Total Tayangan Halaman

Sabtu, 04 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 49

 

dening: IMMIR

 

49.

Bu Narti karo Yang Yem banjur padha salaman, rerangkulan. Tumuli padha mlebu kamar mapan lungguh neng kursi sing ana kono. Mur pamitan arep menyang Pawon, arep ngupakara oleh-olehe Mak-e sing digawa saka ndesa, Jadah karo Wajik. Teka pawon Mur nggoleki peso sing kulinane dienggo ngirisi lan motong roti, jadah tetelan telung beruk kuwi banjur diirisi cilik-cilik, diwadhahi piring . Lagi kalong saprotelon jebul wis oleh pirang-pirang piring. Turahane diungkus maneh banjur dilebokne kerdhus. Genti nyandhak wajik, diirisi lan ditata neng piring maneh. Karo nyambut gawe Mur ngetung-etung kancane, supaya ora ana sing kliwatan nampa oleh-oleh saka ndesa kuwi. Sing kanggo Pak lan Bu Kardiman uga wis disisihne dhewe. Miturut etungane Mur, sawise jadah lan wajik klethik kuwi diirisi, isih turah rada akeh, Mur mikir bisa nggawani Bu Narti, kanggo oleh-oleh Kanthi, rewange sing ditinggal neng Gunung Putri.

"Lha awakmu ki kok neng kene ta Mur? Mau Ibuk-e wis dhawuh dina iki kabeh gaweyanmu dadi tanggung jawabku merga awakmu jare didhawuhi ngancani Bu Daryana. Bu Daryana ki sapa ta Mur?" dumadakan mBok Ti karo nggawa sayuran teka banjur nakoni Mur.

"Aku dhewe ki malah dadi bingung mBok" wangsulane Mur "wiwit bali saka stasiun mau ki rumangsaku ana kedadeyan sing sarwa ora tinemu ing nalar".

"Ora tinemu nalar piye ta?" mBok Ti nguber takon.

"Pas aku karo Mak-ku mlebu omah mau, tekan mburi garasi kono kuwi rak kepethuk Ibuk-e? Jebul Ibuk-e ki wis ngerti karo Mak-ku, Mak-ku terus dirangkul diambungi karo ditangisi barang, Sampean ngerti? Ibuk-e kuwi lho karo Mak-ku basa mlipis ngana kae, banjur Bapak ya ngono, ngerti nek Mak-ku dijak lungguh neng kursi tengah kono kuwi karo Ibuk-e, Bapak ya terus mara nyalami Mak-ku, mbagekne basane ya mlipis banget. Gek Mak-ku ki nek ngaturi Bapak karo Ibuk-e ki Dhik, pas arep diganti nganggo Ibu, Ibuk-e menging, malah Mak-ku ki ora oleh basa pisan. Mumet gak upama sampean dadi aku? Ibuk-e karo Bapak ki nek nyeluk Mak-ku, Bu Daryana. mBok menawa wae jenenge Bapakku ki Daryana kuwi. Sampean ngerti durung asma asline Ibuk-e?" Mur kojah akeh-akeh mangsuli pitakone mBok Ti dipungkasi karo pitakonan.

"Durung, ngertiku ya Bu Kardiman, ngono wae" wangsulane mBok Ti bares.

"Ibuk-e kuwi asmane sing asli Sri Subekti" Mur omong karo ngguyu "iki mau aku dikongkon Bu Daryana ngiris jadah karo wajik oleh-oleh saka ndesa, kagem Ibuk-e, Bapak, Ibu Gunung Putri, Mas Sujud karo kanca-kanca kabeh".

"Nek turah Bu Kristin bageyana ta Mur" mBok Ti ngusulne kancane blanja saben dina "ben melu ngrasakne oleh-olehe Mak-mu".

"Iya isih ana kok, tak seleh neng jero Kerdhus iki, karepku sing salok ben diasta Ibu Gunung Putri ngge oleh-oleh mBak Kanthi, rewange kae, lha mengko Bu Kristin sampean irisne dhewe ya? aku tak ngancani Mak-ku dhisik sing saiki lagi jagongan karo Ibu Gunung Putri".

"Iya, matur nuwun lho Mur" wangsulane mBok Ti.

Mur banjur ngalih arep menyang kamare Mak-e, karo nggawa piring loro sing siji isi jadah sing sijine maneh isi wajik.

Sauntara Mur lagi omong-omongan karo mBok Ti mau, neng kamar Yang Yem uga lagi jagongan gayeng karo Bu Narti.

"Dados kula niki taksih kapernah mBakyu Ipe menawi kaliyan Dhik Bekti niku, Jeng" pas Mur teka ngarep lawang kamar Bu Narti nepungne awake marang Yang Yem.

"Inggih Buk" Yang Yem wangsulan alus "menawi nimbali kula boten usah mawi Jeng ta Buk, kula niki tiyang dhusun nami kula Yang Yem, utawi Biyange Yem, Yem punika nami julukanipun Mur rikala taksih alit lan saderengipun ndherek Dhik Bekti dhateng Jakarta niki".

"Walah sami kemawon Jeng" Bu Narti wangsulan karo mesem ramah banget "kula niki asline nggih tiyang dhusun, pindhah dhateng Kitha niku rak amargi ngetutne Bapakne lare-lare merdamel dhateng Bogor niku, lha Dhik Bekti niku rumiyin nggih lare dhusun, dhusun Watuleter mrika, lajeng dipek Dhik Kardiman kancanipun sekolah Bapakne lare-lare niku".

"Inggih Buk" Yang Yem mung wangsulan cekak.

"Lha nami Yang Yem niku rak nggih namung julukan ta Jeng? asmanipun asli sinten? menawi kula Narti, Sunarti lajeng wonten ingkang nimbali Bu Sakun, awit bapakipun niku asmane Sakun".

"Inggih Buk" Yang Yem meneng sedhela mikir-mikir, arep ngaku jeneng Srinthil kaya sing dienggo sasuwene dadi wong Kedunggalar iki, apa nganggo jeneng pawehe wong tuwane, wasana timbang mengko dadi ora kepenak karo Bu Kardiman, Yung Yem banjur ngaku "nami anggenipun maringi tiyang sepuh kula, Srimurni lajeng sareng dipun semah kaliyan Bapakipun Mur, nami kula dados Bu Daryana, sareng sampun ngalih dhateng Kedunggalar nami kula Srinthil, julukanipun Yang Yem".

"Nuwun sewu Ibu" Mur mlebu karo ngladekne piring loro menyang ngarepe Bu Narti.

"Lha iki apa ta Nak Mur?" Bu Narti takon.

"Jajanipun Mak-e, saking ndhusun Ibu" wangsulane Mur alus "Jadah ketos cemeng kaliyan wajik klethik".

"Waa, nek iki panganan klangenanku, wis suwe aku ora weruh rasane Jadah tetel ketan ireng, luwih-luwih wajik klethik" Bu Narti mangsuli karo ngguyu seneng "nek ngono mesisan, unjukane Ibu neng kamar jupukna ben Ibu mengko ora sereten".

"Inggih"

Mur ngalih arep njupukne unjukane Bu Narti neng kamare.

"Panjenengan niku kok nggih taksih kober ngasta Jadah karo Wajik barang lho Jeng? menawi kula sakniki sampun awang-awangen ndamele" Bu Narti kandha marang Yang Yem.

"Lha saged kula inggih namung damel tetedhan modhel dhusun ngaten punika, badhe damel roti punapa kuweh sanesipun inggih boten saged" wangsulane Yang Yem karo mesem.

Mur mlebu karo nggawa kopi unjukane Bu Narti, diselehne neng meja pas ngarep Bu Narti.

"punika Ibu" kandhane Mur masrahne kopi mau.

"Lhaa, nek ngene iki dadi enak tenan, ngobene kopi pacutane jadah ketan ireng" kandhane Bu Narti sing banjur ngacarani sing nyuguh "mangga Jeng, diunjuk kalih didhahar, kula selak kemecer kaliyan suguhane Nak Mur".

"Inggih Mangga Bu" Yang Yem mangsuli karo nyandhak cangkir kopine.

"Jadahe empuk" Bu Narti kandha "ketawis klapanipun sepuh tur kathah, tetelanipun mateng saestu, netelipun ngangge punapa niki Jeng?".

"Inggih mawi papah klapa gadhing ingkang sampun radi alum Bu" wangsulane Yang yem sing uga banjur nyruput kopine.

"Nuwun sewu inggih Ibu" dumadakan Mur nyela rembug "kasekecakna anggenipun lelenggahan kaliyan Mak-e kula, Mur badhe dhateng pawon rumiyin, ngrencangi mBok Ti".

"Iya, iya kana tinggalen, Ibu tak ngobrol karo Ibumu dhisik".

Mur mlaku metu arep menyang pawon nusul mBok Ti, pas tekan mburi garasi kepethuk karo Andhik, sing terus takon :

"Lho Mur, jarene kowe mau mapag Makmu? lha Makmu saiki neng ngendi? kok ora enek ketok ki?".

"Iya Mas, mau sidane diterne Mas Sujud, saiki Makku lagi jagongan karo Ibu Gunung Putri neng kamare kae. Arep tepungan pa piye Mas? mengko tak omongne Mak-e". wangsulane Mur karo mesem.

Andhi dadi sansaya gumun, jebul dening Bu Kardiman Mak-e Mur sing jare mung wong ndesa tur mung dadi babu kuwi dipapanke neng kamare tamu sing mewah. Pikirane Andhik dadi ora teka yen arep mikirne.

"ya mengko wae nek wis longgar, nek Mak-mu ngepasi metu, tak kenalan dhewe" wekasane Andhik aweh wangsulan, suwarane keprungu lempeng-lempeng wae.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...