– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –
Wong telu sing ngulati anggone Marti tetangisan ing dhuwur pusarane sing lanang kuwi, kajaba rumangsa welas uga rada gumun. Wong telu kuwi padha ngira nek wong sing nangis tanpa nyuwara banter kuwi lagi saka lelungan utawa malah lagi arep budhal lelungan. Ketitik saka barang-barang sing ana sacedhake. Mesthi wae wong telu kuwi padha olehe ora ngerti sing njalari Marti nangis kelara-lara sing saking ketungkule anggtone nangis nganti ora migatekne kiwa tengene kuwi. Nanging sajake wong telu kuwi pancen duwe niyat ngenteni ana sacedhake Marti. Ngenteni menenge Marti saka anggone nangis.
Ora rugi olehe wong telu kuwi ngenteni, Marti wis rada lega olehe ngesok rasa ngondhok-ondhok sing mau ngebaki pulung atine. Marti tumuli ngusapi luh saka praupane banjur noleh marang panggonane Hajir sing uga lagi linggih karo ndhingkluk melu ngrasakne sedhih ing atine. Merga sanajan isih bocah kelas siji SD nanging Hajir ya ngerti nek wiwit dina iki dheweke karo Make wis ora oleh manggon neng omahe maneh. Hajir krasa nek ditoleh dening Make, banjur ndengengekne sirahe males nyawang marang wong tuwane, karo takon sedih :
“Lha iki mengko awake dhewe banjur menyang ngendi Mak?”
Ditakoni anake lanang ngono kuwi, mripate Marti sing mau wis asat bali ngetokne luh maneh, karo nggedhegne sirahe Marti wangsulan :
“Make durung ngerti Le, saiki leren neng kene dhisik wae, mengko nek Make wis nemokne ngendi sing arep diparani lagi awake dhewe mlaku mara mrana”.
Hajir ora wangsulan, mung manthuk banjur bali ndhingkluk nyawang lemah maneh. Bocah cilik kuwi melu nggagas, pikirane milang-miling mbok menawa bisa nemokne papan sing arep diparani sawise lunga saka omah merga ditundhung Juragan sing tau dadi Ibu angkate kuwi.
“Assalamu’alaikum, nuwun sewu Bu Taslim” dumadakan salah siji saka wong telu sing mau tansah ngulati Marti lan Hajir kuwi nyedhak karo uluk salam banjur nyebut jenenge Marti kanthi sebutan Bu Taslim. Marti sing ora weruh sadurunge, rada njomblak, banjur ndengengek nyawang sing sapa aruh marang dheweke. Rada sauntara Marti nguwasi wong kuwi, nganti durung kober mangsuli.
“Kesupen napa pangling kalih kula ta Bu?” wong kuwi takon maneh karo mesem ramah.
“Pak Harun nggih ?” Marti wangsulan karo meksa lambene kanggo mesem “badhe ziarah keng Rayi ? Mangga……..”.
“Matur nuwun Bu” wong kuwi wangsulan “sampun kok, wau sampun ziarah. Sajake Bu Taslim boten pirsa, awit pas kula ziarah wau panjenengan nembe khusuk anggenipun ndongakne ke Raka”.
“Dheg!!!” Marti kaget, dheweke pancen ora weruh lan mau niyat ora nggatekne kiwa tengene. Atine sing lagi peteng, wis ndadekne panyawange uga peteng, nganti ora weruh yen Pak Harun mau wis ziarah neng kuburan ora adoh ing sisihe kuburane Taslim. Nek ngono, Pak Harun mesthi ngerti lan weruh olehe wis nangis kelara-lara, tujune mau Marti ora ngucapake apa-apa, kajaba mung nangis thok.
“Nyuwun pangapunten lho Pak” Marti karo rada rikuh banjur njaluk ngapura marang Pak Harun “kula boten sadar menawi Pak Harun wonten sandhing kula”.
“Boten napa-napa Bu” wangsulane Pak Harun sareh lan sabar “namung kula radi nggumun, ketingal sanget menawi Bu Taslim nembe sungkawa ing salebeting penggalih. Tiyang rancangan kula kala wau menawi boten panggih Bu Taslim, kula kaliyan sedherek kula, tiyang kalih nika, badhe dolan sowan teng daleme Bu Taslim”.
Marti sansaya gumun, krungu wangsulane Pak Harun sing nyleneh lan keprungu aneh kuwi.
“Pak Harun badhe tindak teng griya kula?” Marti takon karo nuduhne rasa gumune.
“Angkahipun makaten” wangsulane Pak Harun karo mesem “nanging kok ketingalipun Bu Taslim badhe tindakan, punapa malah sampun kundur saking tindakan?”.
Marti ora bisa mangsuli pitakone Pak Harun sing jane ya mung pitakon lumrah kuwi. Nanging Marti rak pancen durung ngerti nek arep lunga menyang ngendi ? Malah mau wis mikir arep leren neng kuburan kono wae dhisik, nek pancen ora bisa nemokne papan sing arep dituju, ya kapeksa arep leren lan manggon neng kuburan kono wae, nek butuh ngiyub bisa ngiyub neng ngisor cungkup sing ora ana lawange sing akeh sumebar neng kuburan kono. Nganti suwi Marti ora bisa mangsuli pitakon kuwi.
“Nyuwun pangapunten lho Bu, menawi pitakenan kula boten kepranan ing penggalih, sepisan malih kula nyuwun pangapunten” Pak Harun kandha maneh, njaluk ngapura merga wis takon marang Marti bab olehe lelungan.
“Boten Pak” Marti wangsulan suwarane kedher merga ora krasa luh wiwit mili maneh saka pojoking mripate “Bapak boten lepat, namung kula ingkang bingung kados pundi anggen kula badhe atur wangsulan, amargi kula piyambak inggih dereng mangertos badhe dhateng pundi. Nyuwun pangapunten Bapak, kula nembe bingung”.
Weruh nek sing diajak omongan wiwit arep nangis, Pak Harun banjur nyedhak karo kandha :
“Sampun, sampun Bu boten sah bingung, mangga lenggah rumiyin kemawon, dipun tata penggalihipun supados bingungipun ical rumiyin” karo muni ngono kuwi Pak Harun banjur mapan lungguh ing sisihe Hajir sing mung meneng ora obah lan ora kumecap kajaba nyawang Make kanthi mripat kang katon memelas.
Ngerti Pak Harun lungguh Marti uga banjur bali lungguh maneh, tangane repot olehe nyeka luh sing ora mandheg-mandheg metu saka mripate. Pak Harun ngawe kanca-kancane supaya padha nyedhak. Wong loro kancane Harun kuwi ya banjur mara lan mapan lungguh neng sandhinge.
“Nyuwun pangapunten Bu, tepangaken rumiyin , tiyang kalih niki adhik-adhik kula, pasipun rayine semah kula kaliyan garwanipun. Dhik Haryadi kaliyan Dhik Astuti” kandhane Harun sawise kancane mapan lungguh.
Marti ndengengek, banjur tangane ngajak salaman wong loro kuwi karo semaur :
“Inggih Kula Marti rayate Kang Taslim sawargi, niki anak kula namine Hajir”.
“Matur nuwun Bu Marti, kula Haryadi lan niki semah kula Astuti, rumiyin kula nate manggen dhateng Kilen Peken Kedunggalar, kula niki adhine mBak Darni semahipun Mas Harun, kula yogane sawargi Pak Marta Parasi kilen peken Dunggalar”.
“O, Pak Marta Parasi kakunge mBah Sadinah, ingkang pekaranganipun samangke dados Bank BRI Unit nika?” Marti nggenahne.
“Leres Bu, pancen sakniki pekarangan nika mpun disade, lha yogane Pak Marta nggih kantun kula piyambak, sak niki teng Klegen Madiun” Ipene Harun kuwi mbenerne kandhane Marti.
“Nuwun sewu Bu Taslim” genti Harun sing omong karo suwara alon sajak ngati-ati banget “estunipun wiwit wau kula kaliyan adhik-adhik kula sumerep lan mireng punapa ingkang dipun ngendikakne Bu Taslim kaliyan keng putra. Kula kinten Bu Taslim wekdal punika nembe nandhang sungkawa awit manggalihaken prakawis ingkang sakalangkung awrat. Punapa inggih leres makaten Bu?”.
“Leres pangandika panjenengan Bapak, mila saestu wekdal punika manah kula nembe sedhih, susah, bingung dados setunggal, saupamia pejah nglalu punika boten kalebet dosa makaten, kula kinten kula langkung remen menawi pejah kemawon tinimbang gesang ingkang kados makaten awratipun, Bapak” Marti wangsulan blaka marang Harun.
“Inggih, inggih Bu Taslim” Astuti adhine Ipe harun melu omong “Bu Taslim saged makaten punika rak wonten sababipun ta Bu? menawi wonten sarjuning penggalih, mbok tulung Bu Taslim paring dhawuh dhateng kula kaliyan Mas Harun prakawis ingkang murugaken Bu Taslim sekel punika, mbok menawi kula utawi Mas Harun saged atur pambiyantu ngirangi sungkawaning manah”.
“Inggih Bu” Marti wangsulan karo nyawang praupane Astuti, wong sing rumangsane Marti wong ayu sing nggadhuh praupan sabar kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar