kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
1
Mangsa ketiga wis wiwit tumapak, suwarane garengpung sadalan-dalan tansah ditemoni dening Rangga lan Marga sing nggelak getheke, nurut iline Bengawan sing kabare sumbere saka Guwa Gelapngampar ing Gunung Lawu lan anjoge neng segara lor ing pereng wetan tanah Jawa. Amarga mangsa ketiga, banyune bengawan ketok bening, disawang rupane ijo semu biru merga mbendalake wewayanganing langit sing ana dhuwure sarta wewayanganing wit-witan sing ana ing sakiwa tengene. Lakune gethek ora bisa banter kaya yen usum banjir, merga ilining bengawan iya ora banter. Malah kala-kala Rangga lan Marga kudu mudhun nyurung getheke awit kepalang papan bantaran sing banyune ora jero. Wis ana sepasar luwih, bocah loro kuwi ora kepethuk wong, sajake sing diliwati pancen adoh karo padhukuhan sing dipanggoni wong.
"Ketoke awake dhewe ora suwe maneh bakal mlaku saka Ujunggaluh menyang Gunung Lawu Dhi" kandhane Rangga marang Marga sing lungguh ana njabaning pagedhonganing gethek, Marga pancen lagi dhedhe, ngiras ngulati lakuning gethek menawa-menawa ana pepalang sing nyegati lakune.
"Tak kira ora Kakang" wangsulane Rangga karo noleh sedulur angkate "amerga sing sok katon ing sisih kidul kae isih Gunung Lawu, kamangka miturut crita sing tau rungu sungapane Bengawan iki, sing jarene neng Ujunggaluh kuwi panggonane neng adoh banget saka Gunung Lawu lan saka kana Gunung Lawu wis ora kena disawang".
"Karepku ngene lho" Rangga metu saka pagedhongane gethek nyedhaki Marga "wis pirang-pirang dina iki, awake dhewe rak ora kepethuk wong babar pisan? dadi lakuning prau iki mesthi ora bakal mandheg-mandheg, merga ora ana sing ngudokake awake dhewe mandheg nindakne welinge Kanjeng Eyang Juru. Lan nek ndelok kahanane prau sing isih pengkuh iki, mokal banget yen nganti praune dhewe iki bakal ambyar sadurunge tekan entek-entekane iline bengawan iki".
Marga ora semaur, lamat-lmat kupinge krungu saka kadohan ana suwara panggerone macan. Aneh, iki wektune isih wayah tengange, dudu wayahe macan saba golek memangsan. Dumadakan ing papan kono dadi rame, rame suwarane kewan-kewan sing padha mlayu kaweden, kethek-kethek padha lelumpatan mlembang saka wit siji marang sijine, ngedohi papan sing jumbuh karo parane banyu bengawan mili. Rangga lan Marga ngrasa yen ora adoh saka kono ana bebaya sing ndadekne wedine kewan-kewan sing padha mlayu kuwi. Ora mung kewan bangsane Kethek, kidang lan kancil sing padha kaweden, malah manuk-manuk uga akeh sing padha mabur nurut playune kewan-kewan dharatan kuwi.
Rangga aweh sasmita supaya Marga nginggirne getheke, Marga tanggap gethek diinggirne banjur dicancang ing wit sing ana pinggire bengawan. Bocah loro kuwi gentenan mlumpat menyang dharatan, banjur lon-lonan mlaku ngulat-ulati apa sing wis kedaden ing papan kuwi. Lamat-lamat Bocah loro sing wis migunakne aji Sasra Pangrungu kuwi krungu suwarane wong pating cruwet kaya ngoceh ngucapne tembung-tembung sing saru. Yen nurut bantering suwara, suwarane wong ngoceh kuwi mapane ana papan sing rada adoh karo papane Rangga lan Marga, kira-kira ana rong puluh pambalang luwih.
"Sajake neng kana ana wong-wong sing lagi mendem kakehan nenggak tuak Dhi" kandhane Rangga alon, tangane nudingi arah asale suwara.
"Lha yen mung wong mendem wae ya gene awake dhewe ndadak arep melu-melu neh Kakang?" Marga wangsulan lirih.
"Mengko dhisik ta" Rangga nanggapi wangsulane Marga "iki wong mendem lumrah? apa wong mendem sing ngarah gawe bubrah?".
"Kersane Kakang ki ngarah mbubrah tatananing uripe wong akeh ngono apa piye?" Marga takon.
"Iya, nek mung mendem sing lumrah waton ora ngganggu gawe wong liyane tak kira ora perlu awake dhewe melu cawe-cawe, nanging welinge Kanjeng Eyang Juru, awake dhewe ora kena mung meneng lan ngumbar menawa ana wong sing duwe kaluwihan banjur kaluwihan kuwi kanggo ngrusuhi wong-wong liyane, rak ngono ta?" Rangga mangsuli pitakone Marga .
"Ya coba ayo diparani wae, banjur disawang saka kadohan apa sing ditindakne wong-wong sing pating cruwet ngucap tembung sing lekoh lan saru kae, apa merga mendem apa merga liyane" Marga ngajak Rangga marani suwara aneh sing lamat-lamat sing mung bisa dirungokne saka kono nganggo Aji Sasra Pangrungu mau.
Ora wangsulan Rangga banjur mlaku ing sela-selaning bebondhotaning alas, Marga ngetutne ana mburine. Nalika lakune pangumbara loro kuwi oleh sepuluh jangkah, dumadakan mandheg dadakan. Rangga lan Marga dikagetne karo anane suwara cetha ing sacedhake. Suwarane wong loro sing lagi omong-omongan. Rangga lan Marga banjur ngulati arahe suwara kuwi, jebul kira-kira rong puluh jangkah saka papane, ana lemah rada benthak ora ana wit-witan sing gedhe, sing ana mung gegrumbulan wae. Neng ngisor salah sijine grumbul katon ana wong loro sing lagi lungguh neng suketan adhep-adhepan. Marga lan Rangga tumuli nilingne apa sing lagi dirembug wong loro kuwi.
"Kowe wis ngerti tenan, kene iki panggonane ?" salah siji saka wong loro kuwi nakoni kancane.
"Iya Kakang" sing ditakoni mangsuli "neng wetane grumbul iki ana guwa sing gedhe, tembus bengawan sangisore pepadhasan ngisor wit klumpit sing gedhe kae. Ya neng jero guwa kuwi prawan-prawan sing ilang kuwi disingidake lan yen wis dianggep ora ana gunane maneh banjur dipateni, bangkene dibuwang neng bengawan pas pepadhasan kae, dadi ora ana sing meruhi. Malah kira-kira bisa uga dadi pakane bajul-bajul andhahane Kyai Jalumampang sing mbaureksa wit klumpit kae".
"Nanging kok nganti wayah samene wong-wong sing kok omongne kuwi durung teka? Apa kira-kira awake dhewe wis kedhisikan wong-wong mau? Saiki wong-wonge wis neng jero guwa, nyuntak kadurakan marang prawan sing dadi kurbane?" wong sing nakoni mau takon maneh.
"Durung Kakang" wangsulane sing ditakoni "mau kakang rak krungu suwara panggerone macan ta? kuwi sasmita yen sing kajibah ndelok guwa wis teka kono lan kahanan guwa ora ana sing nguwatiri, tegese aman. Mengko nek wis rampung bakal ana suwara pambaunge asu ajak, kuwi tengara yen kurban wis dipapanke ing njerone guwa kono, wong-wong banjur padha lunga, sing teka genti benggole wong-wong mau, tekane kaya tanpa sangkan, solahe kaya bisa mabur, nganggo jubah lan raine ditutupi brukut".
"Lha jaremu wong-wong kuwi wong Kedhungtuwung?"
"Kuwi mung pangiraku Kakang, cethane sapa lan wong ngendi aku ya ora ngerti, merga kabeh nganggo topeng"
Krungu rembugane wong loro kuwi, Rangga banjur mbisiki kupinge Marga. Marga manthuk-manthuk. Rangga banjur ndhisiki mlaku arep nggoleki guwa sing dikandhakne wong loro kuwi mau. Wong loro sing lagi wae jagongan kuwi kaget, sajake weruh nek ana bocah nom-noman sing nyalawadi nekani papan kono. Nanging sadurunge kober obah, malah durung nganti ngucap apa-apa, Marga luwih dhisik tumandang. Tangane kumlawe njupuk krikil alus sing gedhene sak endhoge cecak cilik sethithik, dislenthikne menyang bangkekane wong loro kuwi, ndadekne wong loro kuwi ora bisa apa-apa. Mung kethap-kethip ora bisa nyuwara lan ora bisa obah, kekarone panggah lungguh kaya reca. Marga mesem, banjur alon-alon mlaku nusul Rangga.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar