Total Tayangan Halaman

Jumat, 30 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (025)


 

25.

Sudimin dhewe mung meneng ngapurancang, ngenteni dhawuh-dhawuh sing bakal dingendikakne dening Pak Suwaji. Mung wae Sudimin wiwit ngira-ira sajroning atine. Pamundhut pirsa saka Pak Suwaji mau sajake mung dhapur nocogake crita sing tau ditampa dening Pak Suwaji sadurunge karo atur wangsulan sing diaturne dening Sudimin. Pikirane Sudimin bali mecaki lan nggogoni karo crita bab Pak Dalal sing dhek esuk methuki Pak Suwaji. Apa Ninuk crita marang Bapake nek antarane Ninuk karo dheweke kuwi kanca sakelas sing raket ? Olehe duwe gagasan mangkono kuwi, merga Sudimin ngerti yen Ninuk tansah mbudidaya murih bisa luwih raket karo dheweke, iya nganggo cara apa wae.  Banjur apa gandheng cenenge karo pamundhut pirsane Pak Suwaji bab weling lan crita saka Bapakne sing saiki wis Transmigrasi kae?. Mau wangsulane Sudimin cetha yen ora nyambung karo sing dipenggalih dening Pak Suwaji. Apa ya? tata gelar Sudimin meneng, ngenteni dhawuh, nanging satemene atine gronjalan ora karuwan.

 

“Lha nek karo Sri Hartini putrane bakul gabah sing gedhe dhewe sa Kecamatan Kedunggalar kae, apa kowe ya tepung becik Min?”  dumadakan Pak Suwaji nutugne olehe mundhut pirsa. Pitakonan sing keri iki, sansaya ndadekne atine Sudimin kaget. Ya gene Bendarane kuwi mundhut pirsa sambung kekancan antarane dheweke karo Hartini barang ?.

 

“Inggih tepang sae ta Bapak?” karo tetep anteng Sudimin atur wangsulan “Hartini niku, nika lho Bapak lare estri ingkang dados Ketua kelas ing sinau kelompok ing dalem mriki menika, ugi piyambakipun menika menawi ing sekolahan ugi pinitados dados Ketua Kelas ing kelas kula”.

 

“Bocahe ayu ya Min?” Pak Suwaji mundhut pirsa karo mesem. Sudimin katut melu mesem, semu rada isin.

 

“Inggih, meh sedaya lare jaler kanca kula, sami mastani makaten” atur wangsulane Sudimin ing sela-selaning eseme.

 

“Kuwi jarene kanca-kancamu? Lha nek miturut panemumu dhewe ?” Pak Suwaji nguber nganggo pitakonan.

 

“Menawi pamanggih kula nggih sami kalih kanca-kanca, Bapak” wekasan Sudimin ya blaka ngaturne panemu nek Hartini pancen ayu, banjur ditambahi “kajawi makaten Hartini menika larenipun ramah, sopan, sregep lan nggadhahi raos tanggel jawab ingkang ageng, saupami boten piyambakipun ingkang kukuh kinten-kinten sinau kelompok nika sampun dangu bubar”.

 

“Dadi kowe ya raket banget ya nek karo Hartini kuwi? Mesthine kowe ya seneng wong bisa raket karo bocah ayu, sregep lan liya-liyane kuwi mau?” Eseme pak Suwaji sansaya amba. nDadekne Sudimin mbrabak abang rumangsa nek dibeda.

 

“Jan-jane ngono rak ngene ta Min” sawuse Sudimin ora wangsulan, meneng sedhela, Pak Suwaji nutugne olehe ngendika “olehe Bapak mundhut pirsa neka-neka marang awakmu iki mau rak ana sambung rapete karo rawuhe Pak Dalal ing omah kene esuk mau?!?”

 

“Inggih Bapak” Sudimin wangsulan alon.

 

“Maune Bapak ya rada gumun, kok dumadakan Pak Dalal kersa tindak mrene?” Pak Suwaji nutugne anggone crita “kathik pas Bapak nyuwun pirsa sing dadi wigatine rawuh mrene Pak Dalal mung gumujeng, karo dhawuh nek jare mung merga kangen karo Bapak”.

 

“Aneh, tiyang Pak Dalal menika rumaos kula radi kirang akrab kalihan Bapak, liripun sanes kanca raket makaten lho Bapak?” Sudimin nyela rembug.

 

“Iya pancen aneh” Pak Suwaji mesem maneh “nanging isih ana sing luwih aneh maneh Min”.

 

“Menapa menika Bapak?”

 

“Sing dipundhutne pirsa Pak Dalal malah awakmu, kok sing ngladekne kopi karo camilane Ibumu dhewe, kamangka iki rak dina prei, mesthine kowe rak ora lunga?” Pak Suwaji paring wangsulan “bareng Ibumu matur nek kowe menyang sawah ngirim Pakdhe Saidi, Pak Dalal malah banjur ngendikan akeh-akeh”.

 

“Ngraosi kula inggih Bapak?”

 

“Iya, nanging ngrasani apik kok, aja kesusu duwe pangira ala marang Pak Dalal” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Inggih ta Bapak?” Sudimin mlengak, gumun.

 

“Iya olehe paring pangalembana marang awakmu, jian nganti entek amek kurang golek ngana kae” Pak Suwaji sansaya amba anggone mesem “wiwit ngalem olehmu sregep nyambut gawe, gathekan ing samubarang gaweyan, pintere anggonmu sekolah lan liya-liyane. Nganti wekasan tekan sing Bapak pundhutne pirsa marang awakmu mau”.

 

“Ingkang pundi Bapak?”

 

“Ya kabeh, wiwit pitakon kapisan nganti pitakon pungkasan”.

 

Sudimin wis ora semaur, ora merga apa-apa nanging durung ngerti apa sing dingendikane Pak Suwaji.

 

“Pak Dalal mau rak crita, yen biyen jaman kowe isih bayi, Yu Sudinem ya simbokmu, gaweyane rak ngasag? gresek sisa-sisa pari sing keri ana kedhokan sawise dipanen wong derep. Pas ngasag ing sawahe Pak Dalal, dening simbokmu kowe digendhong nganggo jarik, olehe nggendhong dikojong wong wektu kuwi umurmu durung genep pitung lapan. Merga kowe keturon ana gendhongan, mula dening simbokmu pucuke jarik sing sesisih dienggo nutupi kowe” pak Suwaji nyritakne crita sing ditampa saka Pak Dalal.

 

Ora krasa krungu crita mangkono kuwi Sudimin ndhingkluk, atine keranta-ranta, kaya ngono rekasaning urip sing disandhang wong tuwane jaman semana, direwangi nyambi nggendhong bayi, nekad gresek gogrogan pari neng sawahe wong , betheke kepengin bisa nyukupi butuh. Tanpa keneng dipenggak, luhe Sudimin wiwit mili, nelesi pipine. Kelingan marang simboke sing saiki wis adoh manggon neng Bumi Sumatera sing dheweke ya durung pati ngerti kepriye mungguh nasibe.

 

“Lha jenate Paeran Dengkek, rewange Pak Dalal sing ora ngerti nek sing digendhong ditutupi pucuk jarik kuwi kowe” pak Suwaji sing ora pirsa nek Sudimin dleweran eluhe kuwi nutugne olehe ngendika “ngira nek simbokmu ndhelikne pari ageman neng gendhongane, ditutupi jarike. Paeran Dengkek banjur matur marang juragane, ngandhakne nek Yu Sudinem nyolong pari ditutupi pucuk jarik”.

 

“Astaghfirullahal’adziim……” ora sranta Sudimin nyebut, maca istighfar. Atine sansaya keranta-ranta, nganti samono aboting panandhanging urip sing dilakoni simboke.

 

“Aja banget-banget nggonmu mikir Min” Pak Suwaji sing dumadakan pirsa yen Sudimin mbrebes mili paring tutur “kuwi lelakon sing wis suwe banget kelakone lan ora bakal dilakoni maneh dening simbokmu”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin karo ndhingkluk.

 

“Maune, pas dilapuri Paeran Dengkek, Pak Dalal ya duka. Banjur simbokmu diparani, Paeran Dengkek luwih dhisik nyedhaki Yu Sudinem, arep nyendhal pucuke jarik, kareben “pari” sing didhelikne ceblok” Pak Suwaji nyambung critane “Nanging sepira kejoting penggalihe Pak Dalal, bareng jarik gendhongane Yu Sudinem digeret tanpa dikandhani luwih dhisik, Yu Sudinem njerit, nanging tangane isih luwih cepet nggone obah, ani-anine dibuwang sebrung banjur ngrayuk bayi sing meh tiba neng lemah, banjur dikekep karo ditangisi. Paeran Dengkek ya kaget setengah mati, jebul pangirane kleru, olehe ndakwa nek Yu Sudinem wis nyolong lan ndhelikne pari ageman neng gendhongane luput, Paeran Dengkek babar pisan ora ngira nek sing digendhong Yu Sudinem ditutupi nganggo pucuk jarike kuwi mau jebul kowe sing isih bayi”.

 

“Sareng ngertos menawi Simbok jebul boten nyolong kados pandakwanipun Pakdhe Paeran Dengkek niku, Pak Dalal lajeng kados pundi Bapak?” Sudimin nyela rembug, matur marang Pak Suwaji.

 

“Kaya sing wis Bapak kandhakne mau” Pak Suwaji paring wangsulan “Pak Dalal kejot, ngoplok, ngewel, ndhrodhog nganti dhawah lenggah ing galengan. Merga meh wae, panjenengane bakal keseret perkara kadurjanan sing ora entheng, saupama Simbokmu ora prigel lan kowe ceblok saka gendhongan kecemplung kedhokan sing endhute meh separo kentol, mesthi urusane dadi dawa, paling ora mesthi tekan Kantor Polisi malah kurang-kurang bejane, nek nganti ana apa-apa karo kowe sing isih bayi kuwi, bisa uga Pak Dalal bakal mlebu pakunjaran ngancani Paeran Dengkek. Wektu kuwi simbokmu uga ngrumangsani luput, dene meksa awake ngasag karo nggawa anak sing isih bayi, mula sanadyan kowe ora nganti tiba menyang lendhut kedhokan, nanging kira-kira awakmu ya dadi owah, ketitik kowe ya banjur nangis kekejer neng kekepane simbokmu. Gandheng dieneng-eneng olehmu nangis ora keneng, simbokmu ya banjur mentas saka kedhokan. Senik wadhah asagan sing keri neng sawahe Pak Dalal wis ora digagas maneh, Simbokmu bablas bali menyang omahe karo ngeneng-eneng kowe. Nalika samana wektune pancen wis ngasar cendhek”.

 

“Mesakaken sanget simbok” ora krasa Sudimin sumela atur karo suwara sing lirih nanging cetha.

 

“Lha Pak Dalal sing rumangsa salah lan binarengan rasa kuwatir yen nganti Bapakmu ya Kang Diman Bandhat ora nrimakne perkara kuwi, bengine Pak Dalal karo Bu Dalal dikancani Paeran Dengkek, mara menyang omahe wong tuwamu, arep asok kaluputan lan mundhut pangapura. Pak Dalal ngasta oleh-oleh pari patang agem, sing dipikul jenate Paeran Dengkek, karo beras sacenthak dibuntel neng glempo, dicangking Pak Dalal dhewe. Bu Dalal nggendhong putrane sing lagi umur rong lapan, ya Ninuk kae” Pak Suwaji paring wangsulan kanthi nyritakne maneh crita saka Pak Dalal mau esuk.

 

Sudimin mung meneng karo ngrungokne. Jaman semana murah temen sing jenenge pangapura. Meh wae gawe cilakane bocah cilik sing durung weruh dosa, nanging mung arep ditebus nganggo pari patang agem karo beras sacenthak. Batine Sudimin anyel, nanging dheweke ora guneman apa-apa.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...