24.
Bawaning
ati sumpeg sing ora cetha sing disumpegne, bubar wudlu karo ngenteni rawuhe Kyai
Wahid munggah langgar ngimami salat, Sudimin banjur nindakne sembahyang sunah
rong rakaat, disambung karo ndedonga marang Sing Maha Kuwasa masrahake kabeh
sing dadi sangganing pikire. Kanthi cara mangkono kuwi Sudimin tumuli bisa nemu
dudutan, yen sing disumpegne kabeh mau, ya bab tekane Hartini, ya tekane Pak
Dalal, ya critane Pakdhe Saidi, kabeh ora ana gunane yen ta digagas nemen-nemen.
Isih ana prakara liya sing genah lan cetha sing mbutuhne digagas lan pantes
digagas. Kaya dhawuhe Bu Suwaji sing nyritakne lelakone Koh Wie sing saiki dadi
wong sugih sing tokone gedhe lan rame, duwe rewang sapirang-pirang, kuwi biyen
ora kok dumadakan dadi wong sugih ngono wae, nanging ya diwiwiti saka sethithik
sing katone ora pati ana sing nggagas. Lan Sudimin ya ora kepengin selawase
urip mung dadi wong ndherek sing kaya sing dialami saiki iki. mBuh kapan
wektune, Sudimin uga duwe pepenginan bisa males kabecikan marang Pak Suwaji lan
kulawargane sing
kepareng ngukup dheweke nganti bisa sekolah tekan SMP kaya saiki iki. Mula
mbesuk yen wis tamat SMP Sudimin kepengin ngecakne ngilmu lan kaweruh sing
ditampa sing bisa dienggo dadi lanjaran sing arep dirambati sajroning nindakne
wajibing urip.
Ya
merga gagasane Sudimin wis bali kaya adat lumrahe ngono kuwi, ndadekne olehe
sembahyang dadi sansaya khusuk lan kapitayan menawa Gusti Sing Maha Asih ora
nate kagungan sedya ala marang kawulaNe sansaya kenceng tumancep ing atine. Pancen
manungsa urip neng donya kuwi jinejer dadi lakon, sarta adile ya kudu dilakoni
kanthi sabar lan tawakal, wajibing manungsa mbudidaya murih uripe luwih tumata,
kudu ora kena kendhat, terus dilakoni kanthi tumemen linandhesan ati sing sabar
lan narima, pasrah marang purbaning Kawasa.
Tekan
omah sawise salin panganggo, tumuli menyang babragan arep mangan awan. Sudimin
bali eling marang dhawuhe Kyai Wahid, ambak-ambak mung sak mangan, sing satemene
duwe kukum mubah. Nanging jebul bisa dadi wajib lan uga bisa dadi haram. Bisa dadi
sarana nampani nugrahaning Gusti nanging uga bisa dadi sarana cilakaning dhiri.
“Ambak-ambak
sing dipangan kuwi cetha nek barang sing halal, sing ora olehe saka nyolong
utawa ngapusi, nanging yen ora ngati-ati bisa dadi dosa gedhe sing siksane bisa
diundhuh sadurunge jagad padhang iki ditinggalne” ngono dhawuhe Kyai Wahid sing
bola-bali dikandhakne nganti Sudimin apal “mangan kuwi bisa dadi kuwajibane
wong urip, jalaran kanthi mangan menungsa wis nindakne laku murih raga sing
dititipne marang dheweke dening Gusti Allah kuwi ora gampang rusak, mula dening
Gusti menungsa kuwi kaparingan napsu sing aran napsu Aluamah ya kuwi napsu sing
nyurung manungsa seneng mangan. Nanging yen nganti ana laline, menungsa ora
bisa ngendhaleni napsu aluamah iki, bisa-bisa manungsa dadi cilaka, ketang saka
senenge mangan nganti apa-apa dipangan kanthi sasenenge dhewe, wusana nekakne
lalara sing manekawarna. Mula becike wong mangan kuwi diniyati ngibadah,
saderma nyukup kabutuhaning raga, aja dhemen mangan sing nganti ngliwati wates.
Merga nek mung nggugu karepe cangkem, cangkem kuwi ora duwe rasa wareg, kosok
baline usus sing manggon neng weteng kuwi panggonane winates, yen kakehan diiseni
dadine ya ora becik. Luwih prayoga yen ing babagan mangan iki, menungsa sing
samadya wae, aja seneng mangan yen wetenge durung krasa luwe lan mandhega olehe
mangan sadurunge weteng sambat kuwaregen”.
“Inggih
Kyai” nalika samana meh kabeh santrine Kyai Wahid semaur ngestokne. Nanging kanyatane
ya luwih akeh sing olehe semuar “inggih” ngono kuwi mung mandheg tekan ing
lambe. Nanging nek Sudimin, pitutur ngono kuwi uga banjur dicakne sakuwasane,
merga Sudimin percaya dhawuhe Kyaine kuwi dhawuh sing banget wigati sing bisa
nuntun marang keslametaning urip wiwit ing donya tumeka ing akherat mbesuk.
“Lho
kowe mau jebul wis neng omah ta Min?” lagi wae Sudimin mamah segane, Pak Suwaji
nyedhaki karo mundhut pirsa, banjur lenggah neng kursi cedhake Sudimin “lha
Ibumu mau kandha yen kowe isih neng Langgar luhuran”.
“Inggih,
nembe kemawon kula wangsul lajeng maem”
Sudimin atur wangsulan, pikirane bali kelingan karo Pak Dalal sing
ngendikane Bu Suwaji mau mara menyang omah kono, lan maneh Pak Suwaji kuwi
arang banget paring dhawuh marang Sudimin nalikane Sudimin lagi mangan, kajaba
yen pancen wigati banget, mula tumuli Sudimin nyuwun pirsa “menapa badhe wonten
dhawuh kangge kula ta Bapak?”.
“Iya,
nanging ora wigati kok” Pak Suwaji paring wangsulan “tutugna dhisik olehmu
mangan, nek wis banjur lungguha sing kepenak, Bapak arep mundhut pirsa lan arep
crita. Mau Ibumu kandha nek durung kober crita marang kowe, kesusu kowe menyang
langgar, luhuran”.
Sudimin
ora semaur, nanging banjur nutugne olehe mangan sing wis meh rampung. Pak
Suwaji katon sabar ngenteni karo lenggah neng kursi.
“Sampun
Bapak, mangga kaparenga Bapak paring dhawuh” sawise rampung olehe mangan
Sudimin tumuli nyadhong dhawuh.
“Iya”
Pak Suwaji ngendika sareh “sadurunge Bapak kepengin ngerti, mula pitakone Bapak
mengko wangsulana kanthi sabener-benere”.
“Inggih
Bapak” atur wangsulane Sudimin karo tangane ngapurancang neng dhuwur meja makan.
“Sadurunge
Bapakmu budhal menyang Sumatera kae biyen, Bapakmu tau crita apa marang kowe? Lan
magepokan karo crita kuwi banjur meling piye?” Pak Suwaji miwiti olehe mundhut
pirsa.
“Saemut
kula, Pak-e boten nate criyos menapa-menapa dhateng kula, menika Bapak?” sawuse
meneng ngeling-eling sauntara, Sudimin banjur atur wangsulan.
“Mengko
kowe lali?” Pak Suwaji nyethakne pamundhut pirsane “apa kira-kira malah adoh
sadurunge Bapakmu arep Transmigrasi olehe crita, sing ana gandheng cenenge
lakonmu mbesuk yen wis wayahe omah-omah, rabi”.
“Ooo
niku ta Bapak?” Sudimin matur karo ngguyu lirih.
“Iya,
piye?”
“Menawi
ingkang menika, Pak-e kalih mbok-e anggenipun criyos nalika kula badhe Bapak
tetakaken dhateng panggenanipun Eyang Abu rumiyin” Sudimin wiwit atur
wangsulan.
“Iya
jangkepe piye?” Pak Suwaji sajak ora sabar kepengin enggal pirsa critane
Sudimin.
“Jaman
semanten Pake criyos teng mBok-e, menawi anggenipun ngrabi mBok-e rumiyin jaman
Bapak nJaka angsal gangsal tahun. Tiyang Pak-e nikah rumiyin nembe umur wolulas,
sampun nikah. Mila mBok-e lajeng meling dhateng kula, ampun tiru-tiru Pak-e,
ken niru Mas-mas para putranipun Bapak lan Ibu mriki, ingkang boten kesesa
palakrami” atur wangsulane Sudimin nyritakne welinge simbok-e.
“Ora
kuwi sing bapak kersakne” suwarane pak Suwaji keprungu yen ngemu rasa cuwa,
atur wangsulane Sudimin beda karo sing dadi kersane.
“Lho
lajeng ingkang pundi malih no Bapak?” setengah wedi Sudimin matur “emut kula
inggih namung menika ingkang dipun criyosaken mBok-e kalih Pak-e, sesambetan
kalihan benjing menawi kula sampun wancinipun emah-emah”.
“Ya
wis, nek ngono” pak Suwaji bali sareh maneh olehe ngendika “pitakon kang
sabanjure…..”.
“Inggih
Bapak, menapa menika?”.
“Wis
dadi kodrating urip, manungsa kuwi yen wis umure saumuranmu bakal kasinungan
rasa sengsem marang menungsa liyane sing duwe jinis sing beda, cekake bocah saumuranmu
kuwi wis wiwit duwe rasa seneng marang bocah wadon lan kosok baline bocah wadon
ya mangkono yen saumuranmu kuwi mesthi wiwit kapencokan rasa seneng marang
bocah lanang. Kowe aja selak, kowe ya ngono apa ora?” Pak Suwaji mundhut pirsa maneh.
“Inggih”
karo ndhingkluk isin Sudimin atur wangsulan “nanging…….”.
“Cukup”
Pak Suwaji nigas wangsulane Sudimin “Bapak ora ngersakne wangsulan liyane
inggih. Dadi ora sah mbok tutugne olehmu arep ngalesi nggonmu wis duwe rasa seneng
marang bocah wadon lan kuwi ora luput”.
“Inggih
Bapak”
“Saiki
Bapak mundhut pirsa maneh, lan iki mengko wangsulana kanthi sajujur-jujure,
Bapak ora rena nek nganti ana sing mbok singidake utawa mbok tutup-tutupi”.
“Inggih
Bapak” Sudimin wangsulan karo atine wiwit dheg-dhegan.
“Bares
wae” pak Suwaji nutugne olehe ngendika “Bapak iki ora pati apal karo putrane
Pak Dalal sing jenenge Ninuk, merga kajaba ora tau pethuk, Ninuk biyen sekolahe
SD ra kora awor kowe neng Pasopati ta?”.
“Inggih
Bapak, Ninuk rumiyin dhateng Candhabirawa” Sudimin nyethakne sekolah SD ne
Ninuk.
“Lha
bareng wis neng SMP, Ninuk awor tunggal sakelas karo kowe?” Pak Suwaji mundhut
pirsa maneh.
“Boten
Bapak” Sudimin cepet olehe atur wangsulan “Kula manggen ing Kelas Kalih A lha
Ninuk dhateng Kelas Kalih C”.
“Dadi
kowe karo Ninuk ora tunggal sakelas tenan?”
“Boten”.
“Nanging
padha-padha kelas lorone neng SMP ne nggone mBah Cip kae?”.
“Inggih”.
“Nanging
kowe rak ya kerep ta pethukan karo Ninuk, omong-omongan kaya lumrahe wong
kekancan?” pak Suwaji mundhut pirsa maneh.
“Inggih
asring Bapak, tiyang Ninuk nggih ndherek sinau kelompok ing dalem mriki kok?”
atur wangsulane Sudimin apa anane.
Pak
Suwaji kendel sedhela, mung mustakane katon manthuk-manthuk, sajak lagi
menggalih marang sing dadi wangsulane Sudimin.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar