Total Tayangan Halaman

Kamis, 05 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (028)


 

28.

Sudimin isih anteng karo meneng, nyemak pangandikane Pak Suwaji sing nerokne critane Pak Dalal. Sudimin uga banjur kelingan marang critane bocah-bocah kancane sekolah, sing ngandhakne nek jarene Ninuk kuwi kerep crita marang sapa-sapa yen Ninuk kuwi wis dipacangne wiwit cilik karo dheweke. Kanthi nyemak crita sing dingendikakne Pak Suwaji ngono kuwi mau, apa sing dikojahne Ninuk kuwi ora satus persen luput. Isih ana sing bener, merga ana sumbere . Mung wae mbok menawa anggone nampa sumber kuwi kurang pas, utawa olehe merdeni sumbering crita mung wewaton penafsirane dhewe, critane Ninuk dadi sakarepe dhewe, dijumbuhne karo sing dikarepne. Dadi saiki Sudimin ngandhani atine dhewe, ora kena ngluputne Ninuk merga seneng kojah bab nek wis dipacangne wiwit cilik, nanging ya ora kena mbenerake jalaran crita sing dikojahne Ninuk wis diimbuhi klawan penapsirane dhewe.

 

“Ngono kuwi critane Pak Dalal marang Bapak dhek mau esuk” Pak Suwaji mungkasi olehe nirokne critane Pak Dalal “mulane Bapak mau mundhut pirsa : apa bapakmu biyen tau crita sing ana sambung rapete karo mbesuk nek kowe wis wayahe omah-omah”.

 

“Lha kok lajeng Pak Dalal nyariyosaken dhateng Bapak menika mengku kersa menapa Bapak?” Sudimin matur alon minangka tanggaping wacana.

 

“Lha kuwi, ana critane dhewe maneh” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Cariyos menapa malih Bapak? Kok kados sandiwara radio kemawon?” Sudimin matur nyuwun pirsa karo ngguyu lirih.

 

“Pancen bener, ana maneh critane” Pak Suwaji paring wangsulan uga karo gumujeng alon “kowe ngerti ta nek putrane Pak Dalal kuwi jane ana papat, nanging sing lulus anggone ngenger nganti tekan gedhe rak mung Ninuk dhewe? Merga adhi-adhine Ninuk sing cacahe ana telu, wis kapundhut sadurunge umure ganep sepasar, malah sing keri dhewe kae, wis ora ana wiwit ana sajroning kandhutan”.

 

“Inggih Bapak”

 

“Lha Ninuk kuwi wae, jaman isih cilik sadurunge sekolah biyen kerep lara-laranen, malah ngendikane Pak Dalal nganti saiki, nek apa sing dipengini ora dituruti dening Bapak lan Ibune, banjur awake panas lan ndleming ora karuwan”.

 

“Wadhuh, makaten inggih Bapak?” Sudimin matur karo mesem, karo batine ngandhakne nek Ninuk kuwi pancen bocah aleman.

 

“Iya, ya awit saka kuwi, Bapak banjur duwe dudutan yen rawuh lan anggone crita Pak Dalal marang Bapak, mung merga wedi utawa kuwatir yen Ninuk nganti lara utawa panas awake maneh” dhawuh wangsulane Pak Suwaji sabanjure.

 

“Liripun kados pundi Bapak?”

 

“Lire mangkene” Pak Suwaji nyambung critane “Pak Dalal uga nyritakne, mesthine olehe crita ya merga dicritani putrane, yen sawuse kowe karo Ninuk sekolahe awor neng SMP nggone mBah Cip, nggonmu sambung kekancan karo Ninuk dadi lan rakete. Mundhak dina sansaya raket lan sansaya cedhak, malah jarene kerep wae Ninuk njaluk warah carane nggarap wulangan-wulangan sing dheweke durung mudheng marang kowe, jarene Pak Dalal maneh, kowe ya seneng banget yen Ninuk gelem njaluk warah marang awakmu. Apa ya pancen bener mangkono?”.

 

“Pripun nggih Bapak?” Sudimin atur wangsulan sajak ewuh aya “menika wonten leresipun nanging ugi wonten ingkang boten pas”.

 

“Lire kepiye?”

 

“Leresipun, mila saestu menawi srawung antawisipun kula kalih Ninuk menika mila lajeng wewah raketipun sasampunipun minggah ing kelas kalih, jalaran Ninuk mila saben seminggu dugi dhateng griya mriki saha kepanggih kula, paling boten kaping tiga, Senin, Rebo lan Jumuah. Awit Ninuk ugi tumut sinau kelompok ingkang dipun wontenaken ing emperan wingking nika. Makaten ugi menawi dipun wastani Ninuk asring nyuwun warah babagan wulangan ingkang piyambakipun dereng patos ngertos. Nanging anggenipun nyuwun warah inggih kanthi wontenipun sinau kelompok menika, ingkang andilalah kula ingkang langkung asring saged nerangaken caranipun nggarap wulangan ingkang dereng sami mudheng menika” Sudimin atur wangsulan nyethakne apa sing sanyatane.

 

“Lha jaremu ana sing kurang pas? Sing endi kuwi?” Pak Suwaji mundhut pirsa maneh, senajan satemene sethithik-sethithik uga wis pirsa karo sing dikarepake Sudimin.

 

“Menika makaten” Sudimin atur wangsulan “ingkang sepisan, anggenipun Ninuk nyuwun warah menika estunipun boten mligi dhateng kula, nanging dhateng sedaya kanca ingkang sami ndugeni sinau kelompok, namung kemawon inggih niku wau, andilalah ingkang kathah saged nerangaken kanthi cetha menika kok kula. Saha malih, anggen kula nerangaken menika boten kangge Ninuk kemawon, nanging ugi dhateng kanca-kanca sedaya”.

 

“Banjur sing kapindho?”

 

“Ingkang kaping kalihipun, mila leres menawi kula remen lan kanthi bingahing manah menawi wonten kanca ingkang pitaken bab wulangan ingkang dereng patos dipun ngertosi menika, lan kanthi bingah menawi saged kula lajeng nerangaken menggah cethanipun. Makaten menika boten namung menawi ingkang pitaken Ninuk kemawon, nanging ugi kanca-kanca sanesipun. Dados menawi dipun wastani kula remen marahi Ninuk, menika mila boten lepat nanging inggih kirang pas menawi dipun wastani anggen kula remen menika namung menawi ingkang kula warahi Ninuk kemawon” Sudimin njangkepi wangsulane.

 

“Iya Bapak wis bisa nampa karo sing mbok aturne kuwi” Pak Suwaji ngendika karo mustakane manggut-manggut “mung wae sajake olehe crita Ninuk marang Bapake, ora kaya sing mbok aturne iki mau. Merga isih ana sambungane crita”.

 

“Wadhuh” Sudimin kaya sambat “lajengipun crita menapa malih Bapak?”.

 

“Merga dicritani Ninuk olehe srawung karo kowe, nanging beda adoh karo sing mbok aturne iki mau, ndadekne Pak Dalal rumangsa kaya weruh ayat-ayate Gusti Allah sing wujude Ayat Kauniyah, ya iku ayat sing ora kamot ing Kitab Suci, nanging anane kedadeyan sing sajak ngemu pituduh utawa hidayah” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Ayat Kauniyah Bapak? Weleh-weleh, Pak Dalal kuwi thik kaya Wali wae?” Sudimin grenengan ijen.

 

“Iya” Pak Suwaji ngendika karo mesem “rumangsane pak Dalal, raketing srawungmu karo Ninuk kuwi, minangka pepeling saka Gusti Allah. Ya kuwi Pak Dalal lan Bu Dalal dielingne nek nate kagungan niyat arep njodhokne putrane karo anake Kang Diman Bandhat, ya kuwi pas kowe isih cilik, kaya sing wis dicritakne Bapak neng ngarep mau. Mula pak Dalal lan uga Bu Dalal ya banjur ngersakne supaya niyat sing wis kocap jaman semana bisoa kasembadan”.

 

“Kersanipun Pak Dalal kalih Bu Dalal badhe njodhokne Ninuk kalih kula?” Sudimin matur, karo batine wiwit nata ukara kanggo atur wangsulan yen dheweke ora duwe rasa tresna marang Ninuk, kajaba tresna lumrah antarane kanca karo kanca.

 

“Bener” Pak Suwaji paring wangsulan “nanging ora saiki, merga Pak Dalal uga kepengin Ninuk bisa sekolah luwih dhuwur maneh. Dadi paling cepet ya ngenteni nek Ninuk wis tamat SMA”.

 

Sudimin isih meneng, durung atur wangsulan, isih ngenteni critane Pak Suwaji sabanjure.

 

“Lha anggone Pak Dalal nyritakne bab niyate besanan karo wong tuwamu jaman semana kuwi, supaya Bapak pirsa, banjur kersa melu ngandhani kowe murih sansaya ngraketake nggonmu srawung karo Ninuk kareben niyat sing wis diucapne Pak Dalal lan Bu Dalal jaman semana kuwi bisa kasembadan kanthi lancar” sawise pirsa nek Sudimin meneng wae, Pak Suwaji nutugne olehe ngendika “merga ngendikane Pak Dalal, sing mesthine ya saka wadulane putrane, jarene keri-keri iki, sikepmu katon rada beda marang Ninuk. Dene sing njalari, merga ana bocah wadon liya sing wis wani ninggalne sipat-sipating bocah wadon sing sarwa semu ing samubarang reh. Bocah wadon sing keri kuwi mau, jarene tanpa duwe rasa ewuh pakewuh ngatonake rasa tresnane marang kowe, kathik dhasare bocahe ya kasinungan rupa sing ayu, lencir kuning pisan, dadi ya ora mokal nek kowe banjur kegiwang atimu, banjur nglanggati tresnane bocah wadon mau. Lan malih ora migatekne maneh marang Ninuk. Kowe ngerti sapa bocah wadon sing keri iki?”.

 

“Menapa Sri Hartini Bapak?” Sudimin mbadhe jenenge bocah wadon sing dicritakne Pak Suwaji. Amarga mau, sadurunge crita akeh-akeh Pak Suwaji uga mundhut pirsa perkara olehe srawung karo Hartini, putrane juragan gabah sing sugihe ora karuwan kae.

 

“Bener, jenenge Sri Hartini” Pak Suwaji mbenerake wangsulane Sudimin “apa bener Sri Hartini kuwi kaya sing dicritakne Pak Dalal marang Bapak kaya sing wis bapak dhawuhne marang kowe mau? Lire antarane Hartini karo kowe padha-padha olehe mambu ati utawa padha tresnane?”.

 

Ditlemak nganggo pitakonan kaya mangkono kuwi, Sudimin mbrabak, pancen atine ora bisa selak yen dheweke satemene uga seneng marang Hartini, mung wae dheweke duwe niyat ora arep ngandhakne rasa tresnane kuwi marang sapa wae, kalebu marang Hartini sing jarene kanca-kancane, luwih-luwih jarene Masirah apa dene Warsidi Hartini kuwi kepengin bisa dadi pacare.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” wusanane karo suwara sing alon Sudimin banjur atur wangsulan marang bendarane “saupami kula kasinungan sarat ingkang jangkep makaten bares mawon kula mila remen menawi cecaketan kalih Hartini ingkang ketingalipun ugi remen menawi kekancan kalihan kula, nanging gandheng sarat ingkang kula ngadhahi taksih tebih dereng nyekapi, mila lajeng kula punggel namung kekancan limrah kemawon. Dados menawi dipun wastani menapa kula remen kalih Hartini menika leres, nanging menawi menapa kula tresna dhateng Hartini menika lepat, jalaran kangge nresnani Hartini menggah kula, kula dereng saged nyekapi sarat masrutipun”.

 

“Lha kok nganggo sarat masrut barang ta Min? Apa wujude kuwi?”.

 

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...