23.
Durung
nganti wayah bedhug, olehe nggawe Tepas wis oleh telu lan Erok-Erok loro,
banjur wiwit ngeriki bathok klapa nganggo beling semprong, dadi alus lan katon
resik. mBarengi karo suwara bedhug dzuhur ditabuh saka Masjid Naiban, gaweyane
Sudimin wis rampung kabeh. Tepas telu karo erok-erok loro wis didangani kabeh,
semono uga irus kanggo nyidhuk jangan lan irus gorengan kopi uga wis dadi lan
ketok resik-resik, siwur cidhuk banyu genthong sing dangane digawe saka
liningan bongkotan pring ori uga wis dadi. Sawise silatane dilumpukne banjur ditaleni,
barang-barang kuwi banjur digawa menyang pawon diselehne awor kancane sing
lawas.
“Lho
lha olehmu nggawe tepas karo irus mau neng ngendi ta Min? Ibu kok ora pirsa ki?”
Bu Suwaji sing pirsa nek Sudimin mlebu omah pawon karo nggawa barang-barang
sing mentas wae digawe, mundhut pirsa semu gumun “tak kira kowe mau isih neng
sawah? Wong adate aba wis neng sawah kumpul karo Pakdhe Saidi kowe kuwi sok
banjur lali omah?!?”.
“Dhateng
wingking griya Ibu” wangsulane Sudimin karo mesem sopan “wau dhateng sabin
namung sakedhap, bakda sarapane telas ditedha Pakdhe Saidi kula inggih wangsul,
lajeng ngethok deling damel tepas kalih erok-erok niki”.
“Lha
kuwi irus sing kanggo jangan, karo ngge nggoreng kopi ya wis dadi, ketok apik
lan pengkuh, siwure barang ya ngono” Bu Suwaji ngendika maneh “kowe kuwi jan
pinter kok nek gawe barang-barang ngono kuwi, apik kuwi Min. Kowe ngerti Koh Tiong
Wie sing saiki ngalih jeneng dadi Budiman kae?”.
“Oalah
Koh Wie ta Bu? Inggih kula ngertos, wonten menapa ta Bu kok nyebat namine Koh
Wie?” Sudimin nyuwun pirsa, neng ati krasa gumun dene Bu Suwaji nyebut-nyebut
jenenge Cina sugih sing saiki duwe Toko Gedhe lan luwih seneng diaku kaya dene
wong Jawa.
“Pak
Budiman kae, biyen sadurunge sugih ngana kae, wiwitane mung gresek bangsane
bathok, sepet lan sapiturute lho Min” Bu Suwaji paring wangsulan “olehe gresek
barang-barang kuwi digawa mulih, banjur disulap bathok-bathoke digawe irus,
siwur, centhong banjur sepete digawe keset, sapu lan liya-liyane. Barang-barang
kuwi banjur didol, didhasarne neng emper omahe kae. Sansaya suwe sansaya mundhak,
Pak Budiman banjur ora gresek dhewe, nanging nukoni barang-barang saka bocah-bocah
sing gelem golek bangsane Sepet, Bathok ngono kuwi. Diwiwiti saka ngono kuwi,
saiki Pak Budiman wis duwe Toko Gedhe, dodolan neka-neka, nanging dagangan sing
wujud irus, centhong, keset sing gaweyan tangane dhewe tetep ana ing tokone,
didadekne pangeling-eling yen maune dheweke kuwi ya wong sing ora duwe apa-apa”.
“Inggih
Ibu, kula nggih ngertos” Sudimin matur “irus kalih centhong ingkang saking
bathok mila sae-sae, nanging dhawuhipun Bapak jaman kula taksih SD rumiyin
wonten cacadipun, bathokipun dipun paku lan centhongipun dipun tangsuli kawat,
menika ingkang ndadosaken kirang sae”.
“Bener,
pancen nek dipaku utawa dirut nganggo kawat lembut ngana kae nek kesuwen ora
dienggo bisa neyeng, lan kuwi ora becik kanggo kesarasan. Sing bener ya kaya
olehmu nggawe ngono kuwi, tanpa paku tanpa tali, nanging panggah kuwat” Bu
Suwaji mbenerake kandhane Sudimin diwor karo aweh pangalembana “sing Ibu
kersakne mau ngene lho, upama mbok tlateni sanajan mung duwe kabisan gawe
centhong utawa irus, nek kowe taberi bisa mbok ngge sangu urip dina mbesuke,
kaya sing dicakne Pak Budiman kae”.
“Inggih
Ibu, pangestunipun Ibu kemawon ingkang kula suwun” wangsulane Sudimin karo
manthuk kurmat.
“Oh,
iya” dumadakan Bu Suwaji ngendika kaya lagi kemutan nek ana sing wigati sing
panjenengane supe “mau pas kowe nyang sawah mesthi ora ketemu karo Pak Dalal
sing kulinane ngirim Pakdhe Marimin sing nggarap sawahe kae ta?”.
“Inggih
leres Ibu” Sudimin atur wangsulan blaka “malah Pakdhe Marimin wau ketingalipun
inggih boten dhateng sabin mriku”.
“Iya
genah nek bener” Bu Suwaji ngendika karo mesem “lha wong Pak Dalal mau esuk
tindak mrene, jagongan gayeng karo Bapak neng pendhapa kono nganti taneg”.
“Inggih
ta Bu?” Sudimin mlengak, ngatonake gumune dene Pak Dalal wong sugih kae gelem
mara menyang daleme Pak Suwaji.
“Iya.
Nanging kowe saiki rak arep sesuci banjur menyang langgare Kyai Wahid sembahyang luhur ta?” Bu Suwaji
ngelingne nek wis wayahe sembahyang luhur.
“Inggih”
“Ya
wis kana ndang budhal, nek bar sembahyang aja lali maem. Kapan-kapan Ibu tak
crita sing dirembug Pak Dalal karo Bapak mau, marang kowe. Karo mau ya ana sing
nggoleki kowe, gandheng kowe neng sawah banjur karo Ibu diwarah supaya mengko
sore wae mrene maneh, kae lho Hartini putrane Juragan Gabah sing bocahe ayu
lencir kuning, karo Bocah Wonokerto sing jenenge Masirah banjur ana bocah
lanang siji jenenge Warsidi” Bu Suwaji paring dhawuh supaya Sudimin
enggal-enggal sembahyang dhisik ditambahi nek mau Hartini, Masirah lan Warsidi
teka mrono nggoleki dheweke.
Sak
jane oraa diprentah, pancen Sudimin saben wayah samono ngono kuwi, mesthi
menyang langgare Kyai Wahid, nabuh Thonthongan banjur disambung adzan lan
padatan sing melu sembahyang jamaah luhur neng langgare Kyai Wahid kono kuwi
ora kliwat saka wong lima klebu Sudimin lan Kyai Wahid sing dadi Imam.
Karo
mlaku menyang langgar pikirane Sudimin banjur nglambrang tekan ngendi-endi. Mikir
dhawuhe Bu Suwaji sing arep nyritani olehe jagongan Pak Dalal karo Pak Suwaji.
Mesthine sing dadi rembug antarane priyayi loro kuwi ana sambung rapete karo
dheweke, nek ora mokal Bu Suwaji paring dhawuh nek arep paring crita marang
dheweke gegayutan karo rawuhe Pak Dalal ing daleme Pak Suwaji kono. Sudimin
babar pisan ora bisa lan ora wani ngira-ngira apa sing arep dirungu sawuse Bu
Suwaji crita. Apa ana sambung rapete karo crita sing lagi wae ditampa saka
pakdhe Saidi pas dheweke menyang sawah esuk mau?. Ah, embuh. Sudimin ora bisa
nerusne angen-angene.
Pitakoning
ati perkara Pak Dalal durung oleh wangsulan, banjur ketambahan nggagas tekane
Hartini, Masirah karo Warsidi. Mung sanja lumrah apa ana prelu liyane?.
Kamangka bocah telu kuwi ya wis padha ngerti, nek Sudimin ing daleme Pak Suwaji
kuwi mung trima dadi bocah ndherek, dadi saupama nampa tamu kudu luwih dhisik
nyuwun palilah marang sing didhereki, lagi nek sing didhereki ngeparengake,
Sudimin bisa nemoni dhayohe. Bab ngono kuwi wis bola-bali dikandhakne Sudimin
marang kanca-kancane sing duwe niyat arep dolan menyang panggonane. Masirah
karo Warsidi?, kuwi ora ndadekne pitakonan sing neka-neka neng angen-angene
Sudimin. Lha nek Hartini?.
Sudimin
ora bisa nyelaki batine dhewe, sanadyan durung kena diarani nek dheweke kuwi
wis kayungyun marang Hartini, nanging saka rumangsane ati kuwi dadi tentrem,
dadi seneng yen bisa sesandhingan karo bocah ayu sing dadi ketua kelase kuwi.
Kajaba saka kuwi, saben-saben dheweke nemoni lelakon sing nyenengne atine,
mesthi rumangsa ana sing kurang, mendah luwih senenge saupama wektu kuwi Hartini
ana sandhinge. Kerep wae, nalika nyawang srengenge sing meh surup ing mega
sisih kulon, utawa nalika srengenge arep njudhul ing langit sisih wetan, atine
Sudimin mesthi banjur kelingan karo Hartini. Iya Hartini bocah sing duwe
pawakan lencir, pakulitane kuning ngemu giring, rambute lurus kerep dikucir
loro ditaleni nganggo pita. Hartini sing solah bawane sarwa patut, sarwa nengsemake, Hartini ……..
Ana
perkara apa kok Hartini wani nekad mara nggoleki dheweke? Nek Masirah apa dene
Warsidi kuwi ngono cetha nek mung ngancani. Sing duwe prelu mesthi Hartini. Iya
Hartini sing senadyan dudu pacare, dudu apa-apane, nanging kanyatane Hartini
katon nek seneng marang dheweke, kaya senenge dheweke marang Hartini, sing
loro-lorone durung wani ngandhakne isen-isening atine. mBok menawa wae, nek
Hartini ya merga jejere bocah wadon, bisa diarani saru dinulu yen ndhisiki ngandhakne
katresnane. Lha Sudimin dhewe pikirane luwih waras tinimbang pangrasane,
dheweke ngrumangsani yen mung drajate abdi sing ngenger marang Pak Suwaji,
luwih saru lan luwih ora duwe duga yen wani-wani ngandhakne tresnane marang
Hartini, bocah ayu kathik anake wong sing sugihe ora karu-karuwan pisan.
Miturut wewaton sing disetujoni Sudimin, aja maneh kok ngandhakne tresnane
marang Hartini, sedheng wani nduweni rasa tresna marang bocah wadon wae, wis
bisa diarani luput. Wong ngenger kuwi ora kena nandhang tresna.
“Kowe
apa lara ta kang Dimin?” Sudimin kaget, ora krasa yen lakune wis tekan ngarep
langgare Kyai Wahid. Ngerti-ngerti wis ditakoni Pena, bocah nom sing
umur-umurane luwih tuwa sethithik tinimbang dheweke, sing uga sregep jamaah
neng langgar kono.
“Ora
kok!” Sudimin wangsulan karo setengah kaget.
“Nanging
ketok nek kowe lagi ngempet” Pena ngeyel “wong mlaku wae kowe karo mbesengut
gek ora ngingeti dalan, ya wis tak tabuhe Kenthongane, sik adzan tak aku wae,
wong ketoke kowe lagi masuk angin ngono kok”.
Sudimin
ora wangsulan, mung sirahe wae dianthukne tandha yen nyetujoni kandhane Pena.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar