19.
Dina-dina
candhake, sinau bareng neng emper daleme Pak Suwaji kuwi mlaku sansaya becik. Bocah-bocah
wis padha weruh kanthi nyata yen sinau modhel ngono kuwi gedhe banget
manpangate. Mula saben dina Senin, Rebo lan Jumuah sadurunge sinau bareng
diwiwiti ajeg wis padha teka luwih dhisik. Bocah lanang lan bocah wadon padha
dene olehe padha semangat sinau. Kerep wae, saka sekolahan wis padha nyepakne
soal-soal sing ora bisa digarap dhewe, banjur tekan panggonan sinau bareng kuwi
ditakokne kancane kepriye carane nggarap kanthi cepet lan bener. Nek isih anyar-anyaran sinau bareng kae, sing
bisa ngrampungi perkara ngono kuwi meh ajeg nek Sudimin, nanging sawise sinau
bareng kuwi lumaku kanthi lancar, wiwit ana siji loro sing padha nyulihi
Sudimin, genti sing aweh warah marang kanca-kancane. Sudimin dhewe entrane neng kono wis dadi
instruktur, lagi tumandang yen kanca-kancane wis padha sambat ora eneng sing
bisa.
“Aja
kesusu kandha nek ora bisa” tembunge Sudimin marang kanca-kancane “karo nyoba
aweh katrangan, awake dhewe bisa karo mikir piye carane murih bisa ngrampungne
soal sing dianggep rumit ngono kuwi. Lha nek wis tekan tengah-tengah, kapeksa
mandheg, kanca liyane rak bisa aweh bebantu, dadi jenenge ya sinau bareng tenan”.
“Iya
Min, nanging rumangsaku nek sing nerangne ki liyane kowe, rasane kok piye ngono
lho?!?” Lastri bocah sing padatan ora akeh duwe gunem, semaur, banjur panemune
kuwi dijalukne pikuwat marang Hartini sing nuju lungguhe cedhak dheweke “rak ya
ngono ya mBak Har?”.
“Bener
Dhik Lastri” Hartini semaur alon “nanging sing dikandhakne Sudimin mau aku ya
mathuk, aku dhewe bisa ngrasakne, kanthi aweh katrangan disambi karo
ngeling-eling ngono kuwi bisa ndadekne pikiran dadi luwih urip, kuwi rumangsaku
lho?. Nanging nek kanca-kanca luwih seneng sing aweh jawaban kudu Sudimin, aku
ya malah luwih seneng maneh. Wektune dadi bisa luwih cepet”.
“Ya
nek kabeh sing nerangne kudu Sudimin, jenenge padha wae awake dhewe iki
ndadekne Sudimin minangka Guru Les” Warsidi numpangi rembug karo setengah guyon,
“wektune pancen luwih cepet lan bisa nyinaoni soal liyane, nanging pikirane
dhewe ora urip-urip kaya sing dikandhakne Hartini mau, merga kabeh mung njagakne
Sudimin wae. Tujune Sudimin kuwi bocah sing lugu, upama sing dadi Sudimin kuwi
aku ngono, genah nek banjur juwal mahal, bocah-bocah wedok kuwi kudu luwih
kerep nggawakne jajan, he he he …..”.
Bocah-bocah
padha mesem amba malah ana uga sing banjur ngguyu lirih krungu gunemane Warsidi
sing najan karo guyon nanging uga ngemu makna ngono kuwi.
Olehe
muni ngono kuwi mau, Warsidi karo nglirik Ninuk sing saiki geleme nggawa jajan rada
akeh nek dina Rebo karo Jumuah, merga Ninuk ngerti nek dina Senen Sudimin ajeg
nek pasa. Malah kerep wae, sanajan dina Rebo utawa Jumuah Sudimin iya pasa,
merga ngepasi tanggal telung dina sakitere wulan purnama.
“Aku
ya mathuk karo panemune mBak Hartini mau, nanging ana tambahane” api-api ora
ngerti nek disemoni Warsidi, Ninuk melu urun rembug.
“Tambahane
apa Dhik? Eh, sing mbok mathuki panemuku sing endi?” Hartini nyela takon karo
mesem. Satemene ngono Hartini kuwi duwe rasa sing rada ewa nek karo Ninuk,
merga Hartini ngerti banget nek Ninuk kerep wae nyatur dheweke karo kanca
liyane nek Hartini mentas jagongan karo Sudimin.
“Sing
kuwi lho mBak” wangsulane Ninuk “sing nerangne bisa gentenan, sok mBak Tien,
sok mBak Yati, utawa Warsidi lan kanca liyane. Lha tambahane, Sudimin kudu neng
sandhinge, dadi saupama olehe nerangne kanca-kanca mau ana sing kleru utawa ora
pas, Sudimin bisa enggal-enggal mbenerake, dadi kanca-kanca ora malah sansaya bingung”.
“Wis,
wis kuwi dirembug mengko wae” Sudimin sing miwiti mbukak rembugan munggel
rembug “saiki ayo gek ndang diwiwiti sinaune, endi sing mau durung cetha olehe
nampa katrangan saka Bapak Ibu Guru lan prelu dirembug murih terange?”.
Bocah-bocah
ora ana sing semaur, kabeh banjur padha ngetokne buku-buku saka tase dhewe-dhewe,
dibukaki lan arep dikandhakne perangan ngendi sing padha durung dingerteni
kanthi cetha.
Dina-dina
terus mlaku maju ora tau ana mundure. Wektu kanggo “Ulangan Umum” wis teka.
Jaman kuwi Ulangan Umum dienengne setahun mung kaping pindho, ya iku ing Triwulan
kapindho lan Triwulan pungkasan. Ya kanthi Ulangan Umum ngono kuwi bisa
ditonton sepira maju utawa mundure bocah-bocah sekolah nggone bisa nampa piwulang
sing ditampa. Ulangan Umum sing teka iki Ulangan Umum Triwulan kapindho (kira-kira
cara saiki ya semester kapisan). Bocah-bocah sasekolahan padha semangat anggone
ngadhepi. Kabeh ora ana sing kepengin oleh biji luwih asor tinimbang biji raport
triwulan sadurunge. Semono uga bocah-bocah sing padha melu sinau bareng neng
emperan daleme Pak Suwaji. Bocah-bocah kuwi maune kaya padatan padha
dheg-dhegan kuwatir nek ora bisa nggarap soal-soal ing Ulangan Umum sing
diawasi kanthi ketat dening Guru-Guru Pengawas kuwi. Nanging, ya merga saka
asile nggone padha sregep melu sinau bareng, ndadekne bocah-bocah kuwi seneng
lan marem. Rata-rata soal sing ora bisa digarap lan dirampungne kanthi becik,
kurang saka sepuluh persen. Dadi bocah-bocah sing melu sinau bareng kuwi duwe
rasa optimis nek calone bakal mundhak becik biji sing ditulis ana raporte
dhewe-dhewe.
Tenan.
Sawise Ulangan Umum rampung lan disusul dum-duman Buku Raport, bocah-bocah
kelas loro A, biji ing wulangan Ilmu Pasti lan Bahasa Inggris rata-rata padha
mundhak becik. Semono uga bocah sing manggon neng kelas liya, nanging melu
sinau bareng kelas loro A sing dirintis dening Hartini minangka Ketua Kelase,
uga padha mundhak becik biji-bijine. Lan kaya jaman-jaman sadurunge, bocah kelas
loro sasekolahan sing bijine apik dhewe ya Sudimin. Ninuk sing jaman kelas siji
nganti kelas loro Triwulan kapisan angka ing raporte mbuh siji mbuh loro mesthi
katutan angka sing ditulis nganggo mangsi abang, ing Raport Triwulan kapindho
iki, mulus bijine ireng kabeh. Malah ing kelas loro C Ninuk oleh peringkat loro.
Kang mangkono kuwi mau, ndadekne Bu Samusih Wali Kelase paring pangalembana lan
panjurung murih Ninuk luwih sregep maneh nggone sinau. Bocah-bocah liyane akeh
sing padha kepengin melu Ninuk sinau bareng neng sinau kelompok sing dianakne
dening Kelas Loro A sing manggon neng emperan mburi daleme Pak Guru Suwaji kuwi,
nalika padha krungu atur wangsulane Ninuk marang Bu Samusih nek dheweke melu
sinau kelompok sing dianakne bocah-bocah kelas loro A.
“Nek
mas-mas karo mBak-mbak iki kepengin melu sinau bareng neng sinau kelompok sing
dieloni mBak Ninuk kuwi pancen ya becik” Dhawuh ngendikane Bu Samusih marang Kelas
loro C kuwi “nanging apa panggonane isih ana? Ibu kagungan panemu, luwih becik
nek Kelas Loro C iki gawe kelompok dhewe sing carane padha karo kelompoke
bocah-bocah kelas loro A sing dieloni mBak Ninuk iki”.
Bocah
sakelas padha gumrenggeng, meh kabeh nyarujuki karo apa sing dadi pituture Bu
Wali Kelas kuwi. Pating celebung wiwit padha guneman ngongkon marang Ketua
Kelase supaya enggal mbentuk kelompok sinau bareng kaya sing ditindakne kelas
loro A kae.
“Nanging
kula panggah badhe ndherek ing kelompoke lare Kelas Kalih A lho Bu” Ninuk matur
marang Bu Samusih, merga Ninuk duwe panemu : nek nganti dheweke ninggalne sinau
kelompoke kelas loro A lan melu ing kelompoke kelas loro C sing lagi arep
dibentuk, padha wae Ninuk ngiklasne Sudimin sansaya raket karo Hartini. Ninuk
ngerti dhewe, nganti tekan saiki Hartini ora kendho nggone kepengin sansaya
cedhak lan dadi pacare Sudimin. Lan nek nganti pepenginane Hartini kuwi kasembadan,
Ninuk babar pisan ora lila.
“Ngono
ya ora apa-apa mBak Ninuk” dhawuh wangsulane Bu Samusih “nek jane sinau bareng
kuwi kepenak nek tunggal sakelas, nanging nek kowe milih sinau bareng karo
bocah-bocah sing ana kelas loro A ya ora apa-apa, apa ta sing marahi mBak Ninuk
pilih awor karo kelas loro A tinimbang karo kanca tunggal kelase?”.
“Lha
kula kadhung kulina kalih kelompok niku lho Bu” atur wangsulane Ninuk dora “mangke
menawi ndherek kelompk enggal rak kedah adaptasi malih?”.
“O
ngono?” Bu Samusih mesem “ya wis, Ibu ngira nek ana sabab liyane”.
“Boten
kok Bu”.
“Wonten
dhing Bu” Sigit bocah sing senengane klecon nyuwara banter.
“Apa
kuwi?” tanpa disengaja Bu Wali Kelas nganggapi,
“Murugaken
ing mrika kalih njagi Sudimin Bu” atur wangsulane Sigit karo ngguyu “kerana boten
disrobot cewek sanes”.
Bocah
sakelas padha ngguyu bareng. Ninuk dadi mbrabak abang praupane, ora cetha embuh
nesu embuh seneng atine.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar