Total Tayangan Halaman

Senin, 09 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (030)

30.

Sudimin daya-daya menyang emperan mburi sing padatan kanggo papan sinau kelompok, mau Bu Suwaji paring dhawuh yen dhayohe ngenteni neng kana. Pancen nek neng emperan mburi daleme Pak Suwaji kuwi, hawane luwih seger lan luwih adhem, ora panas kaya neng ngarep utawa papan liyane.

 

Jebul Pak Suwaji wis ana kono uga, bocah telu, Hartini, Masirah lan Warsidi padha lungguh jagongan karo Pak Suwaji.

 

“Mau Ibumu nggoleki kowe menyang Pawon lho Min, wis kepethuk apa?” lagi wae Sudimin nyedhak wis dipapag pitakonan saka Pak Suwaji.

 

“Sampun Bapak” Sudimin atur wangsulan “dhawuhipun Ibu, Warsidi madosi kula lan ngentosi ing mriki?”.

 

“Iya, lha iki bocahe” dhawuh wangsulane Pak Suwaji karo mesem “ya wis kono padha dikepenakne anggone padha lungguhan, Bapak tak ngrampungne gaweyan dhisik”.

 

“Inggih Bapak” Sudimin atur wangsulan,

 

“Matur sembah nuwun Bapak” Hartini, Masirah lan Warsidi melu wangsulan bareng.

 

Sudimin banjur mapan lungguh neng sandhinge bocah telu kuwi.

 

“Jare dhek esuk padha dolan mrene?” kandhane Sudimin miwiti rembug “aku dhek esuk pas nyang sawah, jane ora let suwe kowe padha pamitan bali aku ya wis teka”.

 

“Pancen iya” sing wangsulan Warsidi “banjur dening Bu Suwaji didhawuhi nek kepengin kepethuk kowe, sore supaya mrene maneh. Iki jane durung sore, nanging Hartini selak ora krasan leren neng nggone Masirah, mula ya banjur tak jak mrene iki”.

 

“Kok ketoke padha arep ngandhani bab sing wigati? Ana apa ta?” Merga Hartini lan Masirah ketok padha meneng lan ora katon eseme sing banget beda karo padatan, Sudimin tumuli nakoni dhayohe mungguh apa kang dadi sedyane.

Masirah, Hartini lan Warsidi padha pandeng-pandengan sauntara, Masirah bola-bali ngincangne alise marang Hartini lan Warsidi. Nanging kekarone ora ana sing tumuli guneman, malah padha ngangkat baune dhewe-dhewe.

 

“Ora…” bareng dienteni sauntara ora ana sing padha wangsulan, Sudimin banjur guneman maneh “sak jane ngono iki padha ana apa ta? Mbok aja gawe bingunge atiku neh?”.

 

“Wong digawe bingung sedhela wae kok wis sambat? Nek gawe bingung kancane nganti pirang-pirang sasi kok ayem wae?” Hartini semaur ora aweh wangsulan malah semune melehake, eseme babar pisan durung dikatonake, ulate panggah peteng semu anyel.

 

“Mengko dhisik ta?” Sudimin dadi sansaya ora mudheng karo kandhane Hartini ngono kuwi “karepmu kuwi aku wis gawe bingunge atimu nganti pirang-pirang sasi? Gawe bingung sing kepiye? Ya gene lagi saiki kowe blaka? Aku dhewe babar pisan ora ngertri nek wis gawe bingunge atimu lan kanca-kanca liyane, mbok tulung aku dikandhani, cethane ngono kepiye?”.

 

Hartini ora wangsulan, malah mripate genti genten ngingeti Masirah lan Warsidi, minangka sasmita supaya genti mangsuli pitakone Sudimin.

 

“Ngene lho Min” wekasane kanthi alon Warsidi sing guneman “jane-jane ngono upama nuruti prentahe atiku, aku wis wegah kepethuk kowe maneh. mBok menawa wae iki kanggo sing pungkasan aku rembugan karo kowe, merga jebul anggonmu kekancan karo aku iki mung lamis ora tulus lahir batin. Babar pisan kowe ora tau blaka, malah kepara ngalingi kabar sing ana sambung rapete karo kowe, sing kabar mau tak bantah lan tak gorohake, kowe ya ngerti lan ora menging, nanging jebule kowe ngapusi aku, api-api ora ngerti. Olehku nggorohake kabar sing sumebar kuwi mung merga aku ngrumangsani nek aku iki kancamu, jebul satemene kowe wis luwih dhisik ngerti nek kabar kuwi bener, lan kowe mung meneng wae. Nek wis ngene iki harak aku dhewe ta sing kecelik? Oleh-olehan merga aku ngrewangi lan mbelani kowe jebul mung wujud kewirangan ngene iki? Lha kok ngonowa, saiki kowe kandha nek ora ngerti, kuwi ora lucu Min!”.

 

“Aku sakanca ngerti nek kowe pancen pinter ing samubarang reh Min” Masirah genti numpangi rembug “nanging aja banjur kowe nganggep kanca-kancamu iki bodhone wis kliwat wates ngono kuwi, aku, Warsidi lan Hartini iki sanajan ora pinter kaya kowe, nanging ya isih bisa mikir kok Min, ora kaya sing mbok kira sasuwene iki”.

 

Krungu omongane Warsidi sing banjur disambung dening Masirah sing isine nguman-uman dheweke kuwi, Sudimin dadi legeg. Ora nyana ora ngira nek tekane kancane telu kuwi jebul mung arep nglabrak lan ngunek-unekne, sing satemene Sudimin dhewe durung pati mudheng ing ngendi dununge salah sing ditindakne. Pikirane banjur nyoba miyaki lelakon sasuwene srawung karo bocah telu kuwi, nanging panggah Sudimin durung weruh ing ngendi luput sing tau ditindakne. Rumangsane sasuwene iki, nggone kekancan ya sarwa becik, ora tau ana salah tampa sing ndadekne satron, nek ana bedane panemu adate iya banjur bisa dirampungne kanthi becik. Nanging iki mau Warsidi wis kipa-kipa nek rumangsa getun dene wis duwe kanca dheweke, Masirah malah ngundamana dheweke didakwa wis nggoblogne kanca-kancane.

 

“Ngene lho ya?, aku iki ora mudheng lan ora ngerti karo apa sing wis padha mbok kandhakne kuwi mau” alon-alon Sudimin wiwit semaur “Warsidi wis rumangsa nandhang wirang merga mbelani aku lan ngarani yen anggonku kekancan kuwi mung lamis, kuwi aku ya ora ngerti jlentrehe ngono piye. Kabar sing semebar kuwi kabar apa? aku ya ora tau ngerti. Luwih-luwih tembunge Masirah sing ndakwa yen aku wis nggoblogne kanca-kancaku, kuwi ing sisih ngendi? Aku ora rumangsa nek ngono kuwi. Dadi arepa olehmu padha guneman nganti kaya bethet sewu ngoceh bebarengan, nek aku ora mbok tuduhi kanthi cetha aku wis tumindak apa sing jebule tumindakku kuwi kleru lan wis gawe larane atine kanca-kancaku, aku ya ora bakal ngerti. mBok nesonana nek sing mbok nesoni ora ngerti rak ya padha wae kowe nesoni wong turu sing ora krungu ta?. Tulung genahna lan cethakna sagamblang-gamblange, kleruku kuwi manggon neng endi? Nek pancen aku kleru tenan, aku ya arep nyoba ndandani murih apike, nanging nek kowe kabeh wis ora percaya, ya aku ikhlas nampa ukuman saka kowe kabeh”.

 

“Nek sing guneman ngono kuwi liyane Sudimin, aku isih bisa nampa Min” wangsulane Warsidi karo suwara sing atos “nanging nek sing guneman kuwi kowe keprungu nek lucu. Mokal bocah sing kapinterane nganti pitung wong kaya kowe kuwi, durung nyandhak karo apa sing lagi wae tak kandhakne”.

 

“Dadi kowe panggah ora gelem blaka marang aku?” Sudimin takon suwarane uga keprungu wiwit ana atose.

 

Warsidi ora enggal semaur, untune digegetne kanggo nahan mubaling kanepsone.

 

“Ngene wae Min” wekasan sing guneman genti Hartini suwarane alus nanging cetha yen ngemu rasa gela “tenane olehku nggoleki kowe iki mau ora arep ngrembug perkara kuwi, merga aku ya ngerti nek wis ora ana gunane maneh. Nanging niyatku saka omah mau mung arep njaluk tulung marang kowe, mbok menawa bisa diarani iki panjaluk tulungku sing pungkasan”.

 

“Kabeh kok sarwa sing pungkasan kuwi genahe piye ta?” Sudimin wangsulan suwarane bali keprungu sareh maneh.

 

“Aku njaluk tulung supaya kowe gelem ngandhani Ninuk” Hartini nutugne olehe guneman “merga pangiraku mung marang kowe Ninuk bisa lan gelem percaya, nek omonganku wae dening Ninuk ya ora dianggep babar pisan”.

 

“Kok tekan Ninuk barang kuwi babagan apa maneh ta Har?” Sudimin dadi sansaya gumun lan kober muser pikirane tekan ngendi-endi.

 

“Aku ora ngerti sapa sing ngomongi, jarene Ninuk, aku lan kowe kuwi wis ana sesambungan batin antarane bocah lanang karo bocah wadon. Lan merga kuwi Ninuk banjur duwe dudutan yen aku iki wis ngrusuhi utawa mbubrahne sesambungan antarane Ninuk karo kowe sing wis dadi petung mateng antarane wong tuwane Ninuk karo wong tuwamu sing aseli. Aku ya wis kandha marang Ninuk, nek antarane awake dhewe iki durung ana rembug apa-apa kajaba rembug kekancan sing lumrah, nanging sajake Ninuk panggah ora percaya marang aku. Mula aku banjur ngajak Warsidi karo Masirah iki mau, nemoni lan njaluk tulung marang kowe, supaya kowe gelem ngandhani Ninuk, kepiye sing sanyatane sesambungan antarane aku lan kowe”.

 

Sudimin mesem, polatane dadi bali sumilak padhang. Sudimin wiwit bisa ngerti karo apa sing dikandhakne Warsidi lan Masirah mau. Nanging Sudimin banjur nggagas, olehe ngerti perkara rembugan antarane Pak Dalal lan Bu Dalan karo wong tuwane jaman dheweke isih bayi iku lagi awan iki mau, kuwi wae merga olehe pirsa Pak Suwaji sing banjur nyritani dheweke merga ya dicritani Pak Dalal lagi esuk mau. Lha iki Hartini kok wis ngerti critane Pak Dalal sing dicritakne marang Pak Suwaji? Yen ngono cetha nek Pak Dalal olehe nyritakne rembugan antarane Pak Dalal karo wong tuwane, ora mung marang Pak Suwaji dhewe. Banjur marang sapa maneh anggone Pak Dalal adol prungu crita lelakon sing wis suwe banget kedadeyane kuwi?.

 

“Iya, iya, iya” Wekasan Sudimin guneman alon nanging cetha “saiki aku lagi ngerti marang apa sing dikandhakne Warsidi lan Masirah marang aku mau. Kowe kabeh kuwi kena tak arani kaya bocah cilik sing merga seneng karo panganan sing jenenge permen, olehe mangan permen banjur dipamah lan diulu, dadi ora ngerti kanthi sawutuhe rasa sing ana permen kuwi mau”.

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...