dening: IMMIR
50.
Esuk
kuwi sarapan sing dicakne kulawargane Bu Kardiman nganggo cara ndesa, dudu roti
bakar karo ndhog godhong kaya padatane sing dicawisne. Nanging sega pecel,
komplit sak lawuhane. Esuk kuwi pancen Bu Kardiman niyat nyambut tekane tamu
sing ora dikira-kira sadurunge jebul klebu tamu sing istimewa tumrap Bu
Kardiman. Lan Bu Kardiman wis apal karo sarapan sing disenengi tamune kuwi,
mula mau prentah mBok Ti supaya nyiapne sarapan sing cocog karo selerane
tamune. Neng ruang makan wis mlumpuk sing arep sarapan bareng, Bu Kardiman, Bu
Narti, Sujud karo Yang Yem. Lagi wae arep wiwit sarapan Bu Kardiman kelingan
nek esuk iki durung nelpon anak-anake sing wektu kuwi ora ana omah kabeh, Doni
lagi KKN neng cedhake Gunung Pangrango, Angga lagi ngisi liburane munggah
gunung bebarengan karo kanca-kancane. Mula banjur njupuk Hapene telpon
anak-anake supaya ora lali anggone padha sarapan lan njaga kuwarasane.
"Nyuwun
Pangapunten Bu Daryana" bubar telepon Bu Kardiman kandha marang Yang Yem
"niki nembe ngelingne Doni, kalih Angga bocah loro niku nadyan sampun
ageng, nanging mBokne sok ora teganan, saben dinten napa-napa kedah dipun
emutaken".
"Inggih,
makaten punika mila limrah, inggih naminipun tiyang sepuh dhateng putra"
wangsule Yang Yem "kula kemawon waunipun kalih Mur niku nggih sok boten
tega, sareng kula mireng saking Dhik Nita menawi ingkang dipun dhereki Mur
punika priyantunipun sae, nembe kula negakaken. Alhamdulillah jebul ingkang
dipun criyosaken Dhik Nita leres".
"Kagungan
putra kados Nak Mur ngoten niku klebet beja tur sekeca Jeng" Bu Narti melu
omong "larene sampun ngertos kuwajibanipun piyambak, niki kula boten pamer
upami lare jaler ngaten nggih kados anak kula si Sujud niku. Jane ponakan kula Doni
kalih Angga niku nggih klebet lare ingkang taat, nanging Ibunipun kemawon
ingkang boten teganan, lha wong ya jenenge Ibu".
"Inggih
mBakyu" Bu Kardiman wangsulan, banjur kandha ngajak sarapan "mangga
enggal dipun kedhapi sarapan damelanipun mBok Ti niki, ditinggal omong-omongan
wae mengko rak boten siyos sarapan".
"Ketingalipun
kok dereng jangkep ta Bulik?" dumadakan Sujud nyela rembug.
"Bener
Mas" Bu Kardiman tanggap sing dikarepne ponakane "Mur mau nyang
ngendi maneh? kok Ibune ora dikancani sarapan ki piye? sik tak celuke sik,
paling neng pawon karo mBok Ti bocah iki".
Bu
Kardiman ngadeg arep nyeluk Mur, Sujud gage melu ngadeg karo omong :
"Sampun
Bulik, kula kemawon ingkang madosi Dhik Mur" ora ngenteni wangsulan Sujud
banjur mlaku menyang pawon arep nggoleki Mur. Bu Kardiman bali lungguh maneh,
nglirik Bu Narti karo mesem ngemu teges. Bu Narti ya melu mesem.
Ora
ngenteni tekane Mur karo Sujud, wong telu kuwi banjur padha wiwit nyidhuk sega.
Ora suwe Sujud karo Mur teka banjur nusul mapan lungguh neng kursi arep melu
sarapan.
"Awakmu
kuwi piye ta Mur?" karo njupuk lawuh Bu Kardiman nakoni Mur "wis
didhawuhi supaya ngancani Ibune, kok malah ngrewangi mBok Ti neng pawon".
"Nyuwun
pangapunten Buk-e" Mur wangsulan "lha wau Mak-e nembe kaliyan Ibu
Gunung Putri kok, lajeng kula tilar ngancani mBok Ti".
"Ya
wis, anu wiwit saiki awakmu aja ngundang Ibuk-e marang aku ya? merga jebul
awakmu kuwi isih ponakanku dhewe, ngerti?" Bu Kardiman kandhane Bu
Kardiman sabanjure. Mur meneng, plenggang-plenggong, ora mudheng karo sing
diomongne bendarane. Bu Kardiman mesem, banjur nutugne rembuge :
"Wiwit
awakmu durung lahir biyen, Ibumu kuwi wis tak anggep mBakyuku dhewe. Biyen
jaman durung ndherek Pakdhe Sakun neng Gunung Putri, aku iki ndherek Pakdheku
neng Klaten kana, lha Bapak karo Ibumu kuwi daleme cedhak karo daleme Pakdheku
sing tak dhereki kuwi. Srawunge Bapak - Ibumu kuwi karo Pakdheku, ya karo
wong-wong kana kabeh apik banget, malah upama ora ana ibumu iki, biyen tak kira
aku wis dadi pangane cacing neng kuburan kana".
"mBok
sing kuwi ora sah diomong ta Dhik" ora sadar Yang Yem nyaut omong, ora
nganggo basa krama lan ngundang Bu Kardiman "dhik", lagi bareng krasa
nek kleru Yang Yem banjur nututi rembug "nyuwun pangapunten, klentu Bu
ingkang punika mbok inggih boten dipun dhawuhaken malih, tiyang sampun dangu
kedadosanipun lan nalika samanten inggih namung limrah kemawon, sampun dipun
ageng-agengaken".
Kabeh
sing ana kono padha pating domblong, ora ana sing ngerti karo sing diomongne Bu
Kardiman lan Yang Yem. Bu Narti sing nadyan wis suwe dadi mBakyune Ipe Bu
Kardiman, jebul ya ora weruh nek antarane adhine ipe karo Yang Yem kuwi wis
luwih suwe anggone padha tepung. Semono uga Mur, sasuwene iki sing dingerteni
jenenge mbok-e kuwi ya Yang Yem ngono wae, selawas-lawase Mur durung tau krungu
wong ngundang mbok-e kuwi nganggo sebutan Ibu utawa Jeng kaya esuk iki, sing
lumrah nyeluke ya Mak utawa Yem, mung kala-kala wae dheweke tau krungu Bu
Mandhor sok nyebut jenenge mbok-e kuwi nganggo jeneng Srinthil. Nek Sujud,
pancen durung ngerti babar pisan bab wong tuwane Mur, dadi ya lumrah nek ora
ngerti.
"Sampun,
sampun sak niki sarapan riyin mawon" kandhane Bu Kardiman nanggapi swasana
sing wis ndadekne wong-wong padha pating plenggong kuwi "mangke mawon
bakda sarapan dipun lajengaken malih".
Muni
ngono kuwi Bu Kardiman karo nyontoni tamu-tamune nyendhok sarapane. Wong liyane
ya banjur padha nyandhak piringe dhewe-dhewe. Wong-wong kuwi kabeh ora ana sing
padha ngerti, klebu Murjiyati lan Bu Kardiman, yen satemene wiwit Mur karo
Sujud mlebu menyang ruang makan mau, ana kuping papat sing ngrungokne kabeh
sing diomongne wong-wong sing arep sarapan kuwi, saka mburi lawang. Wong loro
sing nyolong suwara kuwi pancen sengaja nguping, ora merga arep neka-neka,
nanging wong loro kuwi mung pengin anane owah-owahan sing krasa aneh mungguhing
wong loro kuwi. Owah-owahan sing aneh wiwit tekane Bu Narti karo Sujud pas
sanja dhek dina Ahad kae, banjur ditambahi maneh esuk iki mau, ya iku sawise
Mur bali saka anggone mapag simbok-e neng Stasiun Gambir.
"Aku
sansaya ora mudheng karo sing padha diomong kae ki mBok?" ing mburi lawang
Andhik bisik-bisik ngomongi mBok Ti.
"Padha"
wangsulane mBok Ti ya karo bisik-bisik.
"Ketoke
Mur kae ya ora mudheng tenan kaya sing diomongne pas sampean takoni mau"
Andhik bisik-bisik maneh.
"Ketoke
ya ngono" wangsulane mBok Ti "nanging sing cetha, awake dhewe dadi
ngerti nek Mur kae jebul dudu wong sembarangan".
"Dudu
wong sembarangan piye mBok?" Andhik takon.
"Wong
tuwane isih ana sambung-rapet karo Ibuk-e utawa karo Budhe Narti, lan kuwi
sajake lagi wae padha dingerteni" mBok Ti wangsulan.
"Iya,
iya tak kira nek dudu wong sembarangan ki nek duwe kasekten kaya sing neng
pilem horor neng tivi kae?" Andhik ngguyu nggleges.
"Wis
mumpung rung konangan ayo ngalih, jadah karo wajik sing neng piring biru neng
meja kae digawa nyang Pos kana" mBok Ti prentah nyang Andhik.
"Kae
mau jajane mak-e Mur ya mBok?"
"Duuuuuk"
"Lha
saka ngendi?"
"Oleh-olehe
Ibune MBAK MURJIYATI saka Kedunggalar, Ngawi" wangsulane mBok Ti karo mesem.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar