Total Tayangan Halaman

Jumat, 03 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 48

 

dening: IMMIR

 

48.

Kaya gudel ucul saka cancangan mapag tekane babone sing lagi bubar kanggo mluku, Bu Kardiman marani Yung Yem dirangkul kenceng, karo diambungi, karo mripate mbanjir luh saka tangis kang ora kawetu suwarane. Yang Yem dhewe ora bisa apa-apa kajaba ngimbangi ngrangkul Bu Kardiman uga karo mbrebes mili. Mur sing ora ngerti alang-ujure perkara, plenggang-plenggong ora dhong, mung bisa nyawang ora bisa ngucap apa-apa. Bu Kardiman banjur nuntun Yang Yem digawa mlebu ruang keluarga banjur dilungguhne neng kursi dawa, Bu Kardiman uga banjur lungguh njejeri Yang Yem karo isih luh sing dleweran nelesi pipine. Mur nyelehne gawane, banjur nututi mlebu lungguh neng ngisor sacedhake simboke.

"Kupingku ora bisa diapusi" kandhane Bu Kardiman bareng wis sauntara meneng "wiwit wingenane kae, aku wis ngerti nek sing duwe suwara kuwi genah Bu Daryana, mung wae aku durung percaya yen durung weruh wonge. Pranyata bener, kupingku isih apik pangrungune. Bu Daryana, kenging punapa kala wingi boten blaka kaliyan kula?".

"Nuwun sewu" Yang Yem semaur klawan suwara sing sajak isih tidha-tidha "punapa panjenengan Dhik Sri Subekti pulunanipun Bu RT nika?".

"Leres Bu, kula Bekti ingkang sampun utang nyawa dhateng Panjenengan jaman semanten" wangsulane Bu Kardiman "Bu Daryana dhateng pundi kemawon sadangunipun punika? Let setahun sasampunipun kula dipun boyong Bapakne lare-lare rumiyin, kula nate tilik dhusun, niliki Pakdhe lan Budhe, nanging dugi dhusun dipun criyosi Budhe menawi Pak Dar sampun seda, Bu Dar sampun kagungan putra, nanging lajeng jengkar nilar Watuleter boten kantenan purugipun".

Pak Kardiman metu saka kamar, niyate arep budhal menyang kantore, bareng weruh bojone lagi jagongan karo Yang Yem sing ditunggoni Mur, Pak Kardiman dadi rada kaget.

"Nuwun sewu punika rak Bu Daryana ta?" Pak Kardiman mara karo ngethungne tangan ngajak salaman.

"Iya Pa" Sing nyauri malah Bu Kardiman "babar pisan ora ngira, jebul Mur iki putrane Bu Daryana, sing lahir neng Watuleter nggone Pakdhe Slamet sing tak dhereki biyen".

"Iya, iya" pak Kardiman wangsulan karo ngeculne tangane saka salamane Yang Yem, banjur kandha marang Yang Yem "kula dangu pados sisik melik dhateng Sragen, ugi dhateng Sala madosi Panjenengan lho Bu, nanging gagar wigar tanpa angsal damel. Estunipun Bu Daryana sakniki lenggahipun dhateng pundi?".

"Kula dhateng Kedunggalar, dhusunipun Kedhungmileng Dhik" Yang Yem wangsulan.

"Kedhungmileng, Kedunggalar niku tumut Kabupaten pundi Bu?" Pak Kardiman takon maneh.

"Tumut Ngawi Dhik, dados sampun mlebet Jawi wetan" wangsulane Yang Yem aweh katrangan.

"Inggih, inggih Jawi wetan ingkang kilen piyambak" Pak Kardiman manthuk-manthuk.

Mur sing krungu lan meruhi anggone jagongan simbok-e karo Majikane lanang wedok dadi sansaya bingung lan gumun. Kok Bu Kardiman karo Pak Kardiman nganggo basa krama sing alus marang Mak-e? Kok olehe nyebut jenenge Mak-e ora Yang Yem, nanging Bu Daryana? Apa Daryana kuwi jenenge Bapake? Kok Mak-e mau ngundang bendarane kanthi sebutan Dhik? lan isih akeh maneh pitakon sing Mur ora ngerti wangsulane. Mur mung bisa plompang-plompong kaya sapi ompong.

"Mur" dumadakan Bu Kardiman ngundang jenenge.

"Inggih Buk-e?" gragapan Mur wangsulan.

"Saiki, tas karo sing diasta Mak-mu, eh Ibumu  lebokna Kamar Tamu sisihe kamar sing diagem Budhe Narti kae. Ibumu dherekna mrana, nek ngersakne siram lan leren dhisik" Bu Kardiman aweh prentah marang Mur sing diterusne kandha marang Yang Yem "Bu Dar, samangke mangga kagem siram rumiyin lan kendel sakedhap, mangke dipun sambet malih anggenipun awake piyambak kangen-kangenan".

"Inggih Dhik, eh Bu" Yang Yem wangsulan alon.

"Sampun ngewah-ewahi adat ta Bu, kalih kula nggih boten sisah mawi basa, kados rumiyin nika lho?" Bu Kardiman nyauti tembunge Yang Yem sing ngowahi pangundange saka Dhik arep diganti Bu. Banjur kandhane maneh marang Mur :

"Mur, mengko gaweyan liyane ben ditandangi mBok Ti, awakmu tak dhawuhi ngancani Ibumu nek Ibumu ngersakne apa-apa sing ladenana sing becik, awakmu kudu bekti karo wong tuwa".

Sadurunge Yang Yem mangsuli kandhane bojone, Pak Kardiman ngadeg karo pamitan :

"Nyuwun pangapunten Bu Dar, niki kula tilar rumiyin, badhe glidhig. Bu Dar sampun daya-daya kondur, kondur benjang menawi sampun sewulan napa kalih wulan dhateng mriki".

Sawuse Yang Yem mlebu kamar dikancani Mur, Pak Kardiman budhal menyang kantor, Bu Kardiman banjur nggoleki mBok Ti sing lagi kelut-kelut neng cedhak garasi.

"mBok tulung mengko gaweyane Mur sampenen pisan, banjur esuk iki olaha sarapan sing enak, sarapan cara desa wae, sega pecel karo ayam goreng, gajege kajaba njahit Bu Kristin ngarepan kuwi ya nyambi dodol sambel pecel Madiun ta? Ayame bisa kok pesenke nggone Warung SERBA AYAM KAMPUNG ngiras kowe golek sayuran neng prapatan kulon kae" Bu Kardiman aweh prentah marang mBok Ti sing durung pati mudheng karo kedadeyan sawuse Mur karo Mak-e teka saka Stasiun esuk iki mau.

"Inggih Buk-e" mBok Ti wangsulan cekak.

"Mengko wae tak critani, jebul aku wis dosa gedhe marang Mur lan Mak-e, ya saka ora ngertiku sapa satemene Murjiyati kuwi" kandhane Bu Kardiman maneh.

"Inggih Buk-e" mBok Ti mung bisa wangsulan cekak karo ngrampungne nggone kelut-kelut.

Sauntara kuwi, Yang Yem wis rampung olehe adus lan reresik awak. Rasane dadi seger sawuse sewengi utuh lungguh neng kursi kayu neng gerbonge Sepur Tatarmaja. Neng meja kamar sing dienggoni wis cemawis kopi panas sing dicepakne Mur pas Yang Yem adus mau. Gandheng ora kulina, nadyan neng kamar kono wis cemawis meja lan kursi, Yang Yem malah milih lungguh neng jogan sing digelari karpet babud karo nylonjorne sikil.

"Kok lungguh neng ngisor ta Mak?" Mur nakoni Mak-e karo mapan lungguh neng ngarepe "Kopine tak dhukne ya?".

"Ora sah nDhuk, mengko wae tak ombene nek wis adhem" wangsulane Yang Yem "wong neng omah Mak-e ora kulina ngombe kopi kok. Oh, iya neng kerdhus kuwi Mak-e nggawa jadah ketan ireng, karo wajik sing nggawani Bu Mandhor ngge oleh-oleh kowe, ya nek anu didumne kanca-kancane kana ta, arep tak aturne Dhik Bekti, Mak-e ora wani, wong kuwi panganane wong ndesa".

"Dhik Bekti ki sapa Mak? Nek Ibuk-e ki seneng banget lho karo sing jenenge Jadah apa wajik ngene iki" Mur mbukaki isine kerdhus.

"Asmane Ibukmu kuwi sing asli rak Sri Subekti? Ya sokur ta nek Ibukmu mengko kersa".

"Iya, tak gawane neng pawon dhisik ya Mak? tak irisane neng kana, Mak-e neng kene wae dhisik ya?" Mur arep ngangkat gawane Mak-e kuwi menyang pawon.

Durung nganti Yang Yem wangsulan, dumadakan lawang kamar dithothok saka njaba. Mur ngadeg, mbukak lawang arep ndelok sapa sing teka.

"Oh, Ibu? Mangga Bu pinarak nglebet" kandhane Mur, jebul sing nothok lawang kuwi mau Bu Narti sing wingenane ngongkon Mur supaya yen ngundang ora Budhe nanging Ibu.

"Iya Nak Mur, Ibu kepengin sowan Ibuk-e Nak Mur ngiras tepungan" wangsulane Bu Narti karo mesem. Mur bener-bener sansaya gumun, ingatase Bu Narti kok olehe muni "arep sowan" marang Mak-e sing mung babune Bu Mandhor sing omahe mung mondhok neng lemahe Desa.

"Inggih Bu mangga" Mur nisih aweh dalan marang Bu Narti, banjur oomong marang Mak-e "Mak, iki lho Ibu sing daleme Gunung Putri, mBakyune Ibuk-e".

"Mangga-mangga Bu pinarak nglebet mriki" Yang Yem, ngadeg mapagne Bu Narti sing isih ngadeg ana ngarep lawang.

 

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...