Ngerteni sikepe Pak Dalal
lan Paeran Dengkek sing kaya ngono kuwi, nesune Kang Diman Bandhat dadi ilang,
ganti rasa trenyuh sing ngebaki sajroning dhadhane. Kanthi sareh lan sabar,
tangane Pak Dalal dicandhak karo guneman :
“Sampun-sampun Pak Dalal,
sampun kados makaten, namine tiang niku nggih sok lali napa, nggih sok sembrana.
Nanging Gusti Allah Ingkang Maha Mirah tansah maringi pangayoman dhateng
titahipun. Sokur Kamdulillah, anak kula boten siyos dhawah dhateng kedhokan.
Lan inggih boten napa-napa, niku ketingale namung kaget sangkete mawon. Sak
niki mangga lenggah rumiyin, badhe kula tilar sakedhap., murugi mBah Tilah
Dhukun Bayi, kersane otote Dimin dibenekne riyin”.
Pak Dalal durung bisa kumecap,
kanggo aweh wangsulan, eluhe isih dleweran nelesi pipine. Paeran Dengkek
tanggap, banjur ngiras pantes kanggo gantine asok kaluputan marang Kang Diman
Bandhat, banjur guneman :
“Sing marani mBah Tilah,
ben aku wae Man. Tulung Pak Dalal kancanana” muni ngono kuwi Paeran Dengkek
banjur ngadeg, tanpa ngenteni wangsulan banjur mlaku sajak gita-gita ninggalne
omah kono, arep marani Dhukun Bayi sing arep dijaluki tulung ngurut Sudimin.
“Gajege gula karo bubukmu
rak ya isih ana ta mBoke Dimin?” katone kanggo ngalihne swasana, Kang Diman Bandhat
kandha marang Yu Sudinem “mosok eneng dhayoh kok mung disuguh anggur wae, kana nggodhoga
banyu, ben Pak Dalal ngrasakne kopimu sing weton Genthong*)”.
“Gak sah repot Yu” sing
nyaut kandhane Kang Diman Bandhat malah Bu Dalal “wong dhayoh tanggon wae kok,
kene malah jagongan kene wae ben rada gayeng”.
“Boten repot kok Bu”
wangsulane Sudinem karo ngadeg “wong nggih mumpung enten toya benter mawon kok
niki”.
Yu Sudinem banjur mlaku
menyang Pawon, Diman Bandhat genti nyaketi anake lanang, njagani nek
sawayah-wayah njingkat saka olehe turu.
Pak Dalal nggeser
lenggahe, melu nyedhaki Sudimin sing isih turu, alon-alon astane diagem ngelus
bathuke Sudimin.
“Panas!” kaya ngendikan
marang awake dhewe Pak Dalan ngelih astane “owah tenan Kang Diman, putrane
sampean iki. Sepisan maneh aku njaluk pangapuramu sing gedhe ya?”.
“Enggih Pak Dalal”
wangsulane Kang Diman Bandhat “mengke nek empun digrayahi mBah Tilah rak nggih
asrep malih”.
“Nek diworne ngene iki Dimin
karo Ninuk ketok nek mirip nggih Mas?” Bu Dalal ngajak omong kakunge “kados
kakang adhi, nek boten klentu riyin lahire kaot sekawan wulan, langkung sepuh Sudimin”.
“Iya” Pak Dalal paring
wangsulan “mbesuk dadine, Sudimin kuwi pakulitane niru Bapake, kuning ngemu
giring, lha nek si Gendhuk kuwi rak nurun aku, dadi ya ora kuning banget malah
rada ireng sethithik”.
“Ireng manis Pak Dalal”
Kang Diman Bandhat melu udhu rembug “benjing dadose nggih lare ayu ireng manis,
kados Dewi Wara Sembadra”.
“He he he , sampean kuwi
bisa wae” Pak Dalal nyauti gunem karo gumujeng “lha nek Ninuk mbesuk kaya Wara
Sembadra lha Sudimin mbesuk rak kaya Raden Permadi no ?”.
“Nggih cocog sanget niku
Mas” Bu Dalal numpangi rembug “Raden Permadi niku rak garwane Wara Sembadra ta?
Upama mbenjing nek lare kalih niki mpun ageng awakipun piyambak besanan kalih
Kang Diman kok ketingale nggih sae, kula
kalih panjenengan rak saged ndherek momong Sudimin lan Ninuk kersane ngraosne
dimong Kang Diman kalih Yu Sudinem. Pripun nek nurut Panjenengan Kang Diman? Sae
lan mathuk ta?”.
“Nek aku genah nek mathuk
banget Bu” dudu Kang Diman sing gage-gage nyaut , nanging malah Pak Dalal karo
mesem seneng, banjur dhawuhe marang Kang Diman Bandhat “cocog banget lho Kang
upama anak sampean kuwi dijodhokne karo anakku, anakku ya ayu lha anak sampean
ya bagus, wis klop lah”.
Karo nyangga tampah
minangka gantine baki, sing kanggo nggawa wedang Yu Sudinem teka.
“Gek menapa inggih cocog
ta Pak? Kula kok malah ajrih nek kuwalat” kandhane Yu Sudinem karo ngladekne
kopi.
“Kuwalat piye ta Yu?” Bu
Dalal sing semaur.
“Nggih kuwalat tenan ta
Bu” wangsulane Yu Sudinem “iba surake wong sajagad menawi estu kula besanan
kalih panjenengan?. Bares mawon, ngangen-angen mawon kula boten wantun, mengke
gek kula sampun tenanan olehe ngajeng-ajeng, teka ndata malah wurung. Mengke rak
dados iwak bandeng bestik kenthang”.
“Kok ndadak nganggo
parikan barang ta Yu?” Pak Dalal mundhut pirsa karo mesem “apa kuwi tegese?”.
“Sing kene kadhung methentheng,
jebul ora suda madhang, wurung. Rak marahi kesakit-sakit ta Pak?” Yu Sudinem
nggenahne parikane “pantese besanan niku nggih kalih tiyang sing sababag, babag
rupane, babag drajate, babag kaduwekane lan sapiturute. Lha nek kula ajeng
besanan kalih panjenengan niku mengke rak tengu-tengu sami ngguyu he he he”.
“Ya aja mengkono olehmu
nampa Yu” Bu Dalal ngendika maneh “jenenge jodho kuwi ora mbedak-mbedakne
pangkat lan drajat, ora mbedak-mbedakne bandha lan kesugihan, sing baku mung
siji padha mathuke. Kaya sing sing neng tembang-tembang kae lho Yu? Gegarane
wong akrami, dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane……..”.
“Lha wong tembang mawon
kok digatek nemen-nemen ta Bu, bu?” Yu Sudinem wangsulan karo mesem, banjur
ngacarani dhayohe supaya ngunjuk wedang suguhane “mangga katuran ngunjuk Pak
Dalal, kopine weton Genthong menika, mila nggih nggereng, angger ireng”.
“He he he , wis tak sruput
luwih dhisik kok Yu” wangsulane Pak Dalal karo ngguyu “kopimu kaya kopi warung
wae, krasa nek campurane mung sethithik, malah klapa sing ngge capuran nggoreng
krasa banget. Mbaleni tembang sing dikandhakne Ibune Ninuk mau Yu, ambak-ambak
mung sak tembang, kuwi tembang tinggalane para kuna sing ngemu pitutur sing becik,
beda karo tembang jaman saiki sing isine mung cinta-cintaan thok”.
“Nggih bener niku Pak
Dalal” Kang Diman Bandhat sing maune mung meneng wae kuwi melu guneman.
“Mulane awake dhewe iki
aja sok dhemen maido unine tembang” Pak Dalal wiwit kandhan-kandhan.
“Enggih” Diman Bandhat
aweh wangsulan “nanging kadose tembange Bu Dalal wau dereng jangkep”.
“Kirange teng pundi Kang
Diman?” Bu Dalal genti nyaut.
“Luput pisan kena pisan,
yen gampang luwih gampang, yen angel, angel kelangkung, tan kena tinumbas arta”
Diman Bandhat nyethakne isine tembang “niku rak tembange tiyang ajeng
jejodhowan, dede tembange tiyang sing ajeng besanan. Namung ati pawitane niku,
dede atine tiyang tuwek, nanging atine sing ajeng nglampahi, upaminipun benjing
si Thole kalih si gendhuk niku atine empun cocog, didhadhunga mesthi medhot
dipalangana nggih mesthi mlumpat, wong tuwa kados awakipun piyambak niki boten
saged menggak. Kosok baline, upami benjing menika Si Dimin napa dene Si Ninuk
niku sami boten tresnane, awakipun piyambak inggih boten saged meksa. Rak nggih
ngoten ta Pak Dalal?”
“Iya bener kuwi Kang” Pak
Dalal manthuk-manthuk “ya muga-muga wae mbesuk bocah loro kuwi padha mambu ati
dhewe-dhewe. Nek bocah wis padha senenge sampean rak ya ora kabotan ta Kang
upama dadi besanku?”.
“Prakawis menika saene
dirembag mbenjang mawon Pak” wangsulane Kang Diman Bandhat “merga wektune tesih
dangu, jeneh Si Dimin nggih dereng genep bayi pitu lan si Ninuk nembe patang
lapanan ta? Saupami Dimin niku niru bapake nggih tesih wolulas tahun malih, lha
nek niru lekase lare-lare jaman sak niki sing empun sami pinter mesthine paling
boten nggih selangkungan tahun malih”.
“Iya bener pancen wektune
isih suwe, nanging sampean rak mathuk ta karo panemuku sing mau tak kandhakne?”
Pak Dalal mburu pitakonan.
“Mathuke niku nggih
mathuk, nanging namine Tiyang, menika gadhah teges nek atine gampil goyang, sok
lumrah esuk kedhele sorene mpun dados tempe” Kang Diman Bandhat aweh wangsulan “lha
ati sing ngoten niku sok ndadosne gelane tiyang sanes ingkang rumaos dipun
blenjani, napa boten ngoten?”.
“Iyane niku nggih iya Kang”
genti Bu Dalal sing semaur “nanging nek wiwit sakniki dirembag niku sae mawon,
mengke kalih mlampah awakipun piyambak saged tansah ngeling-eling murih boten
gampil ndadosaken kedhele dados tempe kados sing panjenengan dhawuhne niku wau”.
“Nggih sampun, kula
mathuk mawon” wangsulane Diman Bandhat ngalahi rembug “nanging kula boten janji
lho nggih? Amargi ngeten, kula niki empun kadhung percaya nek siji pesthi, loro
jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima nugraha niku menungsa namung wenang
mbudidaya boten wenang mutusne. Awakipun piyambak kedah pitados adiling Gusti,
nek Sudimin niku jodhone Ninuk badhea wonten banjir lahar ingkang malangi
lampah, panggah kemawon lare kalih niku mangke badhe angsal margi dados
jodhonipun. Kosok baline, nek Gusti boten nemtokaken lare kalih niku dados
jodhone, digiringa kados Sontoloyo nggiring bebeke, nggih panggah badhe mbedhal
pados dalan sanes”.
Pak Dalal arep semaur
maneh, nanging diwurungne. Merga neng lawang ana wong alok kula nuwun. Mbah Tilah
Dhukun Bayi sing arep ngurut Sudimin wis teka ditutne Paeran Dengkek sing mlaku
ana mburine.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar