31.
Hartini,
Masirah lan Warsidi katon nek gumun weruh owahe praupane Sudimin sing mau kober
rada katut melu peteng saiki bali sumringah maneh. Luwih gumun maneh nalika
Sudimin kandha yen ngibaratne bocah telu kuwi kaya bocah cilik sing mangan
permen sarana dipamah lan banjur diulu. Iki padha wae ngandhakne nek bocah telu
kuwi wis kesusu olehe gawe dudutan sawise nampa warta ora nganggo dirasakne
sing luwih jero luwih dhisik banjur tumindak kanthi ati panas nekani Sudimin
ing omahe bendarane kaya dina kuwi.
“Aku
iki wis wola-wali nggagas Min” Warsidi guneman suwarane panggah keprungu atos “wis
tak unggahne lan tak udhunke lan tak gathuk-gathukne karo lelakon sing wis
kawuri. Entek-entekane ora ana dudutan kajaba pancen kowe kuwi wong pinter sing
kejem lan mentala nggunakne kapinteranmu kanggo gawe wirangku lan uga mbok
menawa wirange Hartini utawa malah uga kanca liyane. Saiki kowe kandha nek aku,
Masirah apa dene Hartini mbok padhakne karo bocah cilik sing durung njawa
banjur mamah permen sing kudune mung diemut wae, iki wis pas banget karo sing
dikandhakne Masirah mau, kowe kuwi wong pinter sing dhemen nganggep wong liyane
bodho kabeh”.
“Iya,
aku ya ora serik mbok unekne ngono kuwi” karo mesem Sudimin mangsuli rembuge
Warsidi sing panggah atos kuwi “lan aku ya ora butuh nyelaki utawa mbenerne apa
sing mbok unekne marang aku ngono kuwi, merga wektu iki, cetha nek kowe wis ora
percaya maneh marang aku, dadi apa sing tak kandhakne mungguhmu ya mung kaya
suwarane menco sing tanpa ana tegese lan ora bisa dibiji bener utawa lupute.
Mung wae, aku ya percaya yen becik bakal ketitik ala mesthi bakal ketara kuwi
sok mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo mbuktekne yen bener. Pancen wektu iki lakone
isih becik ditampik lan ala ditampa. mBuh kapan wektune, kowe kabeh mesthi
bakal weruh yen tenane aku ora kaya sing padha mbok unekne mau. Aku panggah
kaya biyen sadurunge aku tepung becik karo Masirah apa dene Hartini lan durung
raket karo Warsidi, Sudimin sing mung bocah ngenger sing asor drajate lan mung
aji godhong jati garing, nanging setya marang ati nuraniku sing ora tau goroh
selawase. Nanging ya kuwi, mbok menawa olehmu padha weruh kaya sing tak
kandhakne mau wis kasep, aku lan kowe kabeh wis adoh ya atine ya ragane, atine
merga kowe wis padha ora gelem srawung karo aku maneh kaya sing padha mbok
kandhakne mau, ragane mbok menawa sawise aku bisa lulus SMP mengko bakal nusul wong
tuwaku menyang tanah sabrang kana, utawa ngumbara nuruti grenjeting karep,
sauntara kowe mesthi banjur padha nutugne olehmu padha sekolah neng kutha”.
Hartini
katon rada kaget krungu wangsulane Sudimin marang Warsidi ngono kuwi. Banjur
Hartini nyawang Masirah sajak njaluk tetimbangan apa sing dikarepake Sudimin
karo wangsulan sing mangkono kuwi mau. Nanging sing disawang malah banjur
ngangkat pundhak, tandha yen uga olehe ora ngerti. Masirah ganti nyawang
Warsidi, kaya mau sing ditindakne Hartini marang dheweke. Warsidi ora aweh
sasmita nanging ya meneng, ora guneman apa-apa.
“Nek
ngono kowe ya wis ngerti bab ramene kabar kuwi? Lan kowe ora rumangsa nek kabar
kuwi wis gawe larane kanca-kancamu kabeh?” wekasane Hartini sing ngalahi takon.
“Lagi
watara setengah jam kepungkur aku ngerti” wangsulane Sudimin “sing paring kabar
malah Bapak, bar paring kabar kuwi Bapak banjur miyos, aku mlaku memburi,
banjur kowe karo Masirah lan Warsidi teka iki mau”.
“Lagi
iki mau kowe krungu kabar kuwi?” Warsidi takon nggenahne wangsulane Sudimin.
“Iya”
wangsulane Sudimin maneh “rak kabar sing jare aku wis dijodhokne karo Ninuk
jaman aku isih cilik biyen kuwi ta?”
“Bener
kabar bab kuwi” Warsidi guneman maneh “kok aneh?”.
“Aneh
piye wong nyatane ya pancen ngono?” Sudimin wangsulan.
“Apa
kowe ora tau diomongi Bapakmu, karepku Lik Diman utawa Simbokmu, bab jejodhowan
kuwi?” Warsidi takon maneh.
“Ya
ora ta Di” wangsulane Sudimin karo mesem “wong pancen ora ana perjanjian
apa-apa antarane wong tuwaku karo wong tuwane Ninuk nek arep padha besanan?
Mula aku panggah ngarani nek kabar kuwi kabar sing ngayawara, nek pancen kabar
kuwi bener mesthine Pakku lan mBokku rak wis biyen-biyen ngandhani aku bab
kuwi? Iya apa ora?”.
“Nanging
kok Pak Dalal kandha nek kabar kuwi bener? Iki sing omong Pak Dalal, dudu
Ninuk, nek sing omong Ninuk ngono bisa diarani ngayawara, nanging nek Pak
Dalal? Mosok wong tuwa arep gawe-gawe crita sing ngayawara?” Hartini nyela
rembug.
“Apa
? sing crita Pak Dalal Bapake Ninuk ? Apa Pak Dalal crita marang kowe dhewe?”
Sudimin genti sing takon.
“Ora
crita marang aku dhewe” wangsulane Hartini.
“Dadi
kowe kuwi ya mung jarene wong? Banjur kowe percaya nek Pak Dalal ngendika sing
ngono kuwi?” Sudimin olehe takon karo mesem rada kecut.
“Bener”
wangsulane Hartini “aku pancen percaya nek wong sing ngomongi aku kuwi ora
bakal ngapusi utawa omong goroh marang aku, anake dhewe, merga sing ngendika
kuwi Bapakku”.
“Apa?”
Sudimin kaget “sing ngandhani kowe Bapakmu dhewe? Kok bisa?”.
“Ya
bisa wae ta Min?” wangsulane Hartini kalem “Bapakku karo Bapake Ninuk kuwi rak kanca
nyambut gawe sing wis suwe? Saben wayah panen utawa saben Pak Dalal kuwi butuh
arep dodolan gabah, mesthi sing digoleki lan dikongkon nuku kuwi Bapakku. Lha
dhek emben telung dina kepungkur, Pak Dalal rawuh ing omahku. Ora arep nawakne
gabahe, nanging malah njaluk tulung Bapakku supaya ngandhani aku murih aku ora
seneng ngrusak pager ayu, senajanta pager kuwi ya durung ana wujude. Pak Dalal
crita akeh-akeh, bab olehmu arep tiba saka gendhongane mBokmu jaman kowe isih
bayi pitu biyen, nganti tekan anane rembug antarane Wong tuwamu lan Pak Dalal
sarta Bu Dalal olehe wis padha sarujuk njodhokne kowe karo Ninuk. Mula aku sing
dianggep bisa dadi pepalang nggone padha arep besanan kuwi, dijalukne tulung
marang Bapakku supaya aku dikandhani supaya aja gelem dadi pacarmu lan malah
kudu ngadoh aja oleh cedhak-cedhak karo kowe. Ora gantalan dina, saungkure Pak
Dalal, aku ditimbali Bapak dikandhani kaya sing dijaluk Pak Dalal. Tekan kene,
apa kowe isih arep selak? Lan panggah wani kandha nek kabar kuwi ngayawara?”.
“He
he he he…..” Sudimin ngguyu “Persis banget Har…….”.
“Apane
sing persis ?” Hartini takon, polatane ketok nek ora seneng merga ngira nek
critane wis digeguyu dening Sudimin.
“Critamu
sing mbok tampa saka crita saka Bapakmu kuwi persis karo crita sing tak tampa
saka Bapak lagi wae iki mau” wangsulane Sudimin karo mesem.
“Dadi
crita kuwi bener? Ora ngayawara kaya sing wis mbok kandhakne mau? Saiki kowe
wis ngakoni nek wis nyingidne crita sing sabenere kuwi saka kanca-kancamu
kalebu aku?” ora sranta Warsidi sing wiwit mau meneng guneman maneh, suwarane
sansaya atos.
“Sapa
sing kandha nek bener?” Sudimin wangsulan rada banter “Nek olehe crita Pak
Dalal marang Bapake Hartini padha karo olehe crita marang Bapak, saupama critane Pak Dalal kuwi bener, cetha
nek ora ana rembug sing wis mateng nek aku dijodhokne karo Ninuk, merga jaman
semana Bapakku ora kepengin anake
nyunggi lumpang kentheng, ngrabi anake wong sugih tur kinurmatan, kajaba nek
anake ya aku iki wis apangawak prabata sing sembada ngangkat lumpang kentheng
nganggo tangan sesisih digawa mlaku karo lembehan. Dadi ora ana rasa kuwatir
yen sirahe pecah, polone muncrat merga keblegan abote lumpang kentheng sing
wujud watu jaman kuna”.
“Nanging
nyatane Pak Dalal kandha nek antarane wong tuwamu karo wong tuwane Ninuk wis
padha mathuke nek kowe karo Ninuk dijodhokne?” Masirah genti sing takon.
“Dudu
pasarujukan Rah” wangsulane Sudimin sareh “kuwi mung karepe Pak Dalal wae,
utawa luwih pase karepe Ninuk wektu iki, Lha Pak Dalal kuwi mung nuruti
panyuwune anak sing nek ora keturutan jarene awake dadi panas, lara. Pak Dalal
kuwi wis jinja karo lelakon sing disandhang, ya kuwi putra-putrane ora ana sing
gelem ngenger wong tuwane, kajaba Ninuk, kabeh wis kapundhut nalika jaman isih cili-cilik,
mula Pak Dalal kuwi tansah kuwatir, kuwatir nek nganti ditinggal mati anake
wedok sing mung siji thil kuwi”.
“Iya
pancene ya ngono kuwi critane Bapak marang aku” Hartini melu numpangi rembug “Pak
Diman Bandhat, Bapake Sudimin jaman semana ora nulak apa sing dadi kersane Pak
Dalal lan Bu Dalal, nanging uga ora nampa, kira-kira ya mung manut jaman
kelakone ngana kae”.
“Dadi
kowe panggah ora bisa nampa apa sing dikersakne Pak Dalal, ngono apa piye Min
genahe?” Warsidi takon maneh, suwarane wiwit ora atos kaya mau “Lha nek banjur
Ninuk dadi lara tenan, apa kowe mentala lan tega?”.
“Ha
ha ha …….” Sudimin ngguyu rada banter. Warsidi, Hartini lan Masirah padha
mlengak. Gumun.
Ana
candhake.
Maturnuwun sampun kêrså paring dongèng mawi båså Jawi,
BalasHapuskathah kathahipun ingkang sampun sami madosi dongengan basa Jawi
Mugi tansah winantu karahayon 🙏