14.
Wektu
kuwi Warsidi ya banjur rada bisa nyandhak karo apa sing dikandhakne Sudimin.
Sasuwene iki Warsidi ora ngerti nek Sudimin kuwi mung bocah sing ndherek utawa
ngenger marang wong liya, merga pancen omahe Warsidi kuwi seje desa karo
Sudimin, lan tepunge karo Sudimin ya sawise mlebu neng SMP kono. Warsidi dhewe
anake wong sing cukup neng Desa Begal poncot kidul saka Kecamatan Kedunggalar.
Sing dingerteni Warsidi sasuwene iki, Sudimin kuwi bocah sing alus pambegane
lan pinter dhewe neng kelase, ewa samono ora sombong. Ora mung Warsidi sing
seneng cedhak karo Sudimin, nanging meh bocah sakelas padha seneng yen
cecaketan karo bocah sing jebule mung bocah ndherek kuwi.
“Saiki
genti omong liyane Min” kandhane Warsidi sawuse meneng sedhela.
“Iya
arep omong apa?” Sudimin genti takon.
“Iki
bocah-bocah arep ngecakne apa sing kerep didhawuhne Bu Srisupingah, Guru Ilmu
Ukur kae” Warsidi aweh kabar “wis padha rembugan pas karo jajan neng kantine
mBak Yah, dhek wingi pas ngaso. Aku barang ya melu, nanging kowe ora eneng……”.
“Pancen
selawase sekolah kene iki, aku durung tau jajan neng kantine mBak Yah kok, ya
lumrah wae nek aku ora eneng” wangsulane Sudimin sing banjur nutugne pitakone “lha
sing dirembug bab sing endi? Merga sing didhawuhne Bu Srisupingah murih
bocah-bocah luwih bisa gampang nggone sinau Ilmu Ukur ya akeh, ora mung siji
thok”.
“Sing
kae lho, supaya awake dhewe lan bocah-bocah padha ngenekne sinau bareng, ing
sajabane wektu sekolah” Warsidi aweh wangsulan “bocah-bocah ya wis mathuk kabeh.
Wiwit suk Senin arep diwiwiti, wektune sawise mulih saka sekolahan, sing omahe
cedhak-cedhak kene bisa bali dhisik, mangan utawa salin klambi dhisik, lha sing
omahe adoh kaya aku lan kanca liyane, bisa mangan lan leren neng warung utawa
kantin dhisik”.
“Kuwi
jane ngono ya apik banget War” wangsulane Sudimin “nanging aku durung karuwan
nek bisa melu, luwih-luwih nek saben dina. Ora kok merga aku emoh, nanging ya
merga saka kahananku sing beda karo kanca-kanca sing wis merdeka lan duwe wektu
sing turah-turah”.
“Lha
nek kowe gak bisa melu, banjur kepiye no Min?” Warsidi katon nglendheh suwarane
“wong bocah-bocah kae wis padha sepakat, ing meh kabeh mata pelajaran kuwi sing
paling pinter ya kowe lan mengkone sing dadi paran pitakonane bocah-bocah nek
rumangsa kangelan olehe mikir, ya mung kowe”.
“Jane
ya ora kudu mengkono” wangsulane Sudimin sareh “aku karo kanca-kanca kuwi jane
ya padha wae, mung sok-sok aku luwih cepet bisa nampa kersane Guru sing
nerangne ngana kae. Lha nek mung bab pitakonan, saupama aku ora ana rak ya bisa
wae banjur padha dicathet, mengko nek wayah mlebu sekolah ngana kae disuwunke
pirsa marang Guru sing kawogan. Upama kuwi pelajaran Al Jabar ya bisa wae disuwunke
pirsa Pak Murdani, Ilmu Ukur marang Bu Srisupingah, Ilmu Hayat marang Pak
Dalijan lan sateruse. Kanthi cara mangkono kuwi mau, mesthi Guru-gurune dhewe
malah dadi luwih rena ing penggalihe, tur maneh olehe maringi katrangan mesthi
luwih komplit lan luwih cetha”.
“Embuh
Min” warsidi wangsulan semu anyel, nanging panggah karo mesem “nek omong karo
kowe, kapan ta aku bisa menang?”
“Ya
wis ngene wae” Sudimin wangsulan karo ngguyu “janji ora saben dina, utawa
seminggu pisan apa pindho, aku tak nyoba taren matur marang Bapak lan Ibu. Adat
sing uwis, nek kanggo urusan sekolahan ngene iki, Bapak karo Ibu ya malah
nyengkuyung, nanging aku rak ya kudu matur dhisik ta? Ya ngene iki lho War,
abote dadi abdi sing ndherek, apa-apa kudu sarwa taren, ben gak nampa duka”.
“Nah,
nek ngono kuwi aku bisa nampa kanthi seneng Min” Warsidi katon seneng atine “Yati,
Warsiyati, Hartini, Masirah karo bocah-bocah wadon liyane kae mesthi semangat
banget nek kowe gelem melu neng sinau bareng utawa belajar kelompok iki”.
“Kok
kowe nyebut jeneng-jenenge bocah-bocah wedok thok ta War?” Sudimin takon karo
ngincangne alise “apa sing duwe karep ngecakne pituture Bu Sri Supingah kuwi
mung bocah-bocah wedok kae thok?”.
“Ora
kok ngono, bocah-bocah lanang klebu aku, ya kepengin ngecakne kuwi” Warsidi
wangsulan sareh “nanging nek Cewek-cewek kae ki beda”.
“Bedane
neng nggik endi?”
“Bedane,
asline ngono meh kabeh cewek sakelas kae rak padha olehe kepengin cedhak lan
dadi kanca sing istimewa karo kowe? Nanging jarene kowe kuwi pancen angker,
arang sing wani kandha terus terang marang awakmu, mula kanthi anane belajar
kelompok iki mengko rak keneng dienggo pawadan bisa ngraketne srawungmu karo
bocah-bocah wedok kae. Lan mengko mesthi rada rame, merga kabeh kepengin dadi pacarmu,
mesthi banjur padha saingan, nanging kowe aja kuwatir, aku percaya olehe saingan
mesthi nganggo cara sing sehat”.
“Lha
nek iki cetha nek kowe kuwi wis banget nggonmu ngawur War” Sudimin wangsulan
karo mesem.
“Ngawur
piye ta Min?” Warsidi ngeyel “sing tak omongne iki berdasarkan fakta,
bocah-bocah kae kuwi tenan kasarane ngono padha gandrung karo kowe, ya ora
maido wong kajaba kowe kuwi duwe rupa bagus, pakulitan resik, ora sombong
kathik pinter pisan, dadi ya wis pas”.
“Aja
ngawur tenan kowe War” Sudimin wangsulan “aku iki isih cilik, tatune sunat wae
kasarane durung garing, kok arep mikir sing neka-neka? Karo maneh, upamaa patut
mikirne ngono-ngono kuwi, aku ya ora arep wani mikir karo bocah-bocah wedok
kanca sakelase dhewe kae, merga apa? Aku iki mung drajate bocah ndherek sing
kastane sangisormu lan sangisore kanca-kanca liyane”.
“Cinta
kuwi Buta Min” Warsidi ngguyu “ora mbedak-mbedakne drajat. Wis ta, percayaa
karo aku”.
“Wegah”
Sudimin wangsulan sengak “aku iki ya weruh War, kanca-kancane dhewe kae jane ya
padha pacaran, Warsiyati kae pacarana karo Anwar, Lastri pacaran karo Jaka
bocah SMPP sing biyen saka SMP Walikukun, Yong Kim kae sir-siran karo Cicie
anake Koh Sing, terus Edi kae nguber-uber Yati, dadi wis entek kabeh wis duwe
pacar dhewe-dhewe, kari kowe sing kabare pacarana karo Masirah sing omahe Wonokerto
kae”.
Olehe
padha rembugan antarane Sudimin karo Warsidi mandheg, merga saka Kantor mBak Kani
aba marang salah sijine bocah sing ana cedhak gantungan wesi sinai sepur supaya
wesi sinei kuwi dithuthuk kaping telu, minangka tandha yen wancine ngaso wis
entek, bocah-bocah kudu bali mlebu menyang kelase dhewe-dhewe. nutugne nampa pelajaran.
nDelalah
ing kelase Sudimin ngepasi Pelajaran Pendidikan Agama Islam, sing ngasta Pak
Wahidin sing wektu kuwi durung rawuh, isih konferensi neng Depag Ngawi. mBak
Rokhani TU Kantor mlebu kelas, ngandhani supaya bocah-bocah ngenteni sauntara.
“Nggih
mBak” Hartini sing dadi Ketua Kelas aweh wangsulan marang mBak Rokhani “nek
ngoten kalih ngrantos rawuhe Pak Wahidin, kula tak ngumumne keputusan rapat
kelas dhateng kanca-kanca”.
“Iya
nanging aja rame ya? Ben gak ngganggu kelas liyane!” mBak Rokhani aweh
wangsulan.
Tanpa
nyauri kandhane mBak Rokhani, Hartini maju neng ngarep banjur madhep marang
kanca-kancane.
“Kanca-kanca
kabeh” Hartini miwiti guneman “wiwit suk Senin ngarep kelase dhewe ngenekne Belajar
Kelompok, wektune Jam setengah loro nganti jam telu awan, manggone neng omahe
Warsini lan bisa pindhah-pindhah, seminggu njupuk dina Senin, Rebo karo Jumuah.
Sing disinau mung pelajaran Ilmu Pasti karo Bahasa Inggris thok, cethane
Aljabar, Ilmu Ukur, Ilmu Alam, Ilmu Hayat karo Bahasa Inggris. Tak jaluk kabeh
aja ana sing ora melu kanthi pawadan sing digawe-gawe, merga iki kabutuhane
awake dhewe. Piye kanca-kanca?”
“Setujuuuuuuu”
bocah sekolah semaur bareng, kajaba mung Sudimin dhewe, sing banjur ngangkat
tangane.
“Piye
Min?” Hartini takon semu rada gumun, adate Sudimin kuwi seneng banget nyengkuyung
kegiatan sing sipate positip, nanging iki kok malah ngangkat tangan “apa kowe
duwe panemu liya?”.
“Ora”
wangsulane Sudimin alon nanging cetha “aku mau jane ya wis dikandhani Warsidi nek
arep ana sinau bareng utawa belajar kelompok iki. Aku ya nyengkuyung wong kuwi
cetha nek apik, nanging gandheng kahananku sing beda karo kahananmu lan
kanca-kanca liyane, aku kudu matur taren dhisik marang Bapak lan Ibu sing tak
dhereki, nek Bapak lan Ibu ngeparengake, aku ya bisa melu. Nanging nek ora
dikeparengake, ya kapeksa aku ora bisa melu”.
Kahanan
kelas dadi umyeg, bocah-bocah padha alok saur manuk pating cruwet ora karuwan,
sing wose nek Sudimin ora bisa melu belajar kelompok bocah liyane ya wegah
melu.
“Kanca-kanca
kabeh” wekasan Sudimin ngadeg njejeri Hartini sing bingung ngadhepi aloke
kanca-kancane “aja padha salah tampa, merga aku durung wani mutusne nek bisa
melu iki jalaran aku iki beda karo kowe kabeh, aku iki mung wong ndherek, dadi
aku kudu taren dhisik marang sing tak dhereki. Adat sing uwis, Bapak karo Ibu kae
nek aku matur kanggo kabecikan mesthi ngeparengake. Nanging aku durung wani
mesthekne, mula tak jaluk padha gelema melu ndonga marang Gusti Allah,
muga-muga nggonku taren marang Bapak lan Ibu mengko dikeparengake. Jelas?”.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar