Total Tayangan Halaman

Sabtu, 18 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (026)

 


26.

Dina gumanti dina, sasi gumanti sasi jroning nindakne kabeh sing diwelingne dening gurune ora ana sing kecicir, malah kepara luwih apik maneh. Sima Loreng saben dina tansah ngudi murih ngelmu sing ditampa saka gurune bisa luwih sampurna maneh lan kanthi mangkono jebul malah bisa ndadekne Sima Loreng nemokne ngelmu-ngelmu anyar minangka mekaran saka ngelmu dhasar sing ditampa saka gurune. Jroning nguwasani hawa murni uga wis luwih sampurna maneh. Sedulur-sedulure tunggal sapaguron uga wis akeh sing mundhak becik ulah kanuragane, sanajan nek dibandhing karo Sima Loreng isih kalah adoh ing sangisore.

 

Kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane, nekani susuh-susuh brandhal panggah ditindakne. Malah saiki wis ora ana maneh brandhal-brandhal sing olehe masrahne jatah kanggo Paguron Parangabang sing ndadak nganggo dipeksa. Kabeh wis luwih dhisik ngrumangsani yen ora nuruti panjaluke Sima Loreng karo kanca-kancane mesthi luwih akeh kapitunane tinimbang bathine. Malah saiki jatah sing dijaluk dening Paguron Parangabang luwih akeh maneh tinimbang sadurunge, jalaran saka panjaluke sedulur-sedulure, Sima Loreng wis gelem nampa murid anyar sing kepengin sinau kanuragan ing Parangabang. Murid-murid anyar sing teka kuwi ora liya ya saka krandhahe sedulur-sedulur tunggal gurune Sima Loreng.

 

Ora krasa olehe lunga Ki Sima Abang saka Paguron Parangabang wis setahun luwih lan durung bali menyang Paguron maneh. Sing mangkono kuwi tumrap murid-murid Paguron Parangabang ora pati dadi gagasan, beda karo sing ana pikirane Sima Loreng. Yen sedulur-sedulure ora pati nggagas jalaran sing nggenteni kuwajibane Gurune wis ana, ya iku Sima Loreng. Nanging nek neng pikirane Sima Loreng, kanthi ora anane Guru sing didadekne pandoming laku, kerep wae Sima Loreng sok tidha-tidha sajroning nibakne pilihan kanggo mlaku murih tambah becike tata paguron. Kajaba saka iku, Sima Loreng uga isih rumangsa kurang anggone necep ngelmu saka gurune, sing rumangsane Sima Loreng, Sima Abang kuwi menungsa sing ora duwe pangapesan babar pisan. Ora ana sing bisa ngalahne ing babagan ngelmu kanuragan lan kawicaksanan sajrone nglakoni urip. Mungguhe Sima Loreng, Sima Abang sumbering daya kekuwatan lan sumbering bebener, ora ana sing bener kajaba sing jumbuh karo panemune Sima Abang. Mula bareng wis setahun luwih Ki Sima Abang durung ana tandha-tandha bali menyang Parangabang, Sima Loreng dadi sansaya bingung pikire.

 

"Kakang Sima Loreng" nalika ing sawijining dina Sima Loreng lagi nggagas gurune sing ora teka-teka, karo lungguh sendhen watu gedhe ing iringan pondhoke, Wimba, adhine tunggal paguron sing tuwa dhewe marani karo takon "pirang-pirang dina iki tak sawang Kakang kerep meneng kaya wong sing lagi bingung. Satemene ana apa ta Kakang?".

 

"Ora ana apa-apa ki Dhi?" wangsulane Sima Loreng karo mesem, atine krasa seneng dene sedulure jebul migatekne dheweke "Adhi Wimba ora sah nguwatirake aku, aku ora apa-apa. Sing baku si adhi aja nganti klendran nggone aweh piwulang marang para murid lan nindakne kuwajiban paguron liyane".

 

"Iya Kakang" kandhane Wimba sabanjure "aku ora nguwatirake Kakang, merga aku ngerti nek Kakang wis sarwa cukup ing reh kanuragan. Nanging nek Kakang kerep meneng, banjur arang gelem guneman nalikane nonton olehku aweh tuntunan marang para murid uga nalikane aku lan adhi-adhi padha aweh palapuran sawise bali saka njupuk jatah saka susuh-susuhe brandhal, ngono kuwi ndadekne aku karo adhi-adhi padha wedi, kuwatir nek ana tumindak sing ora mranani ing atine Kakang, nanging Kakang ora gelem aweh panyaruwe merga ora tega nek nganti gawe gelane adhi-adhimu kabeh, Kakang. Tak jaluk Kakang kudu gelem aweh panyaruwe yen ana tumindake adhi-adhimu sing ora pas, dadi ora banjur kebacut olehe ora bener".

 

"Ora Dhi" wangsulane Sima Loreng karo mesem sareh "yen aku ngerti ana sing ora pas karo tumindake adhi-adhiku, aku mesthi aweh panyaruwe murih pase. Dadi olehku nganti kaya wong bingung iki ora ana gandheng cenenge karo tumindake adhi-adhiku kabeh. Pancen bener wektu iki kena diarani aku lagi bingung utawa sedhih, dene sing dadi jalaran, amarga aku kelingan karo Gurune awake dhewe, ya iku Bapa Sima Abang sing nganti saiki durung kundur menyang Parangabang kene, kamangka olehe jengkar saka kene biyen nganti saiki wis setahun luwih. Mung kuwi Dhi sing ndadekne pikiranku kerep dadi bingung".

 

"Tak kira antarane aku karo Kakang Sima Loreng kuwi padha, Kakang" Wimba nanggapi wangsulane Sima Loreng "lire padha olehe ngrasakne kangen karo Guru, nanging sadurunge Guru jengkar biyen rak wis masrahake Paguron iki marang Kakang? dadi waton Kakang ora nyidrani apa sing dadi piwulange Guru lan nyatane Kakang uga wis nindakne kabeh kuwajiban sing didhawuhne Guru, kakang ora perlu sedhih lan bingung sing kebanjur-banjur, mundhak ora becik kedadeyane".

 

"Kuwi bener Dhi, nanging Guru biyen uga dhawuh, nek olehe ninggalne Parangabang iki ora nganti suwe, aku nguwatirake Guru nemoni kedadeyan sing ora prayoga, temah ora kundur-kundur iki".

 

"Kakang nguwatirake Guru kepethuk mungsuh banjur Guru digawe cilaka dening mungsuh kuwi?" Wimba takon.

 

"Ora kuwi" wangsulane Sima Loreng "tak kira neng lumahing bumi iki ora ana wong sing kadigdayane bisa mapaki kadigdayane Guru, mokal mana manungsa sing bisa ngalahake Guru. Sing tak kuwatirake, Guru neng paran nemu papan sing anyar sing luwih nengsemake katimbang Parangabang iki, banjur Guru katrem ana kana, ora kersa kundur mrene maneh. Kuwi sing tak kuwatirake Dhi, kamangka aku ngarep-arep Guru enggal kundur lan nambahi piwulang-piwulang anyar marang awake dhewe. Wong ngendikane Guru marang aku biyen tindake iki arep ngunggahi Gunung Wilis saperlu matengake ngelmune neng kana, lha nek ngelmune Guru wis sansaya mateng rak ya dadi wajibe Guru banjur muwuhi anggone paring ngelmu marang murid-muride ta Dhi?".

 

Wimba manthuk-manthuk rumangsa mathuk karo panemune Sima Loreng sing dikandhakne keri dhewe iki. Sanajan miturut pamawase Wimba, Sima Loreng kuwi wis keneng diarani duwe kasekten sing durung ana sing ngluwihi, ketitik durung tau ana bangsa brandhal sing ora bisa dikalahake dening Sima Loreng, malah sing ana brandhal-brandhal sing kondhang duwe kasekten lan kadigdayan nyatane kanthi gampang bisa ditundhukne dening Sima Loreng. Nanging yen Gurune bali banjur aweh wuwuhan ngelmu marang Sima Loreng lan adhi-adhine kabeh, kuwi bakal luwih dadi lanbecike tumrap Paguron Parangabang.

 

"Mula saka kuwi Adhi" kandhane Sima Loreng sabanjure "aku duwe gagasan, murih rasa bingungku ora kedlarung-dlarung, rasa kuwatirku ora kebacut dadi kasunyatan, aku kepengin budhal nusul lan nggoleki Guru menyang Gunung Wilis. Saiki piye panemune si Adhi karo gagasanku iki?".

 

"Kakang arep ninggalne Parangabang?" Wimba takon suwarane nuduhne rasa kuwatir.

 

"Iya" Sima Loreng wangsulan "nanging si Adhi ora prelu kuwatir, aku janji nek wis kepethuk Guru, aku mesthi banjur bali, sokur bage bisa bebarengan karo Guru, nanging yen Guru isih kepareng mbacutake anggone nyampurnakne ngelmune, saora-orane baliku menyang Parangabang kene wis bisa nggawa wuwuhan ngelmu sing bisa tak tular-tularne marang adhi-adhiku kabeh. Kepriye?".

 

Wimba meneng sedhela, sajake lagi nggagas lan nimbang-nimbang apa sing   dikandhakne Sima Loreng kuwi. Bareng   wis rada sauntara olehe mikir, Wimba banjur guneman, ngandhakne sing dadi panemune :

 

"Satemene aku mathuk banget karo niyate Kakang iki, merga kanthi mangkono Kakang bisa nambahi ngelmu-ngelmu anyar marang aku lan adhi-adhi kabeh. Nanging, yen Kakang Sima Loreng lunga, banjur Parangabang iki piye dadine? Jalaran aku ngrumangsani lan uga ngerti, sanajan padha-padha bareng olehe sinau ulah kanuragan marang Guru, kanyatane kabisanku lan kabisane adhi-adhi kabeh isih adoh karo kabisane Kakang Sima Loreng. Aku kuwatir yen nganti Kakang lunga saka kene, aku lan adhi-adhi ora bisa mrantasi gawe sajroning nindakne kuwajiban, mligine sing ana sambung rapete karo para brandhal sing sasuwene iki mung bisa diatasi dening Kakang Sima Loreng. Dadi aku durung bisa nyarujuki karo gagasane Kakang Sima Loreng nusul lan nggoleki Guru menyang Gunung Wilis kuwi".

 

Panemune Wimba sing keri dhewe iki pancen tinemu ing nalar. Sima Loreng uga ngerti yen isih akeh brandhal-brandhal sing olehe gelem teluk lan aweh jatah marang Paguron Parangabang kuwi merga saka kasekten lan kaluwihane Sima Loreng. Tanpa Sima Loreng, Wimba lan sedulur-sedulur liyane ora bakal bisa mrantasi gawe, nelukne para brandhal-brandhal kuwi kabeh. Sima Loreng banjur meneng sedhela, pikirane seser mikir murih bisane ngrampungne perkara iki. Ya iku kepriye murih dheweke bisa lunga nusul lan nggoleki Ki Sima Abang menyang Gunung Wilis, sauntara Paguron Parangabang panggah bisa nelukne para brandhal sing dijagakne jatahe kanggo ngragadi adege Paguron.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...