- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Marti sing uga melu krungu pangincime Bayu ngono kuwi melu dadi pucet, nek Bayu sida ngecakne pangincime tan wurunga dheweke bakal melu kewirangan. Sansaya luwih wirang nek banjur dheweke karo Kamdi digiring kaya pesakitan menyang Omahe Pak Lurah, mangka bakal sumebar kabar tekan ngendi-endi Marti Randha anak siji sing ditinggal mati bojone ditangkep Hansip merga wis nglebokne wong lanang sing wis duwe bojo neng omahe.
"Tulung ya Dhik Bayu" Marti guneman karo suwara sing rada ndhredheg "sampean ya ngerti ta nek aku karo Mas Kamdi ora nindakne maksiyat neng omah kene? Iki mau ya mung jagongan lumrah kok. Mung wae pancen wis rada kewengen Mas Kamdi durung kersa kundur".
"Gampang kuwi Yu" wangsulane Bayu "ora perlu ditutup-tutupi, mau aku karo wong-wong iki pancen ya krungu sampean wis ngongkon Pak Kamdi iki mulih, nanging sadurunge aku karo wong-wong iki ya ngerti tangane Pak Kamdi sing nggrathil kuwi wis ngremet-ngremet apa mau? iya ta? banjur bareng sampean sadar, Pak Kamdi njur njaluk sepura? iya apa iya?".
"Pancen bener Dhik Bayu, mula aku njur ngongkon Mas Kamdi ndang kundur wae, nanging Mas Kamdi durung kersa" wangsulane Marti "mula tak jaluk Dhik Bayu gak sah nyeluk kanca-kancane mrene ya?".
"Kuwi karek neng Pak Kamdi Yu" genti Dhika sing wangsulan "wong wis duwe anak bojo ngono kok isih seneng kluyuran neng omahe randha, rumangsane ki desa kene dianggep apa?".
Durung nganti ana sing nyauri kandhane Dhika, dumadakan Juragan Kadirun teka, banjur ora takon karo suwara sing banter :
"Iki bengi-bengi kok ana rame-rame ki, jane ana apa ta? Lha iki Apan barang kok ana kene? Ngapa Pan?"
"Iki lho Kang" wangsulane Apan kalem "anu Mas Kamdi".
"Kang Kamdi ana kena apa?" Kadirin takon , banjur genti nakoni sedulure ipe "enten napa Kang?".
"Ora ana apa-apa kok Dhik" wangsulane Kamdi entheng wae "mung salah tampa wae, Dhik Apan, Kang Blendhus karo Mas-mase kuwi ngira aku wis tumindak ora bener".
"Iki ora salah tampa ya Pak" Bayu, Pemuda sing wis rada akeh umure kuwi numpangi rembuge Kamdi "sampean ki wis nerak aturan, bengi-bengi neng omahe Randha dikon mulih ora gelem malah arep nginep barang, nginep neng omahe Randha ki nek ora arep tumindak maksiyat banjur arep ngapa njajal?".
"Aku ora kaya sing mbok kandhakne kuwi Dhik" wangsulane Kamdi "tak akoni, aku mau pancen nembung Make Hajir nek arep leren neng omah kene, nanging aku ora arep kaya sing mbok dakwakne nyang aku, aku mung arep lungguh neng kursi, Make Hajir tak aturi sare neng kamare, nek bener sampean kabeh wis ngrungokne olehku jagongan karo Make Hajir mesthine sampean ya krungu".
"Wis, ora sah kakehan rembug" Dhika genti sing omong maneh "Mas Bayu, tulung nenga nggone Mas Kardi Hansip, terus neng nggone Pak Kamituwa pisan. Pak Kamdi karo Yu Marti ben didhepne Pak Lurah, mengko kari piye sing diputusne Pak Lurah, awake dhewe manut ngono wae".
Bayu malikne adhepe, arep budhal nindakne pakone Dhika.
"Sik...sik.....siiiik" Kadirin gage olehe menging . Bayu mandheg noleh Kadirin.
"Pripun Juragane?" pitakone Bayu marang Kadirin.
"Aja nyeluk Hansip Kardi dhisik, ya aja kesusu matur Pak Kamituwa" kandhane Kadirin sareh "iki neng pekaranganku, sing lagi dadi masalah kuwi rewangku karo Kakanganku dhewe. Tulung, aku njaluk wektu tak cobane ngrampungne perkara iki luwih dhisik, nek pancen aku mengko ora bisa, kari mangsabodhowa kowe kabeh".
"Nggih Gan, mangga" sing mangsuli Dhika "kula manut, ning nek Pak Kamdi boten kenging ditata, nggih kepeksa kula lapurne teng Hansip Kardi kalih Pak Kamituwa".
"Iya" wangsulane Kadirin karo mesem rumangsa nek bocah-bocah nom kuwi isih ngajeni dheweke.
"Make Hajir?" Kadirin banjur nakoni Marti.
"Nggih Gan" Marti semaur alon.
"Kowe ki jane piye ta? lagi dheki awan aku omong, nek eneng wong lanang mara neng omah kamangka wektune wis bengi luwih-luwih wong lanang kuwi tekane mung ijen, ora ngajak kanca sing wis mbok tepungi, aku rak wis meling aja mbok tampa iya ta? kowe mau ya wis semaur ngenggihi. Iya apa ora?" Kadirin wiwit nakoni Marti.
"Nggih Gan" Marti wangsulan karo ndhingkluk.
"Lha nek enggih tenan, ya gene kowe malah nglebokne Kang Kamdi neng omahmu ? malah jare arep nginep barang kuwi? Karepmu kuwi piye?" Kadirun nakoni Marti sabanjure.
"E...e....anu....anu...e..." Marti glagepen rumangsa ora bisa aweh wangsulan.
"Iki ngene lho Dhik" Kamdi nyoba udhu panemu.
"Sampean ampun melu omong riyin Kang" Kadirin menging Kamdi melu omong "niki kula dereng bar, oleh kula takon teng Make Hajir".
Kamdi ora bisa semaur, Apan, Blendhus, Bayu karo Dhika padha mesem.
"Make Hajir" Kadiririn banjur nakoni Marti maneh.
"Nggih Gan"
"Kowe kudune wis ngerti, wong wedok neng omah ijen banjur konangan glenikan karo wong lanang sing dudu batihe, kuwi wis ora bener, luwih-luwih ing wayah bengi pisan, kuwi nek cara hukum adat kene ngono, wong loro sing ngono kuwi mau kudune digawa neng nggone Pak Lurah, dicelukne modin terus dirabekne, nek gak duwe wragat nyang KUA mengko sing mbayari Kas Desa. Apa kowe wis niyat kepengin dirabi Kang Kamdi? Kuwi sing dadi rada repot, merga Kang Kamdi kuwi wis duwe lan isih duwe bojo, ning ya ana carane mengko nek kowe wis tekan ngarepe Pak Lurah, Yu Asmi ben diparani kon milih salah siji, pilih aweh palilah Kang Kamdi ngrabi kowe utawa ngajokne gugatan cerai neng Pengadilan. Piye?" Kadirin akeh-akeh olehe kandha marang Marti. Sing dikandhani mung ndhingkluk karo eluhe dleweran nelesi pipine.
"Kula mboten nglebetne Mas Kamdi Gan......" Marti karo dhingkluk Marti mangsuli kandhane Kadirin.
"Kowe oleh omong ngono kuwi, nanging bukti lan nyatane ora bisa mbok selaki" Kadirin aweh wangsulan, ditutugne karo nakoni wong sing ana kono "Omonganku iki bener apa luput Lur ?".
"Leres Gan" Blendhus, Bayu karo Dhika semaur bareng, Apan mung manthuk, Kamdi mlilik nanging ora kumecap.
"Sak niki kula tak genti takon teng sampean Kang" kandhane Kadirin genti marang Kamdi "wau sampean mriki niku napa mpun jumbuh kalih pamit sampean teng Yu Asmi?".
Ditakoni dening ipene ngono kuwi, Kamdi rumangsa dinyonyok pangrasane. Nanging gandheng jejere Kadirin neng kono minangka sing duwe pekarangan, Kamdi ora bisa apa-apa. Banjur wangsulan sakepenake :
"Lha wong wis padha tuweke wae, kok arep metu saka omah ngono wae kon pamitan ta Dhik?. Aku gak omong apa-apa karo mBakyumu".
"Sampean ampun ngapusi lho Kang?" Kadirin semaur melehne Kamdi.
"Barang kaya ngono wae kok ndadak ngapusi ta Dhik?" suwarane Kamdi wiwit panas.
"Nggih empun nek sampean mboten ngaku, kula boten ajeng nerusne omong" Kadirin suwarane sareh nangis landhep lan pedhes "wong sir kula niku ajeng kula rampungne teng mriki, nanging nek sampean kalih kula mawon mpun boten bares, kula nggih boten saged ngrampungi. Sakniki nggih kersane diurusi sing kawogan mawon".
Kadirin banjur kandha marang, wong liyane :
"Saiki wis cetha nek aku ora bisa ngrampungne perkara iki, mula aku njaluk tulung kowe kabeh, entenana neng kene, aja padha lunga. Aku dhewe sing arep nyeluk Hansip Kardi sak kancane karo tak ndhisiki sowan Pak Lurah pisan".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar