32.
Weruh
kancane padha mlengak sajak gumun, Sudimin meneng anggone ngguyu, dheweke
kuwatir yen nganti kanca-kancane padha salah tampa maneh karo guyune kuwi.
Tenan, jebule sing rada salah tampa malah Warsidi, krungu guyune Sudimin,
Warsidi rumangsa nek olehe takon wis digeguyu, dianggep pitakonan sing lucu sing
kudune ora ndadak ditakokne maneh.
“Kowe
bisa wae ngguyu pitakonku iki mau Min” kandhane Warsidi sanadyan wis ora pati
atos nanging keprungu nek atine rada gela “nanging olehku takon iki mau
tenanan, lan merga kowe ngguyu aku banjur bisa mbadhe apa sing arep mbok
tindakne marang Ninuk”.
“Apa
kuwi?” Sudimin mbales takon .
“Kowe
arep nggugu sing dikarepne Pak Dalal, nanging marang aku lan kanca-kanca sing
wis mbok anggep batih dhewe, kowe arep kandha nek olehmu nuruti karepe Pak
Dalal kuwi mung api-api, ora tenanan, ora tulus tekan ati, prelune kowe bisa
ora pedhot nggonmu kekancan karo aku lan kanca-kanca liyane, mligine karo
Hartini. Rak ya ngono ta? Dhasar akal kancil tenan kowe kuwi Min, bisa sedhakep
karo awe-awe!” wangsulane Warsidi karo suwara sing landhep sing bisa ngabangake
kupinge sing krungu.
Hartini
karo Masirah ora numpangi rembug, nanging kekarone katon nek mbenerake apa sing
dikandhakne Warsidi. Sudimin dadi bali ora kepenak rasane.
“Kowe
kuwi pancen wis nemen olehmu sengit karo aku kok Di” kandhane Sudimin uga
kanthi suwara sing nuduhne nek atine lagi mangkel “nganti kowe tega lan mentala
ndakwa marang aku karo pandakwa sing banget remehe kuwi. Ngertia ya? Mokal mungguhe
Sudimin arep nglakoni kaya sing mbok kandhakne kuwi, ora kok merga aku wedi nek
nganti digenthing dening Ninuk munggahe Pak Dalal, uga ora jalaran aku ora
gelem dipedhot nggonku kekancan karo kowe lan kanca-kanca kabeh, mligine
Hartini. Merga nek mung digething wong wae, aku wis kulina ora tau disenengi
wong akeh Di, ora merga klakoanku sing ora genah, nanging merga aku iki mung
anake Diman Bandhat sing kondhang nek mlarate taker sikut. Lan bocah sing
drajate mung abdi, bocah ngenger, bocah ndherek, aku ya ora arep nyalahne nek
bocah-bocah sapantaranku wegah kekancan karo aku, mula pancen ora ana jamake
watu inten diworne watu krikil kaya aku iki…….”.
“Iya,
iya nek ora kaya sing dibadhe Warsidi banjur apa sing arep mbok tindakne?”
Masirah sing wis ora betah ngrungokne tembung-tembunge Sudimin tumuli nyela rembug.
“Nek
sirku, aku ora arep ngowah-owahi adat” wangsulane Sudimin “kaya-kaya aku ora
tau krungu kabar sing mbok kandhakne mau. Aku ora arep ngowahi nggonku srawung
karo Ninuk, Hartini, Masirah, Warsidi lan kanca-kancaku kabeh. Kajaba nek
pancen kanca-kancaku wis ora gelem kekancan karo aku maneh, aku ya ora arep
meksa nanging aku bakal panggah ora arep ngowahi adat”.
“Lha
nek Pak Dalal mentog awakmu?” Masirah takon.
“Ora
bakal kelakon Pak Dalal mentog aku, merga Pak Dalal wis nemoni Bapak lan aku
uga arep ngecakne apa sing disuwunke tulung Pak Dalal marang Bapak, ya kuwi aja
merga aku cedhak karo Hartini banjur srawungku karo Ninuk dadi renggang, Ninuk
lan Pak Dalal duwe penganggep nek merga Hartini aku dadi adoh karo Ninuk,
kamangka kanyatane rak malah kosok balen ta?” wangsulane Sudimin dipungkasi
nganggo pitakonan.
“Kosok
balen piye?” Warsidi genti sing takon.
“Wiwit
biyen aku karo Ninuk kuwi ya tangga, ya kanca sing lumrah” wangsulane Sudimin “nanging
keneng diarani olehe omong-omongan sajrone seminggu durung karuwan bisa
omong-omongan najan mung ping pisan. Nanging nyatane sawise aku karo Hartini mundhak
akrab, ya kuwi sakjege Hartini ajak-ajak ngenekne Sinau Kelompok kae, paling
ora aku kepethuk lan jagongan karo Ninuk seminggu bisa ping telu ya apa ora?”.
“Kuwi
mula bener” sing wangsulan malah Hartini “Nanging sing diarah Ninuk lan Pak Dalal
luwih saka kuwi, ya kuwi kowe kudu bisa
dadi jodhone Ninuk”.
“Apa?.
Jodho?” Sudimin mesem “jodho kuwi
tekdire Allah, kaya sing dikandhakne Pakku jaman semana marang Pak Dalal, nek
pesthine aku dadi jodhone Ninuk mbuh kaya apa wujude sing dadi pepalang mesthi
bakal sumingkir kabeh, ning nek dudu jodhone arepa dibudidaya kaya apa wae, ya panggah
ora bakal kelakone. Aku wis matur Bapak, nek aku lagi bisa mikir jodho
kira-kira ya limalas tahun maneh, wektu iki aku isih mikir golek dalan lan
golek sangu kanggo urip ben bisa lumrah kaya wong liyane, dadi sasuwene limalas
tahunan mengarep, aku ora arep wani mikir lan ngira-ira sapa sing bakal dadi
jodhoku. Aku ya matur marang Bapak, nek jan-jane ngono bocah wadon sing
kanggoku nduweni daya lan bisa ngisi atiku kuwi ya wis ana, nanging aku ora
wani mblakakne isi atiku. Iya amerga kahanan sing menging aku ngandhakne sapa
sing tak tresnani. Nek mbesuk aku wis bisa urip lumrah, ora nandhang
kacingkrangan, lan bocah wadon kuwi isih durung nresnani wong liya lan uga
durung winengku ing kakung, lagi mbok menawa aku wani blaka. Nanging nek uripku
durung tumata, mbok ngantia satus tahun maneh, aku ya ora bakal blaka. Perkara
Ninuk, ya ora prelu digagas, merga kajaba aku ora duwe rasa apa-apa marang
dheweke, kajaba rasa minangka kanca lan tangga, Pak Dalal dhewe wis ngendika
marang Bapak, nek duwe kersa, sing mbok menawa wae bisa dadi sarana ndadekne
sansaya renggang lan adohe antarane aku lan Ninuk, ora merga apa-apa nanging ya
merga tuwuh saka atine Ninuk dhewe sing bakal disengkuyung dening Bapake”.
“Sik…sik….sik…..”
Warsidi sumela rembug “coba balenana lan cethakna sepisan maneh tembungmu sing
keri dhewe kuwi mau. Pak Dalal ngersakne apa?”.
“Pak
Dalal ya wis maju cara mikire” wangsulane Sudimin “ora kepengin enggal-enggal
mantu, nanging anake wedok kudu sekolah sing luwih dhuwur maneh, lulus SMP mengko
Ninuk arep disekolahne nyang Kutha. Kowe wis nyandhak ta sing tak karepne?”.
“Durung
Min” Hartini wangsulan “tutugna olehmu nyethakne, merga aku ya ngono, nek lulus
SMP aku ya kepengin bisa mlebu menyang SMA neng Ngawi kana”.
“Apik
kuwi Har” wangsulane Sudimin “nek mung lulus SMP wae, ora pati ana guna lan
manfaat sing bisa dirasakne, dadi uga marang Masirah karo Warsidi nek bisa ya
aja kesusu omah-omah, kudu nerusne sekolah dhisik”.
“Sapa
sing arep ndang omah-omah?” Masirah nyaut kandhane Sudimin karo mrengut “wong aku
ya kepengin bisa sekolah maneh nyang SPG ben bisa dadi Guru kok”.
“Nek
aku cetha nek kudu bisa mlebu STM” Warsidi nyauti rembug “ndang dikandhakne
sing cetha, apa sing mbok karepne karo tembungmu sing aku ora mudheng mau,
Hartini ya durung mudheng”.
Sudimin
mesem kalegan, kanca-kancane wis ora kaya mau tembung lan sikepe. Suwasana bali
normal maneh.
“Kowe
bocah telu mesthi padha karo aku, wis apal karo teku lan lagak lagon lan
lageyane Ninuk kae” kandhane Sudimin sabanjure “lan kowe kabeh mesthi ya wis
ngerti nek Kedunggalar kene iki kutha cilik, utawa malah isih kenek diarani
ndesa, bocah sing pinter ya durung akeh, bocah sing gantheng lan gagah isih
bisa dietung nganggo driji, beda adoh karo neng Ngawi utawa neng Madiun, neng
kana kuwi bocah bagus, bocah pinter, bocah sing putrane wong sugih lan nduweni
pangkat, akeh banget. Merga saka ngendi-endi padha mlumpuk neng kana. Saiki mbalik
maneh menyang Ninuk, nek kepethuk lan kerep srawung karo bocah-bocah lanang
sing bagus, gantheng, cekel dhuwit thik ya pinter pisan, kira-kira gampang apa
kepenak wae Ninuk nglalekne bocah lanang sing nuwun sewu sanadyan rada pinter,
nanging panguripane ora cetha, drajate mung sak abdi utawa wong ngenger kaya
aku iki? Tulung aku dibantu mikir mangsuli pitakon sing keri dhewe iki!”.
“Ora
tak rewangi mikir wangsulane Min” Warsidi wangsulan karo mesem amba,
tilas-tilas rasa cuwa ing atine wis ora katon maneh “nanging tak dongakne
muga-muga Ninuk kecanthol karo bocah kutha kaya sing mbok kandhakne kuwi”.
“Ora
sah didongakne” Masirah nyaut rembug “kaya wis keneng dipesthekne, Ninuk mesthi
wis lali karo Sudimin sadurunge kwartal keloro sak wise mlebu SMA neng Kutha.
Aku percaya banget kuwi”.
“Ora
mung Ninuk dhewe” Sudimin nutugne olehe guneman “durung karuwan nek kowe kabeh
ya ora bakal malih slaga sawise padha lulus SMP lan bisa nerusne sekolah menyang
Kutha. Merga, bocah sakelas iki sing durung cetha bathik lan tulisane sawise
padha lulus SMP ya mung aku dhewe. Aku durung ngerti, apa aku banjur nusul wong
tuwaku melu dadi buruh kuli perkebunan Karet utawa Kelapa Sawit neng Sumatera
kana, apa banjur ngulandara dodolan bau kanggo nerusne urip neng kutha, utawa
panggah dadi abdine Bapak neng dalem kene, aku ora ngerti. Sing cetha, drajatku
bakal manggon adoh ing ngisormu kabeh, mula saupama mbesuk padha wegah kekancan
karo aku, aku ya trima wae”.
Bocah
telu padha meneng, ora ana sing bisa mangsuli apa sing lagi wae dikandhakne
Sudimin sing keri dhewe iki. Sing cetha, bocah telu sing mau tekane nggawa ati
panas, wis ora padha gela maneh.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar