cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang.
26.
Sidane bageyane Bagus saka olehe andum bandhane wong tuwane ora diuthik-uthik babar pisan, jumbuh karo sing dikarepake sening Bagus. Sawah sebahu seprapat, karo lemah pekarangan wolulas are, panggah diregem dening putra pambayune Bu Asper kabeh. Lan lakune wektu terus ora ana lerene, dina ganti dadi dina, nyandhak sasi gumanti marang sasi candhake. Hubungan kekeluwargaan antarane Bagus karo Wong Tuwane tansah mlaku kanthi becik. Saben dina saben bali saka Pasar Karmini ajeg diterne Bagus menyang daleme Bu Asper, kajaba nek dina Sabtu lan dina Ahad sarta tanggal abang. Kesehatane Bu Asper ya ora tau ana masalah sing serius. Hubungan antarane Bagus karo Tiok lan Evie ya terus dadi apik, mlaku kaya lumrahe wong seduluran. Sri Hartini sing senajan omahe ora pati adoh karo wong tuwane, nanging gandheng karo akehe gaweyan sing kudu ditandangi sansaya arang bisa ngelangake wektu kanggo tilik menyang daleme wong tuwane.
Ora krasa, kabeh wis padha tuwa. Putra-putrane Bu Asper sing nyambut gawe neng kantoran, wis padha pensiun kabeh. Tiok sawise pensiun banjur ngopeni sawahe sing amba, sawah peparinge wong tuwane ditambah sawah olehe nggawani maratuwane, disambi mbukak toko dodolan rabuk lan bibit sarta obat-obatan pertanian. Vero bukak Toko sandhangan. Dadi sanadyan wis padha pensiun Tiok lan Vero panggah wae dadi wong sing ora tau leren. Pramesthi, anake Tiok sing ora duwe tunggal kae, sawise lulus saka fakultas Ekonomi UII Yogya banjur omah-omah karo Pengusaha Sukses lan diboyong kakunge sing isih Trah Pakualaman, menyang Yogya. Ponakane Vero sing biyen dikukup lan diopeni Tiok, sing siji wis dirabekne lan saiki manggon neng kutha melu bojone. Sing siji wis cekel gawe dadi Perangkat Desa sing nyambi kuliah neng Universitas Surya. Uga wis rabi lan omah dhewe, mung wae durung duwe anak.
"Lha iya ta Gus" kandhane Tiok ngepasi Bagus ngeterne Karmini menyang Daleme Ibune sing saiki wis dadi omahe Tiok "rumangsaku sakwise pensiun aku banjur bisa santai ngono, jebul malah sansaya repot. Nek isih nyambut gawe kae, isih ana dina Sabtu karo Minggu ditambah tanggal abang kanggo leren, saiki malah ora duwe prei babar pisan, dina Senin apa dina Minggu ya padha wae repote".
"Ngono kuwi rak ya wis dikarepne Mas Tiok dhewe ta Mas?" wangsulane Bagus karo mesem.
"Pancen ya bener, maune aku iki rak ya nguwatirake nek aku karo Ibune Pramesthi wis pensiun kabeh, banjur nglangut merga ora ana sing ditandangi. Mula aku banjur golek kesibukan nyang sawah karo bakul rabuk kuwi. Jebul gaweyan sing maune mung tak anggep samben kuwi, bareng dilakoni luwih mbutuhna tanaga, wektu lan pikiran sing luwih akeh tinimbang nyambut gawe neng Kantor dhek emben" kandhane Tiok sabanjure.
"Ya disyukuri wae ta Mas, sing baku diparingi sehat ngono wae lho"
"Iya" wangsulane Tiok, banjur genti ngajak omongan bab liyane "Lha sidane olehmu arep mantu kuwi suk kapan?".
"Durung sida kok Mas" wangsulane Bagus entheng.
"Lha kepiye ta?" Tiok takon karo ngandhani "jaremu dhek emben pas ditakoni Ibu kae, nek Indri wis diwisuda? lha kok saiki malah omong nek durung sida kuwi genahe kepiye?".
"Karepku dhek emben ya ngono Mas, lha jebul Indri ki malah ketampa nggenteni mase gek calone Indri ya padha" .
"Sik, ketampa nggenteni Mase piye? Calone Indri ya padha? padha sing kepiye ?" Tiok ora mudheng karo sing dikandhakne Bagus.
"Indri oleh bea siswa, njupuk S2 ne menyang Leiden, bedane nek Arka dhek emben S2 karo S3 ne neng Leiden kuwi rak njupuk Hukum, lha nek anakmu wedok si Indri kuwi njupuk Sastra Jawa. Ndelalah si Rofiq, Dosen kancane Arka sing wis nglamar Indri dhek emben kae, ya oleh sponsor njupuk S3 ne menyang Chicago. Ya wis ora sida mantu. mBesuk wae nek wis padha rampung, Arka karo Indri dibarengne wae" Bagus nggenahne wangsulane.
"Eeeeeeng....." Tiok manthuk-manthuk, banjur takon maneh "Lha Arka ki calone oleh sapa? omahe ngendi?".
"Ditakoni Ibune, wangsulane Arka jare durung duwe sir-siran" wangsulane Bagus karo mesem.
Olehe jagongan Tiok karo Bagus kuwi banjur rampung, merga wis rada suwe, Bagus kudu bali nggelak Angkudese, mau olehe leren neng omahe Tiok wis kesuwen sepuluh menit. Adate paling suwe, Bagus nemoni Ibune bareng karo Karmini kuwi sepuluh menit banjur bali nggelak Angkudes. Iki mau gandheng ndadak diendheg lan dijak jagongan Tiok sing disambi nunggu Tokone Rabuk, olehe mandheg Bagus dadi kesuwen sepuluh menit. Bagus banjur daya-daya mbalik marani Angkudese, arep digelak ngladeni wong-wong sing butuh lunga menyang Sidowayah kanthi nunggang Angkudes.
Tiok bali mbukaki buku cathetane, nocogne mlebu metune dhuwit sing kanggo mbayar DO Rabuk neng Gudhang Pusri karo dhuwit sing ditampa saka wong sing padha tuku, ora kliwatan uga ndelok cathetan wong-wong sing olehe njupuk rabuk neng tokone isih utang dhisik, mbayare ngenteni nek pari sing ditandur wis panen.
Karo nyambut gawe ngono kuwi, pikirane Tiok kober kagum marang ponakan-ponakane, anake Bagus sing mung loro, nanging lancar sinaune. Bocah loro bisa kuliah nganti tekan Luar Negeri kabeh. Iya, Arka karo Indri, kuwi nek didelok saka silsilahe, bisa diarani isih Trah saka Mangkunegaran, merga Bagus kuwi senajan mung sopir Angkudes, nanging putrane Asper Raden Mas Surya Gutama. Nanging nek disawang saka sisih, Dr, Arka Bismantaka, SH, MA., kuwi anake Karmini, Bakul Tempe lulusan SMA KP., putune Mak Jiyah Tledhek Amen, Tandhak Tayub bojone Karmin Bengkring. Tiok banjur kelingan jaman semanane, nalika dheweke karo sedulur-sedulure padha nyawang remeh lan asor marang Karmini, merga Karmini sing anake Mak Jiyah Tandhak Tayub sing dening Tiok karo sedulure dicap nganggo sebutan "lonthe". Banjur Tiok lan sedulur-sedulure uga Ibune, wis nganggep Bagus mung bakal nggawa sesuker sing ngregedi lan gawe kucem kaluhuraning Kulawarga jalaran duwe karep lan ora keneng diundurne, ngrabi Karmini. Jaman semana, Tiok nganti tega lan mentala, bareng-bareng karo mBakyune "mropokasi" Ibune.
"Sakniki ngeten mawon Buk" ature Tiok marang Ibune nalika samana "murih Bagus niku saged pedhot kaliyan Karmini, Ibu kedah wentala kangge kasaenanipun Bagus piyambak".
"Wentala sing kepiye?" pandangune Bu Asper nalika samana.
"Jatah kangge kuliyahe Bagus dipun endheg rumiyin lan nek Bagus taksih nekad boten kenging ditata, Ibu kedah tega nundhung Bagus saking dalem mriki" atur wangsulane Tiok sing banjur diimbuhi dening Sri Hartini :
"Niku leres Buk, sampun ta mangke Bagus nek sampun kejepit boten gadhah napa-napa, kalih anake lonthe niku rak diemohi piyambak".
"Atake mengko Bagus nekad? terus dikukup Karmin Bengkring pisan? Aku rak njur kelangan anak?" wektu kuwi Bu Asper kober tidha-tidha.
"Nek pancen ngoten nggih kersane neh Buk" wangsulane Hartini nalika samana "punapa ginanipun anak nek namung badhe damel wirange tiyang sepuh? punapa Ibu remen menawi dipun jejeraken satimbang kaliyan Tandhak Tayub, Lonthe murahan kados Tandhak Jiyah niku?".
Tembung-tembung kuwi bali dumeling neng kupinge Tiok. Tiok thenger-thenger, nggetuni tumindake sing wis kasilep wektu sing wis suwe. Lamunane Tiok lagi buyar bareng HP sing ana sak klambine muni, aweh tandha yen ana telepon mlebu. Tiok ngrogoh sak, ngiling-ilingi sapa sing ngirim panggilan menyang nomer hp ne. Alise Tiok sakala dikencangake bareng ngerti tulisan sing ana layar hp ne........ MBAK TIEN.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar