21.
Kaya
padatan nek bubar nampa raport sekolahan mesthi banjur libur, liburan triwulan
kapindho iki suwene rong minggu. Tumrap bocah-bocah lumrah, lire sing isih melu
wong tuwane dhewe, dina-dina libur mesthi dienggo seneng-seneng, dolan utawa
plesiran. Niliki kerabat cedhak kaya dene simbahe sing ana liya kutha lan
liya-liyane. Mula liburan mesthi ditampa kanthi seneng dening meh kabeh bocah
sekolah. Tumrap Sudimin, dina libur ya panggah ditampa kanthi ati seneng, merga
libur dheweke bisa luwih akeh nindakne gaweyan-gaweyan omah lan gaweyan liyane kaya gaweyan menyang sawah ngrewangi Pakdhe
Saidi, ngolah lemah lan ngopeni tanduran. Sudimin dhewe nek wayahe menyang
sawah ngana kae, rumangsane lagi nglaras liburan, merga Sudimin seneng nyinaoni
tata carane wong tetanen, sing akeh ya kanthi nyemak apa sing ditandangi Pakdhe
Saidi lan para penggarap kiwa tengene, uga ana sing dicocogne karo wulangan
Ilmu Hayat sing disinaoni neng sekolahan. Pakdhe Saidi dhewe ya rumangsa seneng
nek Sudimin menyang sawah, ora kok merga ana sing ngrewangi wae nanging Pakdhe
Saidi seneng nek weruh bocah nom sing sregep kaya Sudimin ngono kuwi. Ora mung
trima sregep, nanging tumemen nggone kepengin ngerti carane ulah tetanen, kajaba
saka kuwi Pakdhe Saidi uga kerep nampa pituduh babagan tetanen sing durung
dingerteni, saka Sudimin sing asale saka anggone sinau ing sekolahane.
“Bares
wae aku iki seneng lho Min nek kowe saba nyang sawah ngene iki” kandhane Pakdhe
Saidi ngepasi leren, ndhudhah kiriman sarapan sing dicangking Sudimin saka omah
“miturut panrawangku kowe mbesuk bakal dadi wong tani sing peng-pengan, merga
kawruhmu ing babagan tetanen komplit, ya saka pakulinane wong nggarap sawah
kaya aku ngene iki, ya saka nggonmu ngangsu kaweruh neng sekolahan, nek sipat
taberimu kuwi panggah mbok kukuhi, kowe mbesuk mesthi dadi wong tani sing
ndrebala tenan Min”.
“Dadi
wong tani Pakdhe?” Sudimin wangsulan ngiras
takon, karo mesem seneng.
“Iya”
wangsulane Pakdhe Saidi “apa kowe ora seneng? Oh, iya ya? Kowe mesthi kepengin
dadi Pegawe, wong sekolahmu wae saiki wis neng SMP”.
“Ora
ngono Pakdhe” wangsulane Sudimin “aku ya kepengin saupama bisa dadi Wong Tani
kaya sing mbok kandhakne kuwi mau, nanging apa ya bisa? Dadi wong tani kuwi pawitane
ora mung bau Pakdhe, kaya sampean iki upamane, kajaba nggarap sawahe Bapak rak
sampean ya duwe sawah dhewe senajan mung sak wolon bau? Lha nek aku? Sawahe sapa
sing arep tak waris ben aku bisa dadi wong tani? Ya paling bisa dadi buruh
penggarap wae ya wis apik”.
“Ya
aja ngono Min” Pakdhe Saidi aweh tutur “rejekine menungsa kuwi sing nyekel
Gusti Allah, siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima nugraha
kuwi kabeh menungsa mung bisa mbudidaya lan kabul utawa orane olehe mbudidaya
kuwi gumantung ana astane Gusti Allah. Karo maneh, apa kowe ya ora ana gagasan
arep nusul Bapakmu nyang Sumantrah kana?. Gajege, neng kana kuwi Bapakmu wis oleh
dum-duman lemah sing amba”.
“Iya
Pakdhe” wangsulane Sudimin ngenaki rembug “mbuh mengko kapan wektune mesthine
aku ya nusul Pak-e karo mBok-e, nanging wong jatah lemah sing ditampa Pak-e
neng Bumi Transmigrasi kuwi wis rupa kebun Karet embuh kebun Sawit kok Pakdhe,
wong sing dieloni Pak-e kuwi biyen Transmigrasi PIR. Dadi saupama aku nusul, ya
ora bakal bisa oleh sawah”.
“O
ngono ?” Pakdhe Saidi sajak mudheng karo tembung sing dikandhakne Sudimin “oraa
oleh jatah sawah saka Pamarentah, bisa wae kowe mbesuk duwe sawah sing amba
neng Jawa kene wae lho Min?”.
“Kok
bisa ngono Pakdhe?”
“Kowe
ngerti sapa Pak Dalal sing sawahe pirang-pirang bau lan salah sijine digarap
Pakdhe Marimin kuwi?” Pakdhe Saidi takon. Sudimin ora semaur, nanging
nggedhegake sirahe, minangka wangsulan yen dheweke ora ngerti.
“Pak
Dalal kuwi biyen wong neneka saka Kulonan kana lho” Pakdhe Saidi nutugne olehe
guneman “mbuh Klaten embuh Salatiga, aku ora pati genah, banjur tekane kene
merga dipek mantu karo mBah Kaji Dulrokim sing sawahe ora karuwan ambane. Gek ndelalah
anake mBah Kaji Dulrokim biyen kuwi ya mung siji Bu Dalal kuwi thok, mula
sawise mbah Kaji Dulrokim seda saanane sawah dadi duweke Bu Dalal. Biyen jaman mBah
Kaji Dulrokim isih ana, Pak Dalal kuwi ya sregep nek nyang sawah, nanging bareng
maratuwane wis ora ana kabeh lan kabeh bandhane diwaris karo Bu Dalal, Pak
Dalal malah banjur dadi ngepenakne awak, sawahe padha digarap-garapne wong,
malah ya ana sing wis dilempit dadi dhuwit barang”.
“Lhah,
lhah… Pakdhe Saidi ki esuk-esuk kok wis ngrasani wong” Sudimin nyela rembug
karo ngguyu “lha ana gandhenge apa karo omong sampean sing ngandhakne nek bisa
wae aku mbesuk dadi wong sing sugih, duwe sawah amba?”.
“He
he he……” Pakdhe Saidi ngguyu “ora ngrasani Min, mung crita kanyatane. Gandhenge
ta? Sapa ngerti kowe mbesuk dipek mantu wong sugih sing sawahe amba kaya nasibe
Pak Dalal kuwi? Nek ngerti ana bocah nom sing sregep lan taberi kaya kowe kuwi,
mesthi akeh sing kepengin ngepek mantu kowe”.
“Ho
alaaah Pakdhe, kok kaya crita neng dongeng wae” Sudimin mangsuli tembunge
Pakdhe Saidi “wong sugih gelem ngepek mantu bocah ora duwe apa-apa kuwi kena
diarani sewu siji durung karuwan tumon. Sing lumrah wong golek mantu kuwi
mesthi nganggo tetimbangan Bibit, Bobot lan Bebed. Lha nek wong kaya aku iki
genah nek ora ana sing mlebu, Bibit aku
anake wong sing wis Transmigrasi, Bobot genah nek aku iki mung ngertine dadi
bocah ndherek, bebed wong nek aku bisa nganggo sarung wae, ngenteni nek
dipundhutne Ibu”.
Pakdhe
Saidi mesem amba. Ora krasa disambi karo omong-omongan sarapan olehe nggawakne
Sudimin mau wis entek, mlebu wetenge. Banjur nyandhak Kendhi, nglangga banyu
sawarege.
“Nanging
iki upama lho ya?” karo nyelehne Kendhi neng galengan, Pakdhe Saidi guneman
maneh.
“Upama
Piye Pakdhe?” Sudimin takon.
“Upama
kowe kuwi ditembung Pak Dalal arep dipek mantu diolehne putrane sing sekolahe
barenganmu kae apa kowe emoh Min?” Pakdhe Saidi takon, sing mungguhe Sudimin
kaya suwara bledheg bantere. Ya gene Pakdhe Saidi takon kaya ngono ? Kamangka
Sudimin ya ngerti nek satemene Ninuk, putrane Pak Dalal kae kena diarani
kedanan marang dheweke. Sudimin ngerti ya saka slagane Ninuk saben-saben
kepethuk dheweke, uga saka critane kanca-kancane sing ngabarne yen Ninuk kae
kerep crita yen jarene Ninuk kuwi wis dipacangake karo Sudimin wiwit jaman
Sudimin lan Ninuk isih bayi biyen. Mula bareng krungu pitakonan saka Pakdhe Saidi
mangkono kuwi mau, Sudimin mung meneng ora bisa aweh wangsulan apa-apa,
pikirane nglambrang tekan ngawang-awang.
“Dijak
omongan kok ora njagongi ta Min?” Karo nglinting mbako neng klobote Pakdhe
Saidi nyendhu Sudimin “ditakoni ora semaur malah ngelamun kaya wong lagi kelangan
tegesan ?”.
Sudimin
ngguyu sepa.
“Jeneh
sampean olehe takon ya waton takon ngono wae kok” wangsulane Sudimin “nek olehe
takon sampean kuwi mau tinemu nalar, ya mesthi tak wangsuli. Lha wong takon kok
blas ora sambung karo kanyatan, kaya takon upama Jaran kae diwenehi sungu ngono
mundhak patut apa ora ya?”.
“Ngene
lho Min” Pakdhe Saidi nginger lungguhe rada nyedhak karo Sudimin, banjur guneman
klesik-klesik nanging cetha “olehku takon mangkono kuwi mau, merga watara
sepasar kepungkur, Pak Dalal rak sambang sedulure sing neng Sragen, Bu Dalal
gak dijak. Mula sing ngirim panganan Pakdhe Marimin nyang sawah Bu Dalal dhewe”.
“Jane
sampean kuwi ngomong apa ta Pakdhe?” Sudimin semanta “wis omongane
klesak-klesik kaya wong dodol upas, kathik malah nyritakne wong liya sing lunga”.
“Sabar
sik ta” Pakdhe Saidi wangsulan karo mesem “aja mbok srekali dhisik tembungku
iki, rungokna ben cetha”.
“Iya,
piye?”
“Lha
Pas Bu Dalal ngirim kuwi mau, wonge banjur nyedhaki aku wong olehku leren awor
karo Pakdhe Marimin, wong ngepasi kuwi Pakdhe Marimin kentekan klobot. Lha Bu
Dalal kuwi ngendika, ngrasani awakmu, ora ngrasani elek nanging malah
ngalembana akeh-akeh. Bu Dalal ya crita nek putrane wadon sing jeneng Ninuk kae
kancamu sekolah nyang SMP ne mBah Cip Dunggalar kana. Bu Dalal ngandhakne nek
Ninuk karo kowe kuwi kanca sing cedhak lan akrab banget, Bu Dalal rumangsa
seneng merga kuwi. Lha entek-entekane Bu Dalal banjur ngendika ngene marang aku
karo Pakdhe Marimin : ya muga-muga wae antarane Ninuk karo Sudimin ora mung
mandheg dadi kanca ya Pakdhe, aku kepengin nek bisa bocah loro kuwi manunggala
dadi siji kanggo selawase………”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar