15.
Pak
Suwaji banget nyengkuyung apa sing ditarenke dening Sudimin, kanthi renaming penggalih
Sudimin diparingi palilah melu belajar kelompok. Ora mung kuwi wae, nanging yen
bocah-bocah kanca sakelase Sudimin mbutuhne panggonan kanggo sinau
bareng-bareng ngono kuwi, Sudimin dikeparengake ngajak kanca-kancane sinau ing emperan
mburi omah, papane jembar tur ya banar, wis ana bangku-bangku cilik sing bisa lan
kepenak dienggo sinau, diskusi lan sapiturute.
“Bapak
malah seneng Min, nek kowe sregep sinau kaya sing mbok aturne kuwi mau” dhawuh wangsulane
Pak Suwaji nalika Sudimin matur taren nek kanca-kanca sakelase ngajak ngenekne
sinau bebarengan “lha nek mbutuhne panggonan sing rada jembar, emper mburi kae
bisa mbok resiki banjur bangku-bangkune kae ditata, kae penak banget nek
dienggo sinau bareng modhel belajar kelompok ngono kuwi”.
“Inggih
Bapak, matur nuwun sanget” Sudimin atur wangsulan “rancanganipun kanca-kanca
manggenipun mangke saged gentosan ing griyanipun lare-lare, nanging kula kinten
menawi manggenipun gumathok wonten dalem mriki kok langung prayogi, awit ing
mriki rak sampun jangkep prabotipun lan
boten rame”.
“Mula
saka kuwi, kowe bisa kandha marang kanca-kancamu perkara panggonan sing didhawuhne
Bapak mau” Pak Suwaji ngendika maneh “manggon neng kene kuwi sarate mung siji,
olehe sinau kudu sing tenanan lan ora oleh kakehan guyon lan dolanan”.
“Inggih
Bapak”
“Merga
Bapak pirsa nek bocah saumuranmu kuwi wis wayahe umur sing nek cara jawane
diarani Brai Kethek, wiwit ana rasa seneng antarane bocah lanang marang bocah
wadon lan suwalike. Ngono kuwi wis lumrah, wong pancen wis dadi kodrat jagad,
nanging ya kudu ngati-ati lan aja nganti kebacut-bacut, bisa mbebayani” Pak
Suwaji nutugne paring pitutur “lha kowe wis duwe sir-siran apa durung?”
Sudimin
ora wangsulan malah ndhingkluk, praupane mbrabak abang, semu isin.
“Ora
apa-apa, Bapak biyen jaman saumuranmu ya ngono kuwi” Pak Suwaji nutugne olehe
ngendika karo mesem.
“Kula
boten wantun Bapak” wangsulane Sudimin apa anane “menawi raos remen dhateng
lare estri ngoten sakedhik-sakedhik ugi sampun wonten, nanging lajeng kula slemur
murih boten kelajeng-lajeng, awit kula ngertos menawi menika dereng wancinipun,
menawi kula langgati saged ugi ngrusuhi anggen kula sinau”.
“Ya
wis, yen ngono kowe ya klebu bocah sing normal” Pak Suwaji ngendika maneh “sing
mbok cakne kuwi wis bener, merga ora mokal nek satemene uga ana utawa kepara
akeh bocah wadon kancamu sakelas sing saben dina srawung lan kepethuk kowe,
sing kasengsem lan kepencut, kepengin cedhak karo kowe”.
“Ingkang
menika kula boten ngertos, Bapak”
“Ya
wis, ora apa-apa” pak Suwaji paring wangsulan “sing baku, Bapak lan Ibumu nyengkuyung
nggonmu arep melu belajar kelompok kuwi lan Bapak uga marengake emper mburi kae
dienggo panggonan sinau bebarengan kuwi”.
Dina
candhake, pas wayah bocah sekolah ngaso, Sudimin ngandhakne marang Warsidi, kabeh
apa sing didhawuhne Pak Suwaji marang dheweke babagan belajar kelompok sing
arep dicakne kanca sakelase. Warsidi seneng banget. Ora sranta banjur nggoleki
Hartini, Ketua Kelase lan ngandhakne kabar saka Sudimin kuwi.
“Wis
beres Har” kandhane Warsidi marang Hartini sing wektu kuwi lagi bareng bocah-bocah
liyane antri jajan kolak neng kantine
mBak Yah.
“Apane
sing beres?” Sri Suhartini durung mudheng karo sing dikandhakne Warsidi, banjur
ngalih saka panggonane antri rada ngadoh, Warsidi ngetutne.
“Sudimin”
wangsulane Warsidi cekak, sawuse Hartini mandheg lan ngadeg rada adoh karo
kanca-kancane.
“Sudimin
ngapa?” Hartini njengkerutne bathuke.
“Sudimin
wis taren marang Bapak Ibu sing didhereki lan uga wis dikeparengake melu
belajar kelompok sing mbok rancang wingenane kae” Warsidi nyethakne apa sing
dikarepne.
“Ya
sokur alhamdulillah” Hartini wangsulan sajak seneng “mau aku kober kuwatir,
samar nek Sudimin ora dililani dening Bapak Ibu sing didhereki kuwi, sida ora
klakon ngenekne belajar kelompok tenan, wong akeh sing padha arep ora melu nek
nganti Sudimin ora melu, jarene bocah-bocah ora ana magnet sing bisa dadi daya
tarike. Lha nek ngono, aran wis beres tenan kabeh mesthi padha seneng”.
“Ora
mung kuwi wae” Warsidi kandha maneh karo mesem.
“Apa
maneh?” Hartini takon.
“Bapak
sing didhereki Sudimin uga kagungan panggonan sinau bebarengan sing jembar
komplit sak bangku-bangkune pisan, jarene Sudimin nek bocah-bocah gelem olehe
belajar kelompok dikongkon manggon neng kono pisan”
“Lha
kuwi sansaya kebeneran tenan” Hartini wangsulan, sing dibacutne karo kaya
grenengan ijen “tiwas aku mau dheg-dheg sar, tak kira nek…….”.
“Mbok
kira apa Har?” Warsidi takon karo mesem ngemu teges.
“Ora
kok!” Hartini rada mbrabak, semu isin.
Warsidi
ngguyu.
“Ya
gene kowe ngguyu War?” Hartini menthelengi Warsidi.
“Ora
kok!” Warsidi wangsulan karo ngguyu, banjur ngalih ninggalne Hartini.
Hartini
ya banjur mbalik awor kanca-kancane sing isih padha ngadeg antri didoli kolak Rewange mBak Yah. Sawise nampani kolake,
Hartini ya banjur nusul linggih kanca-kancane ing dhingklik dawa.
“Warsidi
mau omong apa mBak?” lagi wae arep nyendhok kolake, Hartini wis ditakoni Masirah
sing wis luwih dhisik lungguh neng dhingklik kuwi.
“Anu”
Hartini wangsulan karo mesem “Warsidi mau ngandhani nek Sudimin bisa melu
belajar kelompok, Dhik Masirah ora prelu cemburu marang aku”.
“Sapa
sing cemburu? Wong dudu apa-apane kok cemburu?” Masirah njedhirne lambene “ya
sokur nek Sudimin bisa melu, dadi bocah-bocah sing mau wis kendho semangate,
mesthi banjur bali semangat maneh”.
“Nek
Dhik Masirah rak ora melu kendho semangate ta ?” Hartini mbeda Masirah maneh “Wong
Warsidi wiwit pisanan kae ya ora tau nglokro, malah semangat banget, merga Dhik
Masirah ya semangat” .
“Kowe
kuwi lho mBak kok seneng temen nggandheng-nggandhengne aku karo Warsidi ta?”
Masirah suwarne munggah “aku karo wong kae ki ora ana hubungan apa-apa, wong
kok seneng men macok-macokne kancane, marahi dadi gossip wae”.
“Nanging
jane kowe rak ya seneng ta nek tak pacokne karo Warsidi?” Hartini ngguyu
nyekikik.
“Ya
wis, sakarepmu lah” Masirah wangsulan nanging banjur males “janji ora dipacokne
karo Sudimin wae aku ora apa-apa kok”.
“Lho
nek dipacokne karo Sudimin ngapa Dhik?” nadyan karo rada nesu Hartini takon.
“Aku
wedi nek kelangan kanca sing kerep njajakne aku” wangsulane Masirah karo mesem,
pancingane wis mlebu, Hartini ketok rada nesu.
“Kok
bisa ngono?”
“Iya
nek aku dipacokne karo Sudimin, gek ndelalah Sudimin ya gelem karo aku, mesthi
enek kancaku sing banjur nyatru aku, malah bisa-bisa banjur frustasi selawase
uripe. Aku rak rugi dhewe ta?” Masirah saya manas-manasi .
“Kanca
sing endi kuwi?”
“Sing
saiki lagi omong-omongan karo aku banjur sedhela maneh arep mbayari kolakku”
wangsulane Masirah karo terus nyendhoki kolake dipangan lan diombe.
“Kowe
kuwi karo Warsidi ya padha wae Dhik” Hartini semaur, mripate seminar padhang
nandhakne nek atine lagi seneng sanadyan api-api nesu, nanging tenane atine
rumangsa seneng nek enek wong sing macokne dheweke karo Sudimin “seneng macokne
aku karo Sudimin sing antarane aku karo dheweke ya ora tau omongan bab sing
sipate pribadi”.
“Nanging
aku ya ngerti kok, nek mBak Hartini ki jane seneng karo Cah pinter dhewe kae”
wangsulane Masirah sawise kolake diulu “welingku ya sing ngati-ati mBak,
saingane akeh tur abot-abot”.
“Walaaah……
aku ora nggagas bab kuwi” wangsulane Hartini sing uga banjur ngrahabi kolak sing
ana mangkoke .
“Tenane
lho mBak?” Masirah mesem ngece “nek kowe mengko ora enggal dhas-dhes, bisa
kedhisikan Nita, Duwi, Narti, Lastri lan sing paling mbebayani kuwi Cah kelas C
, kae lho sing omahe jarene wetan pasar, tumpakane Pit Jengki ijo sing ana
spione…… “
“Oalaah,
Ninuk ta?”
“Embuh
aku rung ngerti jenenge kok, kae neh sing rambute diklabang loro kerep nganggo
pita merah putih”
“Iya
Ninuk, Ninuk pancen bocahe ayu ya rada kemayu pisan, Bapake Ninuk kuwi kancane
Bapakku. Geneya karo Ninuk?” Hartini takon sajak tenanan.
“Sing
crita mBak Karti putrane mBah Kuwat kulon kono kuwi, jarene neng ngendi-endi bocah
sing tumpakane Pit jengki ijo kuwi pacare Sudimin, malah jarene antarane wong
tuwane Sudimin karo wong tuwane bocah kuwi wis sepakat njodhokne bocah loro
kuwi”.
Hartini
ora wangsulan, malah banjur meneng rapet. Ora guneman apa-apa, kolak sing isih
ana mangkoke ora sida dipangan. Malah banjur ngadeg, marani bakule, mbayari
kolak sing ora dientekne kuwi karo kolak sing dipangan Masirah. Hartini ora
ngerti bener lan orane crita sing digawa Masirah kuwi, kaya olehe ora ngerti
nek satemene ana kuping loro sing melu nyemak lan ngrungokne apa sing dadi
rembug antarane Hartini lan Masirah. Kupinge sapa?.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar