Total Tayangan Halaman

Jumat, 06 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (29)


 

29.

Sudimin mesem mlengeh oleh pandangu saka Pak Suwaji mangkono kuwi mau. Banjur ndilat lambene, nuli atur wangsulan :

“Kula ngrumaosi Bapak, kula menika sinten? lan sinten Sri Hartini menika?, kados ingkang kasebat ing Buku Yasanipun Profesor HAMKA ingkang sesirah Di Bawah Lindungan Ka’bah nika, saupama dipun sanepakaken kaliyan tosan, sami-sami tosanipun kula menika inggih namung Arit Gowang ingkang sampun gablug lan dibucal ing pinggir radosan. Menawi Sri Hartini menika saged kaupamekaken Dhuwung ingkang apendhok emas. Boten badhe wonten cariyosipun tiyang ingkang kagungan Wangkingan apendhok emas badhe rila manahipun menawi Dhuwungipun dipun sandhingaken kalihan arit gablug, ingkang gowang malah sampun teyengen pisan. Mila saking menika kula lajeng kedah ngicali raos tresna dhateng Hartini saderengipun kula manggih bilahi ing tembenipun inggih menika raos sakiting manah ingkang kasebabaken awit kula ingkang boten ngrumaosi drajat kula”.

 

“Iya Bapak pirsa sing mbok karepake, yen pancen tekadmu mangkono Bapak ya melu jumurung. Malah sing baku saiki temenana nggonmu golek sangune urip, ya kuwi kabisan lan kapinteran. Merga aku tau krungu dhawuhe Kyai Wahid jarene Kanjeng Nabi nate paring dhawuh yen wong sing paling cilaka kuwi wong sing bodho sing ora gelem mbudidaya murih ilang bodhone” Pak Suwaji paring wangsulan disusul paring pitutur.

 

“Inggih Bapak”.

 

“Lha saiki Bapak ya arep mundhut pirsa sepisan maneh” Pak Suwaji ngendika maneh “sawise kowe krungu critane Pak Dalal sing kepengin njodhokne putrane karo kowe kuwi kepiye mungguh panemumu?”.

 

“Sami Bapak” Sudimin atur wangsulan.

 

“Padha karo Panemune Pak Dalal?” Pak Suwaji mundhut pirsa karo mesem.

 

“Nggih boten ta Bapak!?” Sudimin atur wangsulan karo ngguyu.

 

“Lha piye?”

 

“Kajeng kula sami kalihan sikep kula dhateng Sri Hartini” Sudimin nggenahne karepe “dados kula inggih boten badhe gadhah niyat tresna dhateng Ninuk, putranipun Pak Dalal menika”.

 

“Nanging, saupama Ninuk kuwi disanepakne Keris sing pendhoke emas, Pak Dalal ya seneng-seneng wae lho upama disandhingne kowe sing mbok sanepakne kaya Arit Gablug sing wis teyengen mau?” Pak Suwaji njajagi tekad lan niyate Sudimin.

 

“He he he he” Sudimin ngguyu lirih banjur matur “nadyan makatena, kula inggih langkung pitados dhateng criyosipun Pake kula kados ingkang Bapak cariyosaken wau”.

 

“Sing endi kuwi?”

 

“Bilih tiyang menika, manahipun gampil goyang, sedina nglampra sawengi ngimpi” ature Sudimin cetha “inggih wekdal menika Ninuk mbok menawi kemawon remen dhateng kula lan Pak Dalal ugi nyarujuki, nanging kula sakedhik-sakedhik inggih ngertos watak wantunipun Ninuk, saha pambeganipun Pak Dalal ingkang tansah ngrojongi menapa ingkang dados pepenginanipun Ninuk, awit Pak Dalal ajrih menawi ngantos kecalan putranipun ingkang Kantun setunggal niku”.

 

“Watak wantune Ninuk sing kepiye sing mbok karepake?”.

 

“Wekdal samangke menika Ninuk mila tresna lan asih dhateng kula” Sudimin nyethakne maneh sing dikarepne “menika jalaran ngertosipun Ninuk inggih namung winates ing pasrawunganipun wekdal menika. mBok bilih kemawon wekdal samangke Ninuk dereng kepanggih lare jaler ingkang kapinteranipun nglangkungi kula. Mangke menawi Ninuk sampun mlebet SMA ing Kitha mrika, tartamtu badhe kepanggih lan tepang kalih kathah lare jaler ingkang samudayanipun tebih ing nginggil kula. Lha ing mriku mangke Ninuk mbaka sakedhik badhe nyupekaken kula, menapa malih Pak Dalal ingkang wasis micara nanging nyatanipun kawon kalihan putranipun menika, mesthi kanthi remening manah ngrojongi pikajengipun Ninuk. Menawi samangke kula ndherek ingkang dados kersanipun Pak Dalal kanthi remen, boten mokal benjingipun kula ugi kedah ndherek kersanpun Pak Dalal malih kanthi manah nelangsa, lan menika kula boten kepengin. Malah kula sepisan malih badhe ndherek kersanipun Bapak, badhe tumemen pados sanguning gesang rumiyin”.

 

Olehe matur mangkono mau katon yen ature Sudimin tulus mijil saka dhasaring ati suci. Mula Pak Suwaji uga banjur nayogyani kantji renaming penggalih. Mung wae, sepisan maneh Pak Suwaji kepareng nggogohi ati sucine Sudimin.

 

“Bapak nayogyani banget karo sing dadi aturmu mau Min, Nanging…….”

 

“Nanging menapa Bapak?”.

 

“Yen sekolahmu mung mandheg sawise tamat SMP kuwi durung paya-paya nyukupi yen kanggo sanguine urip, lan supaya bisa nyukupi kowe kudune nutugne menyang sekolahan sadhuwure maneh” pak Suwaji kendel sedhela anggone ngendika. Sudimin mung bisa meneng durung bisa atur wangsulan apa-apa.

 

“Kamangka, Bapak bisane mbantu sekolahmu ya mung tekan kowe lulus SMP wae” ngendikane Pak Suwaji nyambung dhawuh sing wis kawetu ing ngarep.

 

“Menika sampun langkung saking cekap Bapak” atur wangsulane Sudimin kanthi suwara sing kebak rasa panarima, awit Sudimin krungu yen suwara pangandikane Pak Suwaji kuwi uga ngemu rasa pangeman yen Sudimin mung sekolah tekan lulus SMP wae “pitulunganipun Bapak dhateng kula sampun kliwat saking kathah lan ageng. Boten ateges kula sampun tuwuk namung lulus SMP mangkenipun, manawi kula kapeksa boten saged sekolah malih kula badhe ngecakaken kaweruh-kaweruh ingkang sampun nate kula tampi wiwit SD ngantos SMP kanthi sasae-saenipun. Sanadyan makatena, menawi Gusti kepareng ngersakaken kula saged sekolah malih sasampunipun lulus SMP mangke, tartamtu boten kekirangan margi”.

 

“Upama nganggo cara ngene piye ? Bakune kowe mbesuk bisa nutugne olehmu sekolah sawise lulus SMP dhisik?” Pak Suwaji nawakne cara.

 

“Caranipun kados pundi Bapak?” Sudimin nyuwun pirsa.

 

“Carane saiki kowe api-api nyarujuki kabeh sing dikersakne Pak Dalal, nanging kowe uga ngajokne sarat masrut sing kudu diwujudi dening Pak Dalal, ya kuwi Pak Dalal kudu kersa ngragati sekolahmu paling ora nganti lulus SMA utawa Sekolah Kejuruan Tingkat Atas. Piye yen ngono ?”.

 

Sudimin meneng sedhela, pikirane sing landhep wis bisa ngaweruhi yen sejatine rerigen sing didhawuhne Pak Suwaji kuwi mung kanggo nyoba marang dheweke. Dudu watake Pak Suwaji sing muruki muride murih duwe pangawak prau, gelem obah merga ngalab opah. Pak Suwaji bola-bali paring warah yen gelem mbantu wong liya kuwi aja merga ngarep-arep sembulih apa-apa, nanging kudu dilakoni kanthi ikhlas lahir tumusing batin, minangka srana kanggo manembah marang Kang Maha Kawasa. Ora kok kaya sing lagi wae didhawuhne iki mau.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” Sudimin kanthi suwara sing alon nanging keprungu cetha matur “kula boten saged nglampahi ingkang kados makaten menika kala wau, awit kula boten badhe ngucemaken asmanipun Bapak namung kangge mbujung kabetahan kula ingkang dereng kantenan sagedipun kacepeng. Sampun malih kok mawi ngunjukaken sarat dhateng Pak Dalal kados makaten kala wau, saupami tanpa kula nyuwun nanging Pak Dalal paring dhawuh tawa-tawa dhumateng kula murih kula saged sekolah malih sasampunipun tamat SMP mangke kanthi nanggel wragadipun, dereng kantenan kula badhe sumrinthil nampi kanthi bingahing manah. Kula namung purun nampi pitulunganing asanes menawi pitulungan menika kaparingaken kanthi ikhlas boten murih menapa-menapa, kados anggenipun Bapak saha Ibu paring pitulungan dhumateng kula ngantos titiwanci menika”.

 

Byar padhang, katon sumringah pasuryane Pak Suwaji midhanget atur wangsulane Sudimin sing nuduhne jiwa kasatriyane kuwi. Mula karo mesem sing nuduhne yen lagi karenan penggalihe, pak Suwaji banjur paring dhawuh :

 

“Ya wis yen pancen mangkono sing dadi tekadmu, Bapak mung bisa melu ndedonga nyuwun kamurahaning Gusti Sing Maha Kawasa, muga-muga kasembadan apa sing mbok sedya. Saiki kana mbok menawa kowe arep ngapa ta ngapa bisa mbok tindakne, perkara anggone Bapak mundhut pirsa sarta nyritakne critane Pak Dalal iki mau ora sah nemen-nemen nggonmu nggagas”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin, banjur ngadeg arep ngalih.

 

“Oh, iya meh wae Bapak kelalen…..” dumadakan Pak Suwaji ngendika maneh.

 

“Inggih wonten dhawuh menapa Bapak?” Sudimin nyadhong dhawuh.

 

“Suk Sabtu malem Ahad ngarep, Masmu si Respati arep tilik omah karo ngajak kanca”.

 

“Mas Respati badhe kundur?” Sudimin nyethakne dhawuhe Pak Suwaji.

 

“Iya, layange sing nganggo prangko kilat, wis teka mau esuk. Nanging ya mung sepasar neng omah karo ngajak kancane sing kepengin ngerti kahanane desa kene, wong Jerman karo bojone, bojone kuwi  wong Turki lan nggawa anak siji. Mengko utawa sesuk sak kobermu wae, kamare Masmu Prayitna resikana lan tatanen sing becik, ben dienggoni kancane Masmu Respati”.

 

“Inggih Bapak”

 

Pak Suwaji banjur jumeneng lan bali tindak mlebu omah. Sudimin banjur ngalih metu saka Pawon, pikirane nggagas gaweyan apa sing luwih dhisik arep ditindakne, merga wektune wis kalong akeh dienggo jagongan karo Bendarane. Sudimin banjur memburi, niyate arep resik-resik pekarangan mburi luwih dhisik.

 

Lagi wae arep nyandhak sapu, dumadakan Sudimin krungu nek ditimbali Bu Suwaji. Sapu diselehne, daya-daya marani panggonane juragane putri.

 

“Kae lho, kowe digoleki kancamu sing mau esuk mrene!” Bu Suwaji jebul wis jumeneng neng cedhak lawang pawon, banjur paring dhawuh nek ana kancane Sudimin sing mara nggoleki dheweke “kana ditemoni dhisik, mbok menawa ana sing wigati. Gaweyane ditinggal dhisik, mikir gaweyan kuwi ora ana enteke ya?”.

 

“Inggih Ibu” atur wangsulane Sudimin alon. Sudimin kelingan mau Bu Suwaji wis paring dhawuh nek dhek esuk pas dheweke menyang sawah, Hartini kanthi dikancani Masirah lan Warsidi teka mrono nggoleki dheweke. Atine Sudimin bali rada dheg-dhegan maneh.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...