– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –
Kaya disamber bledheg ing wayah esuk rasane atine Marti, ora ana udan ora ana angin dumadakan oleh suwara wujud panundhung saka juragane sing sasuwene iki ora tau barang sakecap ngunekne tembung sing ora kepenak marang dheweke. Kaya ora percaya karo pangrungune, mripate Marti genti genten ngingeti praupane Juragane wedok lan Jurgane lanang. Nanging sing disawang panggah ora obah ora musik kaya tugu watu sing mung bisa meneng.
“Nuwun sewu Gan, punapa nggih lepat kula? kok dumadakan kula nampi duka ingkang kados makaten ? mBok kula disukani sumerep murih kula saged ndandani utawi nebus lepat ingkang dereng kula ngertosi niki?” sawise juragane disawang mung meneng wae, Marti manek-manekne atine takon marang juragane.
“Aku dhewe bares wae ya ora ngerti Make Hajir” sawuse rada sauntara Sihmirah sing ditunggu-tunggu wangsulane panggah ora semaur, Kadirin sing guneman “kowe duwe luput apa marang Ibune Las, kok nganti Ibune Las duwe uni sing kaya ngono kuwi”.
Kadirin banjur genti noleh sisihane karo takon :
“Jane ana perkara apa ta Bu? rak ya kudune olehmu nesu ora nganti kaya ngene iki? ana rembug bisa dirembug, lha nek ujug-ujug Make Hajir mbok kon lunga saka kene ki banjur mbok kon manggon neng ngendi?”
“Aku iki ora nesu Pakmu” Sihmirah wangsulan, suwarane lumrah wae “aku iki mung nindakne apa sing kudune tak tindakne. Wiwit dina iki aku ora bisa maneh urip sesandhingan karo Make Hajir sak anake pisan. Ora perlu Panjenengan takon apa lupute, mengko nek wis Make Hajir saanake lunga saka kene, panjenengan bakal ngerti dhewe nek sing tak tindakne iki wis bener”
“Lha banjur Make Hajir arep mbok kon manggon neng ngendi? Jeneh neng kene iki Make Hajir ora duwe sanak ora duwe kadang ?” Kadirin takon maneh.
“Sing arep butuh panggonan kuwi dudu aku Pakmu, ya aja takon nyang aku” wangsulane Sihmirah “butuhku aku wis emoh nek Make Hajir manggon neng pekarangan kene, ora mung kuwi aku ora gelem nek Make Hajir manggon neng lemah sing ana gandheng cenenge karo aku”.
“Nganti samono olehmu wis mentala marang Make Hajir sing wis akeh labuh labete marang kulawargane dhewe?” Kadirin melehne sisihane.
“Aku iki wis duwe koma-koma Pakmu” Sihmirah nyelaki pandakwane sing lanang “aku ngongkon lunga kuwi ya nganggo wragad, blanjane Make Hajir kanggo sasi iki, sanajan lagi dinyangi pirang dina iki wis tak etung sesasi, banjur kabeh barang sing wis tak dhakokne Hajir ya tak kon nggawa kabeh, klebu ali-ali sak gram olehku nukokne bareng karo leh nukokne suweng Las wingenane kae, banjur omah sing mung kaya kandhang truwelu kae ya wis tak bayari karo dhuwit sing sak mono mau. Kok panjenengan ngarani aku wis mentala ki aku terus kon piye? Nek Panjenengan milih luwih abot marang Make Hajir aku ya ora apa-apa kok Pakmu, aku tak balik nyang omahe wong tuwaku dhewe wae, timbang neng kene tiwas ngendhegne umurku”.
Krungu tembunge Sihmirah sing keri dhewe ngono kuwi, Kadirin banjur meneng. Arepa kaya dheweke ora bakal bisa pisah karo anak bojone. Lan Kadirin pancen ya wis apal karo watak wantune Sihmirah, nek wis ngono kuwi ora bisa dieluk maneh. Mula Kadirin ya banjur ora bisa wangsulan.
Marti sing najan drajate mung rewang nanging bareng krungu rembuge Sihmirah sing kaya ngono kuwi, uga banjur thukul rasa kaprawirane, jiwane brontak, ora gelem terus-terusan diremehne dening Sihmirah. Mula kanthi tatag uga banjur guneman alon, nanging teges :
“Ampun ngoten Gan, eman sanget nek Juragane kudu pisah mung gara-gara kula tiyang sing boten mbejaji niki. Kula mawon tak sing kesah saking mriki. Boten langkung kula matur nuwun awit sedaya kasaenan sampean dhateng kula lan anak kula Hajir lan sedaya lepat kula mugi disukani ngapura”.
Bubar muni ngono kuwi tanpa ngenteni wangsulan saka Juragane Marti banjur nyandhak tangane Hajir sing wiwit mau mung lungggguh meneng ing sisihe Bapake angkat, Hajir digandheng diajak ngalih saka kono. Mampir omah ngringkesi barang-barange sing isih rada ana ajine, ora nganti sak jam wis rampung. Marti sing bingung arep lunga menyang ngendi kuwi, dumadakan kelingan marang Taslim bojone sing wis entek slametane.
“Ayo Le, ngendhangi kuburane Pakmu dhisik wae” kandhane Marti marang Hajir, anake. Hajir sing ora ngerti larah-larahe Ibune pupon nganti nesu lan nundhung dheweke karo Make kuwi mung bisa manut marang Make. Karo nggawa barang-barang sing wis diringkesi neng pethukan glempo, Marti ngajak anake lanang menyang kuburane Taslim.
Tekan kuburane Taslim, Marti wis ora bisa maneh mbendung rasa sing wiwit mau ngondhok-ondhok ing jero atine. Tangise disuntak menyang pusarane sing lanang, sing balunge isih utuh apa wis entek dipangan lemah ora ngerti, Sing cetha neng kono Marti nangis ngglolo, najan ora banter nanging bisa dirungokne dening Hajir, anake. Neng kuburan sing sepi kuwi, neng angen-angene Marti sing peteng, Marti weruh maneh wewayangan lelakone urip sing tau diliwati. Wiwit isih cilik sing wis ora ketunggon wong tuwa lanang, melu simboke sing ngawula dadi rewang ing omahe Juragan Harja Lurik, lan bareng simboke wis mati Marti nerusne gaweyane simboke dadi buruh neng omah kono. Banjur kepethuk bocah sing mbara kerja buruh macul neng nggone juragane sing jeneng Taslim, bocah saka Bulak Pepe sacedhake Perkebunan Tretes, sing uga wis lola. Dening Juragane bocah loro kuwi banjur dijodhokne, wong loro banjur bebarengan ngawula neng nggone Juragan Harja kono. Lan sawuse Juragan Harja tinggal donya, wong loro nerusne olehe ngawula dadi sapukawate anake Juragan Harja sing jeneng Kadirin. Olehe ngawula neng kulawarga kuwi wis mbalung sungsum tekan njero ati. Ora mung butuh pengasilan kanggo urip thok, nanging wis manjing kaya dadi kulawarga.
Angen-angene Marti sansaya nglambrang tekan ngendi-endi, tekan matine sing lanang sing mung jalaran keneng eri kakum ing sawahe Juragane, banjur Hajir anake lanang sing ontang-anting kuwi ditembung lan klakon dipek anak dening Juragane. Banjur disusul crita tekane sedulur tuwane Juragane wedok sing meh wae ngrebut rasane malah wis meh bisa ngendhih jenenge Taslim sing najan wonge wis entek slametane nanging katresnane isih langgeng nunjem ing jero atine. Nganti anane lelakon sing dheweke ora ngerti mula bukane, ngerti-ngerti tampa bendu saka bendara, ditundhung lunga tanpa dituduhne dosa lan kaluputane. Marti mung bisa nangis, nangis lan nangis.
“Apa iki walat sing tak tampa merga aku wis meh wae nyidrani rasa tresnane Pake Hajir?” ngono salah siji pitakonan sing thukul ing angen-angene Marti.
“Dhuh Gusti, kula nyuwun ngapura……..” Marti njelih lirih banjur nangis maneh. Saking gedhening rasa sedhih sing nindhihi atine, Marti wis ora kober weruh apa-apa sing ana kiwa tengene. Marti ya ora ngerti nek wis rada suwe ana mripat telung pasang sing nguwasi dheweke lan Hajir, kanthi panyawang sing kebak rasa welas, mesakne kaworan rasa gumun.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar