Total Tayangan Halaman

Minggu, 05 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 52

 

dening: IMMIR

 

52.

Olehe padha jagongan sajak gumyak kuwi jebul lagi ngrembug larah-larahe Yang Yem, gelem nuruti eguhe Bu Kardiman supaya mara menyang Jakarta. Yang klawan blaka suta apa anane nyritakne olehe Telepon Nita sing arep nggathukne Mur karo kancane Nita sing kabare isih WNA kuwi. Yang Yem ua kandha nek dheweke babar pisan ora mathuk karo rerigene Nita, nanging arep nulak sanalika pas bareng karo Nita Telepon kae, Yang Yem ora wani, merga sing arep nglakoni kuwi Mur dudu dheweke. Arepa dheweke nulak, nek sing nglakoni seneng Yang Yem tetep ora bisa apa-apa. Mula banjur Mur arep dikongkon bali luwih dhisik arep dijak rembugan lan dikandhani bab iki. Nanging Yang Yem ya isih duwe rasa kuwatir, merga nek suk riyaya Mur sida bali, bakal ketemu Nita. Lan bisa uga Mur lan Yang Yem bakal katut karo rerigene Nita sing wasis micara kae. nDelalah Bu Kardiman nawani supaya Yang Yem teka nyang Jakarta nemoni Mur, malah wragate mlaku uga wis disediyani pisan. Mula Yang Yem banjur semrinthil, manut kersane Bu Kardiman.

"Tindake Bu Daryana ngantos dumugi mriki niku estunipun boten awitrerigen kula" Bu Kardiman nanggapi critane Yang Yem "nanging awit dipun ebahaken dening Ingkang Maha Kawasa. Awit sampun wancinipun Tembang Cemplang punika wangsul dhateng not ingkang leres".

"Kok Tembang Cemplang ta Dhik? apa kuwi ?" Bu Narti takon. Merga liyane mung padha meneng, nadyan ketoke ya durung mudheng.

"Makaten mBakyu" Bu Kardiman nggenahne kandhane "Bu Daryana utawi mBak Srimurni punika, sampun meh kalih dasa tahun umpetan rapet ing pundi kula boten sumerep, malah asmanipun piyambak ugi dipun gantos, namine putrane ugi dipun elih, punika kenging dipun upameaken suwanten tembang, sae nanging kapireng cemplang, awit notipun sampun dipun ewahi. Lha dening Gusti Ingkang Damel Gesang, mBak Srimurni punika dipun kersakaken supados wangsul jati dhirinipun sakawit, mila lajeng sumrinthil kersa tindak dhateng Jakarta mriki niku".

"O ngono?" Bu Narti manggut-manggut lagi ngerti.

"Lha nuwun sewu Bu Daryana" Bu Kardiman banjur nakoni Yang Yem "lha menawi rigenipun Nita ingkang makaten kala wau Bu Daryana boten kepranan ing galih, punapa Mur punika, sampun wonten calon pilihanipun Bu Daryana piyambak? Upami dereng, sepisan malih upami dereng lho, kados pundi menawi kula padosaken calon. Mesthi kemawon calon ingkang badhe kula aturaken, benten kaliyan ingkang dipun tawakaken Nita. Ingkang badhe kula turaken punika namung lare lola, sampun boten gadhah Bapak malih, nyambut damelipun namung Tani, griyanipun inggoh ing padhusunan, nanging larenipun estu badhe tanggel jawab saestu, liripun inggih nikah kanthi sah miturut satataning agami saha aturanipun nagari lan Mur badhe dipun ajak gesang sawontenipun ing dhusun papanipun lare wau. Kadospundi?".

Yang Yem suwe ora semaur, Mur ngati-ati nglirik bendarane, batine takon sapa sing dikarepne bendarane sing jare saiki wis dadi Bulike kuwi. Minangka anak saupama simboke nyetujoni, dheweke mung bisa manut lan muga-muga dadi lan apike.

"Ngene ya Dhik, eh makaten Bu" Yang yem wekasane wangsulan ngati-ati banget.

"Sampun ngangge Dhik kemawon, kula langkung remen menawi Bu Daryana kados mBak Srimurni ingkang kula tepangi jaman samanten" Bu Kardiman nugel guneme Yang Yem.

"Inggih" Yang Yem nerusne kandhane "bares wae, aku minangka wong tuwa sak jane ya wis kepengin supaya Mur kuwi enggal kawengku ing kakung, sokur bage yen aku bisa nunggoni nganti tuwa, saora-orane sawanci-wanci aku dipundhut karo Sing Kuwasa kuwi wis ora ngebot-eboti lakuku sowan neng ngersane Allah. Lha nek Dhik Bhekti wis nemokne calon kanggo anakku Mur, aku matur nuwun banget, nanging kabeh kuwi ya gumantung karo sing arep nglakoni, ya Mur dhewe".

"Matur Nuwun mBak Sri" Bu Kardiman mesem lega, banjur kandhane marang Mur "piye Mur panemumu?".

"Bakenipun kula manut kaliyan kajenge Mak-e Buk, eh Bulik" wangsulane Mur ora kalah ngati-atine "Kula pitados, punapa ingkang dipun pilihaken Bulik kangge kula mesthi ingkang sae tumrap kula, mokal Bulik badhe njlomprongaken kula, abdi ingkang sampun rinengkuh dados pulunanipun piyambak punika".

"Sokur alhamdulillah yen mangkono" Bu Kardiman sansaya katon luwih bingar "ngaten mBakyu, atur kula ing ngajeng taksih wonten sambetipun, lare ingkang kula aturaken wau estunipun taksih ponakan kula piyambak. Inggih punika putranipun suwargi Mas Sakun, naminipun Sujud inggih punika larenipun".

Muni ngono kuwi Bu Kardiman karo nudingi Sujud. Yang Yem ndengengek nyawang calon mantu sing ditawakne Bu Kardiman. Mur dadi rada kaget, ora krasa banjur nyawang marang Sujud, sing disawang ngepasi uga lagi nyawang pernahe Mur. Ana sunaring mripat sing tempuk lan nuwuhake rasa geter ing atine titahing Gusti sing beda jinise kuwi.

"Iya Dhik, aku matur nuwun banget. Nadyan semune ora pati percaya, apa bener Mas Sujud kepareng ngramut anakku iki?" ora krasa luhe Srimurni wiwit dleweran.

"Mugi sineksenan jagad saisine Buk" Sujud sing semaur "kula prasetya badhe nresnani Dhik Mur kaliyan sawetahing jiwa raga kula, mugi-mugi sageda tulus ngantos puputing umur kula".

"Kula tumut nekseni Jeng" Bu Narti sing maune mung meneng karo ngrungokne sing padha omong-omongan nrambul rembug "kula nadyan namung dhapur Ibu sambung saking pun Sujud, ngaturaken genging panuwun, Jeng sampun kepareng nampi anak kula Sujud dados jodhonipun anak kula Nak Mur, matur nuwun Nak Mur Ibu remen banget penggalihe".

"Dados makaten nggih mBakyu, lan mBak Sri" Bu Kardiman bali omong maneh "punika kula njodhokaken ponakan kula jaler pikantuk ponakan kula estri, kula nyuwun idi pangestu dhateng mBakyu Narti saha mBak Srimurni mugi lekas kula punika dipun ridani saha dipun ijabahi dening Gusti".

"Aamiin" kabeh sing ana kono padha muni amin bebarengan.

Sauntara kuwi, kaya adate saka mburi lawang ana sing lagi nyolong rungu. Ora mung kuping loro, nanging ana kuping nem sing uga padha nekseni apa sing diucapne Bu Kardiman lan Sujud lagi wae mau. Sanadyan ana sethithik  rasa cuwa ing atine mBok Ti, Bu Kristin karo Andhik, nanging telu-telune bisa nampa kanthi legawa. Bu Kristin banjur aweh sasmita marang mBok Ti . Sing disasmitani tanggap banjur alon-alonan mlebu nyedhaki sing lagi padha kalegan atine.

"Ana apa mBok?" Bu Kardiman takon.

"Anu Bu Kristin, rawuh mriki" wangsulane mBok Ti.

"Ya diaturi mrene ngono" Bu Kardiman wangsulan karo mesem.

"Assalamu'alaikum" Bu Kristin uluk salam karo arep mlaku mlebu.

"Alaikum salam, mangga Bu Kristin" Bu Kardiman grapyak semanak nampa tekane tanggane sing merlokne sanja kuwi.

Bu Kristin mara banjur nyalami siji-siji sing ana kono kuwi kabeh. Nanging, sepira kagete Srimurni nalika weruh sing lagi teka kuwi sapa?. Padha karo Srimurni, nalika Bu Kristin nyawang praupane Srimurni.

"Sri........." Bu Kristin njerit alon. Banjur ngrangkul Srimurni, karo diambungi.

"Iya Bulik, ora nyana awake dhewe bisa ketemu maneh ana kene" wangsulane Srimurni uga karo kembeng-kembeng tangis.

Bareng wis rada sauntara Bu Kristin wis lungguh neng kursine, lagi banjur kandha marang Bu Kardiman :

"Nyuwun pangapunten Bu, jebul kula kepanggih ponakan kula piyambak, Srimurni semahe Daryana. Kula punika adhikipun wuragi sawargi ibunipun Daryana. Kula kepanggih pungkasan kaliyan Srimurni punika selapan dinten sasampunipun Daryana kaliyan Sri nikahan, dugi sepriki nembe panggih punika".

Tembange Sing Cemplang sansaya alon, not-not sing asli wiwit dipapanake ing samesthine. Banjur apa sing ndadekne Sri Subekti banget rumangsa kepotangan budi, malah jare kepotangan nyawa karo Yang Yem?

Yen ana wektu lan kalodhangan muga-muga bisa diaturake ing crita candhake.

Tammat.

 

Tlas sinerat ing Maladi Hening, Ngarengan Kidul Sepur, Ahad Wage, 27 Sura 1955 Tahun Alip, Windu Sancaya, Mangsa Katelu, Wuku Landep. Sinengkalan : Panahing Yaksa nembus bantala. Ambneri klawan tanggal kaping lima sasi September Tahun 2021.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...