26.
“Kaya
sing dadi pangirane Pak Dalal” Pak Suwaji nutugne anggone nirokne critane Pak
Dalal “Bapakmu, ya Kang Diman Bandhat, bareng oleh wadulane simbokmu, ya Yu Sudinem,
sakala muntab. Anggone yu Sudinem wadul marang bojone kuwi merga Kang Diman
Bandhat takon, ya gene kowe sing adate nek bubar magrib kuwi wis turu angler,
nanging sore kuwi janji mripatmu merem let sedhela banjur girab-girab kaya bocah
sing lagi kaget, awakmu panas pisan”.
“Woo,
Paeran Dengkek karo Dalal” Kang Diman Bandhat ngudarasa dhewe sawuse krungu
wadulane simbokmu, olehe grenengan ngono kuwi keprungu dening Pak Dalal, Bu
Dalal apa dene Paeran Dengkek sing wis tekan emper omahe bapakmu nanging durung
kober kula nuwun “Mandhak sugihe Dalal kae ya mung bandha warisan saka
maratuwane wae, lha kok dienggo tumindak degsiya marang wong ora duwe.
Luwih-luwih, si Paeran kae mandhak lagi dipercaya wong sugih ngono wae, wis
lali karo tanggane sing mlarat, karepe arep sawiyah-wiyah marang anakku sing
durung weruh dosa. Wong loro kae, nek durung tak gedhig nganggo bendho sirahe,
wangune durung melek mripate, nek Diman Bandhat iki dudu wong sing jirih getih”
Bubar
muni ngono kuwi, Kang Diman Bandhat banjur mlaku menyang pawon arep nggoleki
bendhone, karo ngomong marang Yu Sudinem :
“Wis
mbokmu, aja kandha sapa-sapa, bengi iki Paeran karo Dalal tak golekane, tak jlidhetne
matane, ben ngerti nek kowe bojone Diman Bandhat, nadyan uripe kesrakat nanging
isih weruh endi sing bener endi sing luput, sirik tumindak colong jupuk duweke
liyan”.
“mBok
sing sabar ta Pakmu” Yu Sudinem menggak kekarepane bojone “sing baku anakmu, si
Sudimin iki ora sida tiba neng ndhut-ndhutan lan ora apa-apa. Nek sampean
mengko arep nglabrak Pakdhe Paeran lan Pak Dalal, rak malah dadi rame tekan
ngendi-endi, tur maneh, ya ora ana gunane. Awake dhewe iki luwih becik
ngrumangsani, urip mlarat kesrakat kuwi wis sengsara aja ditambahi tumindak
sing neka-neka. Percaya karo Sing Kuwasa wae, mengko rak ketok dhewe, nek aku
pancen dudu tukang maling pari neng sawahe tanggane”.
“Karepmu
kuwi piye?” Kang Diman Bandhat sing wis nyekeli bendhone neng tangane kuwi
takon karo mencereng “anakku nganti awake panas, tambah saiki girab-girab, sing
ketoke ya kaget sangkete kuwi, aku mbok kon meneng wae? Bojoku sing didakwa
nyolong parine Dalal aku ya kon meneng wae? Aku iki elek-elek ya Bapak, nadyan
asor drajatku, nanging aku iki ya wong lanang. Kowe ngerti? Babon pitik sing
lagi netes kae wae njawa nek anake diganggu liyan bakal ngamuk, ngabruk-ngabruk
marang sing ngganggu. Kowe weruh? Pitik jago kae, mesthi nladhung sapa sing
wani ngganggu babon sing dadi bojone. Lha aku iki wong lho Nem? Arep mbok kon
kalah karo pitik babon lan pitik jago?. Uwis, kowe gak sah melu-melu, nek ana
apa-apane tak sanggane dhewe, nek mung merga nggedhig nganggo bendho cengele
wong loro kae aku kudu dikrangkeng neng buen, mengko ya tak lakonane dhewe. Ya
aku mengko tak mampir nggone mBah Tilah Dhukun Bayi kae, Dimin ben dipijeti lan
dibenekne otote sing owah”.
Wong
telu sing lagi teka neng empere Kang Diman Bandhat kuwi, cetha banget olehe
krungu apa sing lagi wae dirembug Yu Sudinem karo Kang Diman Bandhat. Paeran
Dengkek apa dene Pak Dalal padha olehe ngewel saking wedine. Meh wae, wong loro
kuwi arep mlayu ninggalne papan kuwi. Nanging kanthi basa sasmita, Bu Dalal
ngongkon supaya wong loro kuwi padha meneng, lan rada ngadoh saka lawang, Bu
Dalal sing arep madhangne perkarane.
“Assalamu’alaikum”
karo nyedhaki lawang slarakan omahe Kang Diman Bandhat, Bu Dalal alok uluk
salam, suwarane dibanterake.
“Waalaikumsalam”
Yu Sudinem karo Kang Diman Bandhat bareng wangsulan.
“Mangga….!”
Diman Bandhat nylarak lawange supaya mbukak, banjur ngiling-ilingi sapa sing
lagi teka. Sajake Kang Diman rada kaget bareng ngerti yen sing uluk salam kuwi
mau Bu Dalal.
“Kula
ingkang sowan Kang Diman” Bu Dalal ndhisiki guneman karo ndhodhok neng ngarepe
Kang Diman. Mesthi wae kang Diman dadi kaget, wong sugih putrane Pak Kaji Dul
Rokim sing meh kabeh wong padha kurmat kuwi ndhodhok neng ngarepe. Luwih-luwih
bareng Kang Diman Bandhat ya weruh nek Bu Dalal uga lagi nggendhong bayine,
sing Diman Bandhat ngerti umure isih luwih nom tinimbang bayine Sudinem.
“Sampun
Bu, mangga jumeneng mawon lan lenggah dhateng klasa mrika” kandhane Diman
Bandhat ngarih-arih supaya Bu Dalal kersa ngadeg, karo muni ngono Diman Bandhat
banjur nggelar klasa neng jogan “mangga pinarak mriki Bu, wonten kersa menapa
ampun nangis ngoten niku, kula malah bingung mangke”.
Sudinem,
sing lagi ngeloni anake uga banjur tangi, nyedhaki Bu Dalal. Astane Bu Dalal
dicandhak diajak lenggah neng klasa sing lagi wae digelar Diman Bandhat.
“Mangga
Bu pinarak teng gelaran mrika, mangga” kandhane Sudinem karo nggeret astane Bu
Dalal “mesakaken ingkang putra menika lho”.
Isih
karo muwun, Bu Dalal banjur manut Yu Sudinem mapan lenggah ing klasa, pasuryane
ndhingkluk, tangise isih mingseg-mingseg. Bayi sing digendhong, sajak ora
ngerti apa-apa, mung meneng.
“Badhe
wonten kersa menapa ta Bu? Rawuh mriki panjenengan kalihan muwun?” Yu Sudinem
nyuwun pirsa “kula wau mila ngasag dhateng sabin panjenengan, nanging inggih
namung ngasag, boten mendhet lan ndhelikne pantun ageman kados ingkang dipun
kinten Pakdhe Paeran wau, malah wau kula wangsul saking sabin inggih boten
mbeta menapa-menapa, asagan lan senik kula taksih Kantun dhateng sabin……..”.
“Uwis
Yu, uwis” Bu Dalal wekasan ngendika kanggo nigas rembuge Yu Sudinem “aku ngerti
lan percaya banget, awakmu ora njupuk pari ageman. Pake Ninuk mau wis ngandhani
aku, nek awakmu bener-bener ora njupuk kaya sing didakwakne Pakdhe Paeran,
malah Pake Ninuk getun banget kesusu nggugu wadulan sing durung cetha benere,
nganti meh wae gawe cilakane anakmu. Tenan Yu, pake Ninuk wiwit bar maghrib mau
mung sambat rumangsa getun lan kepengin njaluk pangapura marang kowe”.
“Lha
nek Pak Dalal ngrumaosi luput, kok malah sing mriki panjenengan neh Bu?” Diman Bandhat sing nyauti ngendikane Bu Dalal “gek
sampean mriki kalih nangis-nangis kados ngoten, kajenge sampean niku pripun?”.
“Ngeten
nggih Kang Diman” Bu Dalal wangsulan “Pake Ninuk nyeluk Pakdhe Paeran, lajeng
dipun uman-uman boten kantenan, mergi pakdhe Paeran dianggep empun ajeng damel
cilakane Pake Ninuk, wau Pake ngajak kula kalih Pakdhe Paeran mriki, saprelu
badhe ngertakaken kados pundi kawontenanipun si Thole putrane panjenengan, Pake
Ninuk kuwatos sanget menawi wonten menapa-menapa kalih si Thole ingkang meh
kemawon dhawah dhateng kedhokan. Kajawi menika ugi badhe nyuwun ngapura dhateng
Yu Sudinem……”.
“Lha
pundi tiyange? kok sing mriki namung sampean?” Diman Bandhat semu ora percaya
nek Pak Dalal gelem ngakoni lan ngrumangsani lupute.
“Wau,
Pakdhe Paeran radi ajrih, mila nggih angsale mlampah mandheg mangu, Pake Ninuk
nggih ngentosi pakdhe Paeran, lha kula ingkang kirang sabar lajeng ngrumiyini
lampah” wangsulane Bu Dalal “sakedhap malih rak dugi mriki. Inggih
saderengipun, kula minangka semahe Pake Ninuk ingkang langkung rumiyin
nyuwunaken pangaksami Kang Diman, awit badhea kados menapa Yu Sudinem menika
rak semah sampean. Saestu kula suwun Yu Sudinem lan Kang Diman puruna ngapura
sepinten lepatipun Pake Ninuk. Lan piye Yu kahanane anakmu? Awake owah apa ora?
Nek owah ya kudu ndang dipijetne nggone mBah Tilah apa piye?”
“Boten
napa-napa kok Bu” sing wangsulan genti Sudinem “Si Dimin mila owah, ketingale
kaget sangkete, niku larene kalih tilem taksih sok njingkat-njingkat kados
kaget, wau jane Pake Dimin nggih ajeng murugi mBah Tilah, kedadak panjenengan
rawuh niki wau”.
Krungu
wangsulane Yu Sudinem ngono kuwi, Bu Dalal banjur nyaketi papan turone Sudimin.
Putrane sing ana gendhongan dumadakan diudhunke saka gendhongan, diselehne njejeri
Sudimin sing isih merem.
“Mesakne
temen ta Le” Bu Dalal ngendika marang Sudimin, bayi sing durung ngerti apa-apa
kuwi “muga-muga enggal waras ya Cah Bagus?”.
Yu
Sudinem sing wis mbalik neng cedhake Sudimin lan weruh nek Ninuk putrane Bu
Dalal diselehne ing sandhinge Sudimin, mung plenggang-plenggong gumun. Diman
bandhat dhewe, ketoke wis mari olehe nesu, bendho sing mau digoceki kenceng
banjur dibalekne menyang pawon maneh, banjur bali nyang jogan arep njagongi
dhayohe.
“Kula
nuwuuuun” dumadakan ana suwarane wong uluk salam, pak Dalal.
“Mangga”
Diman Bandhat sing wangsulan karo ngulati lawange sing isih menga amba.
Katon
nek gita-gita, Pak Dalal mlebu omah, banjur nyedhaki Kang Diman Bandhat. Sawise
beras sing dibuntel glempo diselehne, Pak Dalal nubruk Kang Diman Bandhat,
dirangkul kenceng, karo nyuwun pangapura. Paeran Dengkek sing mau ngetutne juragane
melu nyedhak, pari patang agem sing dipikul nganggo pikulan cocolan kuwi diselehne,
banjur melu lungguh jengkeng neng cedhake Kang Diman Bandhat sing isih
ditangisi Pak Dalal.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar