20.
Sauntara
kuwi, Hartini sing sanadyan kaceke bijine neng Raport rada adoh nek dibandhing
karo Sudimin, nanging Hartini bisa manggon neng peringkat loro ing kelase. Ora
kaya Ninuk sing marang wong tuwa lan kanca-kancane tansah crita yen olehe kasil
nglungguhi peringkat loro neng kelase kuwi amarga dheweke kurang tenanan wae
anggone sinau lan kurang tliti olehe maca soal sing diadhepi, saupama gelem
rada tenanan sethithik ngono wae, ora mokal nek Ninuk ora mung peringkat loro,
malah kira-kira bisa dadi Bintang Pelajare Kelas loro sasekolahan kaya sing
saiki dienggoni Sudimin. Hartini kandha marang sing padha ngalembana marang
dheweke, yen satemene dheweke kuwi ora ngira nek nganti bisa oleh peringkat. Hartini
kandha yen ngrumangsani banget pikirane pancen ora pati landhep, dhasare ya ora
pinter, nanging merga kerep srawung karo Sudimin, mligine nalika padha-padha
bareng sinau sing ndadekne dheweke bisa ngundhakne biji.
“Aku
rumangsa kepotangan budi karo kanca-kancaku kabeh, mligine marang Sudimin,
merga ya saka panyengkuyunge kanca-kanca kabeh aku bisa tenanan nggonku sinau,
luwih-luwih bareng sing nuntuni sinau kuwi Sudimin sing sabar lan gampang
nggone nerangne ngana kae. Upama aku ora melu sinau kelompok lan mung sinau
neng omah dhewe, paling ya kaya adate peringkat loro nanging saka ngisor” kandhane
Hartini marang kanca-kancane, nalika lagi jagongan sadurunge kelas mlebu lan
wektu kuwi sing melu jagongan ora mung Kelas Loro A wae, nanging campur karo
kelas liyane, kelas siji lan kelas telu barang.
“Nanging
munggahe peringkatmu hebat lho mBak” Nita sing Triwulan kepungkur ngenggoni
peringkat telu panggah aweh pangalembana “malah aku sing kesingkir, mlorot dadi
peringkat papat”.
“Aja
mung nyawang peringkate Dhik Nita” wangsulane Hartini sabar “nanging ya sawangen
angkane. Bijiku karo bijimu kuwi mung kacek siji, semono uga karo Sri Gunawan
ya mung kacek siji. Kowe kuwi ora mlorot, merga bijimu luwih becik tinimbang
raport kuwartalan dhek emben, lan kowe ya ora kesingkir merga jumlahe bijimu
padha karo bijine Sri Gunawan, peringkate telu dienggoni cah loro kowe karo Sri
Gunawan, malah nek dipetung tenan ngono kowe luwih dhuwur timbang Sri Gunawan,
merga neng Pelajaran Olah Raga kowe kalah karo Sri Gunawan, nanging neng Pelajaran
Ilmu Bumi kowe menang. Lan kalahmu karo aku mung neng Pelajaran Ilmu Aljabar
thok”.
“Bener
mBak” Warsiyati sing wiwit mau mung nyemak olehe kanca-kancane padha omong,
genti guneman “kelas nggone dhewe dadi rasanane para Guru, rata-rata padha
mundhak kabeh. Dadi bintange kelas loro kuwi panggah neng kelase dhewe, mau pas
aku njupuk absen neng kantor mau, aku krungu Pak Tasmadi lagi ngendikan karo
Pak Dalijan, loro-lorone padha ngalembana bocah-bocah kelas nggone dhewe”.
“Aku
ya krungu kok” Rinata sing lagi kelas siji melu nyaut rembug “malah sing dialem
Pak Tas mau mBak Hartini, merga sing njalari bijine kelas loro A dadi padha
mundhak apik kuwi rak saka anane Belajar Kelompok sing dirintis mBak Hartini”.
“Nek
kuwi ya ora bener Dhik” gage wae Hartini nyaut kandhane Rinata “sinau bareng
sing manggon neng nggone Sudimin kae merga ngecakne rigen saka Bu Sri Supingah,
lha sing ngrintis ya dudu aku dhewe, nanging kabeh sing padha melu sinau bareng”.
“Iya
nanging nek miturut panemuku” Warsiyati guneman maneh “sing paling gigih supaya
sinau bareng iki bisa tetep mlaku kanthi becik ya kowe mBak Har lan sing luwih
gedhe udhune ya Sudimin sing disengkuyung dening Pak Suwaji Bapak sing
didhereki kae”.
“Nek
Sudimin kae gak prelu dialem maneh mbak” Nita sing mau rumangsa kesingkir
peringkate nyaut guneme Warsiyati “Sudimin kae pancen bocah sing super tenan,
blas ora ana kurange, sopan, anteng, bagus, pinter, wis pokoke kabeh dipek
dhewe karo Sudimin”
Bocah
liyane padha mesem krungu gunemane Nita sing ngalembana Sudimin ngono kuwi.
“Nanging
kanggoku Sudimin kae ya isih kurang Dhik” Warsiyati nyaut rembuge Nita karo
mesem.
“Kurange
nggon apa mBak?” Nita njengkerutne bathuke “apa merga Sudimin mung bocah sing ndherek
utawa ngenger neng nggone Pak Suwaji kuwi? Kuwi dudu kurang mBak, padha karo
aku lan bocah-bocah liyane sing uga mung ndherek, mung kaceke sing tak dhereki
isih wong tuwaku dhewe, nanging rak ya panggah mung ndherek?”.
“Dudu
kuwi Dhik karepku” Warsiyati cepet-cepet
nggone nyauti kandhane Nita “nek bab ndherek utawa ngenger, kabeh wae ya padha,
padha olehe ngenger kaya sing mbok kandhakne kuwi. Karepku ngene lho, Sudimin
kae bakal luwih komplit maneh nek ……..”.
“Gelem
ngepek pacar aku ya mBak?” Nita ngguyu mlengeh.
“Ora!”
Warsiyati wangsulan karo mesem “nek kowe dipek Sudimin, banjur Gunadi kon karo
sapa?”.
“He
he he, lha sapa mBak?” Nita bali mlengeh.
“Ya
sing cocog lan serasi ndhampingi Sudimin ki, miturutku mung ana siji thok!”
wangsulane Warsiyati.
“Kowe
mBak? Lha Mas Anwar sing wis suwe olehe ngenteni arep mbok kapakne?” Nita males
Warsiyati.
“Dudu
aku!” Warsiyati nyuwara rada dhuwur.
“Lha
sapa?” bocah-bocah liyane meh bareng nyaut nganggo pitakonan.
“mBak…….
Hartini”.
“Weh,
bener, bener tenan kuwi” Nita semaur karo ngguyu seneng “pancen cocog kok.
Sudimin kae nek karo mBak Hartini, padha sregepe, padha pintere, sing siji
bagus sijine ayu, wis cocog tenan kuwi”.
Bocah-bocah
liyane sing uga ngerti nek satemene Hartini kuwi uga mambu ati marang Sudimin,
padha pating cruwet mbenerne apa sing dikandhakne Nita. Mesthi wae, sanajan ana
rasa seneng neng atine, panggah wae Hartini dadi mbrabak praupane, ngempet
isin.
“Kowe
aja nyelaki batinmu dhewe mBak” Warsiyati guneman maneh karo mesem “kanca-kanca
wis mathuk kabeh, dadi kowe ya kudu nampa karo ati sing seneng, aja
ethok-ethok, emoh nanging jane ngarep-arep!”.
“Heh,
kowe kuwi kabeh ki omong apa?” Hartini ngadeg karo guneman rada banter “mbok
aja seru-seru ngono kuwi, nek keprungu Ninuk sida kojur aku mengko”.
“Apa
Ninuk?” Masirah sing wiwit mau mung meneng genti semaur “aku wingi dikandhani
karo Warsidi, kabar sing kerep disebar dening Ninuk kae ngayawara kabeh. Pancen
Ninuk kae seneng marang Sudimin, nanging Sudimin ora ngimbangi blas, malah nek
karo wong tuwane Ninuk wae Sudimin kuwi ya ora gathuk, dening Pak Dalal,
Sudimin ora pati dianggep, diremehne
dumeh mung bocah sing ngenger, dadi kabar nek Sudimin kuwi pacare Ninuk, kuwi
kabar dubluk alias ngayawara. Sudimin wegah dadi pacare Ninuk”.
“Kuwi
kabar sing mbok tampa saka Warsidi ta?” Warsiyati nggenahne marang Masirah.
“Iya
nanging aku percaya mBak!” wangsulane Masirah.
“Aku
ya percaya kok” sing wangsulan malah Nita “nanging ketoke olehmu nekakne kabar
saka Warsidi durung jangkep mBak!”.
“Durung
jangkep piye?” Masirah mbalik takon.
“Njajal dieling-eling dhisik!” Nita semaur karo ngguyu.
“Lha
wong Masirah bar kepethuk Warsidi kok kon ngeling-eling ta Dhik?” Warsiyati
bali guneman “aku ya ngerti kok, nek Masirah lali ana siji kabar saka Warsidi sing
durung dikandhakne”.
“Apa
maneh ta jane?” Masirah takon karo mlilik lucu.
“Warsidi
mesthi crita nek Sudimin kae pancen emoh nek karo Ninuk” Warsiyati nyambung
olehe guneman “ora merga Ninuk kurang ayu, utawa liyane, nanging merga neng
atine Sudimin wis ana sing ngrenggani, ya kuwi ….. mBak Hartini”.
“Iya
nek kuwi pancen bener” wangsulane Masirah karo ngguyu “Kuntul kecemplung sawah,
betul dan tidak salah”.
“Wis
krungu dhewe ta mbak Har?” Warsiyati genti nakoni Hartini “saiki jamane wis
beda, ora kudu bocah lanang sing miwiti, mula kowe ndang cepet wae, nulis surat
apa piye dikirimne menyang Sudimin, mengko aku gelem sing dadi Tukang Pose”.
“Ya
ngene wae ta mbak” Masirah banjur kandha menyang Warsiyati “nek mBak Hartini
isih tidha-tidha, durung wani ndhisiki gawe layang, awake dhewe sing dadi kanca
rakete mbak Har lan uga kanca cedhake Sudimin sing kudu tumandang, piye bisane
wong loro kuwi ndang bisa gandheng, mengko Warsidi ya tak kandhanane wonge
mesthi seneng lan gelem mbantu nglancarne gaweyane dhewe iki”.
Krungu
rembuge kanca-kancane sing satemene wis gawe senenging atine ngono kuwi,
Hartini wis ora kuwat maneh melu ngrungokne, kegawa saka rasa isin rumangsa digojlogi
kanca-kancane. Mula ora guneman apa-apa, setengah mlayu Hartini ninggalne
kanca-kancane tumuju menyang ruang kelase. Nalika kuwi mbarengi mBak Rokhani
nuthuk bel kaping telu, minangka tandha nek bocah-bocah wayahe mlebu.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar