- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Anggone muni ngono kuwi merga Kadirin wis keliwat jengkele marang sedulure ipe sing wis wani nggorohi awake lan katon sansaya ngendelake rumangsa dumeh kapernah tuwa. Mula Kadirin ya banjur mbalikne adhepe, tumuli mlaku arep metu. Marti kaget, ora ngira nek Juragane wis nesu tenan marang Kamdi sing isih mase ipe kuwi. Nanging Marti ora wani guneman menging marang lekase juragane. Kamdi dhewe bareng Kadirin arep nekad ya banjur keweden, mau ora pati kuwatir nek mung sing ngancam arep nyelukne Hansip kuwi mung Bayu, merga Kamdi percaya yen Ipene ora bakal negakne dheweke oleh wirang, merga nek dheweke oleh wirang tan wurunga ya bakal nyangking-nyangking jenenge Kadirin. Nanging nek sing arep budhal lapuran malah Kadirin dhewe? Kamdi ora bakal bisa endha maneh. Mula niyate Kadirin sing arep nggoleki Hansip Kardi kuwi kudu diendheg.
"Mengko dhisik Dhik......" Kamdi nyoba ngendheg lakune Kadirin. Kadirin pancen ya banjur mandheg.
"Sing mengke riyin napane ta Kang?" Karo noleh Kadirin takon "nek sampean boten purun bares kalih kula, niku boten enten gunane kula omong kalih sampean. Nek sampean pancen pengin diarak kalih Hansip dibeta teng nggene Pak Lurah, kula nggih boten napa-napa kok. Hansipe kula paranane riyin".
"Ora Dhik, ora" Kamdi glagepan mangsuli kandhane Kadirin "ya wis aku tak omong apa anane. Pancen aku mau pamitan mbakyumu nek arep jagong terus lek-lekan, ora omong nek arep dolan mrene".
"Nah rak tenan ta?" Kadirin melehne kakange ipe "bar maghrib wau Yu Asmi niku teng nggen kula, njanjangi nek Darmadi sopir nika ditingkebi, kamangka Ibune niku mpun nate keselehan sumbangan pas operasi teng Rumah Sakit nika, niku Yu Asmi ngertos mula Ibune Lasmi lajeng dikabari. Tibake sareng Ibune Lasmi mara teng Ponjen, nggene Darmadi sepi mamring, malah criyose tanggane, Darmadi nembe ngenyangi carteran. Dadi niki wau sampean mpun ngapusi Yu Asmi, terus mrembet teng Sihmirah napa dadi melu kapusan".
Wong-wong sing ana kono padha mlengak, ngerti julige si Kamdi olehe nutupi olehe arep slingkuh karo bojone. Marti ndomblong, ora ngira nek jebule Kamdi wis ngapusi bojone. Kamdi meneng karo ndhingkluk ora bisa wangsulan.
"Sak niki ngeten mawon, sampean kudu jujur kalih Make Hajir nek sampean empun ngapusi piyambake, crita sing boten bener babar pisan perkawis Yu Asmi. Sampean kalih Yu Asmi dugi sapriki tansah rukun niku sedaya sedherek sing nyawang tumut remen, lha kok sampean malah kluyuran neng nggone Randha sing lugu lan gampang diapusi nganggo tembung manis. Napa sampean pancen ajeng ngepek Make Hajir tenan? nek tenan nggih boten napa-napa, sak niki Yu Asmi kersane dipurugi Bayu napa Dhika niku, kersane ngertos nek sampean ajeng seneng kalih Make Hajir........".
"Ampun Gan...." dumadakan Marti njerit lirih "kula boten purun dipek Mas Kamdi, kula nggih boten purun ngrebut bojone Bu Asmi".
"Iya, iya... " Kadirin kober mangsuli jeritane Marti "menenga dhisik tak omong".
Marti meneng. Kadirin banjur nutugne kandhane marang Kamdi.
"Sak niki empun cetha, Make Hajir boten purun kalih sampean" banjur Kadirin genti omong menyang Apan, Blendhus, Bayu lan Dika "saiki wis genah ta? Make Hajir ora gelem nek dijak maksiyat ? Lan pancen durung sida kedadean ana maksiat ta? . Saiki sithik edhing, nek dicelukne Hansip Kardi banjur didhepne Pak Lurah, kuwi ora ana gunane kajaba mung arep mirang-mirangne Make Hajir. Mula saiki Kang Kamdi ben mulih wae, mesthine wis kapok ora arep marani Make Hajir maneh, wong wis konangan nek ngapusi ngono?. Lha nek pancen isih nekad ya kari karepmu piye kono. Piye?".
"Nggih empun, ngoten nggih boten napa-napa, wong wau upama Pak Kamdi purun wangsul wau-wau ngoten nggih boten ajeng dados geger ngeten niki kok" sing wangsulan Bayu, wong liyane padha manthuk-manthuk ngiyani.
"Pripun Kang?" genti Kadirin nanting sedulure ipe.
"Aku tak ndang balik saiki wae Dhik" wangsulane Kamdi karo ndhingkluk ngempet rasa isin "ora liwat aku njaluk ngapura".
"Nanging dieling-eling Pak Kamdi" Bayu semaur suwarane keprungu dhuwur "benjing-benjing nek sampean tesih nggrumut Yu Marti, musuh sampean mengke kula lan kula nggih boten ajeng wedi mlebu buwi merga mateni tiyang nasar".
"Kok bisa musuhe kowe kuwi piye ta Yu?" Kadirin takon ora mudheng karo karepe Bayu.
"Bares mawon Gan" Bayu wangsulan "jane kula rak mpun kengkenan Pakdhe kalih mBokdhe Blendhus niku, kula ken nembungne Yu Marti ajeng kula jak urip sareng. Lha kalih Yu Marti boten ditampi amergi umur kula radi tebih sangandhape Yu Marti, jane nggih namung kaot pitung tahunan. Ning nggih empun. Mula kula boten napa-napa nek Yu Marti niku ajeng emah-emah kalih tiyang sing langkung sae, ning nek namung ajeng diengge dolanan kula saestu boten trimah".
Krungu wangsulane Bayu ngono kuwi, wong-wong padha mesem, mung Dhika sing ketok praupane malih mbrabak abang. Kadirin ya banjur nerusne kandhane marang sedulure ipe :
"Empun ta Kang? sampean mpun krungu dhewe kalih sing dikandhakne Bayu niku wau, dadi nggih kula jaluk mang eling-eling tenan".
"Iya Dhik, saiki aku tak bali" wangsulane Kamdi sing banjur menyat saka palungguhane, bablas metu, marani sepeda motore sing jebul didhelikne neng ngisor gedhang, dadi ora konangan wong.
Saungkure Kamdi, wong-wong kuwi ora banjur bubaran, merga diendheg dening Kadirin. Kadirin aweh tutur marang sing ana kono kabeh :
"Sanajan wis kaya ngono, nanging kabeh wae tak jaluk aja gampang lena. Jenenge Kamdi sedulurku tuwa dhewe kuwi lunyune ngungkuli welut dilengani, rembuge empuk ngungkuli sega uduk, saiki omong kapok-kapok, nanging kuwi dudu wateke Kakanganku kae, sesuk-sesuk bisa -bisa dibaleni maneh tumindake sing seneng gawe sengsarane wong liya mung merga arep nuruti senenge dhewe. Mula kabeh tak jaluk rewang-rewangana aku, aja nganti Kang Kamdi sing isih sedulurku dhewe kuwi mbaleni kelakuwane sing ora bener iki neng kene".
"Nggih Gan, nek enten tingkahe Mas Kamdi sing sajake nyujanani mengke kula tak ndang wadul sampean mawon" Blendhus sing mangsuli.
"Kowe ya ngono Make Hajir" kandhane Kadirin maneh "bengi iki kowe isih slamet, ora sida kewirangan diarak Hansip neng Kelurahan, nanging nek nganti ana kedadeyan ngene iki maneh, aku ora arep melu cawe-cawe, arepa diarak diiring kothekan thonthongan, aku ya wegah kangelan mbelani kowe. Ngerti?".
"Nggih Gan" wangsulane Marti karo ndhingkluk keweden.
"Wis saiki ndang turu kana, wong-wong ya ben padha mulih nyang omahe dhewe-dhewe, mung welingku marang kabeh sing ana kene, crita bengi iki cukup mandhega neng kene, aja nganti dicritakne sapa wae. Merga iki klebu wirangku dhewe, nek nganti ana sing krungu padha wae sing nyritakne kedadeyan iki wis ngeler wirangku, wirange Juragan Kadirin".
"Nggih Gan" wong-wong padha wangsulan bareng, ora suwe ya banjur bubaran bali menyang omahe dhewe-dhewe.
Marti nutup lawang, mateni lampu. Mlebu kamar mapan turu, nanging nganti esuk panggah ora bisa ngeremne mripate, merga luhe sing mili saka mripat ora kena dibendung maneh, sewengi natas Marti mung nangis, nggetuni olehe wis nglirwakne pititure Juragan Kadirin.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar