18.
Nganti
sauntara ora ana sing enggal aweh wangsulan krungu pitakon lan panemune Sudimin
sing mangkono kuwi mau. Hartini karo Warsiyati padha inget-ingetan dhewe-dhewe,
nanging durung ana sing wani guneman, nyarujuki utawa duwe panemu sing seje.
“Maaf
kanca-kanca kabeh” dumadakan Sugi ngangkat tangane njaluk wektu kanggo guneman “sanadyan
aku iki ngrumangsani nek pikiranku rada kethul nek dibandhingne karo pikiranmu
kabeh. Nanging aku duwe panemu, kanthi anane sinau kelompok iki gedhe banget
manfaate tumrap awake dhewe mligine kanggo aku, lan sing paling gedhe
lelabuhane ing babagan iki ora ana liya kajaba kancane dhewe Sudimin, merga
Sudimin awake dhewe luwih gampang mudheng karo wulangan sing diparingne Bapak
lan Ibu Guru. Mula gandheng Sudimin wis ngusulne supaya wektune sinau ditambahi
dadi telung jam setengah kanggo rong pelajaran, luwih becik awake dhewe manut
lan nyengkuyung apa sing diusulne Sudimin iki mau lan uga kudu matur nuwun marang
dheweke. Setuju kabeh?”
“Setujuuuuu!”
kompak ambata rubuh bocah-bocah semaur bareng.
“Nambahi
apa sing diusulne Sugi sing wis disetujoni iki mau” sawuse olehe semaur bareng wis
meneng, Hartini genti sing guneman “awake dhewe iki pancen kudu matur nuwun
marang Sudimin, merga Sudimin wis akeh mbantu awake dhewe, wiwit resik-resik
lan nata kursi kanggo awake dhewe nganti tekan mbantu murih awake dhewe bisa luwih
ngerti marang apa sing wis ditampa ing kelas nanging durung pati mudheng. Saiki
aku arep takon marang kanca-kanca kabeh, mathuke nganggo cara apa awake dhewe ngaturne
panuwun marang Sudimin?”.
Ditakoni
Hartini ngono kuwi, bocah-bocah banjur padha omong alon marang kanca sing
manggon ana cedhake, kahanan dadi rada rame senadyan ora banter suwarane,
nanging kaya suwarane pasar sing lagi temawon ngana kae.
“Kuwi
ta ? Gampang wae!” dumadakan Warsidi semaur banter, ndadekene kabeh mripat
padha nyawang dheweke “watone demi kanca-kanca Hartini gelem lan Ikhlas Beramal”.
“Apa
kuwi? kok kaya mottone Departemen Agama wae?” Warsiyati sing genti nyaut
kandhane Warsidi.
“Aja
kuwatir Har” ora mangsuli pitakone Warsiyati Warsidi nutugne kandhane “kowe aja
kuwatir Har, dhawuhe Pak Wahidin Guru Agamane dhewe kae wong kuwi nek ikhlas
beramal bakal dadi lan senenging atine, klebu kowe mengko nek wis gelem
nindakne kuwi”.
“Iya,
aku ya wis ngerti kuwi” wangsulane Hartini sajak ora sabar “aku mbok kon kudu
piye?”.
“He
he he….. kowe kudu gelem dadi pacare Sudimin” wangsulane Warsidi karo ngguyu
banter.
“Huh…..!!!”
karo praupan mbrabak abang, merga katempuh rasa seneng wor lan rasa isin,
Hartini wangsulan setengah nyentak “iki
ngrembug perkara sing serius War, ora guyon!”.
Sauntara
bocah-bocah liyane banjur padha pating cruwet dhewe-dhewe nanggapi guyonane
Warsidi sing kober dikira rembug tenanan kuwi mau.
“Kuwi
jenenge dudu Ikhlas Beramal War, nanging Pucuk dicita ulam tiba” Soni guneman
karo ngguyu.
“Nek
mung ngono kuwi sing dadi carane, ora mung mBak Hartini wae sing gelem, mbok
liyane ya mesthi semrinthil rindik asu digitik” Nita bocah sing rada kenes melu
semaur.
“Nek
ngono kowe barang ya gelem nek dikongkon Ikhlas Beramal kaya sing diomongne
Warsidi kuwi mau no Nit?” Marsana sing lungguhe cedhak karo Nita genti takon
karo plengah-plengeh. Sing ditakoni sakala mbrabak praupane.
“Aku
ta?” wangsulane Nita bali kenes “nek aku emoh kok, wong aku ora pengin dadi
pacare Sudimin, nanging aku milih dadi pacarmu wae!”.
“Uwis,
uwis olehe guyon mengko wae” Hartini nguneman rada seru. Bocah-bocah ya banjur
padha meneng.
“Kanca-kanca
kabeh” sawuse kahanan bali pulih, Sudimin dumadakan guneman, sanadyan ora
banter nanging suwarane cetha yen dirungokne “Aku matur nuwun banget marang
kowe kabeh, merga wis rumangsa nek awit anaku ana kene ana gunane. Perkara
matur nuwun kaya sing dikandhakne Soni lan Hartini mau, aja digagas nemen-nemen.
Merga kanthi marahi kowe kabeh mau, aku uga oleh bathi. Apa? Ya kuwi aku luwih
lanyah lan luwih gampang ngapalne apa wulangan sing ditampa pas neng kelas kae.
Dadi sinau bareng ngene iki kabeh bathi lan ora ana sing rugi”.
“Sing
rugi kucing ya Min?” Warsidi bali ngajak guyon.
“Bener
War” Sudimin wangsulan serius ora katut guyone Warsidi “nek pancen kowe kabeh
arep menehi aku atur panuwun marang aku, aku ya wenang milih apa wujude atur
panuwun mau”.
“Apa
Min?” Hartini nyelani takon.
“Gampang
wae” wangsulane Sudimin karo mesem “kowe kabeh kudu sansaya tenanan olehe padha
sekolah lan sinau, migatekne apa sing diwulangake Bapak lan Ibu Guru. Wis mung
kuwi panjalukku, ora sah mikir liyane. Saiki wayahe leren”.
Kahanan
dadi temawon maneh.
“Wis
wayahe leren iki cah…..” dumadakan Warsidi guneman banter maneh “ayo aja
pelit-pelit, sing mau nggawa bontot ndang padha ditokne, aku tak melu amul
merga aku ora melu uwul he he he”.
Nek
guyone Warsidi sing iki ora ndadekne rame kaya mau. Malah bocah-bocah wadon
sing kulina nggawa panganan, padha njupuk panganan gawane dhewe-dhewe sing mau
disinggahne neng jero tase. Ninuk, sing wiwit mau ngenteni tekane wektu ngaso,
gage wae anggone arep ngecakne sing dirancang wiwit mau. Linggihe ngalih nyedhaki
Sudimin karo nggawa Mie Goreng sing diwungkus nganggo godhong. Sauntara tangane
kiwa nyekeli sendhok cacah loro.
“Iki
lho Min, mau sengaja tak gawakne saka omah kanggo kowe” kandhane Ninuk karo
nyelehne buntelan isi Mie Goreng ing ngarepe Sudimin sing ditumpangi sendhok
pisan.
“Apa
kuwi Nuk?” Sudimin takon semu gumun.
“Mie
Goreng gaweyanku dhewe” wangsulane Ninuk karo mesem “mau teka saka sekolah aku
banjur masak, mie ne tak wenehi suwiran iwak ayam karo tak wenehi jamur damen,
olehe ngundhuhne Pakdhe Marimin saka sawah. Enak lho Min, ayo ndang dimaem aku ya
arep maem saiki kok”.
“Mie
Goreng masakanmu dhewe, mesthi enak banget kuwi Nuk” wangsulane Sudimin nanging
mie sing ana ngarepe babar pisan ora disenggol.
“Iya
enak tenan kok” wangsulane Ninuk karo wiwit nyendhok mie ne.
“Nanging
eman, aku njaluk pangapuramu wae Nuk, awan iki aku ora kepengin mangan utawa
ngombe apa-apa” kandhane Sudimin “Nek olehku mangan mengko nek wis adzan Maghrib,
mesthine wis ora pati enak”.
“Lhah
? Kowe pasa ta Min?” Ninuk takon suwarane nuduhne nek atine cuwa. Sudimin mung
manthuk karo mesem.
“Lha
tiwas tak gawakne kanggo kowe? Rak ya malah mubadzir iki jenenge?” suwarane
Ninuk keprungu yen sansaya kecuwan atine. Olehe arep mangan bareng karo Sudimin
neng cedhake kanca-kancane buyar, ora sida klakon.
“Lha
ben ora mubadzir ya diwenehne sapa kono ta neh?” Sudimin wangsulan karo mlengeh
“mbok wenehne Soni sing sendhen cagak karo turu kuwi rak ya malah apik, tinimbang
wonge mung merem karo ngorok ngono kuwi”.
Ninuk
ora wangsulan, bocah ayu kuwi ora bisa nyingidne rasaning atine. Lambene malah
mrengut, untune digegetne. Nanging Sudimin api-api ora ngerti, malah banjur
karo nyedhaki Soni, Sudimin kandha :
“Soni
tak gugahe, bocah iki kajaba pinter turu ya sok dremba, senengane mangan enak
tur ya akeh”
Muni
ngono kuwi, Sudimin karo ndemek tangane Soni sing disedhakepne kaya wong lagi
semedi.
“Heh,
kaget aku!” didemek tangane Soni nglilir banjur takon “ana apa Min?”.
“Kae
lho digawakne Mie Goreng karemanmu, kana gek ndang dipangan, aja mung turu wae”
kandhane Sudimin mangsuli pitakone Soni sing kaya wong gragapan .
“Apa
? Mie Goreng? Endi? Sapa sing nggawakne?” kemrecek Soni takon.
“Iya
Mie Goreng sing dimasak karo daging ayam lan jamur damen” wangsulane Sudimin “kae
lho neng meja ngarepe Ninuk, pancen sing nggawakne Ninuk kok”.
Soni
ngadeg banjur marani kursi sing mau dilungguhi Sudimin, banjur mapan lungguh.
Mie goreng sing ana wungkusan dicandhak banjur dibukak.
“Matur
nuwun lho Nuk” kandhane Soni karo arep nyendhok mie neng ngarepe kuwi “ndelok
gandane Mie iki enak tenan, dhasare wetemgku wis krasa rada luwe pisan, cocog
tenan iki. Iki olehmu tuku apa olehe masak Ibumu Nuk?”.
“Sing
masak aku Son” wangsulane Ninuk setengah aras-arasen nggone semaur.
“Wah,
pinter masak tenan kowe Nuk” kandhane Soni karo mesem “beja tenan suk sing bisa
ngepek bojo kowe, bojomu mbesuk mesthi krasan neng omah, karo bola-bali kon
masakne”.
Ninuk
wis wegah mangsuli, atine cuwa. Cuwa banget, karepe masakane kon mangan
Sudimin, malah sing mangan Soni bocahe lemu senengane turu.
Hartini
sing olehe lungguh ora pati adoh, satemene ya ngerti nek Ninuk lagi kagelan
atine. Batine ngguyu, semune nyokurne. Nanging Hartini pilih meneng wae, ora
semanta kaya ora ngerti apa sing lagi wae kedadeyan.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar