Total Tayangan Halaman

Jumat, 16 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (017)


 

17.

Dina kapisan sinau kelompok diwiwiti, sing disinau manut jadwal sing disusun dening Hartini lan Warsiyati, ya iku dina Senin sing disinau bebarengan Bahasa Inggris karo Ilmu Ukur, dina Rebo Ilmu Aljabar karo Ilmu Hayat lan dina Jumuah Ilmu Alam karo Pengetahuan Umum. Jebul bocah kelas loro A ora kabeh melu, saka bocah telung puluh sanga sing teka mung bocah wolulikur. Bocah saka kelas loro B ana sing melu siji, ya kuwi Tutik putrane Pak Firman Mantri Suntik lan saka Kelas loro C bocah papat, Sugik, Ninuk, Marsana karo Yuyun. Kelas loro D ora ana sing melu, merga racak-racak omahe adoh kabeh.

 

Pak Suwaji sing pirsa semangate bocah-bocah sing arep sinau bareng kuwi rumangsa rena penggalihe. Mula sadurunge sinau diwiwiti, Pak Suwaji plaur paring pitutur, ngiras pantes mbukak kegiatan sinau kelompok kuwi. Pancen sadurunge mau, Hartini kandha marang Sudimin nek arep matur marang Pak Suwaji, ngaturake panuwun lan nyuwun pangestu sarta nyuwun supaya Pak Suwaji kersa paring tutur sembur sadurunge sinau bareng diwiwiti.

 

“Para putra kabeh” dhawuh ngendikane Pak Suwaji marang sing padha arep sinau “Bapak rumangsa marem lan mongkog dene para putra sengkut nggone padha sekolah lan kepengin bisa sansaya pinter. Bapak mung bisa paring panyengkuyung kanthi donga marang Gusti Allah, muga-muga anggone para putra sinau kaparingan lancar. Kanthi sinau bareng-bareng ngene iki kena diibaratake kaya beras sing disosoh ana lumpang, putihe beras lan ucule katul, ora merga antebing alu sing kanggo nutu, nanging merga alu sing ditutokne kuwawa ndadekne beras padha beras padha gesrekan neng jero lumpang temah dadi lan putihe sarta padha ucul katule. Kanthi cara sinau bareng ngene iki, para putra bisa njaluk warah marang kanca siji lan sijine. Dadi sing bener kuwi nek njaluk warah utawa takon marang kancane babagan pelajaran sing durung dingerteni ya neng papan sing kaya iki, ora nek pas neng jero kelas, nek wis neng jero kelas, prayogane para putra nek durung mudheng olehe nyuwun pirsa ya marang Bapak utawa Ibu Guru sing lagi mucal, ora marang kancane”.

 

Sing padha lagi dituturi padha manthuk-manthuk lan katon padha migatekne apa sing dadi pangandikane Pak Suwaji kuwi. Ya ana siji loro sing katone meneng ngrungokne, nanging satemene mripate lagi lirak-lirik marang kancane. Kaya Ninuk salah sijine, anake wedok Pak Dalal sing ayu tur duwe pambegan tregal-tregel kaya Dewi Banuwati kuwi, sanadyan ora nyuwara apa-apa nanging apa sing didhawuhne Pak Suwaji babar pisan ora mampir ing angen-angene. Merga pikirane Ninuk mung tumuju marang Sudimin sing katon tumungkul nyawang jogan, karo nyemak apa sing didhawuhne Bapak sing didhereki kuwi. Angen-angene Ninuk, muga-muga Pak Suwaji enggala rampung olehe paring pitutur banjur ninggalne papan kono. Lan sanajan jam rampunge sinau wis ditetepne jam telu, nanging Ninuk panggah ngarep-arep enggala rampung. Dheweke mau saka omah nggawa panganan sing mirasa (jaman kuwi) mie goreng rong wungkus, sing arep dipangan lan sing sawungkus arep diwenehne Sudimin, ben bocah-bocah liyane weruh nek dheweke bisa mangan bareng karo Sudimin. Merga Ninuk ya ngerti nek kanca-kancane, mligine bocah-bocah wedok, uga padha sangu panganan saka omah, ana sing nggawa kacang goreng, kacang godhog, jagung lan sapiturite, sing arep dienggo samben nalikane padha sinau.

 

“Mengko nek bocah-bocah kuwi weruh nek Sudimin sengaja tak gawakne panganan saka omah, mesthi banjur padha mikir nek aku iki temen-temen wis dipacangne karo Sudimin wiwit cilik biyen, ben bocah-bocah padha minggir lan ngedohi Sudimin. Lan si Marsana kae ya ben leren olehe kepengin cedhak karo aku, wong senajan bocah kae ya bagus, nanging atiku wis kadhung katut digondhol Sudimin kok” ngono pikiran sing ana angen-angene Ninuk. Mula rumangsane Ninuk, olehe ngendikan Pak Suwaji krasa suwi banget.

 

Beda karo Hartini, sing senajan kala-kala sok panyawange mampir, utawa sengaja diampirne kanggo nglirik Sudimin, nanging apa sing didhawuhne Pak Suwaji isih akeh sing mampir mlebu ing angen-angene.  Lan beda maneh karo si Edi lan Yati, bocah loro sing lungguhe jejer kuwi usreg dhewe tanpa nyuwara. Mung tangane padha repot nulis ing kertas banjur disrogne neng ngarepe sing lungguh ing sisihe supaya diwaca. Bocah loro kuwi ya meh padha karo Ninuk sing ora pati ngrungokne apa sing didhawuhne Pak Suwaji. Warsidi karo Masirah sing lungguhe ora adoh karo papan lungguhe Yati lan Edi padha weruh, banjur bocah loro kuwi padha njedhirne lambene dhewe-dhewe karo setengah mesem.

 

Sinau bareng dina kuwi katon regeng lan gayeng. Luwih-luwih sawise Hartini nakokne carane nggarap soal Ilmu Ukur sing rumangsane ora bisa dirampungne nganggo nalare. Jebul meh kabeh bocah sing ana kono ora ana sing bisa aweh wangsulan kanthi gamblang marang piakone Hartini kuwi.

 

“Padha entenana sedhela kanca-kanca” dumadakan Sudimin ngadeg “mau olehku nata panggonan sinau iki jebul isih ana sing kurang, tak jupuke dhisik”.

 

Bubar muni ngono kuwi Sudimin banjur ngalih mlebu gudhang cilik ing sisihe emperan papan kanggo sinau kuwi. Baline wis nggawa papan tulis cilik karo kapur lan gosok sing digawe saka kapuk diwungkus pipihan, kaya bantal cilik. Pancen emperan mburi lan dhingklik-dhingklike sarta papan tulis sing saiki digawa Sudimin kuwi, biyen digunakne dening Pak Suwaji kanggo marahi tangga-tanggane sing kepengin bisa maca lan bisa nulis, jaman rame-ramene Gerakan PBH biyen. Dening Sudimin papan tulis cilik kuwi banjur didegne disendhekne cagak, kabeh sing ana kono bisa nyawang kanthi cetha.

 

“Soal sing ditakokne Hartini iki sakjane keneng diarani prasaja utawa sederhana” Sudimin nerokne Bu Sri Supingah nek wayah nerangne neng ngarep kelas ngana kae “kuwi sumbere ing pelajaran kelas siji biyen, ya kuwi dalil babagan garis loro sing sejajar banjur dipedhot dening garis lurus liya sing tumuli nuwuhake sudhut-sudhut sing gedhene padha. Rak isih padha apal karo wulangan bab iki ta?”.

 

“Iya aku isih kelingan Min, tulung tutugna piye bacute?” Hartini sing duwe pitakonan aweh wangsulan dhisik dhewe.

 

“Iya, Min tutugna ben aku mudheng” Soni sing bocahe lemu lan kerep ngantukan kuwi melu udhu rembug.

 

“Mengko dhisik Min” genti Sugik sing guneman “aku wis akeh sing lali karo pelajaran kelas siji biyen, tulung balenana saka wiwitan ben aku njawa”.

 

“Iya Min, aku ya kaya sing dikandhakne Soni kuwi” Warsidi melu omong .

 

“Iya, iya sing sabar kanca” wangsulane Sudimin karo mesem, banjur disambung nyethakne cara kanggo nggarap soal sing ditakokne Hartini kuwi mau saka dhasar-dhasare, karo dibarengi nulis lan nggambar ing papan tulis cilik sing digawa mau.

 

Beda karo nek lagi nampa wulangan saka Gurune, bareng sing aweh katrangan kuwi Sudimin, kancane sing padha kelas lorone. Rumangsane bocah-bocah kuwi katrangane Sudimin luwih gampang ditampa, lan bocah-bocah dadi mudheng karepe. Lan nalika Sudimin nyoba nggawe soal liya sing jinise padha karo soal kuwi, bocah-bocah kanthi gampang bisa ngrampungake kanthi bener. Bener apa sing lagi wae didhawuhne Pak Suwaji mau yen putihe beras sing disosoh neng lumpang kae ora mung merga ditutu karo alu wae, nanging uga merga berase akeh kancane.

 

“Hebat kowe Min, upama dadi guru ngono kowe luwih pinter tinimbang Bu Srisupingah, wong aku nek diterangne Bu Sri Supingah ngana kae, blas ora bisa nampa kok” Sugik sing tunggal sakelas jaman neng SD Pasopati biyen ngandhakne pangalembanane marang Sudimin.

 

“Kuwi merga kowe nek diwulang Bu Sri pikiranmu tekan ngendi-endi lan kowe luwih dhisik minder, nek aku sing nerangne upama kurang cetha kowe wani ngongkon mbaleni murih cethane” wangsulane Sudimin karo mesem.

 

“Iya nanging iki wis jam telu kurang seprapat” dumadakan Warsiyati guneman ngandhakne wektune wis entek kanggo sinau Ilmu Ukur “lha Bahasa Inggrise iki piye? Nek mung seprapat jam cetha nek kurang wektune”.

 

“Dina iki Bahasa Inggrise prei dhisik wae” Ninuk sing wiwit mau ngenteni rampunge sinau usul “suk emben wae, wektu kanggo Ilmu Ukur ditepati tenan ben ora kesuwen ngene iki”.

 

“Nek kudu gumantung marang wektu panggah kurang Nuk” Nita aweh panemu “merga pancen kanggo nggarap Ilmu Ukur kuwi mbutuhne wektu sing suwe, luwih-luwih nek ndadak nyethakne kaya iki mau”.

 

“Lha mathuke piye?” Hartini banjur nakoni kanca-kancane kabeh.

 

“Wektune ditambah!” Marsana sing genti usul “wiwite Jam Siji, rampunge jam papat”.

 

“Kesuwen” Ninuk sing wangsulan.

 

“Ngene wae” Sudimin genti sing guneman “aku sarujuk karo Marsana, wektune ditambahi. Nanging ya aja nganti kesuwen, mau Bapak paring dhawuh nek wektune prelu ditambah ya ditambah, upamane wiwite jam setengah loro banjur rampunge jam papat, tak kira kuwi wis luwih saka cukup. Piye?”

 

 

 

Ana candhake

 

PBH = Pemberantasan Buta Huruf.

 

 

 

1 komentar:

  1. matur sembah nuwun Jamur Damen 17 ipun, kawula tansyah nengga sak lajengipun , suwun

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...