kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
3.
Nanging Jaya Glegek lan Karta Gentho dudu wong sing gampang dikalahake, wong loro kuwi tumuli padha tangi lan wiwit ngetrapne aji jaya kawijayane. Mau wong loro kuwi mung waton ngobahne sikil lan tangan wae, amarga nganggep nek Marga lan Rangga mung nom-noman sing mung udhu kendel bandha wani, nanging sejatine kopong. Sawuse ngerti yen panganggepe luput, Karta Gentho karo Jaya Glegek, uga banjur nata awake dhewe-dhewe. Wong loro kuwi panggah kepengin nyuntak rasa pegel lan anyele marang bocah nom sing dianggep ora duwe duga, wis wani ngganggu lan nyepelekne marang dheweke. Rangga lan Marga sing uga weruh yen Jaya Glegek apa dene Karta Gentho pancen arep ngajak ngadu tosing balung wuleting kulit, uga banjur tata-tata. Rangga mencolot neng ngarepe Karta Gentho karo pasang kuda-kuda, sauntara Marga isih anteng ngenteni Jaya Glegek sing arep marani papane.
Ora suwe sabanjure ing ngarep lawang guwa kuwi dadi rame, ramene wong sing lagi kerengan, perang tandhing. Ijen padha ijen. Rangga mungsuh Karta Gentho lan Marga lumawan Jaya Glegek. Wong loro sing ngaku murid paguron Sekarjati nyata yen ngedab-edabi. Sanadyan kekarone duwe awak sing gedhe dhuwur, ewa samono duwe kaluwihan, tandange cukat, lincah lan trengginas. Obahing sikil sing nyadhuk lan obahe tangan cepet kabeh ngarah marang pernah peranganing awake mungsuhe sing dianggep ringkih. Nanging sing diadhepi dudu wong lumrah, Rangga lan Marga sanadyan durung pati akeh umure, nanging wis kerep lan kulina kerengan karo wong sing maneka warna kasektene. Nganti pirang-pirang jurus, Karta gentho apa dene Jaya Glegek durung pisan-pisana krasa marem merga serangane bisa nyenggol perangan ragane mungsuhe sing dianggep ringkih. Solahe Marga lan Rangga luwih cukat lan trengginas ngungkuli solahe manuk srikatan. Meh kabeh serangane Karta Gentho lan Jaya Glegek, bisa diendhani lan mung bisa ngenani angin, sing nguwohake sansaya kekurase kekuwatan sing diduweni. Yen ora bisa diendhani, ya dening Rangga, ya dening Marga serangane mungsuhe ditadhahi nganggo tangkisan sing pas. Ndadekne ana tumbukan adu kekuwatan. Ajeg, saben-saben dadi tumbukan, sing nangkis pranyata luwih kukuh tinimbang sing ditangkis. Bola-bali Jaya Glegek lan Karta Gentho kesurung kontal memburi, malah ora arang wong loro kuwi banjur tiba krengkangan neng lemah.
Rumangsa yen mungsuhe ora kena disangga lamba, Jaya Glegek karo Karta Gentho banjur padha ngunus pedhange dhewe-dhewe.
"He Bocah ora genah" Karta Gentho nggereng karo mencereng "kowe pancen ora keneng disabari tenan. Wis tak kalahi malah sansaya nrucak, ya aja getun yen dina iki kapeksa tak jebol wadhukmu, tak tugel gulumu nganggo pedhangku kowe Rangga".
"Ha ha ha ......" Rangga ngguyu ngakak sajak ngece "sing kok cekel kuwi pedhang apa wilah pring apus Pak Cilik?"
"Setan alas" Karta Gentho misuh karo nggetak "klakon mati tenan kowe".
Muni ngono kuwi Karta Gentho karo muter pedhange sing gedhe lan abot, nanging neng tangane Karta Gentho pedhang kuwi katon entheng wae. Rangga waspada, karo ngulati obahe mungsuh Rangga isih kober aweh sasmita marang Marga supaya ora ndedawa lakon. Awit isih bakal ana gaweyan sing sajake luwih abot.
Sanadyan lagi ngadhepi Jaya Glegek sing uga wis nggunakne gamane, Marga isih bisa nampa sasmitane Rangga klawan cetha. Marga tanggap apa sing dikarepake Rangga, mula banjur mencolot mundur kira-kira limang jangkah, banjur nglolos pecut sing dienggo sabukan. Jaya Glegek weruh nek Marga nyekeli pecut, sakala ngguyu lakak-lakak karo omong banter :
"He, bocah edan, kowe arep ngadhepi pedhang pusakaku iki mung nganggo pecut ngge angon wedhus kuwi? Kowe kuwi niyat arep nglalu apa pancen utekmu wis ora kena kanggo mikir, he?".
Marga ora wangsulan, mung lambene diesemake. Banjur pecute wiwit disabetne menyang awang-awang. Ora kaya padatan, Marga wis ngetrepne Jurus pecut ing tataran rada dhuwur. Pecut sing diseblakne kuwi ora nyuwara, nanging krasa yen ngetokne daya sing nggegirisi. Rangga sing weruh nek Marga wis nyeblakne pecute, mesem. Ora gantalan wektu suwe, Rangga banjur ndudut teken pring kuning sing gedhene sajempolan sikil lan dawane kira-kira limang kilan, banjur diputer kanggo ngadhepi Karta Gentho sing siaga ngrangsang karo pedhange.
Ora ndadak merlokne wektu suwe, wasana Rangga lan Marga wis bisa nglumpuhne mungsuhe dhewe-dhewe. Kesit kaya that-thit, cukat kaya kilat, pucuk pecute Marga nyaut ugel-ugel tangane Jaya Glegek sing nyekeli pedhang. Sakala Jaya Glegek njerit kelaran pedhange ceblok neng lemah, lan durung nganti ilang rasa kagete, pecute Marga wis ngalih nyabet garese. Kaya dibabat nganggo teken waja, balung garese Jaya Glegek remuk. Jaya Glegek tiba neng lemah sempaut, ora eling apa-apa maneh. Kang bareng karo rubuhe Jaya Glegek, teken pring kuning sing dicekeli Rangga mubeng seser kaya kitiran, nyampe lengene Karta Gentho bablas nyampluk pupune. Ora akeh bedane karo Jaya Glegek, Karta Gentho tiba, gulung koming neng lemah, banjur meneng ora eling.
Rangga karo Marga banjur nyeret, Karata Gentho karo Jaya Glegek sing isih semaput kuwi, diselehne neng ngarep lawang guwa, banjur ditutupi karo gegodhongan .
"Saiki awake dhewe kari ngenteni kanca-kancane wong loro iki, sing tak kira suwarane wong lagi mendem mau" kandhane Rangga marang Marga.
"Iya Kakang" wangsulane Marga karo nggubetne pecute neng bangkekan kanggo sabuk.
Nom-noman loro kuwi banjur padha singidan ora adoh saka guwa, munggah lan mapan lungguh neng plogroke wit gedhe, ora gampang kaweruhan kajaba yen ana wong ndhangak karo maspadakne , awit Rangga lan Marga sengaja nggunakne pang gedhe ing plogrok kuwi kanggo ampingan nutupi awake.
Sauntara kuwi, wong loro sing mau jejagongan ana ngisor grumbul, panggah durung bisa obah. Nadyan mangkonowa, wong loro kuwi uga ora ngrasakne kesel utawa lara babar pisan. Krikil sing digunakne Marga kanggo nglumpuhne wong loro kuwi pancen pas banget tumibane. Wong loro kuwi mung bisa weruh lan bisa krungu, nanging ora bisa obah lan ora bisa ngucap apa-apa. Mula wong loro kuwi uga ngerti kabeh apa sing wis kelakon. Wiwit Rangga lan Marga nyedhaki guwa, banjur ngobong pang garing gawe bedhiyang nganti anggone nom-noman loro kuwi kerengan karo Karta Gentho lan Jaya Glegek, ora ana sing kliwatan, kabeh kecathet neng angen-angene wong loro kuwi.
Dumadakan saka arah kidul katon gumrudug wong-wong sing mlaku tumuju guwa. Sing papat mikul tandhu sing ditutup rapet, embuh apa isine. Bareng wis tekan lemah benthak cedhak guwa, wong sing lagi teka kuwi mandheg. Salah siji saka wong-wong kuwi maju telung jangkah, tangane dicedhakne lambe. Disusul ana suwara persis kaya suwarane manuk kedasih sing lagi ngalup-alup ing wit-witan. Suwara kedasih kuwi saben oleh telung rambahan mandheg, banjur muni maneh telung rambahan, banjur mandheg maneh.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar