kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
2.
Papan benthak kaya ara-ara nanging ora pati amba kuwi wis diliwati dening Rangga lan Marga, jebul neng sisih wetane ara-ara kuwi ana ledhokan sing memper blumbang rada amba nanging garing. Temboke blumbang sing sisih lor rupa punthuk sing dhuwure kira-kira ana telung dhepane wong tuwa. Klawan ngati-ati Rangga karo Marga nyedhaki punthuk sing ana sisih lor kuwi, miturut kandhane wong mau neng kono ana guwa ne sing cukup gedhe sing jarene tembuse teka ngisor pepadhasan perenging bengawan. Maune Rangga karo Marga ora weruh lawanging guwa, nanging bareng diulati tenanan jebul lawange guwa kuwi ketutupan godhonge wit sepreh sing manglung saka punthukan padhas kuwi. Mau Rangga lan Marga ya krungu, nek suwara panggerone macan kuwi mung tengara saka wong sing diwenehi jejibahan naliti aman lan orane guwa, mula nom-noman loro kuwi banjur duwe dudutan yen wektu iki, neng jero guwa kono ana wonge. Wong sing nunggu tekane kanca-kancane, sing jarene wong loro mau nggawa prawan sing arep didadekne kurban.
"Becike tak mlebu menyang jero guwa iki wae Kakang" kandhane Marga semu taren marang Rangga "Kakang nunggu neng kene, karo ngenteni tekane wong-wong sing jarene wong loro mau nggawa prawan sing arep didadekne kurban".
"Apa kira-kira sing arep teka mengko iki, wong-wong sing awake dhewe kira suwarane wong mendem mau ya Dhi?" Rangga ora mangsuli tarene Marga malah takon sapa sing arep teka.
"Pangiraku ya mangkono Kakang, yen ndelok suwarane jangkahe sing tak rungokne mau kira-kira cacahe ana wong rolas" wangsulane Marga karo arep mlebu menyang jerone guwa.
"Mengko dhisik Dhi" Rangga menging Marga mlebu "awake dhewe durung ngerti isen-isene guwa iki wong pira utawa apa wae sing ana jerone, anapasangan bangsane jiretan apa ora. Mula aja kesusu mlebu dhisik, malah nek perlu sing ana jero wae dikongkon metu".
Marga mandheg, ora sida mlaku ngleboni guwa. Bocah nom adhi angkate Raden Rangga kuwi mesem, banjur ngalih ninggalne Rangga sing isih ngadeg neng sisihe lawang guwa. Ora suwe nyingkrih Marga wis bali mrono maneh karo mondhong pang-pang kayu sing wis garing, banjur nyingkrih maneh baline mondhong suket uga wis garing. Rangga tanggap banjur mencolot menyang plogroke wit Sepreh sing pang lan godhonge nglembreh nutupi lawange guwa. Rangga nyempali pang-pang kuwi di uncalne mengisor sing banjur diklumpukne Marga. Marga ngetokne thithikan watu saka njero kanthongane klambine, cethik geni. Suket karo pang garing gawane mau sing wis ditumpuk neng ngarep lawang guwa banjur disumet. Bareng genine wis murup mulad-mulad, banjur ditumpangi pang lan kayu sepreh sing mau disempal dening Rangga. Geni sing mulad-mulad ketutupan godhong lan pang teles dadi ngetokne keluk sing buleg ora karu-karuwan. Rangga ngadeg karo tapak tangane dithungne menyang sumbere keluk, keluk sing putih campur ireng kuwi digusah, kabeh mlebu menyang jero guwa. Sawuse rada sauntara, Rangga karo Marga banjur nyingkrih kira-kira sepuluh jangkah saka lawanging guwa, ngenteni apa sing bakal dumadi.
Pancingane Rangga ana asile, ora let suwe saka jero guwa ana wong loro sing nrajang bedhiyang cilik sing digawe Marga mau, genine diidak-idak nganggo sikil sajak ora krasa panas. Wong loro ngono kuwi karo misuh-misuh ora karuwan.
"Keparat, sapa sing wis edan wani njarag Karta Gentho karo Jaya Glegek iki?" salah siji saka wong loro kuwi malang kerik neng dhuwure tilas geni sing wis mati dipindak-pidak, karo mengok banter "Sapa bangsat, ayo aja ndhelik, ketokna raimu, nek kepengin dadi iwak".
Sajake wong loro kuwi ora weruh yen ing sandhinge sing mung kaling-kalingan grumbul cilik ana nom-noman loro sing ngenteni metune wong sing ana jero guwa. Marga banjur mencolot, nyedhaki wong sing ngaku jeneng Karta Gentho karo Jaya Glegek, karo takon :
"nDika wong loro kuwi sapa? teka-teka ngamuk, bedhiyang sing ora salah apa-apa, ndika musuh? Apa ndika ora ngerti nek sing gawe bedhiyang kuwi mau aku karo Kakangku?"
Wong loro sing ora ngerti sangkane Marga karo Rangga kuwi kaget. Luwih-luwih bareng ditakoni Marga sing ngono kuwi mau. Ngerti nek sing takon mung bocah sing isih nom-noman, kira-kira umure sapantarane anake, wong loro kuwi banjur nyedhak, salah sijine banjur nggetak :
"O Bocah edan ora waras, dadi kowe sing ngobong sangkrah neng ngarep guwa kene iki mau? Sapa jenengmu? Omahmu ngendi anake sapa? He?".
"Aja nesu dhisik Pak Cilik" Rangga sing digetak ora wedi malah mesem karo kandha "nDika wong loro kuwi sapa? kathik omongane kaya wong lara weteng, bengak-bengok kaya wong suda rungon?".
"Keparat bocah edan, kowe ora ngerti nek aku iki Karta Gentho lan kuwi Kakangku Jaya Glegek, muride Panembahan Sekarjati sing dipercaya njaga laladan sauruting bengawan kene iki?".
"Oo, nDika Gentho karo sing sijine Glegek?" Rangga ngguyu ngece karo wangsulan "mesthi wae aku durung tepung, jeneh kepethuk ya lagi pisan iki. Aku Rangga lan iki adhiku Marga, Paman".
"Rangga karo Marga, omahmu ngendi anake sapa? bangsat, wangsulan kok ora genep" Karta Gentho nggetak.
"Nek ngono ndika wong anyar teka papan kene iki?" Marga genti wangsulan "nek wong wis suwe mapan neng kene mesthine wis tepung karo aku lan Kakangku kuwi. Aku karo kakangku iki putune Kyai Jalumampang sing mbaureksa wit Klumpit sing thukul ana dhuwure tembusan guwa sing kok enggo turu mau".
"Bocah edan ora genah, keparat arep nganggo dolanan siswane Panembahan Sekarjati sida modar neng tanganku kowe" dumadakan wong sing jeneng Jaya Glegek, mencolot menyang pas ngarepe Marga karo ngobahne tangane, kepelane sing sak klapa gedhene, kuwi dijotosne ngarah sirahe Marga. Upama sing dijotos kuwi liyane Marga, tegese wong lumrah ngono wae, kira-kira embuh dadine, merga kepelan karo sirah sing dikepel, gedhene ora kacek akeh. Uga cepet kumlawene tangane sing njotos, prasasat kaya kilat, upama wong lumrah genah nek ora bisa ngendhani utawa nangkis. Nanging gandheng sing dijotos kuwi Marga, sedulur angkate Rangga, Jaya Glegek sing wis ngira nek sedhela maneh neng ngarepe ana bocah tiba glangsaran kejet-kejet pecat nyawane, dadi kecelik. Marga miringne awake karo maju sajangkah, kepelane Jaya Glegek mung liwat cedhak kupinge Marga, lan sadurunge Jaya Glegek tutug pegele merga jotosane mleset, tangane Marga luwih dhisik nyamber lempenge. Lempeng sing mung ketiban epek-epeke nom-noman kuwi rasane kaya disampluk nganggo teken waja. Jaya Glegek kontal banjur tiba glangsaran neng lemah karo tangane nekem lempenge sing ora karuwan larane.
Karta Gentho sing ora weruh kanthi cetha nek olehe tiba sedulure kuwi merga kesampe tangane Marga, dadi gumun. Nanging Karta Gentho sing uga wis ngempet nesu wiwit mau, banjur nyedhaki Rangga karo ngobahne sikil kanggo njejak dhadhane nom-noman sing dianggep njarag dheweke kuwi. Ora beda adoh karo nasibe Jaya Glegek, Karta Gentho sing kepengin weruh Rangga nggeblag karo sambat-sambat kelaran kuwi babar pisan ora ngira, yen Rangga jebul luwih waspada. Sadurunge sikile Gentho teka dhadhane Rangga, wis dipapag karo tangane Rangga, epek-epeke diiringne dienggo mbabat sikile Karta Gentho. Karta Gentho sakala njerit kelaran, balung garese ketatap balung drijine Rangga. Karta Gentho mundur memburi, banjur nggeblag merga sikile sing kiwa ora kuwat nahan boboting awak sing koming merga sikile tengen krasa lara.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar