Diman Bandhat sida budhal
transmigrasi. Sudimin ora melu. Sudimin milih keri ana Kedunggalar, merga kepengin
nutugne sekolahe dhisik. Dadi paling cepet ya telung tahun maneh Sudimin bisa nusul
wong tuwane menyang Sumatera, wong wektu kuwi Sudimin lagi kelas siji. Pak
Suwaji apa dene Bu Suwaji tansah mbombong atine Sudimin, supaya sansaya sregep
anggone sinau, merga arepa kaya apa sing jenenge pisah karo wong tuwa lan
sedulur-sedulure iya panggah krasa abot neng ati. Krasa susah lan sepi.
Sasuwene ndherek Pak Suwaji iki, ora ketang sepasar sepisan Sudimin mesthi
merlokne bali menyang omah, ora ketang mung sak nyukan bisa pethuk karo wong
tuwa lan adhi-adhine. Kajaba saka iku, dina-dina liyane kerep wae Sudimin
kepethuk adhi-adhine utawa wong tuwane ing papan liyane.
“Telung tahun kuwi ora
suwe kok Min” ngendikane Pak Suwaji ing sawijining dina “apa maneh nek
dina-dinamu mbok isi kanggo sinau lan nandangi gaweyan sing ana gunane, mesthi
ora bakal krasa. Kaya saiki iki, olehmu manggon neng omah kene rak ya wis meh
telung tahun ta? Nanging rasane rak kaya lagi wingenane wae. Iya apa ora?”.
“Inggih Bapak” atur wangsulane
Sudimin mbenerne pituture Pak Suwaji “kula piyambak inggih rumaos makaten.
Kajawi saking menika, boten ateges kula langkung remen pisah kalih Pak-e lan
mBok-e, nalika kula milih kendel boten tumut bidhal dhateng Sumatera menika,
nanging kula ngertos bilih kula taksih mbetahaken seserepan ingkang langkung
kathah kangge mecaki lampahing gesang ing dinten-dinten ngajeng. Malah saupami
saged makaten, sampun malih namung tigang tahun boten kepanggih Pak-e kalih
mBok-e menapa dene adhik-adhik, sanadyan tambah tigang tahun malih menapa
langkung kula inggih boten badhe kawratan”.
“Iya Min” Pak Suwaji paring
wangsulan “Bapak rumangsa seneng dene kowe satemene duwe gegayuhan bisa sekolah
sing dhuwur maneh, ora trima mung tekan SMP wae. Bapak pancen ora bisa nyaguhi paring
bebantu murih sawuse lulus SMP kowe bisa nutugne maneh neng sekolahan sadhuwure,
nanging minangka santrine Kyai Wahid kowe kudu percaya, yen Gusti Allah kuwi
Maha Loma, ora bakal kekurangan dalan kanggo ngabulne panyuwune kawulaNe. Mula
kajaba saiki kowe kudu luwih tenanan nggonmu sekolah, ya aja kendhat nggonmu
ndedonga lan nyuwun marang Gusti Allah murih apa sing dadi pepenginanmu bisa
kasembadan”.
“Inggih Bapak,
pangestunipun Bapak tansah kula suwun mugi-mugi kula saged nglampahi menapa
ingkang dados dhawuhipun Bapak menika” wangsulane Sudimin .
Olehe wangsulan mangkono
kuwi mau, jalaran Sudimin uga ngerti yen mbesuk dheweke kepengin nutugne sekolah
ing sekolahan sak dhuwure, kudu menyang kutha. Jalaran wektu kuwi ing
Kedunggalar sekolahan sing paling dhuwur tingkatane ya lagi tekan SMP, durung
ana Sekolah Lanjutan Atas. Lan kena diarani mokal yen Sudimin bisa sekolah
nyang SLTA mbuh kuwi SPG mbuh kuwi SMEA Utawa SMA, kanthi ndherek Pak Suwaji
kaya saiki iki. Nanging Sudimin uga tau krungu rerasane Pak Suwaji karo
Guru-guru liyane yen para Guru ing Kedunggalar kuwi kepengin banget bisa adeg
Sekolahan tingkat SLTA neng Kedunggalar, kanggo nulungi bocah-bocah sing kurang
wragad wekasan ora bisa nutugne sekolahe nyang kutha sing wragade ora sethithik
merga mbutuhne laku barang.
Dina-dina candhake,
Sudimin tansah mbudidaya bisa ngecakne apa sing dadi pituture Pak Suwaji. Sinaune
sansaya disengkut, ngibadahe uga ditambahi. Watara rong jam sadurunge manjing wektu
subuh mesthi wis tangi, banjur nindakne Sembahyang Wengi dibacutne ndedonga
nyuwun kawlasaning Gusti Allah. Sudimin nate dituturi dening mBah Kyai Wahid
sing ngabarake piwulange Kanjeng Nabi, yen mandine donga utawa panyuwunan
marang Gusti Allah kuwi ing wayah sakwuse wengi oleh rong protelon. Lan sawuse
Sudimin ngecakne pitutur kuwi, dheweke bisa mbuktekne yen ing wayah sabubare tengah
wengi mligine sawise nyedhaki wektu gagat rahina, kuwi kepenak banget yen
kanggo dzikir utawa nyenyuwun marang Allah, iya jalaran kahanan sepi tentrem
dadi olehe ndedonga bisa khusuk. Sudimin uga kerep nggedhekne prihatine, pasa
Senin Kemis ora tau gothang anggone nglakoni, isih diwuwuhi saben telung dina
nyedhaki Rembulan Purnama Sudimin uga
nglakoni pasa.
“Kowe sregep nindakne
pasa ngono kuwi apa kareben panyuwunmu dikabulne Gusti Allah ta Min?” Warsidi
kancane Sudimin tunggal sabangku neng sekolahane kober takon nalika ngerti nek
Sudimin sregep nindakne pasa Senin Kemis.
“Aku nglakoni pasa utawa
ngibadah liyane kuwi ora merga ben piya utawa ben piye War” wangsulane Sudimin aweh
katrangan marang Warsidi sing tenane mung nyambung pitutur sing tau ditampa
saka mBah Kyai Wahid “aku ngibadah kuwi merga aku kepengin dadi kawulane Gusti
Allah sing bisa nyaket marang Panjenengane”.
“Dadi ora ana sambung
rapete karo sing mbok suwun marang Gusti Allah?” Warsidi takon maneh, sajake
durung pati mudheng karo wangsulane Sudimin.
“Ya cetha nek ana ta War”
Sudimin aweh wangsulan “lha wong nyuwun utawa ndonga marang Gusti Allah kuwi
wae uga klebu ngibadah sing bisa nekakne Renaning Gusti Allah lho? Nanging
murih aku bisa dadi kawula sing ikhlas, nggonku manembah utawa ngibadah iki mung
merga nindakne dhawuhE, ya dhawuh sing kukume wajib, ya dhawuh sing kukume utama.
Lha perkara kabul utawa orane panyuwunku, kuwi gumantung marang Maha
WicaksanaNe. Sing cetha panyuwunku dikabulne utawa ora, kuwi kabeh mesthi
becike tumrap awakku”.
“Omong karo wong pinter
kaya kowe kuwi jebul marahi mumet Min” Warsidi rada maido marang ucape Sudimin
sing angel dipahami karo nalare.
“Mumet piye ta?” Sudimin
ngguyu “olehku wangsulan apa kurang cetha?”.
“Cethane cetha, mung
marahi bingung” wangsulane Warsidi semu anyel “contone ya omonganmu sing keri
dhewe mau, kowe nyuwun marang Gusti Allah, jaremu nek olehmu nyuwun kuwi kabul
kuwi becik tumrapmu, iki aku isih bisa nampa. Nanging bareng kowe ya kandha nek
olehmu ndonga ora kabul, jaremu uga becik tumrapmu. Lha nek ora kabul wae mbok
arani becik kanggomu, mbok ora sah ndonga pisan?”.
“O kuwi ta?” Sudimin wangsulan
karo ngguyu cilik “jan-jane ngono, mbuh nyuwun mbuh ora, mbuh ndonga mbuh ora, Gusti
Allah kuwi panggah maringi apa sing dibutuhne kawulaNe, kalebu aku lan kowe. Tekan
kene wis paham?”.
“Iya wis paham, lha nek
ngono ya gene awake dhewe kok ndadak ndonga barang?” Warsidi takon maneh.
“Kawula sing seneng
nyenyuwun marang Gusti Allah lan mbudidaya ora nyuwun marang saliyane Gusti
Allah, kuwi bakal diasihi Gusti Allah lan bisa ndadekne kawula bisa sansaya
caket karo Gusti Allah. Lan sing sapa wonge caket karo Gusti Allah atine bakal
tentrem, ora gampang mumet, ora gampang bingung ngadhepi kahanan sing kaya apa
wae. Beda karo wong sing ora tau caket karo Gusti Allah, anane mung sarwa
salah, nek pas diparingi bungah, diparingi rejeki sing akeh upamane, banjur
lali, ora matur nuwun marang sing maringi, malah rumangsane kuwi merga saka
olehe mbudidaya dhewe, mula banjur kumalungkung rumangsa dumeh nduwe. Kosok
baline, nek lagi diparingi susah, upamane lagi seret rejekine, banjur bingung, nyalahne
Gusti Allah, sok nyalahne alam barang, kamangka satemene dheweke kuwi lagi diasihi
Gusti Allah”.
“Diasihi ?” Warsidi nyela
wuwus.
“Iya diasihi” Sudimin
aweh wangsulan karo mesem “bingung?”
“Genah ta Min?” Warsidi
semaur sengak “wong rejekine seret kok diasihi?”.
“Aku biyen ya kowe kuwi
War, aku biyen kerep ngresula, jeneh kepengin sekolah nyang SD wae saupama ora
ndherek Bapak sing tak dhereki saiki iki, aku kangelan arep bisa sekolah. Kowe
mesthi ngerti kaya apa rekasane dadi wong sing ndherek utawa ngenger kaya aku
iki, ora duwe wewenang apa-apa blas, kabeh mung sendika dhawuhe sing dingengeri…….”
“Lha banjur neng ngendi
manggone sing jaremu lagi diasihi Gusti Allah kuwi mau?” Warsidi mburu
pitakonan.
“Lha tujune dening Bapak
sing tak dhereki, aku didhawuhi melu ngaji marang mBah Kyai. Lan ya saka mBah
Kyai mau aku diwulang supaya nggedhekne rasa sabar lan ngakehne rasa syukur
marang Pangeran, awit sing sengsarane ngluwihi rekasaning uripku, kuwi isih
luwih akeh maneh. Lan wekasane, aku bisa oleh dudutan ya merga aku dikeparengne
ndherek Bapak lan Ibu iki, wusanane aku bisa melu ngrasakne sekolah neng SMP
kene awor karo kowe barang kuwi. Upama biyen Pakku ora lara-laranen lan uripe
dadi kesrakat, mesthine aku ya ora ndherek Bapak lan Ibu, nanging wis meh bisa
dipesthekne, yen sawise lulus SD aku ya dianggep wis cukup lan wong tuwaku
mokal kuwat nyekolahne aku neng kene iki, lha wong ngge urip saben dina wae
isih akeh kurange, nganti saiki melu budhal transmigrasi menyang Sumatera kana”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar