dening : Bapakne Bhisma.
– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –
Dina esuke kaya ora nate ana kedadeyan apa-apa, Marti isih esuk ya wis tekan omahe juragane nandangi gaweyan kaya padatan. Mung sok-sok karo nyambut gawe Marti nggagas jebul dheweke kuwi klebu wong cubluk sing gampang kapilut dening rembuge wong sing api-api lagi susah. Kaya Kamdi mau bengi, Kamdi sing tembunge memelas jebul mung dienggo srana murih kurbane kelena. Kamdi sing olehe kandha jare laraning atine marang sisihane merga sisihane sing wis tumindak cidra, ora bisa ditambani maneh, jebul dudu sisihane sing selingkuh nanging malah Kamdi dhewe sing arep tumindak sedheng. Thik ngonowa, lha kok sing arep dienggo kurban ndelalah kok ya Marti. Marti dadi nggambarake, upama mau bengi Apan sakancane ora ngerti nek Kamdi arep tumindak sing ora bener marang dheweke, gek banjur apa dadine?. Upama Bayu lan Dhika ora nggugu Juragan Kadirin, banjur dheweke diarak menyang Kelurahan, gek banjur kaya apa wirange? wis wirang isih jebule ya mung dadi kurban nafsu kewane wong lanang?. Marti banjur janji sajroning atine, ora arep gampang percaya karo sapa wae sing kanthi sesidheman nyedhaki lan nyritakne tangising atine. Marti wis rumangsa kapok, merga setan kuwi ora mung nempleki wong lanang siji sing jeneng Kamdi wae, nanging bisa wae nempleki wong-wong ing sakiwa tengene.
“Kowe kuwi mikir apa ta Make Hajir? wiwit mau diulatne kok mung dheglang-dhegleng kaya wong lagi mentas kelangan apa ta apa ngono?” dumadakan Sihmirah metu saka omah marani Marti sing isih repot nandangi gaweyan pawon. Ora kaya padatan, esuk kuwi Sihmirah macak ayu, pupuran lan nganggto kudhung, klambi sing dienggo ya klambi sing kulina dienggo nek wayah arep lelungan.
“He ..he… mBoten kok Gan” wangsulane Marti karo ngguyu, banjur kandha dora “anu kelingan pilem sing teng tipi nika lho”
“Oalaah, tak kira lagi kelangan, pancen wong ki nek kakehan ndelok tipi bisa dadi kaya wong edan dhewe lho Jir, ngati-ati!” Sihmirah ngandhani “anu, mengko arep tak tinggal nyang nggone mBahe Las, neng omah padha sing ngati-ati, Hajir barang nek mulih sekolah nggoleki adhine kandhanana nek adhine dijak Ibuk nyang nggone mBahe ngono”.
“Nggih Gan” wangsulane Marti disusul karo takon “lha Juragan Kakung wau kok malah meling nek angsale ngintun sarapan tiyang matun ken ndadosne setunggal teng sabin Gempol thok? Napa Juragan Kakung boten tumut teng Sendhangembes?”
“Ora” wangsulane Sihmirah “aku arep ngepit dhewe karo Las, wong cedhak wae kok. Mengko sore wae, Pake Las ben nusul dadi nek mulih bengi aku ana sing ngancani”.
“Dugi dalu ta Gan?” Marti takon maneh.
“Iya, mengko ki rak sewune mBah Kunge Las, dibarengne karo mbangun candhine pisan, Pake Las ora melu tandang wong wis diborong Kang Kamdi karo kancane, ya nek slametan wae rak ya kudu teka”.
“O, nggih”
Marti banjur nutugne olehe gawe sarapan neng pawon kono, sing banjur disusul Saminah sing mau lagi menyang tegalan golek godhong gedhang ngge mbunteli sarapan kanggo wong sing matun neng sawah Gempol. Sihmirah bali mlebu omah, ora let suwe banjur metu maneh karo nggendhong anake sing isih cilik. Sepisan maneh Sihmirah pamitan Marti karo Yu Saminah nek arep menyang Sendhangembes nggone wong tuwane, arep ngrewangi masak-masak ana kana. Sing dipamiti karo sing pamitan padha-padha olehe meling supaya ngati-ati.
Karo nggendhong anake, Sihmirah numpak pit montore alon-alon. Pancen Lasmini kuwi wis kulina diajak numpak sepeda montor dening ibune ngono kuwi, dadi ya ora kaget. Tekan Sendhangembes, jebul neng omahe wong tuwane wis akeh wong sing padha rewang olah-olah neng pawon. Pancen wis dadi padatan, neng desa kono kuwi nek ana wong sing ewuh, tangga-tanggane padha teka dhewe-dhewe, ana sing nggawa beras, ana sing nggawa blanja saka omah banjur diworne dadi siji karo duweke sing lagi ewuh, diolah bareng-bareng kanggo kabutuhane slametan lan ngopeni wong-wong sing nyambut gawe neng nggone sing ewuh kuwi. Sihmirah sing mau olehe pamitan rewang-rewange jare arep ngrewangi olah-olah neng nggone wong tuwane, ora kebageyan gaweyan babar pisan. Ora mung Sihmirah dhewe sing neng pawon ora nandangi apa-apa, Asmi ipene Sihmirah, Katinah mBakyune ya padha, kabeh mung melu omong-omongan thok mbumboni olehe omongan wong sing padha rewang. Mung Suyati adhine sing saiki mbengkoni omahe wong tuwane, sing wira-wiri mernahne wong-wong sing lagi padha rewang.
“Lha iki mau sampean ngepit dhewe ta Dhik?” dumadakan Asmi nakoni Sihmirah.
“Iya Yu” Sihmirah wangsulan “wong Pake Las lagi srempengan matun, paling bisane mrene ya mung mengko bengi nek karo slametan”.
“Aku mau ya ngepit dhewe kok” Asmi omong maneh “Nek Kangmu ora neng ngendi-endi, ning isih turu, wong mau bengi kae jebul kleru dikira nek sing ditingkebi kuwi Darmadi Sopir sing omahe Ponjen, jebul Darmadi mebel sing omahe Ngobalan dadi wonge saka Ponjen ya banjur bablas nyang Ngobalan neh, mulih tekan omah wis jam siji luwih”.
“Iya, aku dhek bengi ya kecelik kok” wangsulane Sihmirah “bar sampean omongi kae aku rak terus budhal, wong wis keselehan, tibake tekan kana wonge malah carteran”.
“Lha aku ya ora ngerti kok” Asmi semaur karo mesem “lha sing salah ki ya Kangamu kuwi, nampa kabar kok ora digenahne. Paling sedhela maneh wonge teka, wong mau pas tak gugah tak pamiti mau, jare aku kon ndhisik mengko wonge arep nusul. Jarene kajaba arep ngurusi gaweyan neng kuburan, ya arep pethuk Dhik Kadirin karo awakmu”.
“Arep pethuk aku karo Pake Las, Yu?” Sihmirah takon nggenahne “ana apa ta?”.
“Mung arep dikandhani sethithik thok kok, jarene Kangamu Dhik Kadirin lagi lali, ya muga-muga nek wis ketemu Kangamu terus bali eling maneh” kandhane Asmi mangsuli pitakone adhine ipe.
“Lali? bab apa kuwi Yu?” Sihmirah dadi sansaya penasaran.
“St….” Asmi bisik-bisik neng kupinge Sihmirah “aja neng kene, ayo ngalih neng jero omah kana lho, ben gak enak sing krungu”.
Asmi banjur ngadeg mlaku mlebu omahe maratuwane sing mburi, sing saiki wis dadi omahe Suyati, adhine Kamdi landhes. Sihmirah ya banjur ngetutne, kepengin ngerti apa sing arep dikandhakne sedululure ipe sing wis ngarani nek bojone lagi lali.
“Aku ki dikandhani Kangmu ya lagi mau bengi pas wonge mulih saka jagong neng Ngobalan kuwi Dhik” kandhane Asmi sawise mapan lungguh neng kursi omah mburi kuwi.
“Iya, lha Kang Kamdi omong apa? Pake Las lali ki perkara apa?” Sihmirah takon.
“Jane jarene Kangmu, olehe ngerti ki wis rada suwe, nanging Kangmu ora wani omong marang awakmu, kuwatir nek Rumah tanggamu gonjang ganjing. Nanging, bareng digagas-gagas, nek Kangmu ora omong awakmu malah bisa ndrawasi tenan, mula mengko awakmu arep diomongi, nanging awakmu aja kesusu nesu, merga mbok menawa Dhik Kadirin pancen lagi lali tenan” wangsulane Asmi suwarane alon, nanging bisa dirungokne klawan cetha dening Sihmirah sing olehe ngrungokne karo nggendhong anake sing isih cilik kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar