Total Tayangan Halaman

Kamis, 15 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (16)


 

16.

Jebul sing kepengin melu sinau kelompok ora mung mandheg tekan kanca sakelase Sudimin, utawa kelas loro A wae, bocah kelas liya sing omahe ora adoh karo sekolahan, siji loro ana sing nembung marang Hartini nek kepengin melu. Hartini ya ngolehi wae.

 

“Malah apik nek kancane sansaya akeh” wangsulane Hartini, nalika Sugi sing omahe kulon Pasar kuwi nembung nek arep melu sinau bareng kuwi “lha nek liyane awakmu ana sing arep melu ya oleh kok Gik”.

 

“Iya matur nuwun lho Har” wangsulane Sugi dibacutne karo takon nggenahne “wiwite suk Senin jam setengah loro ta?. Aku pengin banget bisa sinau Bahasa Inggris marang kanca-kanca, ben ora dadi sasaran garisan plastike Pak Wardiyanto sing kerenge kaya ngana kae”

 

“Iya, Senin jam setengah loro tekan jam telu” Hartini nyaut “padha, aku ya miris dhisik kok nek Pak Wardi kae mlebu kelas, wong teka-teka terus takon, sing ora bisa mangsuli kanthi bener banjur dihadhiahi nek gak disabet nganggo garisan ya banjur dijiwit lengene, bocah kelas loro A ki meh kabeh padha sambat merga meh kabeh rata oleh hadhiah, adate mung Sudimin kae sing slamet, wong bocahe ajeg nek bisa wangsulan kanthi bener”.

 

“Iya Sudimin kae pancen wiwit jaman neng SD ya wis kondhang nek pinter kok” Sugi nanggapi “pinter nanging ora ngawaki. Oh iya, manggone neng omahe Warsini wetan bengkel sepedha kono kuwi ta?”.

 

“Ora sida neng omahe Warsini Gik” Hartini wangsulan “ngalih neng nggone Sudimin, jarene Bapak sing didhereki Sudimin mrayogakne supaya manggon neng kana, neng emperan mburi sing jembar lan wis ana bangku-bangkune pisan”.

 

“Iya malah kebeneran nek ngono” Sugik semaur karo sajak seneng “sing didhereki Sudimin kae rak ya Guruku, Pak Suwaji Kepala Sekolah sing sabar lan kerep paring pitutur marang bocah-bocah yen sangune urip sing paling baku kuwi mung kapinteran. Aku tambah seneng neng olehe sinau bareng neng daleme Pak Suwaji”.

 

Sing rumangsa luwih seneng nek olehe sinau bareng kuwi neng daleme Pak Suwaji, ora mung Sugi dhewe. Hartini sing tenane duwe rasa tresna marang Sudimin luwih seneng maneh. Bocah-bocah liyane semono uga, luwih-luwih bocah-bocah wadon sing padha kepencut marang Sudimin.

 

Sing ndadekne Hartini rada trataban kuwi nalika Warsiyati kandha nek Ninuk, sing wingi lagi dirasani karo Masirah, uga nembung arep melu sinau bareng lan Warsiyati uga wis ngolehi. Maune Hartini karo Ninuk kuwi ya kekancan lumrah wae, malah kepara rada akrap merga Pak Dalal sing sawahe amba lan sapirang-pirang kuwi dadi kancane Pak Adi, bapake Hartini, sing Bakul Gabah. Saben panen gabahe Pak Dalal ajeg dituku Pak Adi sing banjur dikirim menyang Jombang. Nanging bareng dhek wingi Hartini krungu saka Masirah sing dicritani Karti jarene Ninuk kuwi neng ngendi-endi kerep kandha nek wis dijodhokne karo Sudimin, neng atine Hartini tuwuh rasa ora seneng marang Ninuk sing isih anake kancane wong tuwane kuwi.

 

Tenane ngono, maune Ninuk, putrane Pak Dalal sing sawahe gandheng galeng karo sawahe Pak Suwaji, kuwi ya babar pisan ora kepencut kepengin melu sinau kelompok sing digagas dening Hartini nerusne dhawuh rerigene Bu Sri Supingah, Guru Ilmu Ukur kuwi. Ya jalaran kajaba Ninuk ora tunggal sakelas karo bocah-bocah sing ngenekne sinau kelompok kuwi, Ninuk ya duwe panemu nek sinau kelompok kuwi mung nambahi kesele awak lan pikirane wae. Nambahi kesel merga mulih saka sekolah kuwi tenaga lan pikirane wis entek diperes neng jero kelas, wayahe mulih sekolah kuwi kudune dienggo leren neng omah, utawa dienggo ngedhemne piker kanthi dolan utawa dolanan. Pawadan liyane sing ndadekne Ninuk blas ora kepencut melu sinau kelompok kuwi, merga Ninuk duwe pangira sing kuwat, Pak Suwaji utawa Bu Suwaji mesthi ora ngeparengake Sudimin melu-melu sinau bareng ing wayah awan ngono kuwi. Jam-jam semono kuwi jam kanggo Sudimin nandangi gaweyan omah, gaweyane wong sing ngabdi utawa ndherek. Kamangka senenge Ninuk kuwi nek olehe sinau bisa cedhak karo Sudimin, jeneh nalika dheweke mlebu SMP biyen lan kebageyan mlebu ing Kelas C merga olehe ndhaftarne wis rada kasep, sawise ora ketampa neng SMP Negeri Ngawi, susahe ora karuwan. Ora bisa sakelas karo Sudimin sing oleh bagean mlebu ing Kelas A. Mula bareng krungu nek Sudimin melu, lan malah manggone sinau kelompok kuwi neng daleme Pak Suwaji pisan, Ninuk gage-gage wae olehe nemoni Warsiyati nembung supaya dililani melu sinau bareng.

 

“Iya, mengko tak kandhakne Ketua Kelase nek kowe arep melu nggabung neng sinau kelompok iki” wangsulane Warsiyati sawuse Ninuk taren nek arep melu.

 

“Lha Ketuane apa dudu kowe ta War?” Ninuk takon “lha mengko kira-kira dening Ketua Kelasmu aku dililani melu apa ora ya?”.

 

“Aku iki mung Sekretaris Nuk” wangsulane Warsiyati “Ketuane Sri Suhartini, bocah Bangunreja kae lho? Wis ngerti ta? Mesthine wonge ya malah seneng nek kowe arep melu nggabung wong kancane tambah”.

 

“Oalah mBak Tien sing dhuwur manis kae ta?” Ninuk semaur karo ngguyu “ya aku wis apal banget, wong Pak Adi, Bapake mBak Tien kae ki kancane Bapakku, saben wayah panen adole gabah Bapak mesthi menyang Pak Adi, Bapake mBak Tien kuwi”.

 

“Lha kowe omong dhewe marang wonge apa piye?” Warsiyati genti nari.

 

“Ora! omong nyang kowe wae rak ya wis cukup ta?!” wangsulane Ninuk “jane maune aku iki ra kora pati mikir nek arep melu ta War?”

 

“Lha kok banjur melu?” Warsiyati njengkerutne bathuke.

 

“Dening Bapakku aku didhawuhi melu” wangsulane Ninuk “Bapakku kuwi rak akrab banget karo Pak Suwaji? Gek Bapakku kuwi rak ya sayang nek karo Sudimin kae?. Bapakku mireng nek Sudimin kepengin melu sinau kelompok iki, nanging ketoke karo Bu Suwaji ora diparengne, kowe ngerti ta nek Sudimin melu sinau kelompok wayah awan ngono kuwi? Gaweyane minangka bocah sing ndherek rak dadi kowar kabeh?. Mula Bapakku banjur matur Pak Suwaji supaya Sudimin diparengne melu sinau kelompok iki. Lha ature Bapakku jebul didhahar dening Pak Suwaji malah banjur ngersakne supaya panggonane sinau neng emper mburi daleme. Mula bareng ature bapakku disetujoni Pak Suwaji, aku banjur didhawuhi Bapakku supaya melu iki, ngendikane Bapakku idhep-idhep aweh semangat marang Sudimin sing uripe mesakne, saiki prasasat wis lola, ora ketunggon wong tuwane sing melu transmigrasi nyang Sumatera”.

 

“Dadi olehmu arep melu sinau kelompok iki mung merga arep aweh semangat marang Sudimin?” Warsiyati sing sethithik akeh ya ngerti sapa Pak Dalal lan kepiye watak wantune anake wedok sing jeneng Ninuk iki, takon semune njajagi atine sing ditakoni.

 

“Maune ya ngono, nanging saiki beda” wangsulane Ninuk karo mesem.

 

“Beda piye?”

“Aku iki sak jane nek sinau banjur neng sandhingku ana wong liya, kuwi saka rumangsaku angel bisane mlebu neng utek” Ninuk nggenahne pawadane “nanging kuwi rak nek sinau meneng-menengan?, nek sinau kelompok ngene iki rak ora meneng-menengan ta? Dadi bisa kanggo tukar kaweruh, mula aku sing maune blas ora kepencut melu iki malih dadi kepengin melu, kareben mengko bijiku sansaya mundhak apik, kajaba saka kuwi srawungku karo kanca-kanca jaman sekolah neng SD Candhabirawa biyen, sing meh kabeh klebu kowe barang kuwi, mlebune neng SMP oleh bagean kelas A bali raket kaya jaman semana, sanajan bageanku  manggon neng kelas C”.

 

“Gajege Cah Candhabirawa sing saiki manggon neng Kelas loro C liyane kowe rak ya ana ta Nuk?” senajan satemene atine Warsiyati wiwit ora seneng krungu omongane Ninuk sing miturut Warsiyati akeh ngayawarane kuwi, nanging Warsiyati api-api ora krasa, malah banjur nimbangi critane Ninuk karo pitakonan.

 

“Sapa? Kelas Loro C ki sing saka Candhabirawa ya mung aku, eh karo Marsana, karo Yuyun, ya mung kuwi. Nek Heri kae rak saka SD Trisula?”.

 

“Iya, ya wis nek ngono aku mengko tak ndang ngomong marang Hartini, gek jenengmu ndang bisa tak cathet tak lebokne neng Buku Absen Sinau Kelompok iki” Warsiyati wekasan mungkasi rembuge.

 

Saungkure Ninuk, Warsiyati ngguyu dhewe. Ngguyu tekune Ninuk sing wasis micara sanadyan tenane akeh ngayawarane. Lan sing diguyu bakal didadekne bakalan crita karo Hartini sing arep diomongi nek Ninuk kepengin nggabung melu sinau kelompok rintisane.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...