Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (21)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Sihmirah durung ngerti karo sing dikandhakne mbakyune ipe kuwi. Neng angen-angene sing cepet ketok ya dhuwit pas Asmi omong nek kira-kira Kadirin lagi lali kuwi, kamangka adate sing ndrawasi kuwi wong ki laline ing babagan utang. Apa Kadirin duwe utang nanging lali? Utang kuwi marang sapa? mesakne temen sing diutangi nek nganti sing utang kelalen, iya nek kahanane sing diutangi kuwi cukup, lha nek sing diutangi kahanane lagi kesrakat banjur arep nagih marang Kadirin pekewuh utawa ora wani, rak ya mesakne temenan?.

“Ora Yu, aku ora arep nesu, kepara malah kebeneran nek ana sing gelem ngelingake” wangsulane Sihmirah tatag wae “lha pancen wong ki nek lagi lali wajibe ya dielingne, ora dinesoni, merga apa wae nek olehe ngadhepi ki karo nesu, perkarane ora dadi padhang nanging malah dadi sansaya ruwet”.

“Kuwi bener Dhik” kandhane Asmi maneh “ngertine Kangmu ki rak pas awakmu neng Rumah Sakit kae ta?. Kakanganmu kuwi ya blas ora ngira babar pisan, wong Dhik Kadirin kuwi wiwit isih nom biyen kondhang wong sing ndlujur, ora tau gelem nyenggol sing dudu duweke. Dadi maune Kakanganmu ki ya ora pati percaya karo sing disawang lan dirungokne nganggo mripat lan kupinge dhewe, nanging bareng wis bola-bali meruhi lan ngonangi, lagi Kangmu percaya”.

“Mengko dhisik Yu” Sihmirah nyelani rembuge Asmi “perkarane kuwi sak jane ngono apa? krungu olehmu omong ngono kuwi, aku kok dadi sansaya ora mudheng, ora sah ndadak tekan ngendi-endi, jane ki Pake Las nindakne apa?”.

“Sing sabar ya Dhik” Asmi guneman maneh suwarane keprungu nek ngati-ati “sing diweruhi lan dirungokne nganggo mripat lan kupinge dhewe, jare Kangmu rewangmu si Make Hajir kae ki wis wani tumindak sing ora bener. Make Hajir sing anake wis mbok openi mbok cukupi kabeh kabutuhane kae, isih rumangsa kurang, tanpa mbok weruhi wis nduweni sesambungan karo Dhik Kadirin, ya sesambungan antarane wong lanang karo wong wadon. Nanging pancen wong kae ki ya baud ndhelikne wewadine, dadi ora ana sing ngaweruhi. Lha pas awakmu neng Rumah Sakit kae, Kangmu weruh dhewe apa sing ditindakne wong loro kuwi. Lan Kangmu ya ngerti sawise awakmu bali, sesambungan kuwi isih terus mlaku kanthi primpen, olehe nindakne ngonok onggrok kuwi ora neng omahmu, nanging neng omahe Make Hajir, malah dhek wingi bengi pas sorene Kangmu dolan mrana kae, bengine Dhik Kadirin ya mara neng omahe Make Hajir kok, kuwi sing crita Kangmu”.

Getihe Sihmirah sakala krasa umub, dhadhane krasa kebak, untune nggeget, nesune wis nyundhul tekan sirah.

“Maune Kangmu arep ngandhani Dhik Kadirin kanthi becik-becik, nanging Kangmu ora wani” Asmi nerusne gunemane “wong Dhik Kadirin ki wong pinter, gek Kangmu ya ngrumangsani nek sasuwene iki kerep ditulungi Dhik Kadirin, mligine ing perkara butuh. Dadine Kangmu sarwa repot, arep omong wedi nek salah nek ora omong ya wedi nek rumah tanggane adhine dadi goyah, mula mau bengi kuwi ngandhani aku nek arep nekad ngomongi awakmu, ben ngerti nek rumah tanggamu sajroning bebaya. Nanging awakmu aja nganti nesu”.

“Lha wong ngerti kaya ngono kok gak oleh nesu ki karepmu piye ta Yu?” Sihmirah wangsulan karo arep nangis saking panase atine “enek menungsa sing wis tak beciki, tak cukupi butuhe, tak wenehi kaparcayan, lha kok malah arep ngrebut bojoku ki aku mosok kon meneng wae?”.

“Sabar Sih, sabar diunggahn e diudhukne…..” dumadakan tanpa dingerteni, Kamdi wis ngadeg ana cedhake adhine sing lagi murup atine kuwi.

“Sabar, sabar, sabar….. nek diumbar ya sapa sing arep kuwat?” Sihmirah wangsulan karo setengah nyentak.

“Karepku ki ngene lho, rungokna dhisik aku tak kandha!” Kamdi wangsulan karo mapan lungguh njejeri adhine wedok sing ragil kuwi “kowe oleh wae nesu, malah jareku kudu nesu, nanging aja nganti salah alamat”.

“Salah alamat piye?” Sihmirah takon.

“Tumibane nesumu aja marang bojomu” Kamdi aweh wangsulan “merga nek bojomu mbok nesoni gedhene nganti mbok unek-unekne, tanwurunga bakal dadi geger antarane kowe karo Pake Lasmi. Nek wis geger ora bisa diendhegne, mesthi ya banjur dhewen-dhewen, kowe kudu bali menyang omah kene iki maneh, merga omah sapekarangane kae kabeh olehe nggawani sawargi mBah Harja menyang anake lanang. Kowe ngerti dhewe ta? bandha samana mbane kae kabeh tinggalane mBah Harja, lha mBah Harja kuwi anake ya mung Kadirin dhewe, Apan kae bener adhine Kadirin nanging kae sedulur seje bapak, dadi ya ora oleh warisan apa-apa. Lha nek kowe bali mrene, kuwi padha wae gawe kepenake Make Hajir, dheweke dadi luwih bebas maneh, malah mesthi banjur obong-obong Dhik Kadirin supaya cepet-cepet nggolekne layang awakmu, nek wis Marti kae banjur nggenteni kalungguhanmu dadi bojone Dhik Kadirin”.

“Lha thik ngono Kang?”

“Iya kuwi nek diplayokne marang aturane negara” wangsulane Kamdi “mula kowe kena nesu nanging kudu pinter, lire nesu sing mikolehi, ora nesu sing mung nuruti ati panas tanpa petung sing wekasane nemu buntung”.

Sihmirah ora bisa kumecap, atine panggah isih panas lan rumangsa ora bisa mikir, isine atine mung rasa kepengin males laraning atine marang Kadirin bojone sing wis nyidrani katresnane lan kepengin gawe cilakane Marti sing wis wani arep ngrebut bojone.

“Lha saiki ngene wae” Kamdi nutugne olehe ngandhani adhine “sing baku rumah tanggamu karo Pake Lasmi aja nganti bubrah, mesakne Lasmi sing ora ngerti apa-apa kuwi nek nganti dadi kurban. Ping pindhone, penyakit sing ana omahmu kae gek ndang dibuwang sing adoh, nek Marti wis ora ana Kadirin ora bakal arep slingkuh, merga dhemenane rak wis minggat?”.

“Kuwi ya rada mathuk Kang” Sihmirah sumela gunem .

“Nanging cara sing mbok tempuh kudu nganggo cara sing pinter”.

“Pinter piye Kang?” Sihmirah takon.

“Sesuk utawa kapan, nek pas Pake Lasmi neng omah, Marti celuken banjur tundhungen supaya lunga saka pekaranganmu, ora oleh maneh manggon dadi magersarimu, nek perlu omah sing dienggoni kae kerta ajinen pira banjur bayarana pisan. Nek wonge takon apa lupute, wangsulana ora perlu ngerti lupute apa, sing baku Marti kudu lunga. Klebu nek Kadirin takon ya wangsulana karo jawaban sing padha. Yen Kadirin ngrewangi Marti, tantingen pisan abot Marti apa abot kowe karo Lasmi, nanging sepisan maneh kowe ora kena nuduhake nesumu marang pake Lasmi. Aku percaya, Kadirin mesthi luwih abot awakmu karo Lasmi tinimbang karo Marti”.

“Lha nek Pake Las tetep kukuh ora ngidini aku nundhung Marti piye Kang?”

“Nek kuwi sing kudu diadhepi, mengko tak golekne cara liya. Sing baku cobanen cara sing dhisik mau. Sarate, wiwit saiki kowe aja nuduhne nek wis ngerti apa sing dilakoni Kadirin karo Marti. Ping pindho aja pisan-pisan kowe nesu karo Pake Las, malah olehmu ngladeni kudu mbok tambahi. Ping telu nek wis olehmu nundhung Marti mbok kandhakne, Marti aja mbok wenehi wektu kanggo tata-tata olehe arep lunga kliwat saka sepasar. Ngerti?”.

“Iya Kang, aku wis mudheng” wangsulane Sihmirah manteb.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...