dening: IMMIR
44.
Bu
Kardiman nyawang Bu Narti sedhela banjur genti nyawang Sujud, saka praupane
wong loro kuwi kena disawang yen padha nggembol rasa kuwatir. Bu Kardiman bisa
ngrasakne rasaning atine wong loro kuwi, amarga wong loro kuwimesthine babar
pisan ora tau duwe panyana yen bakal kepethuk kanyatan kaya sing diadhepi saiki
iki, kira-kira malah padha "mandhakne" marang sing arep dituju. Ya mandhak
mung Mur arep ngarah Mur sing mung drajate rewang wae kok, mangsa angela .
Ngono pikirane Bu Kardiman nalika weruh owah-owahaning praupane mBakyune Ipe
lan Ponakane kuwi. Mesthi wae Bu Kardiman ya ora kepengin rasa kuwatire wong
loro kuwi yen ora enggal ilang saka atine, mula Bu Kardiman banjur nerusne
anggone kandha :
"Nalika
kula takeni, Nita boten ngaken menawi sampun angsal mBakyu. Nanging sareng kala
wau enjing Mur kula kengken telepon simboke, nangkletaken punapa leres mBoke
Mur ngengken Mur wangsul benjing riyadin punika, ing ngriku lajeng kasumerepan
menawi Nita sampun boten bares kaliyan
kula".
"Lire
ora bares kepiye Dhik?" Bu Narti nyela takon.
"Sepisan,
mBokne Mur boten nate nedhi tulung dhateng Nita supados madosaken bojo anake,
anggenipun Nita madosaken calon bojo dhateng Mur niku inggih saking kajengipun
piyambak. Nuwun sewu, panginten kula, ketingale wonten tiyang ingkang kepencut
kaliyan Mur lajeng ngengken Nita ngrigenaken murih tiyang wau saged ngepek Mur,
lha petangipun inggih kados menawi wonten tiyang betah rewang lajeng ngengken
Nita madosaken ngaten nika, sepisan malih nuwun sewu niku namung panginten
kula" Bu Kardiman aweh wangsulan marang pitakone Bu Narti.
"Lha
ingkang kaping kalih punapa Bulik? niku wau rak ingkang kapisan?" Sujud
genti takon.
"Iya,
sing nomer loro, mBokne Mur anggone ngongkon mulih anake wedok kuwi merga, arep
ditari gelem orane upama dijodhokne karo wong lanang sing ditawakne Nita. Nanging
sajake mBoke Mur durung pati seneng karo wong lanang sing diomongne Nita, malah jarene mau klebu Ibune Nita dhewe
sing uga duwe sesambungan sing raket karo simbokne Mur, uga melu meling supaya
Mur ora gampang kepencut karo gebyaring bandha utawa kumrincinging ringgit. Nek
ndelok kuwi kira-kira sing ditawakne Nita kuwi wong sing sugih nanging
mungguhing mBokne Mur lan Ibune Nita ora cocog nek digathukne karo Mur".
"Lha
banjur Nak Mur wis ditari wangsulane kepiye Dhik?" Bu Narti takon rasa
kuwatire wiwit suda.
"Dereng
dipun tari mBakyu, amargi mBokne Mur criyos kajawi kangge ngrembag punika,
boten cekap dirembag liwat telepon" Bu Kardiman aweh wangsulan.
"Dados
benjing riyadin Dhik Mur badhe wangsul dhateng ndhusun Bulik?" Sujud
takon.
"Sidane
ora sida bali Mas"
"Lho
kok makaten Bulik?"
"Iya
amerga aku melu cawe-cawe, melu nyampuri urusane Mur karo mBok-e iku" Bu
Kardiman aweh katrangan "olehku ngono kuwi merga aku ora lila yen nganti
Mur bocah sing lugu lan isih polos kuwi nganti nemu lelakon sing bisa digetuni
ing tembe mburine. Mula aku banjur omong marang mBokne Mur supaya mBokne Mur
wae sing menyang Jakarta ngrembug perkara sing digawa Nita, karo anake wedok,
asile rembugan bisa dienggo aweh wangsulan marang Nita sing arep tilik omahe Ibune
suk riyaya kuwi".
"Simbok-e
Nak Mur gelem?" Bu Narti takon.
"Purun
mBakyu, amergi kangge tumbas karcis sepur utawi bus sakiing mrika dumugi mriki kula
sagahi badhe kula transfer mangke. kajawi saking punika kula inggih badhe blaka
dhateng mBakyu lan Mas Sujud....".
"Punapa
punika Bulik?" Sujud nyelani rembug.
"Iya
Mas, nalika Bulik krungu suwarane mBokne Mur neng telepon mau, Bulik rumangsa
wis akrab banget karo suwara kuwi, ya carane omong, ya dialek sing dienggo, nanging
Bulik lali, kuwi suwarane sapa? sing cetha suwara kuwi biyen wis aweh kabegjan
marang Bulik, mula Bulik banjur ngeyel kepengin ngerti mBokne Mur. Dadi saupama
mBokne Mur kukuh ngongkon Mur tilik omah, kira-kira Bulik malah arep melu. Tujune mBokne Mur gelem mrene
dadi ya sokur alkamdulillah".
"Saiki
mbalik menyang pokoke rembugan Dhik" sawuse dianggep critane Bu Kardiman
rampung, Bu Narti bali ngajak ngrembug sing dadi pokoke rembugan.
"Ingkang
pudni mBakyu?" Bu Kardiman takon sajak durung mudheng karo sing dikarepake
Bu Narti, merga mungguhing Bu Kardiman kabeh sing wis diomong iki mau klebu
pokok rembugan.
"Ya
sing paling wigati bab Nak Mur karo anakmu Sujud" wangsulane Bu Narti
nggenahne karepe.
"Oh,
kersanipun mBakyu supados Mur enggal-enggal kula takeni , pripun saupami dipun
kersakaken Mas Sujud ngaten?" Bu Kardiman wangsulan karo mesem.
"Lha
inggih no Bulik" sing mangsuli malah Sujud "mangke kaselak Dhik Mur
nampi tiyang ingkang dipun criyosaken sinten? Nita? kala wau?".
"Utawa
salah siji saka kancane Nak Mur sing uga jare nyambut gawe neng kene banjur
nekad nembung marang Nak Mur dhewe ? Apa sapa? sing Penjahit mau? ndhisiki
nembung ? Aku rak sida kapiran kapirun, gaga ora matun, kebo ora nuntun, bojo
ora rukun no?" Bu Narti ngimbuhi sing diomongne Sujud.
Bu
Kardiman ngguyu krungu tembunge Bu Narti sing ndadak nganggo purwa kanthi guru
suwara barang kuwi.
"Ngaten
mBakyu" bubar ngguyu Bu Kardiman banjur kandha suwarane ketara nek sareh
"kula sampun gadhah cara, mangke menawi mBokne Mur sampun dumugi mriki,
kajawi badhe nakeni Mur kula nggih badhe nembung pisan dhateng simbokipun
menawi Mur badhe kula jodhokaken kaliyan anak kula piyambak inggih Mas Sujud
punika. Kados pundi manawi makaten?".
"Lha
simboke Nak Mur kuwi olehe arep teka kene suk kapan?" Bu Narti takon.
"Boten
dangu malih kok mbakyu" Bu Kardiman aweh katrangan "menawi boten
kalih dinten inggih tigang dinten malih tiyange bidhal saking mrika. Sokur
menawi mangke mBakyu kaliyan Mas Sujud ugi ndherek manggihi pisan, rak sae
ta?".
Bu
Narti karo Sujud ketok sumilak bingar praupane. Bu Narti nyawang Sujud karo
mesem, Sujud melu mesem atine krasa nyicil lega. Atine Mur ya krasa lega,
nalika mBok Ti ora meri marang Mur sing diparingi ali-ali mas patlikuran telung
gram dening Bu Narti, merga mBok Ti ya wis diparingi dhompet rega larang sing
jerone ana dhuwite barang.
"Wis
jam setengah rolas lho Mur" kandhane mBok Ti marang Mur sing wis rampung
tata dhahar neng meja makane Bu Kardiman. Pasugatane meh padha karo menune pas
mangan awan neng Leuwiliang dhek emben kae.
"Iya
mBok, wis rampung kabeh kok" wangsulane Mur "kari nata sing kanggo
awake dhewe karo wong-wong".
"Nek
sing kuwi gampang, kari ngusungi wae, wong kabeh wis mateng" mBok Ti banjur
ngandhani supaya Mur matur Bu Kardiman nek dhahar siang wis ditata "Ibuke
ndang diaturi pisan kana".
"Iya
mBok, tak aturane saiki" wangsulane Mur karo ngadeg arep mlaku nggoleki
majikane. Nalika Mur mlaku, saka ngarep Andhik karo Marsana mlebu. Andhik
kaget, mripate sing awas weruh neng drijin manise Mur wis ana ali-aline. Ing
angen-angene Andhik dumadakan liwat wewayangane Tanta sing lagi ngguyu, nyawang
dheweke sajak ngece.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar