambakipun ugi purun nebihi lare estri yogane Pak Hadi kanca kula ingkang
dados juragan Gabah nika ta?” Pak Dalal nyambung pitakone garwane “amargi makaten Pak Mantri, ingkang
nguwatosi menika menawi ngantos Sudimin kalajeng kapencut dhateng Sri Hartini,
sedaya rancangan ingkang sampun kula tata saged buyar”.
“Lha
manut kabar ingkang kula tampi, saderengipun Pak Dalal rawuh ing gubug kula
kala emben, langkung rumiyin sanja dhateng dalemipun Pak Hadi, tiang sepuhe
Gendhuk Sri Hartini menika?” Pak Suwaji malah mbalik takon melehake Pak Dalal
sing olehe aweh kabar pas dolan mrana kae ora nyebut perkara iki.
“Lho
dados Pak Mantri sampun pirsa menawi kula kepanggih kalih Pak Hadi ta?” semu
rada klicutan, Pak Dalal wangsulan.
“Inggih
awit kula dipun waduli Sudimin lan kanca-kancanipun kalebet Sri Hartini ing
prakawis menika” Pak Suwaji tumuli wangsulan ngarang crita sing wujude dora
sembada, nadyan goroh nanging nguripi.
“Lha
kok malah sami wadul dhateng Mas mantri niku nalaripun pripun ta Mas Mantri?”
Bu Dalal nyaut rembug “bocah-bocah saiki pancen sok rada kemajon seneng ninggal
suba sita malah wani wadul marang Mas Mantri barang lho”.
“Boten
makaten mBakyu” Pak Suwaji ngendika karo mesem “jalaran mbok menawi Pak Hadi anggenipun
nuturi putranipun radi keladuk magepokan kalihan anggenipun dhawuh Pak Dalal
dhateng Pak Hadi, Hartini lajeng bingung, boten rumaos kados ingkang dipun
dhawuhaken dening tiang sepuhipun menika, srawungipun kalihan Sudimin ugi
limrah kados kanca sanesipun. Mila Hartini lajeng manggihi kanca-kancanipun
kalebet Sudimin, malah suwaunipun badhe manggihi Gendhuk Ninuk, boten narimahaken
menawi piyambakipun kadakwa kados makaten menika, nanging dening Sudimin dipun
penggak. Malah lajeng dipun ajak manggihi kula, nyuwun rerigen murih saenipun”.
Pak
Suwaji pancen rada wasis nek nyambungake crita goroh sing nguripi karo tembung
goroh sing ora mbebayani ngono kuwi. Pak Dalal lan Bu Dalal banjur padha
pandeng-pandengan dhewe-dhewe, wong tuwa loro kuwi ketoke lagi krasa nek anggone
wadul anake wedok wis rada keladuk.
“Lha
salajengipun kados pundi Pak Mantri?” sawuse rada sauntara karo rada semu klicutan Pak Dalal
takon crita candhake.
“Salajengipun
inggih sampun rampung” Pak Suwaji aweh wangsulan karo mesem “tiang kekalihipun
Sudimin menapa dene Hartini lajeng kula tangkleti pripun cethanenipun”.
“Inggih
cethanipun kados pundi Mas Mantri?” Bu Dalal nguber takon.
“Cethanipun
menawi Hartini menika taksih kepengin sekolah malih, mangke sasampunipun lulus
SMP badhe nglajengaken dhateng SGO jalaran pancen Hartini menika remen Olah Raga,
lha tiyang meh saben perayaan Agustusan ngoten nika, piyambakipun ajeg mborong
piala juara setunggal ing maneka warni kejuaraan Olah Raga. Dados Hartini
inggih badhe mikir anggenipun badhe sekolah rumiyin”.
“Lha
menawi Sudimin piyambak kados pundi Pak Mantri?” Pak Dalal genti sing nanggap.
“Sudimin
ngaken menawi saupami gadhah raos tresna dhateng lare wadon, duka niku Hartini
duka niku Ninuk, piyambakipun boten badhe blaka malah sasaged-saged, raos
makaten kala wau badhe dipun pendhem ingkang jero, jalaran Sudimin ngrumaosi
dereng wancinipun, lan malih Sudimin ugi boten yakin menawi lare estri ingkang
samangke criyosipun tresna dhateng piyambakipun badhe panggah tresna manawi sampun
wancinipun Sudimin wantun mblakakaken raosing manahipun. Awit Sudimin dereng
mangertos menapa ingkang badhe dipun lampahi menawi sampun lulus SMP. Badhe
sumusul tiyang sepuhipun nggarap lahan transmigrasi dhateng Sumatera mrika
menapa pados padamelan sakacepenge ing mriki. Kalih-kalihipun tartamtu badhe
boten timbang drajatipun kalihan lare estri kalebet Ninuk lan Hartini ingkang
saged nglajengaken sinaunipun dhateng SLTA” Pak Suwaji nyethakne sikepe Sudimin
kanthi trawaca.
Pak
Dalal lan Bu Dalal katon padha njengkerutne bathuke, wong loro kuwi sajak lagi
krasa lan nggagas kepiye “masa depane” Sudimin. Uga wiwit nggagas yen Pak Dalal
lan Bu Dalal wis kesusu mlangkah nuruti pamothahe Ninuk sing lagi kesandhung
rasa tresna “brai munyuk” marang Sudimin. Wangune ana rasa sethithik keduwung,
nanging enggal bisa ditutupi karo sikepe Sudimin sing dikandhakne Pak Suwaji
mau.
“Pak
Dalal lan Bu Dalal boten prelu rumaos getun awit sampun paring dhawuh dhateng
kula kados kala emben menika” Pak Suwaji nutugne olehe ngendika “awit kados
ingkang sampun kauningan dening sok sintena kemawon, bilih jodho menika boten
kenging dipun penggak lan boten kenging dipun peksa, menawi Sudimin mila sampun kinodrat dados jodhonipun
Gendhuk Ninuk, awakipun piyambak minangka tiyang sepuh ugi namung saged nampi
kanthi nglenggana utawi kanthi raos cuwa. Kosok wangsulipun menawi jodhonipun
Ninuk menika benjang pranyata sanes Sudimin, inggih sokur alhamdulillah makaten
kemawon”.
“Inggih,
inggih Mas Mantri” Bu Dalal wangsulan alon.
“Lha
Sudimin menapa mila boten nglajengaken sekolahipun ta Pak Mantri?” dumadakan
Pak Dalal takon bab sekolahe Sudimin. Pak Suwaji unjal ambegan rada landhung.
“Estunipun
mila eman sanget, Sudimin menika lare ingkang pinter, nanging kabekta saking
kawontenan, piyambakipun dereng cetha saged menapa botenipun nglajengaken
sekolah” ngendikane Pak Suwaji sabanjure “menawi namung dumugi SMP tur dhateng
mriki kemawon, kula inggih wala-wala kuwata. Nanging menawi sampun dhateng
SLTA, menika saboten-botenipun rak inggih dhateng Ngawi mrika?. Menawi saben
dinten nduduk mriki dugi Sidowayah saged nunggang pit, lajeng Sidowayah –
Ngawi? Sewulan sampun pinten kangge ongkos numpak Bus?”.
“Inggih
Pak Mantri” Pak Dalal wangsulan karo manggut-manggut, pancen wragat kanggo
sekolah kuwi sing abot ora kok mbayari SPP ne wae, nanging malah laku lan
pangane sing sekolah kuwi sing luwih akeh cacahe. Satemene ya ora pati akeh,
tumrap wong tuwa sing duwe, luwih-luwih kaya Pak Dalal sing sawahe amba,
nanging nek kanggone bocah sing wis ora ditunggoni wong tuwane kaya Sudimin
ngono kuwi genah nek abot. Abot banget.
Satemene
olehe aweh wangsulan Pak Suwaji mau kuwi durung jangkep. Nanging pancen
disengaja ora dikandhakne jangkepane. Pak Suwaji kepengin njajagi atine Pak
Dalal, sepira gedhening tekade olehe kepengin njodhokne anake wedok karo
Sudimin. Nek pancen tekade gedhe tenan, mesthine Pak Dalal wani udhu murih
Sudimin bisa sekolah, dimen bisa kangkat drajate ora kasoran karo kanca-kancane
sasekolahan sing bisa nutugne menyang SLTA. Nanging jebul Pak Dalal mung
kendel, pancen ngragati bocah sing “dudu apa-apane kuwi luwih abot”. Pak Suwaji
mesem jroning atine, merga Pak Suwaji sengaja nyingidake “kabegjan” sing
disandhang dening Sudimin, sing ora bakal diblakakne marang sapa wae.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar