dening: IMMIR
45.
Ngerti
nek Andhik karo Marsana mlebu Mur mandheg sedhela, nanging ora omong apa-apa,
banjur nerusne olehe mlaku arep menyang papan anggone jagongan para bendarane.
Saklebatan Mur weruh mripate Andhik sing owah dadi mencereng, nanging Mur ora
ngerti sing dadi sebabe. Najan mangkonowa, ing atine Mur banjur tuwuh rasa sing
ora kepenak, nanging banjur ketutup karo mikirne gaweyane, yaiku ngaturi Bu
Kardiman yen olehe tata dhahar wis rampung. Mengko wae, nek karo mangan bareng,
Mur arep nakoni Andhik ya gene Andhik mliliki dheweke iki mau, ben ora ndedawa
panyakrabawa sing ala.
"Lha
awakmu karo bocah-bocah apa ya wis padha maem?" Bu Kardiman takon, nalika Mur bubar atur
uninga yen anggone tata dhahar wis rampung.
"Ingkang
sampun mlebet nembe Mas Andhik kaliyan Mas Marsana" wangsulane Mur
"inggih sakedhap malih rak mlempak sedaya lajeng sami nedha
sesarengan".
"Yen
ngono, awakmu karo mBok Ti maeme bareng karo Budhe Narti wae, kana mBok Ti
kandhanana" Bu Kardiman dumadakan prentah sing tumrape Mur prentah sing
aneh, ora kaya padatane. Mula Mur ora enggal ngalih, kaya-kaya ora percaya karo
sing dikandhakne majikane.
"Dikandhani
kok ora ndang dilakoni ta Mur? kok malah plenggang-plenggong kaya sapi
ompong?" Bu Kardiman ngelokne Mur "kana ndang budhal, nek piringe
kurang nyangking pisan".
"Inggih
Buk-e" Mur wangsulan banjur ngalih mbalik nyang panggonane mBok Ti sing
lagi lungguh awor karo wong-wong liyane.
mBok
Ti, Marsana, Andhik, Sadi karo Singgih wis padha mapan lungguh neng kursine
dhewe-dhewe. Ngerti Mur wis teka, Sadirun banjur arep nyandhak enthong nyidhuk
sega.
"nDang
ta Mur, dienteni kok suwe temen?" Singgih alok menyang Mur karo mesem.
"Iya
Mas Singgih, disekecakne dhisik olehe olehe padha dhahar" Mur wangsulan
banjur kandha marang mBok Ti "mBok, nyang Ibuk-e didhawuhi ndherekne Budhe
Narti dhahar neng ruang makan".
"Apa?
aku didhawuhi maem neng kana?" mBok Ti takon semu ora percaya "awakmu
ki guyon apa klecon?".
"Iya,
ayo. Sing didhawuhi sampean karo aku" Mur negesne omonge.
mBok
Ti ora sida imbuh sega, banjur ngadeg arep mara menyang ruang makane Bu
Kardiman ditutne Mur sing mlaku ana mburine.
"Rumangsaku
dina iki mau kok beda banget karo dina-dina liyane ta?" bareng Mur karo
mBok Ti wis ngalih, Marsana karo imbuh sega ngomongne rasa gumune.
"Pancen
iya kok Mas" Andhik nyauti cluluke Marsana "wiwit esuk mau, aku weruh
Mur telepon nganggo hapene Bosse, banjur Bosse ya melu omong neng telepon kuwi
mau. Gek ketoke bar telepon bosse ketok nek seneng, banjur sampean weruh saiki
driji manise Mur wis ana ali-aline lho?!? Atake.......".
"Atake
apa Bro?" Singgih nyaut tembunge Andhik sing ora dirampungne "Mur
telepon nganggo hapene Bosse ki sing ditelepon sapa? omong apa?".
"Aku
ya ora ngerti" Andhik wangsulan "wong weruhku ki mung saka kadohan,
aku neng lawang garasi, gek Mur karo Bosse neng ngarep lawang butulan sing
mburi kae, dadi aku ya ora krungu".
"Lha
bar telepon apa Mur ora nyoba kok takoni?" Marsana takon.
"Ora
kober mas" wangsulane Andhik "wong bar Mur telepon mau banjur Budhe
Narti karo Mas Sujud teka mau, dadi Mur ya terus ora bisa dicedhaki wong banjur
repot karo gaweyane, banjur aku nusul sampean nyang gerdhu mau apa?".
"Terus
saiki Mur karo mBok Ti malah dikongkon mangan bareng karo Bosse?" Sadirun
sing maune mung meneng genti melu omong.
"Lha
iya? eneng apa ya iki mau? sing rada dadi pikiran ki malah saiki Mur wis
nganggo ali-ali kuwi lho?" Andhik mangsuli sajak ora seneng atine.
"Lha
mau sampean ngomong atake ta? atake apa Bro?" Singgih takon.
"Atake
tanpa awake dhewe weruh Penjahir ngarepan kuwi wis nembung dhewe nyang Boss
wedok? Merga dhek emben kae Boss wedok tau omong sajake Tanta ki kepencut karo
Mur, gek Boss wedok ki ya padha karo mBok Ti, olehe ngalembana wong ngarepan
saanake ki nganti sundhul langit ngana kae. Atake ali-ali sing dienggo Mur kae
olehe menehi Tanta, ketitik dienggo neng driji manis sisih kiwa, nek wis gelem
nganggo barang pawehe wong lanang, tegese Mur wis nampa katresnane wong sing
menehi barang kuwi. Dadi sasuwene iki Mur blas ora nggatekne kabecikan saka
awake dhewe" kandhane Andhik ketok nek lagi gela.
Wong-wong
ora ana sing semaur maneh, malah banjur padha telap-telep anggone mangan.
nDhog kamal asin sing kudune jatahe mBok
Ti karo jatahe Mur dening Sadirun karo Singgih disikat pisan. Mung Andhik sing
mangane sethithik, malah piring sing adate resik, awan kuwi isih ana sisa sega
sing ora dipangan.
Sauntara
kuwi sing neng ruang makan jero, Bu Narti ora leren-leren anggone ngalembana
Mur sing masakane sing jarene ngalahne masakane koki hotel bintang lima. Sing
dialem mung meneng ora semaur apa-apa. Bu Kardiman sing saben dina mangan
olah-olahane Mur, tiru-tiru Bu Narti melu ngalembana Mur pisan.
"Sing
dingendikakne Budhe Narti kiuwi tenan Mur" kandhane Bu Kardiman
"olah-olahanmu kuwi bener-bener kena dirasakne. Nanging ya kuwi, awakmu ya
kudu ngerti sirikane supaya masakanmu panggah enak lan kena dirasakne".
"Sirikanipun
punapa Buk-e?" bareng sing omong Bu Kardiman Mur wani takon.
"Sirikanmu
awakmu aja olah panganan yen atimu lagi ora kepenak, sedhih, gela, bingung lan
sapiturute. Nek atimu lagi seneng panganan sing kok olah mesthi mirasa, sansaya
seneng atimu sansaya enak rasane panganan sing kok olah" Bu Kardiman
ngandhani Mur murih enake panganan sing diolah.
"Layak
ta?" dumadakan mBok Ti melu cluluk.
"Layak
apane mBok?" Bu Kardiman takon.
"Kala
emben nika olah-olahanipun Mur kraos cemplang boten wonten raosipun, sareng
Ibuk-e ngendikan kula nembe kemutan, kala emben nika Mur nembe mawon
muring-muring kaliyan kanca-kanca" wangsulane mBok Ti karo mesem.
Mur
mleruk karo nglirik mBok Ti. Bu Kardiman ngguyu. Bu Narti ba njur melu mbumboni
:
"Ya
mbesuk nek wis omah-omah, kakunge kudu dikandhani nek kepengin mangan panganan
sing enak rasane, aja nganti cilik gawe gela gedhene gawe sedhihe Nak
Mur".
"Lha
ingkang kadhawuhan ngandhani sinten Budhe?" mBok Ti takon karo rada
ngguyu.
"Ya
Ibune ta mBok" Bu Kardiman sing mangsuli karo ngguyu.
"Oh
iya, Mur iki mau Budhe Narti meling nyang Ibuk, supaya ngandhani awakmu"
dumadakan Bu Kardiman omong bab liya.
"Punapa
Ibuk-e?" Mur takon.
"Paring
dhawuh piyambak punapa siyos kula wakili mBakyu?" Bu Kardiman genti nakoni mBakyune Ipe.
"Panjenengan
dhawuhne wae ta Dhik" wangsulane Bu Narti "merga aku ki nek omong sok
kamisosolen, angel ditampa".
"Inggih
sampun" Bu Kardiman kandha kanthi sareh "wiwit dina iki, Budhe Narti luwih remen yen kok aturi Ibu,
Mur, ora Ibuk-e, tinimbang kok aturi nganggo tembung Budhe. Dadi awakmu nek
ngaturi Ibuk-e, kuwi tegese nyebut aku, ning nek nyebut Ibu, kuwi marang Budhe
Narti. Ngerti?"
"Inggih,
ngestokaken dhawuh Buk-e" Mur wangsulan. Tumrape Mur apa sing diprentahne
bendarane waton ora cengkah karo paugeraning urip kuwi ora kena dibantah, wajib
dilakoni.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar