Total Tayangan Halaman

Jumat, 05 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 25

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

25.

Tiok meneng sedhela, ora enggal wangsulan, malah plengah-plengeh, ngguyu ning tanpa rasa. Tiok pancen lagi ngrasakne rasa cemplang sing ngranuhi sajroning atine. Rasa cemplang sajroning ngrasakne lelakon uripe. Wong ngendi-endi padha ngerti lan padha ngarani, kajaba kulawarga kinurmat kang kajen kineringan dening sapepadhaning wong, kulawargane Ndara Asper kuwi kulawarga sing sugih bandha. Kulawarga sing ora kurang enthong ora kurang irus. Ewa samono saiki para putra-putrane nDara Asper padha pegel-pegelan siji lan sijine, ora sabab kekurangan, nanging sabab kepengin entuk bageyan luwih akeh lan luwih kuwasa marang bandhane wong tuwane.

 

"Piye Pah ? mBak Tien banjur kepriye?" Vero bali nakoni bojone.

 

"mBak Tien ndakwa mBak Evie jare wis ndobrili Ibu, nganti Ibu ora emut marang kalenggahane minangka wong sing kinurmat, gelem nampa Karmini dadi putra mantune kuwi padha karo Ibu kersa disejajarne karo Mak Jiyah, sing jarene mBak Tien ya nana kae, kaya sing diucapne mBak Tien menyang Karmini pas neng Rumah Sakit. mBak Tien banjur ngongkon aku supaya ngaturi Ibu caos pemut yen I bu kuwi wis kena pengaruhe mBak Evie" kandhane Tiok mangsuli pitakone bojone.

 

"Banjur Papah ya saguh?"  Vero nguber karo pitakonan.

 

"Aku mangsuli, nek Ibu kuwi padha karo aku lan mBak Evie, sing duwe keyakinan, nek neng donya kuwi ora ana manungsa sing tanpa cacad, tanpa duwe kekurangan. Lan uga ora ana manungsa sing ora duwe kabecikan. Saelek-eleke menungsa mesthi isih ana apike, sapik-apike menungsa mesrhi ana kekurangane. Wong sing katone apik iki merga dening Gusti Allah ora dibukak cacad sing didhelikne, dadi manungsa kuwi ora kena dumeh rumangsa resik, banjur seneng nggoleki alaning liyan, bisa kuwalat. Pungkasane aku emoh dikongkon mBak Tien ngono kuwi" Tiok banjur wangsulan maneh.

 

"Ya wis, nek ngono Papah wis bener" Vero ngalembana bojone.

 

"mbak Tien banjur sansaya nesu lan ngomong ora arep nggugu Ibu, mBak Evie apa dene aku, merga kabeh dianggep kleru. Sing luwih lucu maneh, bageyane Bagus ya tetep arep dikukuhi ora arep diwenehne marang Bagus, merga jarene sesuai dengan kesepakatan, bageyane Bagus kuwi arep dipasrahne nek Bagus wis nuruti apa sing dadi karepe mBak Tien lan sing uga tau dadi karepku sadurunge aku sadar, Ibu uga tau duwe kersa sing padha sadurunge Ibu pirsa kabecikane Karmini. Mula aku ya dadi bingung, lha bareng aku takon menyang Bagus, Bagus malah omong nek ora arep melu omong perkara kuwi. Mengko bageyane Bagus rak sida ilang katut dipek mbak Tien kabeh?. Piye Gus?" Tiok mungkasi critane sing ditutup nganggo pitakonan marang Bagus.

 

"Ngene wae Mas" Bagus banjur wangsulan suwarane keprungu sareh "wektu iki kahanane Ibu ya ngana kae, nek nganti kebanteren menggalih bisa gerah maneh. Kamangka minangka anak ragil, aku iki sing paling sethithik anggonku bisa ngabekti marang Ibu, aku isih mbutuhake Ibu kanggo nampa bektiku, lan bektine sisihanku marang Ibu Maratuwane. Dadi aku nyuwun tulung marang Mas Tiok, aja nganti Ibu nganti pirsa nek putra-putrane padha udur jalaran bandha sing asale saka peparinge Ibu kabeh. Mas Tiok utawa mBak Evie ora sah masalahne sing jarene bageyanku kuwi mau karo mBak Tien. Aku ora apa-apa, tenan aku ora arep ngrembug bab kuwi, merga aku isih seneng milih Ibu tansah sehat lan panjang yuswane".

 

Banjur Bagus genti noleh marang Karmini karo takon :

"Panemuku ing perkara sing dicritakne Mas Tiok kuwi mau ngono kuwi Dhik, mathuk ta? Jare dhek emben kae awakmu ya wis dijak bisik-bisik karo mBak Evie bab iki?".

 

"Inggih Mas" wangsulane Karmini marang Bagus sing uga bisa dirungokne Vero apa dene Tiok "kados ingkang sampun kula aturne kala wingenane nika. Pas dikabari mBak Evie ing prakawis niku, kula namung atur wangsulan, bilih kula niki boten wenang tumut ngrembag prakawis punika, nanging kula janji dhateng mBak Evie bilih  badhe matur dhateng Panjenengan, murih ngeman dhateng kasugenganipun Ibu. Sampun ngantos Ibu kejot ing panggalih, sampun ngantos Ibu kebanteren anggenipun manggalih, awit Ibu punika sampun sepuh, betah katentreman, dening Pak Dokter Heru kalih Pak Dokter sing teng Rumah Sakit nika dipun weling, murih Ibu boten gampil sakit Ibu kedah nggadhuh panggalih ingkang ayem, menawi ngantos Panjenengan ngrembag prakawis bandha ingkang samangke dipun asta dening nDara Den Ayu Tien, lajeng Ibu ngantos pirsa, kula kuwatos Ibu lajeng kejot penggalihipun lan saged nuwuhaken boten sae kedadosanipun. Niku atur kula kala wingenane ingkang kula wangsuli dinten niki, kangge mangsuli pamanggih panjenengan ingkang kala wau".

 

Wangsulane Karmini sing nadyan alon nanging cetha kuwi, bener-bener wis klop karo sikep lan panemune Bagus sing dikandhakne marang sedulure tuwa. Ora krasa Tiok banjur ndhingkluk, rumangsa kasoran perbawa. Babar pisan Tiok ora duwe pangira yen bakal krungu wangsulane Bagus sing dhek mau  lan banjur diimbuhi karo wangsulane Karmini ngono kuwi. Tiok rumangsa dibanting lan dikeplekne dening Bagus lan Karmini sak pol-pole. Tiok uga banjur rumangsa kalah adoh nek ditandhingne karo Bagus karo Karmini, ing babagan kadiwasan lan kapinteraning rasa.  Sasuwene iki, Tiok ora tau nggagas bab kesehatane Ibune kanthi njaga murih penggalihe Ibune bisa ayem lan tentrem. Tiok sing wis rumangsa mongkog sing saben sasi sepisan bisa gawe bungahe Ibune kanthi tuku panganan sing mirasa banjur dicaosne Ibune, dumadakan rumangsa ora ana apa-apane yen ditandhing karo apa sing lagi wae dikandhakne dening Bagus sing banjur disusul karo kandhane Karmini.  Bagus karo Karmini ora butuh Ibune pirsa yen duwe niyat lan lekas sing luhur, nanging Bagus karo Karmini mung butuh supaya Ibune ora gerah lan kaparingan panjang yuswa.

 

"Ngene lho Mas" bareng Tiok ndhingkluk lan suwe ora  omong apa-apa Bagus banjur gunemen maneh "aku ngerti, Mas Tiok apa dene mBak Evie kuwi padha nguwatirake panguripane kulawargaku sing mung kaya ngene iki. Nanging Mas Tiok kudu ngerti lan aja nemen-nemen olehe mrihatinake aku, sanajan nyambut gaweku mung njagakne tumetesing bun paribasane, kabutuhanku isih akeh melu disangga mara tuwa, nanging Mas Tiok tak aturi percaya karo Maha Asihe Gusti Allah marang kawulaNe. Cukup kuwi manggone ana ing ati, nek ati wis rumangsa cukup mangka ora bakal kekurangan selawase. Wis ta Mas, ora -ora nek kulawargaku nganti kesrakatan kangelan olehe bisa mangan. Aku percaya kok, Gusti Allah bakal anyukupne kabutuhane kulawargaku waton aku temen-temen bekti marang Ibuku, kanthi ikhlas ing lahir trusing batin, ora murih apa-apa kajaba murih ridlaNe Gusti Sing Maha Agung. Lan aku njaluk tulung marang Mas Tiok, supaya kersa ngabarne bab iki marang mBak Evie, iki kabeh demi kesehatan dan kasugengane Ibune dhewe sing wis sansaya sepuh kae".

 

Kahanan dadi sansaya sepi, ora ana suwara sing keprungu metu saka lisan. Nganti suwarane ambegan sing mlebu metu liwat irung, keprungu cetha kaya suwarane rebab sing ngiringi suluke Ki Dhalang nalika ngancik manyura.

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...