Total Tayangan Halaman

Selasa, 31 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 42

 

dening: IMMIR

 

42.

Bu Kardiman lagi ngerti nek ana dhayoh sing teka bareng keprungu suwara bel tamu ditutul. Mur tanggap sanadyan ora diprentah, gage-gage mlaku arep ndelok sapa tamu sing teka kuwi. Liwat kacane cendhela Mur ngerti yen sing teka kuwi Bu Narti karo Sujud. Wurung anggone arep mbukakne lawang, malah klepat setengah mlayu nggoleki majikane. Mur ngerti lungguhing unggah-ungguh, kanggo mapag tamune iki, luwih prayoga lan luwih becik yen sing mbukakne lawang dudu dheweke, nanging  Bu Kardiman dhewe, amarga Mur ngerti sepira bektine Majikane kuwi marang mbakyune ipe.

"Budhe Narti sampun rawuh Buk-e" kandhane Mur sawuse tekan ngarepe majikane.

"Iya?" Bu Kardiman kaget semu seneng "Wis kok aturi mlebu apa durung?"

"Dereng Buk-e" wangsulane Mur "wau kula sumerep saking nglebet ketingal menawi ingkang rawuh Budhe Narti".

Bu Kardiman ora semaur maneh, daya-daya mlaku arep mbukakne lawang kanggo dhayohe sing wis rada suwe diantu-antu tekane. Kaya padatan ngana kae, Bu Kardiman bubar salaman klawan ngambung tangane Bu Narti, wong loro kuwi banjur padha rerangkulan, cipika-cipiki. Bubar kuwi lagi Sujud sing genti ngaturake bekti marang ibune cilik. Bu Kardiman banjur ngajak Bu Narti lan Sujud bablas mlebu menyang ruang keluarga, ora neng ruang tamu. Mur, nyedhak ngaturne bekti marang Bu Narti, dening Bu Narti Mur banjur dirangkul keket, tangkepe Bu Narti jan babar pisan ora kaya tangkepe bendara marang abdine. kang mangkono kuwi ndadekne mBok Ti sing ngingeti saka kadohan, ya kuwi saka waliking lawang butulan, dadi kaget kaworan gumun. Mur uga ngaturake bekti marang Sujud, nanging cukup karo salaman lan ngambung tangan, ora nganggo cipika-cipiki. Bubar kuwi Mur ya banjur pamitan mundur bali menyang panggonane nyambut gawe maneh.

"Iki Nak Mur, karo Masmu digawakne sayuran  lagi olehe methik saka kebone, tulung dirawati" Bu Narti ngongkon Mur nampani lan ngrawti oleh-oleh sing digawa Sujud.

"Sing diolah kanggo sayur asem pesenane Budhe kuwi wae Mur" Bu Kardiman numpangi omong.

"Inggih" wangsulane Mur marang wong loro kuwi "kepareng kula beta dhateng wingking rumiyin".

"Iya, nanging olehe masak mengko wae, nek saiki isih kesuken" Budhe Narti aweh wangsulan.

mBok Ti sing melu nguping saka waliking lawang, ngerti Mur arep menyang pawon ngrawati oleh-oleh gawane Sujud, cepet-cepetan ndhisiki mlayu menyang pawon. Teka kono banjur ethok-ethok nyerbeti meja babragan. Bareng Mur wis tekan pawon lan arep nyelehne sing digawa menyang meja, mBok Ti gageyan nakoni Mur .

"Mur" kandhane mBok Ti alon-alon nanging cetha.

"Iya mBok?" Mur semaur karo nyelehne sing digawa, mBok Ti ditoleh.

"Budhe Narti ki nek nyang awakmu saiki kok malih ya?" mBok Ti takon.

"Pancen saiki Budhe Narti kuwi wis owah kok mBok" wangsulane Mur kanthi suwara lumrah.

"Owah piye ta? genah ya sehat ngono kok? sembrana kowe kuwi, ngarani sedulure bendarane kok owah?" mBok Ti semaur karo suwara rada sereng.

"Ora owah pikire mBok" Mur nggenahne karepe "owah sing tegese berubah sikap ngono lho".

"Oalaah, sing lumrah wong diarani owah kuwi ngene" mBok Ti mesem karo nyelehne driji penudinge neng bathuk "nek bocah cilik diarani owah kuwi otote ana sing onya".

"Ora owah nanging berubah" Mur semaur karo ngguyu.

"Berubah piye?" mBok Ti takon.

"Ya kaya iki mau, nek nimbali sapa-sapa wis ora njangkar maneh, nyang Mas Andhik ya nganggo Mas, nyang aku malah nganggo tambahan Nak, aku ki sok-sok ya dadi pekewuh dhewe, mosok drajate babu kok diceluk Nak Mur, piye njajal?" Mur omong karo mesam-mesem .

"Iya ki? mau malah olehe mbasakne kowe nyang putrane kae mau nganggo tembung masmu, iya ta?"

"Iya ketoke"

"Aneh ya?"

"Ngono kuwi wiwit aku didhawuhi ibuk-e ndherek menyang Gunung Putri pas slametane Pakdhe Sakun biyen kae lho mBok" Mur ngandhani mBok Ti wiwite Bu Narti duwe sikep sing ngono mau "Wis mBok Ti ndang mbagekne kana, ngiras matur Budhe Narti karo Mas Sujud ngersakne ngunjuk apa, selak didukani ibuk-e mengko".

"Ya" mBok Ti banjur ngalih arep mbagekne tekane Budhe Narti. Pancen neng omahe Pak Kardiman kono kuwi, nek enek dhayoh sing dhayoh mau isih kulawarga dhewe, para rewang sing kabeneran ana omah dening Bu Kardiman dikongkon padha melu mbagekne. Mur banjur ndhudhahi sayuran gawane Sujud mau, arep dipethiki kanggo disayur jangan asem mengkko nek wayahe mangan awan.

Ora pati suwe mBok Ti sing mbagekne Bu Narti, wis bali maneh menyang pawon methuki Mur maneh.

"Wis mBok?" Mur takon.

"Wis" mBok Ti wangsulan  "padha Budhe Narti karo Mas Sujud  ngersakne ngunjuke kopi pahitan tanpa gula, karo sing didhawuhi nggawe karo nggawa mrana kowe".

"Lhah mBok Ti ki kok ya ngono lho?" Mur wangsulan karo mesem sepa "mandhak arep ngongkon ngono wae kok ndadak nganggo ngarang barang".

"Ora ngarang Mur" mBok Ti wangsulan "iki dhawuhe Budhe Narti, ketoke mau Budhe Narti supe maringne hadiah nyang kowe, iki lho hadiah saka Budhe Narti nyang aku".

"Hadhiyahe apa mBok? ndelok" Mur takon.

"Dhompet, sik tak deloke enek isine apa ora? dhompete apik lho Mur" mBok Ti mbukak dhompet olehe maringi Bu Narti neng ngarepe Mur "enek isine Mur, rong lembar, kamdulillah".

Mur ngguyu, banjur tumandang arep nggawe kopi kanggo dhayohe .

Sauntara Mur lagi katrem omong-omongan karo mBok Ti neng Pawon, sing ana jero omah uga lagi rembugan sing rada wigati.

"Perkara sing dirembug awake dhewe dhek emben kae, Sujud wis tak takoni Dhik" Bu Narti miwiti rembugan.

"Inggih kados pundi mBakyu?" Bu Kardiman nanggapi klawan pitakonan.

"Saiki Sujud ya enek, becike ben matur dhewe wae marang panjenengan" Bu Narti wangsulan karo noleh menyang Sujud.

"Piye Mas?" Bu Kardiman genti nakoni Sujud.

"Inggih Bulik" Sujud wangsulan karo suwara sing sajak dingati-ati "Ibuk sampun paring dhawuh jangkep dhateng kula bab Dhik Mur, inggih wiwit ingkang namung drajatipun Rewang ngantos namung dugi kelas gangsal minggah kelas nem sekolahipun, sedaya punika tumrap kula boten kalebet cacad lan kula inggih sampun matur Ibuk supados Ibuk mundhut tulung  Bulik  ndangu Dhik Mur, kinten-kinten kula dipun tampi punapa boten menawi badhe ngarah piyambakipun dados semah".

"Sik-sik, sik tak selani" durung nganti Bu Kardikman nanggapi kandhane Sujud, dumadakan Bu Narti sumela gunem, padune Bu Narti weruh yen saka lawang butulan Mur mlebu karo nyangga baki arep ngladekne kopi.

"Inggih mangga mBakyu" Bu Kardiman mesem rada kecut.

"Wiwit mau Bapake Doni kok ora ketok ki nyang ngendi?" Budhe Narti takon.

"Oh, anu mBakyu nyuwun pangapunten, ing padamelanipun Bapakipun lare-lare nembe radi repot, nembe wonten damelan enggal ingkang mbetahaken kawigatosan mirunggan, niki wau wiwit enjing jam gangsal wau sampun bidhal dhateng padamelanipun, nglembur" Bu Kardiman nggenahne bab repote kakunge.

Mur teka, bakine diselehne meja, banjur kopine diangkat siji-siji diladekne marang dhayohe.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...