Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (24)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Marti nggagas bakal nyritakne kabeh lelakone marang wong sing lagi ditepungi kuwi. Sokur-sokur yen mengko kaya sing dikandhakne dening Astuti mau, yaiku mbok menawa Harun utawa Astuti bisa aweh pitulungan nyuda petenging atine, ngurangi aboting sesanggan kang dirasakne dening batine. Saora-orane, yen sing ngganjel ana dhadhane kuwi disuntak klawan crita marang wong liya, kira-kira bakal sethithik aweh rasa lega. Harun, Haryadi karo Astuti padha meneng ngenteni Marti nyritakne apa sing marahi dheweke dadi susah sing miturut panyawange wong telu kuwi susah sing gendhe banget.

Bareng wis bisa nata atine, Marti ya banjur miwiti crita. Wiwit sadurunge dheweke dirabi Taslim nganti  ditundhung lunga dening Juragane tanpa ngerti duwe luput apa. Lelakon bab Hajir sing wis dililakne kanggo dipupu dening juragane ora kliwatan. Uga olehe wis meh dadi kurbane Kamdi uga dicritakne. Pokoke kabeh lelakoning uripe sing seneng lan sing susah sasuwene ngawula dadi rewang ing Kulawargane Juragan Kadirin, ora ana sing kecicir kabeh diomongne marang wong telu sing lungguh ing sacedhake kuwi.

“Gandheng ing donya punika kula sampun boten gadhah sinten-sinten malih” Marti mungkasi olehe crita “tiyang kawontenanipun Pake Hajir kaliyan kawontenan kula rumiyin niku sami, sami anggenipun boten gadhah tiyang sepuh lan boten gadhah sedherek, kula lajeng bingung. Bingung anggen kula badhe kesah kaliyan anak kula punika, dhateng pundi purug kula? upami badhe pados pasuwitan utawi ngengeran, dhateng sinten kula badhe ngenger? kula babar pisan boten mangertos. Niki wau kula mbatos, kalih milang-miling mbok menawi wonten priyantun ingkang kersa nampi kula dados rewangipun, ancas kula inggih badhe kendel lan mapan ing kuburan mriki rumiyin”.

“Dados jane Juragane Bu Taslim sing kakung niku boten sarujuk menawi Bu Taslim dipun tundhung kesah saking griyanipun ?” sawise Marti rampung crita banjur ditakoni dening Astuti ngono kuwi.

“Ketingalipun makaten Bu” wangsulane Marti “nanging sareng Juragan wedok criyos nek kula boten minggat piyambakipun badhe wangsul dhateng griyane tiyang sepuhipun, kula inggih lajeng ngalah. Mesakaken juragan kakung lan putranipun, tinimbang rumah tanggane Juragan bubrah gara-gara Juragan Jaler boten sarujuk menawi kula dipun tundhung semahipun, rak inggih langkung prayogi menawi kula ingkang kesah?”

“Nanging jebul panjenengan  malah dados bingung piyambak? arep lunga menyang ngendi nanging ora ngerti ngendi sing arep diparani, rak ngoten ta?” Harun genti sing takon.

“Inggih Bapak” wangsulane Marti “sampun cekap anggen kula criyos, menawi Bapak kala wau dhawuh badhe tindak dhateng griya kula, sak niki kula wangsuli bilih kula sak niki sampun boten gadhah griya malih. Lan menawi Bapak kaliyan Ibu badhe kundur kula namung saged ndherekaken kaliyan donga mugi-mugi kaparingan wilujeng. Sak niki kula badhe pados cungkup ingkang radi wiyar, badhe kula damel nggen kendel saderengipun kula angsal ngengeran” .

Marti ngadeg arep ngalih, nanging dipengggak dening Haryadi, sisihane Astuti.

“Aja ngalih dhisik mBak, sampean entosi teng mriki riyin, kula ajeng rembagan sakedhap kaliyan Mas Harun kalih estri kula” kandhane Haryadi banjur ngadeg, ditutne harun karo Astuti. Wong telu kuwi banjur ngalih rada adoh. Marti bali lungguh karo ngingeti wong telu sing ngadoh kuwi, sing jare arep rembugan, ngrembug apa Marti ora bisa ngira-ira.

Rada suwe Harun, Haryadi karo Astuti olehe padha rembugan, Marti sabar ngenteni ora ngalih saka enggon. Bareng olehe rembugan wis rampung, wong telu kuwi banjur marani Marti maneh.

“Niki ngeten Bu Taslim” sing omong Harun “kula tiyang tiga niki sampun sepakat, menawi Bu Taslim kersa, badhe kula jak dhateng Madiun. Teng Madiun wonten padamelan, mbok menawi Bu Taslim saged nglampahi…..”.

“Inggih Bapak Matur nuwun, padamelan punapa punika Bapak?” Marti gageyan nigas kandhane Harun ketang selak kepengine bisa enggal oleh gaweyan “saged kula namung nandangi padamelan kasar”.

“Adhik kula niki, mbetahaken rewang ingkang saged resik-resik kados nyapu lan ngepel, umbah-umbah lan olah-olah dhateng pawon, kaliyan tengga griya menawi adhik kula niki sampi nyambut damel. Amargi dugi sapriki adhik kula niku nggih sami kaliyan kula, dereng kaparingan momongan dening Gusti Allah” Harun nutugne olehe guneman.

Marti meneng, durung semaur, nanging atine dadi seneng lan wiwit krasa padhang.

“Pripun ?” Harun kandha maneh “menawi panjenengan kersa, sakniki sareng-sareng bidhal dhateng Madiun mrika mengke si Thole kersane nerusaken sekolahe teng mrika, sedaya wragadipun badhe dipun tanggel adhik kula. Pripun?”.

“Inggih Bapak, Ibu kula purun lan matur nuwun sanget” semaur ngono kuwi, Marti karo prembeh-prembeh wiwit nangis maneh. Mung tangise saiki beda karo tangis sing mau, tangis sing keri iki tangis bungah jalaran rumangsa oleh pitulungan saka Sing Maha Kuwasa lelantaran Harun, Haryadi karo Astuti.

“Sampun, sampun muwun malih Bu Taslim” Astuti ngandhani “sak niki mangga bidhal”.

“Sekedhap Ibu” Marti mangsuli “sadeengipun bidhal kula badhe nyuwun dhateng Bapak lan Ibu sedaya”.

“Bu Taslim ngersakne napa?” Harun takon.

“Kula sak niki rak sampun dados rewangipun Pak Haryadi kaliyan Bu Astuti ta?” Marti mbalik takon.

“Nggih, lajeng ?”.

“Wiwit sak niki Bu Astuti lan Pak Haryadi kalih Pak Harun menawi ngendikan kalih kula nggih kedahe boten basa ngoten niku, mosok kalih rewange kok basa? rak kirang sae dadose?”.

“Ya wis, nek ngono basaku tak jabele, banjur ngersakne apa maneh Bu Taslim?” Astuti semaur karo ngguyu.

“Sampun nimbali kula Bu Taslim Buk-e, boten patut” wangsulane Marti.

“Lha piye?”

“Menawi nimbali kula nggih Make Hajir ngoten, langkung sekeca dimirengne”.

Awan kuwi Marti sida bareng wong telu kuwi menyang Madiun, numpak mobile Harun sing disetiri dhewe. Dening Astuti Marti dikongkon lungguh neng ngarep ngancani Harun, jarene ben ora ngantuk, Hajir lungguh neng tengah diapit Astuti karo Haryadi, wong loro sing durung duwe anak kuwi sajake kepencut karo Hajir sing rupane bagus nyenengake.

Sauntara iku, bareng rewang-rewange Juragan Kadirin ngerti nek Marti ditundhung lunga dening Sihmirah, kabeh padha kaget. Saminah karo Giyem sing padatan nek tandang gawe cag-ceg trengginas merga atine seneng, dina kuwi ketok nek padha aras-arasen. Rewang loro kuwi sak jane ngono banget olehe ora bisa narimakake nek Marti, kancane sing sregep, temen lan duwe rasa tanggung jawab gedhe marang gaweyan sing dipasrahne dening juragane.  Nanging, arep cilike  melu-melu omong marang juragane, gedhene nganti kelah padha ora ana sing wani. Bisane mung rasan-rasan dhewe karo kancane lan sok-sok ya karo tanggane barang. Wong sak Sendhangrejo ora ana sing ngerti, Marti lunga menyang ngendi. Merga ora ana wong Sendhangrejo sing tau pethukan karo Marti sakjege Marti budhal ninggalne omah. Nganti pirang-pirang dina Saminah karo Giyem isih kerep sambat ngeluhne si Hajir, saiki neng ngendi? wis mangan apa durung? olehe turu neng ngendi lan liya-liyane.

“Kira-kira Yu Marti ki olehe lunga nyang ngendi ya Dhe?” Giyem bisik-bisik neng kupinge Saminah.

“Embuh Yem, aku ora ngerti wong Make hajir ki wis ora duwe sapa-sapa maneh, duwene ya mung Juragan iki, banjur karo juragane ditundhung tanpa lupute” wangsulane Saminah karo mbrebes, batine banget olehe mesakne marang nasib sing disandhang Marti.

“Tak kira Yu Marti dikon minggat karo Juragane ki merga saka pokale Mas Kamdi ki Dhe?” Giyem ngetokne uneg-unege.

“Sapa maneh nek ra menungsa siji kae, wong arep nganggo dolanan Make Hajir ora kasil, banjur gawe pitnah, wadul nyang sedulure, crita sing ora-ora. paling ya ngono kuwi” wangsulane Saminah, bisik-bisik. Ora wani banter kuwatir nek keprungu juragane.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...