dening: IMMIR
43.
Mur
pancen wis kulina ngladekne suguhan marang tamu-tamune Pak Kardiman utawa Bu
Kardiman, dadi anggone ngladekne ya bisa cak-cek, cepet nanging ora ninggal
tata krama. Kegawa luwih dhisik ana rasa seneng sadurunge, Bu Narti lan Sujud
padha ngalembana ing sajroning atine marang cak-cakane Mur laden. Mau Mur wis
dikandhani mBok Ti nek tamune ngersakne kopi tanpa gula, nanging Mur angone
nggawe wedang, tetep nganggo gula mung wae ora dicampur karo wedange, gula sing
jarene iklan televisi ora marakne lara Nguyuh legi (kencing manis) sing
diwadhahi ing kertas cilik-cilik, dening Mur diselehne ing cawane kopi, ora
dibukak. Kajaba iku uga saben kopi secangkir dikantheni omben banyu mineral
sing diwadhahi botol cilik.
"Dipun
unjuk Budhe, Mas" bubar ngladekne
Mur ngacarani sing disuguhi.
"Iki
guloa sing ora marahi penyakit ya Nak Mur?" Bu Narti takon karo nudingi
gula wadhahan sing tumumpang ing cawan neng sisihe sendhok lan cangkir.
"Inggih
Budhe" wangsulane Mur .
"Iya,
mengko tak enggone, aku ya gelem kok nganggo gula ngene iki" Bu Narti
omong maneh.
"Inggih
Budhe" Mur banjur arep mundur.
"Mengko
dhisik Nak Mur" Bu Narti kandha nyandhet Mur sing arep lunga "iki mau
Ibu nggawa oleh-oleh kanggo mBok Ti karo Nak Mur, sing kanggo mBok Ti wis
diparingne mau, iki sing kanggo Nak Mur".
Bu
Narti njupuk buntelan cilik saka njero tas cangkinge, banjur diulungne menyang
Mur.
"Ngaturaken
genging panuwun Budhe" karo nampani buntelan sing diulungne Mur ngaturne
panuwun.
"Ya
tiba sepadha-padha" wangsulane Bu Narti "aja didelok pira ajine lho,
iki mung wujud rasa tresnane Ibu marang Nak Mur".
"Inggih
Budhe, matur nuwun sanget" panyaute Mur "kepareng Mur badhe dhateng
pawon rumiyin".
"Iya,
iya" bu Narti wangsulan sajak marem rasaning atine.
mBok
Ti sing wiwit mau ngrasakne ana bab sing aneh ing tangkepe Bu Narti,
menang-meneng ngetutne Mur nganti tumekan lawang sing anjog ruang tengah kuwi.
Saka waliking lawang mBok Ti inceng-inceng karo nguping apa sing dikandhakne Bu
Narti marang Mur. Sepisan maneh mBok Ti kaget, Bu Narti olehe mbsakne Mur
marang awake nganggo tembung Ibu, ora Budhe. Aneh. Apa kira-kira Bu Narti duwe
karep arep...........
"Ah,
mokal" mBok Ti mbantah batine dhewe, banjur diwangsuli dhewe "nanging
upama tenan, ya pancen bejane Mur"
"Ana
apa mBok?" Mur kaget merga ora ngira nek mBok Ti amping-amping ing mburi
lawang.
"Ora
ana apa-apa kok" karo suwara groyok mBok Ti wangsulan "suwaramu ketok
nek kaget Mur, awakmu mau karo nglamun ya?".
"Ora
thik!" Mur wangsulan karo terus mlaku menyang pawon. Mbok Ti banjur
ngetutne neng mburine.
"Aku
mau oleh dhompet apik rega larang, lha awakmu diparingi apa Mur?" lagi wae
Mur nyelehne baki neng papane, mBok Ti mburu karo pitakonan.
"Ya
durung ngerti ta mBok" wangsulane Mur sareh "genah nek durung tak
bukak ngene".
"nDang
dibukak ta, sapa ngerti isine gelang apa kalung mas sing larang" mBok Ti
ngomongi Mur supaya mbukak oleh-oleh saka Bu Narti mau.
Ora
semaur Mur mapan lungguh neng dhingklik dawa, mBok Ti nusul njejeri. Kanthi
ngati-ati Mur mbukak buntelan kertas kuwi.
"mBok........?"
Mur mlengak karo nyawang mBok Ti.
"Apa
Mur isine?" mBok Ti takon melu kaget.
"Iki
lho !" Mur nuduhne isine buntelan kertas kuwi marang mBok Ti. Ali-ali mas.
mBuh disengaja, embuh merga Bu Narti lali, neng kanthong cilik sing dibuntel
kertas kuwi, kajaba ana ali-ali iya katutan layang nota saka toko mas sing
nuduhne bobote ali-ali telung gram mas pat likuran.
"Pancen
nasibmu apik Mur" sawuse rada suwe kamitenggengen mBok Ti banjur omong
"kuwi ali-ali dandanan ngono lho, coba ana tulisane apa kuwi?".
"Tulisane
jenengku mBok" Mur semaur karo ngiling-ilingi tulisan saka iring jero
ali-ali.
mBok
Ti meneng ora semaur, angen-angen sing lagi wae dibantah lan diwangsuli dhewe
mau liwat maneh neng angen-angene. Nanging mBok Ti ora ngandhakne isine
angen-angen mau marang Mur. Malah mBokti banjur kandha :
"Wis,
layange ndang disimpen kana. Ali-aline ndang dienggo wae, sing maringi kareben
luwih seneng".
Mur
nyoba nganggo ali-ali kuwi neng driji jenthike, lodho. Banjur dilebokne neng
driji manise, pas. mBok Ti melu marem lan melu seneng weruh drijine Mur sing
adate resik, kuwi saiki wis ana rerenggane. ketok dadi lan manise.
"Kanggo
mangan awan wong-wong dimasakne apa mBok?" Mur kelingan karo gaweyane.
"Ora
sah digagas" mBok Ti semaur karo ngguyu "bocah-bocah karo awake dhewe
wis tak cepaki gudheg, kari manasi, karo ndhog asin turahan wingi. Saiki malah
awakmu ndang nata sing arep kok olahne kanggo Budhe Narti jare pesen jangan
asem?".
"Iya"
Mur wangsulan karo nglebokne layange ali-ali menyang wadhahe, ali-aline tetep
dienggo.
Bu
Kardiman unjal ambegan landhung, panyawange genti genten tumuju marang mBakyune
Ipe lan ponakane lanang.
"Ya
ngono kuwi mau Dhik, dadi apa sing diaturne anakmu kuwi padha karo sing
dirembug karo aku" Bu Narti nambahi rembug, sawuse rada suwe Bu Kardiman
ora enggal nanggapi kandhane Sujud "saiki mangga kabeh kari nyang
Panjenengan".
"Ngaten
nggih mBakyu" Bu Kardiman kandhane bisik-bisik nanging isih bisa dirungokne
Bu Narti karo Sujud "sanajan namung kados makaten wujud lan
kawontenanipun, Mur niku kathah ingkang ngajengaken, nanging sedaya inggih
dereng wonten tembungipun, nembe mandheg ing reraosan".
"Lha
Nak Mur kepiye? apa wis ana sing sajake dicocogi?" Bu Narti mangsuli karo
suwara lirih nanging ketara ana rasa kuwatire.
"Rahayunipun
Mur dereng ngertos mBakyu" Bu Kardiman wangsulan.
"Lha
kok saged makaten Bulik?" Sujud genti sing takon.
"Aku
dhewe ki ya ora pati ndugamana Mas" Bu Kardiman nggenahne rembuge
"Mur ki rak bocah lugu sing ora tau srawung kejaba karo sine omah iki? ya
sok-sok metu blanja neng lapake baku sayur kulon kono, kuwi wae ya arang merga
rak sing ajeg blanja kuwi mBok Ti?. Lha wong ngarepan sing ana papan namane
Penjahit Sempulur kuwi, jenenge Bu Kristin kuwi kepencut pengin ngepek mantu
Mur arep diolehne anake lanang, ndelalah anake aing nyambut gawe dadi mekanik
kuwi ya seneng karo Mur. Kuwi dikandhankne menyang mBok Ti, merga saben dina Bu
Kristin ki blanja bareng mBok Ti. Nanging mBok Ti ya durung nari Mur, mung wae
Bu Kristintau sethithik nyenggol bab iki karo aku pas nuju telpon urusan liya.
Lha jarene mBok Ti, bocah-bocah kene kuwi ya ana sing rumangsa cuwa lan gela,
ya cemburu lah, nalika ngerti Mur kuwi tetepungan karo Bu Kristin. Nanging, pas
aku arep budhal menyang kebun Leuwiliang dhek emben kae, neng mobil Mur tak
jajagi apa kira-kira gelem upama dipek mantu Bu Kristin, wangsulane panggah
kaya sing diomongne Mur marang mBok Ti lan bocah-bocah liyane : Mur isih
kepengin urip ijen merga isih kepengin ngepenakne mBok-e sing neng ndesa".
"Makaten
inggih Bulik?" Sujud nyela takon.
"Isih
ana tunggale, biyen sing nggawa Mur nrene kuwi rak Nita? wong sing tukang nyalurne
Rewang saka ndesa menyang ibu-ibu neng Jakarta kene. Lha durung suwe iki, Nita
nemoni aku, ngabari nek suk riyaya kuwi Mur dening simboke dijaluk bisaa bali
tilik omah, Nita ya crita nek simboke Mur kuwi meling supaya Nita gelem
ngrewangti nggolekne bojo Mur" Bu Kardiman nutugne critane.
"Lha
banjur kepiye Dhik? Nita kuwi wis oleh calone Nak Mur ngono pa piye?" Bu
Narti takon kanthi suwara sing ketara ngemu rasa kuwatir.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar