Total Tayangan Halaman

Senin, 29 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (25)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Beda maneh karo sing dialami Kamdi, sorene sawise Marti lunga Kamdi mara ngendhangi adhine nyang Sendhangrejo. Wektune wis bar surup, Kadirin ora ana omah merga melu sembahyang jamaah neng langgar dibacutne ngrungokne Pengajiane Ustadz Mahsun nganti tekan ngisak. Neng omahe Kadirin Kamdi mung ditemoni adhine sing ragil thok, Sihmirah. Kuwi wae karo disambi, merga wiwit bar luhur mau Lasmi kudu rewel wae. Bocah cilik kuwi kaya melu cuwa atine merga padatan saben awan kerep dililing karo diajak dolanan karo sedulur angkate, Hajir. Lha awan mau Hajir babar pisan ora nyedhak, mulane Lasmi ya dadi cuwa banjur pijer rewel wae, ora gelem mudhun saka gendhongane ibune. Muringe Lasmini banjur nular menyang Sihmirah, sing rumangsa digawe ora bisa leren merga kudu terus migatekne anake sing lagi ngalem. Nalika Sihmirah kandha marang sisihane bab anake sing bola-bali nangis, Kadirin mung mangsuli yen ngono kuwi barang sing lumrah, pancen bocah cilik ki ya sok-sok rewel barang. Sihmirah kepengin muring, nangin ora ana sing bisa  diuring-uring .

“Lha rewangmu wis mbok kandhani ta Sih?” Kamdi nyoba nakoni adhine.

“Sapa? Make Hajir ta? Wis dhek mau esuk” wangsulane Sihmirah karo wira-wiri ngemban anake neng gendhongan.

“Lha olehe arep budhal lunga suk kapan? Pake Lasmi piye? nesu apa ora?” Kamdi neges-neges.

“Wis lunga sak kal mau, bar tak omongi ya banjur budhal minggat” wangsulane Sihmirah “Pake Las, maune ya arep nggondheli nanging ora sida wong tak ancam nek arep tak tinggal mulih”.

“Wis lunga?” Kamdi takon ketoke rada kaget “lha kowe ki jane piye ta? apa ora mbok wenehi wektu kanggo tata-tata barang ngono pa piye? Gek kira-kira lungane mau menyang ngendi?”

“Lha sampean ki piye ta Kang jane? jare kon nundhung, bareng wis tak tundhung malah mbok paido?” Sihmirah wangsulan karo suwara sing sajak anyel “aku ya ora ngurus arep minggat neng neraka apa nyang kuburan kuwi wis dudu urusanku maneh, butuhku wonge saanake lunga saka kene ya wis”.

Kamdi wis ora wangsulan maneh, merga satemene Kamdi lagi ngrumangsani nek olehe mropokasi adhine wingi kuwi wis kenemenen banjur ditindakne ora kaya sing dikarepne Kamdi. Kamdi duwe karep, olehe lunga Marti ora sak kal sawise nampa tundhungan kaya sing wis kebacut kelakon iki. Merga Kamdi arep kepengin dadi Pahlawan sing arep aweh pitulungan marang Marti, petungane Kamdi bengi iki Marti durung budhal lunga, arep diparani lan diwenehi solusi digolekne panggonan liya minangka papan sawuse ditundhung Juragane. Nanging jebul Sihmirah ketoke kebanteren olehe nundhung Marti, nganti Marti ora kober nata ati luwih dhisik sadurunge lunga. Atine Kamdi dadi cuwa banget, rancangane ora mlaku kaya sing dikarepne. Kamdi rumangsa kelangan, iwak kutuk sing dijenu sing kudune bisa enggal diserok nganggo seser, jebul wis kebacut ilang ambles neng dhasar kali. Nanging Kamdi ora kentekan akal, iwak kutuk sing wis ketiban tlutuh jenu kuwi arep dislulupi. Kamdi arep golek kabar Marti saiki manggon neng ngendi, petunge Kamdi ngandhakne sanadyan mbok menawa wae Marti wis oleh pondhokan kanggo dienggoni karo Hajir anake, nanging mesthine durung oleh gaweyan kanggo nyambung uripe. Kamdi kudu bisa ndadekne Marti weruh, yen mung Kamdi sing bisa aweh kawigaten nalikane Marti kesandhung lan tiba ing kasusahan, sauntara wong-wong liyane padha meneng kabeh api-api ora ngerti, malah kepara ana sing melu nyokurake.

“Ya wis nek ngono” kandhane Kamdi sabanjure “wong olehku mrene mau jane arep omong nyang Pake Lasmi, nek pasir sing arep dienggo adon semen candhine mBahe mau durung katut mlebu etungan, dadi ya durung dibayari”.

“Lha piye ta Kang? Mosok kabeh arep mbok kon mbayari Pake Las? Pake Las ki wis mbayari bata, semen, karo tenagane pisan wis dietung, malah ngge slametan kae wedhuse sing mbayari ya aku, berase ya aku, mandhak mung kari pasir sak colt cikrak wae sampean ki isih mentala arep ngongkon mbayari Pake Las?” Sihmirah wangsulan karo nguring-uring sedulure lanang, suwarane keprungu pedhes neng kupinge Kamdi.

“Ngene lho” Kamdi wangsulan karo rada methentheng, rumangsa disenggol pangrasane dening adhine sing ragil kuwi “dhek emben kae ki Pake Las wis omong, nek kabeh material ngge gawe candhine mBahe kuwi arep dicukupi, dadi olehku arep ngomongi Pake Las nek pasire rung dibayar kuwi ora kok merga aku ora gelem kelangan, nek maune Pake Lasmi ki ora nyaguhi ngono kuwi, ya ora bakal ta aku arep omong. Kowe kuwi mandhak lagi bisa urun ngge slametane wong tuwa sakmono wae kok wis mbok undhat-undhat kaya ngono ta Sih, sih? gek rasa bektimu nyang wong tuwa kuwi manggon neng ngendi? puluha  kowe wis urun, nek mbok undhat-undhat ngono kuwi jenenge ora iklas,kaningaya temen wong tuwaku, duwe anak sing lagi bisa nukokne wedhus ngge slametane wae kok diundhat-undhat kaya ngono……….”

“Aku ki Iklas Kang, nek kanggo mBahe” Sihmirah sansaya dhuwur suwarane “aja meneh kok mung wedhus siji, mbok sapi benthung ta aku rak ya lila nek kanggo mbahe wong suk bar panen iki aku ya wis omong Pake Las nek kepengin ndikirne pidak mBahe, Pake Las ya wis mathuk. Nanging nek bab mbangun candhi iki, sing duwe kajad rak ora aku dhewe nanging ujube rak kajade anake mBahe kabeh? Ya aja banjur apa-apa dibrukne Pake Las dhewe ngono kuwi, nek ngono kuwi ya kepenaken sing ora kelangan nanging melu ndhaku no?”.

Kamdi arep semaur nanging ora sida, pikirane wis mlaku rada adoh. Bathen tukon bata, semen karo ngge mbayari tenaga sing disishne saka dhuwit olehe menehi Kadirin isih turah nek ngge mbayari pasir sing rung mlebu cathetan kuwi.  Nek perlu mengko bisa dijalukne urunan menyang sedulur liyane ngge mbayari pasire.

“Ya wis nek ngono, pasire tak bayarane” kandhane Kamdi sareh, banjur pamitan “saiki aku tak balik dhisik”.

“Lha pa gak sida ngenteni Pake Las?” bareng kakangane pamitan karo suwara sing sareh, Sihmirah ya banjur ngudhunke suwarane, pitakone marang Kamdi keprungu alus maneh.

Durung nganti Kamdi mangsuli, Kadirin wis teka mlebu omah, banjur kandha  marang kakange ipe :

“Anu Kang, wau sampean klentu olehe ngetung, pasire nika rak boten katut mlebet teng notane toko bahan bangunan? wong pasire pasir lepen angsale tumbas teng nggene Topa? Nggih ta?”.

“Iya, iki mau ya lagi wae tak rembug karo Sih. Lha Dhik Kadirin ora eneng omah” Kamdi wangsulan karo mesem.

Kadirin njupuk dhompet saka sake, banjur ndudut dhuwit telung lembar.

“Mangga sampean beta pisan” kandhane Kadirin karo ngelungne dhuwit kuwi menyang Kamdi.

“Lha thik akeh temen neh?” Kamdi nampani dhuwite karo semanta kakehan.

“Nggih mengke nek enten turahane, saged kangge numbasne ngombe tiyang-tiyang sing merdamel neh” wangsulane Kadirin  sing banjur mlaku nyedhaki Lasmi sing isih ana gendhongane bojone.

Kamdi pamitan maneh, banjur metu saka omah. mBuh menyang ngendi parane. Sing cetha neng angen-angene Kamdi ana pepenginan sing kuwat kanggo ngerteni neng ngendi Marti manggon ing wektu iki.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...