Total Tayangan Halaman

Rabu, 28 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (022)


 

22.

Nganti sauntara Sudimin mung meneng, ora nanggapi critane Pakdhe Saidi ngono kuwi. Pancen satemene ya merga kegawa saka umur sing wis dadi “Jaka Tanggung”, Sudimin uga kapencokan rasa sing jarene diarani rasa tresna utawa cethane rasa seneng marang bocah wadon. Sudimin ya wis bisa weruh endi sing diarani bocah ayu utawa kurang ayu, nanging kegawa dening kahanane sing mung pangkat dadi “wong ndherek” , Sudimin milih nyingidake rasa sing wiwit ngranuhi ing atine. Mung nek dhong wayah lungguh ijen ngana kae, Sudimin sajroning ati menang-meneng aweh biji marang bocah-bocah wadon sing kerep srawung karo dheweke, malah sok-sok ya mbiji wong wadon sing durung ditepungi barang, ora metung kuwi wong wadon enom, bocah, utawa wong sing wis setengah tuwa barang.

 

Ninuk, miturut pambijine Sudimin klebu bocah wadon sing duwe rupa lan duwe “daya tarik”, sanadyan uga duwe kekurangan sing ora sethithik. Nanging kekurangan-kekurangan sing diduweni Ninuk, kuwi satemene bisa diilangi utawa saora-orane disuda.  Sudimin uga ngerti nek jan-jane ngono, ora mung siji loro bocah lanang sing dadi kancane ing sekolahan, padha duwe rasa seneng marang Ninuk. Nanging merga (rumangsane Ngadimin) Ninuk kuwi duwe sipat seneng gumunggung dhiri, banjur ora krasa, kepencokan rasa, rumangsa ayu lan nduweni panganggep nek dheweke kuwi klebu golongane bocah wadon sing dhuwur kelase. Mula tumanggape Ninuk marang kanca-kanca lanang sing kepengin nyedhaki, ing semu rada nyepelekne. Kang mangkono mau mungguhe Sudimin klebu watak sing ora disenengi. Kajaba saka kuwi, merga Sudimin kerep ngerti lan srawung karo kulawargane Ninuk, mligine karo Bapake sing kerep ketemu nek ngepasi Sudimin ngirim Pakdhe Saidi menyang sawah ngana kae, Sudimin duwe dudutan nek dheweke kuwi ora sakelas karo kulawargane Ninuk. Pak Dalal kerep wae guneman sing mbok menawa jalaran ora krasa lan ora sengaja, wis ndadekne atine Sudimin lara.

 

Tau, ing angen-angene Sudimin tuwuh pangarep-arep sing keneng diarani pangarep-arep sing manut dawaning angen-angen utawa gagasan sing ngayawara. Gusti Allah malik kahananing uripe, temah dheweke bisa dadi wong sing ora kurang enthong, ora kurang irus lan wong-wong sakiwa tengene padha mbutuhake pitulungane, klebu kulawargane Ninuk, mligine Pak Dalal. Nek angen-angen kuwi bisa kasembadan, dheweke ora arep niru lekas lan watake Pak Dalal sing seneng nglarani atine wong liya, merga rumangsa dumeh duwe, dumeh pinter lan sapiturute, nanging Sudimin arep, ngajeni lan ngurmati Pak Dalal lan kulawargane, kareben wong kuwi kaweleh banjur dadi lan apike ……….

 

“Kok malah nglamun ta Min?” Sudimin kaget, Pakdhe Saidi mbuyarne sing ana angen-angene.

 

“Ora kok Pakdhe” karo setengah gragapan Sudimin wangsulan “mung lagi ora kepengin omong wae”.

 

“Lhah?. Aku iki mau ngomong apa anane” Pakdhe Saidi nutugne olehe guneman “dadi jebul Bu Dalal kae kepengin ngepek mantu kowe, gek dhasare anake wedok ya seneng marang awakmu. Kowe dhewe piye? Mesthi wae, ora saiki nanging ngenteni nek wis rampung anggonmu padha sekolah banjur nambah loro utawa telung tahun maneh”.

 

“Pakdhe Saidi ngerti Lumpang Watu sing manggon neng tulakan sawah kae?”  dumadakan Sudimin takon sing ora ana sambunge karo sing lagi digunem.

 

“Heh?” Pakdhe Saidi semaur gumun “ditakoni ora mangsuli malah takon bab Lumpang Watu sing neng tulakan? Ya ngerti ta neh? Kae Lumpang Watu wong-wong nek ngarani Lumpang Kentheng, sadurunge aku lahir Lumpang kae wis ana kana kae, ora tau ngalih, jarene kae tinggalane wong jaman Majapahit apa jaman sadurunge. Wong-wong ya ora ana sing wani ngelih utawa sembranan karo Lumpang kae, merga kae ana sing mbaureksa, Macan Putih sing gedhene sakebo babon, sok-sok nek wayah wulan purnama macan kuwi ngetok, ndadekne sing padha weruh girap-girap kaweden. Nek aku dhewe durung tau lan ora kepengin diweruhi macan putih kuwi.  Geneya kowe nakokne Lumpang Kentheng kae he?”.

 

“Upama mbesuk aku gelem dipek mantu Pak Dalal” Sudimin wangsulan karo mesem, suwarane keprungu sareh “ngibarate padha karo aku gelem nyunggi Lumpang Kentheng kae nganggo sirahku, Pakdhe”.

 

“Kok ngono?”

 

“Iya” Sudimin wangsulan karo mlengeh “wong sing gelem nyunggi lumpang kentheng kae, ora bakal ngolehne asil apa-apa, upama ana sing ngalembana ya mung dialem nek sing kuwat nyunggi kuwi wong sing rosa ngono wae, ora ana sing gelem ngopahi, dadi ya ora ana asile. Nanging, kurang-kurang bejane wong sing wani nyunggi lumpang kentheng kae, bisa muncrat polone he he he he”.

 

“Genahe piye Min?” Pakdhe Saidi durung mudheng karo sing dikandhakne Sudimin.

 

“Wani dadi mantune wong sugih kaya Pak Dalal ngana kae, kudu wani rekasa” Sudimin nyethakne trembunge “kudu sregep lan pinter nyambut gawe sing ana asile, sing bisa gawe senenge maratuwane, entuk-entukane ya mung akeh sing ngalembana nek mantune wong sugih kuwi sregep lan wekel nyambut gawe. Nanging sakehing tindak-tanduke kudu sarwa ngati-ati, ana klirune sethithik wae, utawa yen ana kurang penere olehe nyambut gawe, bisa cilaka. Bisa diundhat-undhat lan diundamana ora karuwan sing ndadekne ati lara, bisa uga diunek-unekne wong lanang sing tekane neng kono mung glundhung semprong, konthal-kanthil kathok thok. Banjur neng ngendi Pakdhe, manggone kepenak saupama aku kepengin dadi mantune wong sugih ? Banjur bojoku mengko ya mesthi kemaruk, rumangsa wis bisa nyukupi kabutuhane dhewe, karo wong lanang senengane mung sarwa ngremehake. Lha nek ngono apa ora banjur sirahku njeblos? Poloku muncrat? Apa ora nyekakne umur wae ?”.

 

Pakdhe Saidi ngguyu, krungu kandhane Sudimin sing ngono kuwi. Nek dinalar-nalar pancen ya ana benere. Arepa kaya apa nek wong lanang mung dianggep nunut urip marang maratuwa luwih-luwih marang bojo, kuwi genah neng ati lara. Sudimin jebul duwe pikiran sing luwih adoh tebane, ora mung nyawang satleraman wae nek dadi mantune wong sugih kuwi kepenak lan bisa melu mukti. Nek ngono, Sudimin mbesuk kira-kira bakal nyiriki saupama dipek mantu wong sugih, ngono panemune Pakdhe Saidi sing kober nyabrang ing angen-angene. Nek ngonowa, ketoke Sudimin kuwi mathuk upama dipek mantu dhewe, sanadyan si Sainem, anake wedok kae isih kelas papat SD, ketoke mbesuk nek wis wayahe dirabekne bakal cocog upama dadi bojone Sudimin. Nanging, apa sing ana pikirane kuwi dening Pakdhe Saidi sengaja disingidake dhisik, aja nganti Sudimin ngerti saiki, merga wektune isih suwe.

 

“Ya aja ngono olehmu nampa” kandhane Pakdhe Saidi ngiras nutupi suwara batine “aja su’udzon ngono kuwi. Jaremu dadi wong kuwi becik sing duwe pangira becik marang wong liya?”.

 

“He he he, he eh Pakdhe” wangsulane Sudimin “Ya wis nek ngono, sing tak omong bab lumpang kentheng mau cukup kanggo awake dhewe wae, nek nganti keprojol nyang wong liya marahi ora becik”.

 

Muni ngono kuwi Sudimin karo ngadeg, ngringkesi wadhah panganan sing mau dienggo madhahi kiriman kanggo Pakdhe Saidi.

 

“Lha kowe apa arep terus mulih ta Min?” Pakdhe Saidi takon, merga weruh Sudimin banjur nyangking wadhah kirimane.

 

“Iya” wangsulane Sudimin “arep ngethok pring apus, dening Ibu kadhawuhan nggawekne tepas pawon, karo erok-erok barang. Bar kuwi banjur nggawe irus karo ebor, wong Ibu wingi wis nglumpukne bathok cilik-cilik telu karo bathok klapa gedhe siji ngge gawe siwur”.

 

Pakdhe Saidi wis ora nyauti maneh, malah banjur ngadeg mlaku menyang kedhokan arep nutugne olehe ngaragi suket-suket sing ana kedhokan.

 

Sudimin ya banjur mulih. Karo mlaku angen-angene wis ngalih menyang gaweyan sing arep ditandangi, ngethok pring neng kebonan. Pancen Sudimin kuwi kajaba sregep ya duwe teku tlaten, pinter gawe barang-barang sing dianam saka iratan pring. Dadi nek mung tunggalane tompo, senik, tepas nganti tekan cikrak lan tomblok, kulawargane Pak Suwaji ora tau tuku, merga Sudimin bisa gawe dhewe.

 

Wingi pancen Sudimin weruh nek tepas neng pawon sing kulinane kanggo nepasi geni neng pawon wis ora wutuh maneh. Mula tanpa ngenteni diprentah Sudimin banjur matur nek dina iki arep gawe tepas sing anyar.

 

“Ya beneran nek sesuk mbok gawekne tepas anyar Min, sesuk erok-eroke gawekna pisan, wong erok-eroke wis coklek dangane” dhawuhe Bu Suwaji mangsuli kandhane Sudimin “jane sing dibutuhne ibu wektu iki kuwi irus karo siwur, irus sing kanggo nggoreng kopi kae wis ucul, bathoke wis cuwil kabeh, banjur siwur sing kanggo nyidhuk banyu neng genthong kae ya wis benthet, nanging arep ngomongi kowe tansah lali wae, lha kae ibu ya wis nyawisne bathok gedhe cilik, didokok neng paga sisih kidul kae”.

 

“Inggih benjing kalih ngethok deling apus, kula tak inggih pados bongkotan, mantun nganam tepas kalih erok-erok, irus kalih siwure kula damele pindhah, garanane kula damele saking bongkotan rosan ori kersane bakoh”  wangsulane Sudimin.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...