37.
Neng
Kedunggalar Sudimin mung nginep sawengi, sorene wis pangkat budhal menyang
Yogya maneh. Angen-angene wis padhang, padhang sing diwiwiti saka sethithik
rasa kelangan, Hartini sing jaman semana diangen-angen bisaa dadi jodhone jebul
wis kedhisikan wong liya. Nanging, Sudimin ya ora ngluputne sapa-sapa, merga
saupama saiki Hartini durung duwe calon, dheweke uga durung wani yen dikongkon
nyaguhi wani urip bebarengan karo Hartini. Kuliahe durung rampung, durung bisa
golek pengasilan sing bisa digunakne kanggo wragad ngopeni kulawarga. Karo
maneh, Sudimin uga ngrasakne yen sansaya suwe sansaya akeh utang budine marang Kulawargane
Pak Suwaji lan uga Kulawargane Pak Pak Bahadir sing rasa tresnane kulawarga
loro kuwi bisa dirasakne dening Sudimin rumesep nganti tekan dhasaring ati. Minangka
kanggo nicil nyaur bebuden becik sing ditampa, Sudimin kepengin nuduhake marang
kulawarga loro kuwi, yen olehe wis padha iklas tanpa pamrih ngragadi urip lan
sekolahe ora muspra, Sudimin mbudidaya supaya bisa dadi wong sing pinter tenan,
mula rasa tresna marang wanita sing maune isih nisa ing atine, tumuli
disingkirake kanggo sauntara, mbesuk wae yen wis titiwancine digoleki maneh.
“Kok
namung sakedhap tilik dalem Ngawi ta Mas?” Wiwin Winarah sing saiki wis sekolah
neng SMA, nakoni Sudimin sing wis bali menyang Yogya maneh “tiwas kula waunipun
radi cuwa, boten saged ndherek mergi boten libur”.
Pak
Bahadir apa dene Bu Albertina kuwi paring wuruk marang putrane supaya yen
nggunakne basa jawa marang wong sing umure luwih tuwa kudu nganggo basa krama,
dadi marang Sudimin Wiwin ya migunakne basa krama yen nuju omong-omongan.
“Ya
amarga Dhik Wiwin ora ndherek kuwi sing marahi aku ora suwe neng Ngawi”
wangsulane Sudimin karo mesem “sak jane Bapak karo Ibu Ngawi ya ngendika nek
durung mari olehe kangen, nanging aku pilih ndang bali maneh menyang Yogya”.
“Lha
menawi Bapak kalih Ibu dereng mantun anggenipun kapang, pacare Mas, sinten
nika? mBak Ninuk napa mBak Hartini nika rak sansaya langkung dereng rumaos
mantun kangenipun No Mas?” Wiwin takon karo ngguyu “sak jane ingkang pundi ta
Mas pacare panjenengan niku? mBak Hartini ingkang lencir kuning, menapa mBak Ninuk
ingkang tregal-tregel kados Dewi Banuwati nika?”
“He
he he….” Sudimin ngguyu, karo batine ngalembana kuwate “daya ingat” sing
diduweni Wiwin, sanadyan olehe kepethuk karo Ninuk lan Hartini mung saklebatan
jaman liburan karo wong tuwane biyen, ewa semono isih apal karo Ninuk lan
Hartini sing wektu kuwi ndolani Sudimin ing daleme Pak Suwaji.
“Kok
malah gumujeng ta Mas?” Wiwin takon karo mbesengut lucu.
“Hartini
karo Ninuk kae ngono mung kanca lumrah karo aku ya Dhik?” wangsulane Sudimin
karo mesem “kaya dene Dhik Yudhi, Dhik Farel, Dhik Agus kanca-kancamu sing uga
kerep ndolani awakmu neng omah kene ngana kae”.
“Inggih
ta Mas? Tenane? Nek ngapusi bisa dosa lho?!”
“Tenan,
malah telung wulan maneh Ninuk kae ya arep dadi manten, nek Hartini jarene isih
pungkasane tahun iki” wangsulane Sudimin nyritakne kabar sing ditampa nalika
tilik neng Ngawi wingi kuwi, banjur genti mbeda adhine angkat karo pitakonan “lha
nek bocah-bocah lanang sing kerep apel mrene kae sing dipilih dadi pacare Dhik
Wiwin sing endi ?, Yudhi kae bagus lho Dhik, nek Agus Gedhe dhuwur, Dhik Farel
kae atletis, upama kon milih aku malah bingung dhewe”.
“Nek
kula boten bingung Mas” wangsulane Wiwin karo ngguyu “wong lare-lare nika boten
wonten ingkang kula pilih. Sedaya boten mlebet Nominasi”.
“Lho
kok ngono? Dadi isih ana maneh sing mlebu nominasi?”
“Pituture
Biyung nika, nek pados calon garwa niku kudu milih sing tresna lahir batin Mas?
Gek ingkang kula ngertosi niku tiang jaler ingkang tresnanipun lahir batin
dhateng kula niku namung kalih, ingkang setunggal inggih Bapa Bahadir lan
ingkang nomer kalih nggih………” Wiwin ora nutugne olehe guneman, Bu Albertina
miyos saka kamare nyedhaki panggonane sing lagi padha jagongan.
“Suk
dina Sabtu ngarep banjur dina Senine kuwi rak tanggal abang ya Mas?” ora
nganggo adangiyah apa-apa, Bu Albertina mundhut pirsa Sudimin. Pancen Bu
Albertina kuwi nek nyeluk Sudimin nganggo sebutan Mas, kersane mbasakne Wiwin
lan nek ngundang Wiwin nganggo sebutan Dhik, mbasakne Sudimin.
“Leres
Biyung” wangsulane Sudimin.
“Wonten
menapa ta Biyung kok mundhut pirsa bab tanggal abrit menapa?” Wiwin numpangi
pitakonan “menapa badhe ngajak Wiwin kalih Mas tamasa?”.
“Bener”
dhawuh wangsulane Bu Albertina karo mesem “maune Biyung nggagas arep sanja neng
daleme Pak Suwaji Ngawi, nanging ngendikane Bapa mbesuk wae nek liburane rada
dawa, karo maneh Masmu rak ya lagi wae bali saka Ngawi?”.
“Lha
menawi makaten lajeng dhateng pundi Biyung?” Wiwin takon maneh.
“Bapa
ngersakne ngajak Mas Dimin karo Dhik Wiwin, numpak Montor Muluk, merga iki sing
diparani rada adoh” Bu Albertina paring wangsulan.
“Dhateng
pundi Biyung?” Sudimin genti nyuwun pirsa.
“Bapa
karo Biyung ngersakne tetepungan karo Bapak lan Simboke Mas Dimin sing aseli,
merga dhawuhe Bapa sanadyan rada kasep, Bapa karo Biyung kudu matur lan nyuwun
palilah marang Pak Diman lan mBok Sudinem, kareben anggone Mas Dimin dadi
putrane Bapa lan Biyung sarta dadi Mase Dhik Wiwin luwih berkah” Bu Albertina
paring wangsulan.
“Dados
mengke dhateng daleme Pakdhe Diman Sumatera mrika Biyung, asoy……..”
“Iya,
siap ta Mas ?” Bu Albertina mangsuli Wiwin banjur ndangu Sudimin.
“Inggih
Biyung” Sudimin wangsulan alon karo ndhingkluk. Ora nyana ora ngira yen kangene
marang wong tuwa lan sedulur-sedulure sing diampet meh sepuluh tahun suwene, bakal
bisa ketambanan awit saka kawicaksanane Pak Bahadir lan Bu Albertina. Meh wae, Sudimin ngruntuhake luh ketang
trenyuhe, nanging isih bisa diampet. Ora sida mbrebes.
“Lha
mangke saking Bandara Raden Intan dhateng dalemipun Pakdhe Diman niku taksih
tebih napa boten Biyung?” Wiwin nyuwun pirsa maneh, ing angen-angene papane
wong tuwane Sudimin kuwi isih wujud alas gung liwang-liwung adoh lor adoh kidul
ngana kae.
“Ya
rada adoh Dhik” Bu Albertina paring wangsulan karo mesem “nanging manut dhawuhe
Pak Suwaji sing meh saben wulan tansah kirim-kiriman layang karo Pakdhe Diman
Bandhat, saiki saka Bandara menyang Daleme Pakdhe Diman kuwi luwih gampang.
Merga wis ana taksi sewan, mbayare uga ora pati larang, dalane ya wis aspalan, ora
nganti setugel dina wis teka. Wis saiki ndang padha leren, wektune wis rada
wengi”.
“Inggih,
sugeng dalu Biyung” wangsulane Wiwin sing banjur ngadeg, menyat arep mlebu
menyang kamare.
Sudimin
dhewe uga banjur ngaturake Sugeng dalu marang Bu Albertina, banjur ngalih
ngunggahi andha tumuju kamare sing manggon neng lantai loro. Pancen ing
kulawargane Pak Bahadir lan Bu Albertina kuwi, wiwit biyen wis dikulinakne
saben arep mapan turu utawa arep leren neng kamare, Wiwin apa dene Sudimin
padha ngaturake ucapan “sugeng dalu” marang wong tuwane kuwi.
Tekan
jero kamare, Sudimin mapan ngglethak, nanging nganti suwe ora enggal bisa turu.
Angen-angene klambrangan tekan ngendi-endi. Wiwit nggambarake kaya apa mengko
nek wis klakon kepethuk Bapak lan Simboke. Apa Bapake isih sok lara-laranen
kaya biyen jaman isih manggon neng Kedunggalar, apa wis sehat kaya lumrahe
wong-wong liyane?. Apa sing ditandangi Simboke saiki? Mesthine wis ora ngasag
utawa gresek leles gogrogan pari nang sawah kaya biyen? Apa ya melu buruh neng
Perkebunan kaya Bapake?. Banjur adhine wedok-wedok loro, Daliyem karo Wagirah,
saiki wis sepira gedhene? Padha disekolahne apa ora?. Lha neng Bumi Transmigran
PIR kana kuwi mesthine ya wis dibangun SD Inpres kaya sing ana kene, nek ora
banjur menyang ngendi olehe sekolah bocah-bocah sing digawa wong tuwane menyang
bumi transmigrasi kuwi?.
Sansaya
wengi sansaya adoh nggone klambrangan angen-angene Sudimin. Banjur kelingan
critane Pak Suwaji sing nerokne critane Pak Dalal, apa bener yen dheweke biyen
tau dijak ngasag simboke neng sawahe Pak Dalal lan dening Pakdhe Paeran Dengkek
dheweke dikira pari ageman sing didhelikne simboke? . Apa bener yen jaman
dheweke isih bayi pitung lapan, Bu Dalal tau kawetu tembunge kepengin njodhokne
karo Ninuk anake wedok?. Sudimin mesem,
suk emben nek sida kepethuk, kuwi kabeh arep ditakokne marang wong tuwane,
kepiye genahe?.
Sudimin
mesem maneh, Wong Tuwa angkate ngajak numpak Montor Muluk, utawa Montor Mabur.
Sing Sudimin selawase urip durung tau weruh kaya apa wujude Montor Muluk kuwi
saka cedhakan, ngertine ya nek ana Montor Mabur sing liwat adoh neng langit,
sing cat katon cat ora merga nasak mega lan mendhung. Mendah senenge saupama
Sudimin bisa kepethuk kanca-kancane jaman sekolah neng SMP Kebangsaan biyen,
dheweke mesthi bisa pamer nek dheweke sing dhisik dhewe weruh rasane numpak
montor muluk. Nyuuut, Sudimin eling marang Hartini sing pungkasane tahun iki
arep dadi manten. Lan dumadakan Sudimin rada kaget, nalika mau Wiwin sedulur
angkate kuwi kandha yen wong lanang sing duwe rasa tresna lahir batin marang
Wiwin kuwi, mung loro, sing siji cetha nek Pak Bahadir lan sing sijine maneh
sapa?. Atake…..atake….. Sudimin keturon dhewe.
Ana
candhake.
Mèlu mongkok déné Sudimin têtêp mboten jumawa sinaosa sampun kuliyah wonten pawiyatan luhur ingkang kalokå ing kitha Yogyakarta
BalasHapus