dening: IMMIR
46.
Let
sedina karo anggone Bu Kardiman Transfer dhuwit, Yang Yem sida budhal menyang
Jakarta. Numpak sepur Tatarmaja sing rega karcise ora larang. Sadurunge budhal
mau Yang Yem isih kober pamitan marang Bu Mandhor menyang omahe. Senajan mengko
Bu Mandhor bakal tandang gawe dhewe sasuwene Yang Yem neng Jakarta, nanging ing
atine ora ana rasa gela utawa cuwa marang Yang Yem, malah Bu Mandhor kepara
nyengkuyung anggone rewange kuwi menyang Jakarta. Bu Mandhor duwe panemu yen
neng Jakarta anake Yang Yem kuwi diasihi majikane. Bu Mandhor uga duwe rasa
sujana marang anake kuwalon, Nita, sing duwe karep ngolehne Mur karo kancane
sing jare Pengusaha Sugih nanging olehe arep ngepek Mur dadi bojone mung
kepengin nganggo nikah sing ora resmi. Iki genah nek mung arep ndadekne Mur
minangka wanita simpenan thok, diuja bandha nalika isih ayu rupane seger awake,
nek wis ilang ayune mesthi banjur dibuwang kaya buntel panganan sing dibuwang
menyang pauwuhan. Kamangka Mur kuwi bocah sing isih suci, durung tau kegepok
wong lanang, lha wong Bu Mandhor kuwi biyen sing mung drajate wadon palanyahan
wae, nalika Mandhor Takat nembung njaluk supaya dheweke mung dadi duweke
Mandhor dhewe, dheweke gelem nek diijab kanthi resmi, ora mung dadi wanita
simpenan, sing wekasane ndadekne uripe bisa mentas saka urip sing nistha, lan
mbuh ditampa karo sing kuwasa mbuh ora, nyatane dheweke bisa mertobat.
"Mesthine
awakmu mengko neng nggone Mur ya ana sepasar bisa uga punjul lho Yem"
kandhane Bu Mandhor sawuse rampung olehe aweh pitutur sacukupe.
"Lha
duka niku mengke" wangsulane Yang Yem "mesthine nggih ndherek kalih
kersane bendarane Mur ta Bu? wong kula mrika niku rak nggih awit saking
rerigene mrika?".
"Ya
ora apa-apa rada suwe neng kutha, karo nglereni awak Yem" Bu Mandhor mesem
lega "karepku ngene, ben mengkone aku ora diluputne karo Nita, aku ya
njaluk awakmu gelem sethithik edhing".
"Sethithik
edhing pripun Buk?" Yang Yem takon.
"Ngene,
nek awakmu wis oleh rong dina neng Jakarta Nita arep tak kabari nek kowe niliki
Mur, dadi Nita ora nyalahne aku merga dikira ngojok-ojoki kowe supaya ora
nggugu eguhe Nita bab Mur kuwi. Ngerti karepku ta?" Bu Mandhor wangsulan
karo takon.
"Nggih
ngertos" wangsulane Yang Yem "nanging, mengke nek Dhik Nita nusul
mrika pripun?".
"Kaya
sing tak omongne mau, kowe mengko ngomonga sak wutuhe marang bendarane Mur karo
omonga pisan nek kowe ora mathuk karo eguhe Nita, banjur pasraha njaluk tulung
murih apike piye, ngono wae. Dadi upama mengko Nita nusul kowe, sing mangsuli
omongane Nita ben bendrane Mur".
"Inggih
Bu" Yang Yem wis mudheng karo sing dikarepne majikane.
Jam
lima sore sepur jurusan Blitar-Madiun-Jakarta mangkat saka setasiun
Kedunggalar. Yang Yem sing gawane ora pati akeh, mung tas cilik wadhah salin
karo kerdhus cilik isi oleh-oleh kanggo anake, oleh lungguhan sing kepenak.
Kursi ngarep Yang Yem dilungguhi bocah lanang loro, jejere Yang Yem bocah wedok
sing kira-kira rada tuwa sethithik karo anake wedok.
"Badhe
tindak pundi Bu?" bocah wedok sing neng jejere Yang Yem kuwi ngajak omong.
"Arep
Jakarta mBak, jarene mau kon mudhun Setasiun Gambir" wangsulane Yang Yem
"Lha slirane?".
"Sami
Bu kula mangke nggih mandhap Gambir" wangsulane bocah wedok kuwi.
"Tiyang
sekawan niki mangke sami Bu" bocah lanang sing ana ngarepe nrambul gunem
"mandhap Gambir sedaya. Ibuke badhe tuwi sedherek nggih?".
"Anu
arep niliki anak, Mas" wangsulane Yang Yem .
"Putrane
daleme Jakarta nggih Bu?" bocah wedok sing neng jejere takon.
"Ora,
mBak anakku ki mung ndherek, kasarane ya dadi babu neng Jakarta, lha wingi
bendarane telepon ngabari nek anakku kuwi kangen mbokne, banjur karo bendarane
anakku aku dikon nyang Jakarta anakku ora bisa tilik omah merga repot"
wangsulane Yang Yem bares.
"Putrane
Ibuke niku angsal majikan sing sae Buk" Bocah wedok kuwi omong "kula
teng Jakarta nggih mbabu kok Buk, ning majikan kula niku tiyange
"etungan" , njing riyaya niku kula boten oleh mulih, nek kangen omah
ken wangsul sasi-sasi ngeten niki, ning nggih niku nggih dipotong gaji".
"Nek
kados kula ngeten niki lho Buk, sawayah-wayah pengin mulih boten enten sing
menging, mulih nggih boten dipotong gaji" Bocah lanang sing dhek mau omong
melu nyaut gunem maneh.
"Ning
boten dibayar" bocah lanang sijine sing maune meneng wae, melu omong karo
ngguyu. Kancane karo bocah wedok sing lungguh jejer Yang Yem melu ngguyu.
"Ampun
gumun Buk" bocah lanang sing omong keri kuwi nutugne omonge "kula
lare kalih niki sami-sami kuli bangunan, buruh harian nek mlebu nggih dibayar
nek boten nggih boten".
Yang
Yem mung mesem wae.
"Anu
lho Buk, nek ngersakne tilem njenengan tilem mawon, kula tak sing melek, merga
nek tilem danten sok enten tukang ngutil mider sing pados asil" bocah
lanang kuwi ngandhani Yang Yem.
"Ya
apike, turune gentenan wae Mas" sing nyauri bocah wedok sing ana jejere
Yang Yem.
"Ora
apa-apa mbak, sampean turu dhisik wae, cah loro iki nek neng sepur utawa
kendaraan gak tau bisa turu kok" bocah lanang kuwi aweh wangsulan.
Sepur
ora leren-leren anggone mlaku. Jam lima esuk mlebu stasiun Gambir. Wong papat
kuwi bareng-bareng mlaku arep mudhun. Kerdhus gawane Yang Yem digawakne dening
bocah lanang sing lungguh neng ngarepe mau. Bocah lanang sijine nggawakne tas
gedhe gawane bocah wedok sing lungguh neng jejere Yang Yem.
"Sampean
Naksi mBak?" bareng wis tekan
ngisor bocah lanang kuwi nakoni bocah wedok sing dibantu nggawakne tase mau.
"Iya
Mas, lha sampean?" sing ditakoni genti takon.
"Aku
mlaku wae, wong arep njujug proyek kok, nggone ora adoh" wangsulane bocah
lanang mau sing banjur takon menyang Yang Yem "lha ibuke?".
Durung
nganti Yang Yem wangsulan, dumadakan Mur teka karo nyeluk simboke:
"Maaaaak......."
setengah mlayu Mur marani Yang Yem terus dirangkul.
"Iya"
Yang Yem wangsulan karo omong menyang kancane barengan neng sepur mau :
"Iki
anakku wedok Mas, mBak. Aku dipapag".
Mur
banjur ngingeti wong-wong kuwi, ngethungne tangan ngajak salaman karo mesem.
"Matur
nuwun lho Mas, mBak.... wis ngancani Mak-ku" kandhane Mur karo mesem
seneng.
"Ya,
Mbak padha-padha" wangsulane bocah lanang karo bocah wedok mau meh bareng
"ya wis yen ngono, aku tak nerusne laku ya?".
"Inggih
Mas, matur nuwun sanget".
"nGgih
sami-sami" bocah lanang kuwi mangsuli banjur mlaku ninggalne Yang Yem Karo
Mur.
"Aku
ya tak terus ya mBak, kula riyin nggih Bu?" bocah wedok sing mau melu
pamitan.
"Nggih
mBak matur nuwun" wangsulane Yang Yem karo Mur bareng.
Sawuse
wong-wong kuwi padha lunga, Yang Yem banjur nakoni anake :
"Iki
terus nyang ngendi ndhuk? numpak apa maneh?".
Mur
ngguyu banjur semaur :
"Ya
nyang daleme Ibuk-e ta Mak, iki mau aku diterne ......."
"Rencangipun
Buk" dumadakan neng sisihe Mur wis ngadeg wong lanang sing lagi nyekeli
kunci mobil sing banjur ngethungne tangan ngajak salaman Yang Yem. Wong loro
kuwi padha kaget, ora ngerti nek ana wong sing marani. Luwih kaget maneh bareng
Yang Yem nampani tangane sing ngajak salaman, tangane Yang Yem digegem kenceng
banjur diambung kaya lumrahe anak sing salaman karo wong tuwane ngana kae.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar