dening: IMMIR
47.
Ora
mung Yang Yem dhewe sing kaget, sandyan Mur kaya ora percaya karo panyawange
mripate. Malah Mur banjur nggagas, iki kedadeyan ing alam nyata apa mung ing
pangimpen?. Bola-bali mripate diucek-ucek, nanging panggah sing disawang ora
ilang. Iki nyata, ora ngayawara. Semono uga Yang Yem, sing selawase urip durung
tau ana wong sing salaman karo dheweke kanthi cara mangkono iku kajaba mung
anake wedok sithok kuwi thok. Mula bareng sadar, cepet-cepet Yang Yem nggeret
tangane, mripate kaya wong weruh barang sing aneh manther nyawang mripate wong
lanang sing lagi wae ngambung tangane kuwi mau.
"Inggih
Buk" wong lanang kuwi sajak ngerti isen-isening atine Yang Yem sing
gemronjal ora karuwan "dipun tepangaken kemawon, kula Sujud lare kleyang
kabur kanginan ingkang lajeng kapupu dados yoganipun Bu Narti, mBakyunipun ipe
Bulik Kardiman ingkang dipun suwitani Dhik Mur".
"O,
inggih-inggih Mas" wangsulane Yang Yem sawise gemronjal ing dhadhane krasa
suda "nggih kula niki Mak-e Mur".
"Inggih
Mas Sujud, punika tiyang sepuh kula" Mur melu ngenalne Mak-e marang Sujud.
"Iya"
wangsulane Sujud marang Mur "ayo saiki ndang bali wae, selak diantu-antu
karo Bulik mengko".
Muni
ngono kuwi Sujud karo nyandhak kerdhus gawane Yang Yem banjur dicangking, tas
cilik wadhah salin banjur disaut Mur. Wong telu banjur mlaku marani mobile
Sujud sing neng parkiran.
"Kala
dalu kula kaliyan Ibu rak ngepasi sanja dhateng Jakarta ta Buk" Karo
nyetir Sujud mbukak omongan ben ora sepi merga kabeh mung meneng-menengan
"Ibu ngersakaken sare ing dalemipun Bulik, sareng ngertos Ibuk badhe rawuh
Jakarta, lajeng kaliyan Ibu kula kadhawuhan ndherek Dhik Mur methuk Ibuk
dhateng setasiun".
"Inggih
Mas" Yang Yem sing lungguh jejer karo Sujud neng kursi ngarep wangsulan
"kala wingenane kula rak matur Ibuk-e Mur, menawi kula dereng sumerep
margi-margi ing Jakarta, lha tiyang kula niki tiyang dhusun ingkang dereng nate
sumerep kitha? Lajeng Ibuk paring dhawuh menawi badhe dipun pethuk kaliyan Mur,
sareng ngaten kula inggih wantun menawi namung nunggang sepur dumugi setasiun
Gambir mawon, ndelalah wau dhateng sepur nggih panggih tiyang sae, ingkang
ngancani kula ngantos kepanggih Mur niku wau".
"Sakjane
rak ngaten ta Mas?" Mur nrambul melu omong "suwaunipun kula kaliyan
mBok Ti semadosan badhe pados taxi kangge mapag Mak-e niki, tiyang kula nggih
dereng apal, angkot napa bus kota pundi ingkang saged ditumpaki. Lajeng Bapak
dhawuh dhateng Ibuk-e bilih Mas Andhik dinten punika boten kaampil Bapak mbantu
sopir Kantor, lajeng Ibuk-e ndhawuhi kula supados nyanjangi Mas Andhik bilih
kalih Ibuk-e kadhawuhan mapag Mak-e kula dhateng Stasiun. Kok dumadakan enjing
saderngipun subuh wau, Ibu nimbali kula paring dhawuh menawi kula kapurih
ndherekaken Mas Sujud dhateng stasiun, nggentosi Mas Andhik mapag Mak-e kula.
Mula kalih bidhal wau kula nggih radi kirang sekeca, mosok Mas Sujud lha kok
arep mapag Mak-e, rak ketingal aneh semu lucu ta Mas? milanipun wau dhateng
Margi kula nggih mendel mawon".
Sujud
ngguyu krungu kandhane Mur sing blaka ngono kuwi, pancen ora aneh karo sing
diomongne Mur ngono kuwi. Sanadyan wis mardika, nanging sisa-sisa mikir cara
jaman feodal kuwi isih akeh sing ngugemi lan ngecakne ing panguripane. Isih
akeh wong sing nyawang remeh marang wong nyambut gawe dadi rewang, dadi buruh
kasar lan sajinise. Kamangka tanpa rewang, tanpa buruh kasar, tanpa wong tani wong-wong
sing jarene kinurmat uripe kuwi ya bakal repot lan ora bisa ngrampungne
gaweyane. Ing jaman saiki kudune wong sing dianggep manggon ana dhuwur
sajroning urip neng donya kuwi miwiti nggunakne cara mikir sing luwih klebu ing
nalar, lire wong urip kuwi siji lan sijine padha dene olehe mbutuhake. dadi
drajate padha, endi sing mbutuhne kudu dibantu jumbuh karo kabisane
dhewe-dhewe.
"Sing
aneh kuwi malah caramu mikir Dhik" sawuse rampung guyune Sujud kandha.
"Aneh
kados pundi Mas?" Mur takon.
"Ya
aneh , wong aku ya longgar tur bisa nglakoni, nek Mas Andhik sanajan bisa rak
jan-jane durung karuwan yen longgar tenan? sawayah-wayah baune dibutuhne dening
Paklik utawa Bulik, ya ta? Dadi wis pas nek luwih becik aku sing budhal mapag
Ibuk nyang Stasiun, ngajak Dhik Mur merga aku durung tau weruh lan ngerti Ibuk.
Paham?".
"Inggih
Mas" Mur wangsulan alon "nanging lucunipun punika, tiyang Mak-e niku
namung Mak-e kula, Mak-e PRT utawi kasaranipun Mak-e babu mawon lho, kok
ingkang mapag malah Mas Sujud, niku upami dirakit dados cariyos utawi dados
tembang ngaten dados Tembang Ingkang Cemplang ngaten lho Mas?".
"Apa
tembang cemplang?" Sujud ngguyu maneh "iki sing luwih lucu maneh.
Dhik Mur aja katut karo wong sing ora ngerti, sanajan jarene wong sing ora
ngerti kuwi klebu wong pinter. Wong sing tak arani ora ngerti kuwi, wong sing
seneng mbedak-mbedakne pangkat, drajat, kasugihan ing papan sing ora pas. Pancen
bener antarane Rewang karo Majikan kuwi drajate ora padha, nanging kudune sing
dadi Majikan ya ora banjur gumedhe rumangsa mung bisa mbayari rewange, ora
ngelingi nek ora ana rewang, majikan kuwi bakal kerepotan. Padha karo rewang
nek ora ana majikane banjur arep ngrewangi sapa?. Mula aku meling, kuwi nek
Dhik Mur ora kabotan lho?".
"Meling
punapa Mas?" Mur nyela takon "badhe kula estokaken welingipun Mas
Sujud dhateng kula".
"Meling,
saupama mbesuk ana wolak-waliking kahanan, Dhik Mur banjur bisa ngereh Rewang,
aja banjur rumangsa dumeh bisa ngereh, luwih prayoga lan luwih becik nek Dhik
Mur mbesuk kersa nganggep rewang kuwi
wong sing wis nulungi Dhik Mur aweh bebantu nyuda karepotane Dhik Mur,
mathuk apa ora?" Sujud mangsuli pitakone Mur.
"Inggih
Mas, welingipun Mas Sujud mesthi kula estokaken" Mur nanggapi, banjur
ngguyu cemplang "nanging kok nggih kados ngayawara ta Mas menawi kula
mbenjing saged dados tiyang ingkang ngerehaken rewang?"
"Aja
ngono olehe mikir" Sujud ngandhani Mur "sing bisa gawe sugih mlarate
manungsa kuwi Gusti Allah, manungsa mung bisa mbudidaya thok. Aja mung nganggo
wewaton siji thok wong sing sregep nyambut gawe mesthi dadine sugih, kuwi ora
luput nanging nyatane akeh wong sing nyambut gawene nganti teken janggut suku
jaja, nanging uripr panggah mung pas-pasan, malah sok-sok ya isih kurang. Ana
maneh sing katone olehe nyambut gawe mung samadya nanging nyatane asile gedhe.
Kuwi merga apa? Merga sing nduweni kasugihan ki Gusti Allah terus
dititip-titipne marang kawulaNe, ana sing dititipi akeh, ana sing dititipi
sethithik. Lha wektu iki sing dititipne Dhik Mur kira-kira durung pati akeh,
sapa sing bisa ngalang-alangi nek mbesuk-mbesuk dening Gusti Allah sing
dititipne Dhik Mur luwih akeh tinimbang sing dititipne marang Bulik utawa
Paklik Kardiman?".
"Inggih
Mas, kula saged nampi" wangsulane Mur alon.
Ora
krasa, disambi omong-omongan lakune mobil sing disetiri Sujud wis tekan regol
sing dijaga Marsana. Ngerti nek sing teka Sujud, Marsana mbukak lawange regol
aweh dalan marang Sujud sing arep nglebokne mobile menyang plataran omahe Pak
Kardiman. Sujud noleh menyang Marsana karo mesem aweh kurmat, banjur nggiring
mobile mlebu plataran.
Sawise
mobil mandheg, Sujud ndhisiki mudhun, mbukakne lawang kanggo Yang Yem supaya
bisa mudhun. Mur nututi mudhun. Banjur ngajak Mak-e mlebu omah, ora liwat
lawang ngarep. Nanging liwat lawang garasi, sing tembusane pawon sing cedhak
kamare Mur lan mBok Ti. Pas tekan lawang butulan saka ruang tengah, Mur mandheg,
Yang Yem melu mandheg, saka njero omah Bu Kardiman ngepasi mlaku metu. Weruh
nek Mur wis teka ditutne Mak-e, Bu Kardiman suwe olehe ngulati sing lagi teka,
dumadakan saka lambene Bu Kardiman mencolot suwara pitakon klawan rasa kaget :
"Bu
Daryana............?"
Yang
Yem melu kaget, banjur nyawang sing nyebut jeneng sing suwe ora kocap kuwi.
Yang Yem, blangkemen ora bisa ngucap apa-apa.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar