25.
Mingkur sing wis ndudut keris saka wrangkane sing uga diterokne Ki Lurah karo Ki Bekel, ora enggal tumandang, para andhahane isih ngenteni aba saka Mingkur, sanajan satemene wis ana rasa giris luwih dhisik ing sajroning atine dhewe-dhewe. Sima Loreng panggah ora obah saka papane, ora ana tandha-tandha siaga arep kerengan babar pisan, tangane sing tengen ditumpangne neng bangkekan, lambene isih mesam-mesem sajak ngece karo wong sing ngepung karo gegaman neng tangan.
"Kowe Mingkur Bajingan licik, saiki kancamu wis mlumpuk ngenteni prentahmu, kowe ya wis ngunus keris malah Lurah nggladrah karo Bekel Bosok kuwi ya wis padha nyekeli keris kabeh, nek pancen arep njajal gojeg karo Sima Loreng ya gene ora enggal tumandang he?" karo ngece Sima Loreng nakoni wong sing ana sandhinge kuwi.
"Mengko dhisik Ki Sima Loreng" wangsulane Mingkur ngati-ati "bares wae, aku tau duwe gagasan ora arep wani karo Paguron Parangabang sing ndika pandhegani kuwi, nanging rasane dadi saru nek aku kesusu pasrah lan dadi telukan ngono wae, kamangka aku durung ndika wenehi pituduh ing reh kanuragan. Mula gandheng ndika wis teka kene, mesisan aku karo kanca-kancaku ndika wenehi pituduh carane gelut luwih dhisik, yen nyata piwulang ndika kuwi becik mesthi aku sakanca bakal sumpah setya gelem dadi telukan ndika, nanging yen jebul Sima Loreng kuwi mung sak macan rembah, tak kira ora ana gunane aku tepung karo Paguron Parangabang".
"Bagus!" Sima Loreng wangsulan banter "yen ngono aja kesuwen, ayo tak enteni neng latar".
Muni ngono kuwi Sima Loreng banjur ngalih mlaku ninggalne pendhapa, Jodhog sakancane sing ngadeg neng ngarep pendhapa klawan gegaman sing jangkep kuwi padha nisih aweh dalan metu marang Sima Loreng. Mingkur banjur nyedhaki Jodhog sakancane kabeh, dikandhani piye carane supaya bisa mateni Sima Loreng sing mung wong ijen. Ora suwe wong-wong kuwi banjur nusul nututi Sima Loreng sing wis ngenteni ana latar.
Sima Loreng sing ora nyekel gaman apa-apa kuwi, dumadakan nglirik wit sawo sing pange pirang-pirang. Ora sranta Sima Loreng mencolot karo nggunakne tangane nyempal salah sijine pang sawo sing gedhene sa jempolan sikil dawane kira-kira limang kilan, sawise disempal pang kuwi dicoklek pucuke kanthi gampang, banjur dicekel kaya wong nyekel gagange pedhang.
"Aku njaluk pangmu sawo Mingkur" Kandhane Sima Loreng karo nyawang wong-wong sing wis siaga arep ngebyuk nyerang dheweke "iki mung tak ngge cara ngajebi kowe kabeh sing wis padha nyekel gaman".
Mingkur ora wangsulan, tangane obah aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk saka kiwa tengen ngarep lan mburi. Dikrubut wong rolas sing bareng maju ngrangsang saka iring kiwa lan tengen, ngarep lan mburi kanthi gegaman landhep kabeh, Sima Loreng mung ngetokne suwara saka irunge. mBuh piye carane endha, kang ana ora ana gegaman sing bisa nyenggol kulite Sima Loreng. Serangan kapisan luput, Jodhog sakancane ora kemba, banjur mbaleni ngrangsang maneh klawan serangan sing luwih nggegirisi. Nanging kanthi gampang, serangan-serangan kuwi diendhani dening Sima Loreng sing katone ora obah saka papane. Mingkur sing durung tumandang lan mung nyawang saka kadohan dadi sansaya getem-getem, banjur maju mengarep arep melu kanca-kancane ngrubut Sima Loreng sing mung mesam-mesem ora ngawaki yen lagi arep diranjab gegaman dening mungsuh-mungsuhe. Mangka ora suwe sabanjure, neng latar kuwi wis rame suwarane sikil sing gedebag-gedebug tumiba ing lemah, kala-kala diselingi suwara sambat campur pisuh sing disaut karo suwara guyu-guyu ngece.
Ki Lurah lan Ki Bekel sing ora melu ngrubut Sima Loreng nanging melu nyawang sing lagi padha kerengan kuwi rumangsa eram weruh tandange Sima Loreng, mung ijen nanging ora kethetheran dikrubut wong telulas sing padha nggawa gaman sing landhep kabeh kuwi. Ki Bekel nyedhakne lambene menyang sandhing kupinge Ki Lurah, Ki lurah manthuk-manthuk. Embuh apa sing diucapne Ki Bekel marang Ki Lurah kuwi, ora ana sing ngerti. Padha karo Ki Bekel lan Ki Lurah sing uga ora ngerti, sanajan dikrubut wong telulas sing ora leren olehe genti-genten aweh serangan sing mbebayani, nanging pranyata Sima Loreng isih weruh yen Ki Bekel mbisiki kupinge Ki Lurah.
"He Bekel bosok karo Lurah nggladrah" ing sela-selane ngadhepi mungsuhe Sima Loreng nyuwara banter ditujokne Ki Bekel lan Ki Lurah "nek ndika wong loro niyat arep nglungani papan kene sadurunge genah petunge, ndika mengko mesthyi bakal getun dhewe".
Krungu kandhane Sima Loreng ngono kuwi, sapandurat sing padha ngrubut noleh marang pernahe Ki Lurah lan Ki Bekel. Nanging ya mung sedhela, banjur bali aweh serangan marang Sima Loreng sing dianggep wis cawang kawigatene, ya iku kawigaten marang gegamane mungsuh-mungsuhe lan uga kawigaten marang Ki Lurah lan Ki Bekel sing arep lunga ninggalne papan kono. Malah serangan sing keri iki kepara luwih nggegirisi maneh, merga wong-wong kuwi selak kepengin bisa natoni Sima Loreng sing wis wola-wali nglarani awake sarana tumibane kepelan lan sadhukan sing nyenggol perangan awake. Ki Lurah lan Ki Bekel sing mau kaget oleh pangincim saka Sima Loreng mandheg sedhela, arep murungne karepe nggone arep nglungani papan kuwi, nanging bareng weruh yen Mingkur karo andhahane ningkatne serangane marang Sima Loreng, Ki Lurah lan Ki Bekel ilang rasa kuwatire. Ora ngrewes karo pangincime Sima Loreng, wong loro kuwi mencolot mlaku kanthi rikad nyedhaki papan anggone nyencang jarane.
"Setan alas" wong loro sing arep mlayu kuwi babar pisan ora ngira nek Sima Loreng bisa obah luwih cukat mencolot ninggalne mungsuh-mungsuhe lan saiki wis ngadeg karo mencereng ngadhang lakune karo guneman sing keprungu sereng "ora nggugu kandhaku, iki jalukanmu!".
Rampung anggone muni ngono kuwi, prasasat mung mbutuhne wektu sagebyare that-thit, pang sawo sing ana gegemane Sima Loreng kuwi wis disabetne sikile Ki Bekel sing sisih tengen lan sikile Ki Lurah sing sisih kiwa. Sakala wong loro sing arep mlayu kuwi mbengok banter sambat lara bareng karo awake rubuh tiba neng lemah, banjur munyer-munyer kaya pitik bubar disembeleh, suwarane banter sambat ngaruara.
Bubar ngrubuhne Ki bekel lan Ki Lurah, kaya wong lagi kesurupan Sima Loreng genti mencolot bali nemoni mungsuh-mungsuhe maneh karo ngobahne pang sawo sing ana tangane kanggo mbabati wong-wong sing lagi ngarah patine. Merga tandange Sima Loreng sing kaya wong kesetanen., ndadekne andhahane Mingkur sing cacahe wong rolas kuwi padha mencelat memburi watara limang jangkah tiba neng lemah karo mbengok kelaran, tangan sing nggoceki garan pedhang lan gaman liyane padha pepes balung lengene kebabat pang sawo sing diobahne Sima Loreng. Sauntara Mingkur sing manggone rada adoh misah karo andhahane, wis rubuh neng lemah karo kejet-kejet balung garese wis remuk disabet nganggo pang sawo gegamane Sima Lorek.
Weruh mungsuhe wis rubuh kabeh, Sima Loreng banjur leren, lungguh neng oyot sawo sing karo mbukak klambine, arep ngesatne kringet. Kira-kira sapanginang sabanjure, wong-wong sing maune padha polah wis padha ora obah maneh, sambate ya wis ora banter maneh mung padha gereng-gereng karo ngglethak neng lemah. Sima Loreng banjur nyedhaki Mingkur sing uga gereng-gereng ngempet lara, dicandhak tangane sesisih banjur digeret dilarak dicedhakne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga isih nggereng merga ngrasakne lara neng sikile.
Sima Loreng banjur ngetokne bumbung sing disimpen neng kanthongane, njupuk barang bunder-bunder sing gedhene watara sa endhog cecak. Mingkur dicangap banjur cangkeme dicemplungi barang bunder kuwi siji, karo muni.
"Diuntal!, ben tatumu ora pati krasa lara!".
Marang Ki Lurah lan Ki Bekel, Sima Loreng uga tumindak sing padha . Banjur genti nyedhaki andhahane Mingkur, kabeh diwenehi barang bunder kuwi supaya padha diulu. Rampung menehi jamu sing bisa nyuda rasa lara kuwi, Sima Loreng banjur bali nyedhaki Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur sing wis ora sambat maneh.
"Mingkur, karo ndika Ki Lurah lan Ki Bekel" kandhane Sima Loreng sawise cedhak karo wong telu kuwi "kudune ben adil, ndika wong telu iki tak kethok sikilmu sesisih karo tanganmu sesisih, ben ora bisa tumindak duraka maneh. Nanging aku ora arep nibakne ukuman kuwi marang ndika kabeh. Saiki padha rungokna, paling suwe sepuluh dina maneh, ndika wis padha bisa waras nadyan yen dienggo mlaku isih rada krasa lara. Lan yen wis, prentahku marang ndika kabeh kudu ndika lakoni. Sing sepisan, bandha tinggalane Biyung Dirah sing wis ndika rebut saka tangane Jungkung kudu ndika balekne dadi kas kayaning desa kanggo aweh pitulungan marang warga sing lagi kesrakat. Kaping pindho, marang kowe Mingkur bandhane Taju saka desa Serut sing wingenane mbok dum karo Lurah lan Bekel Serut, kudu mbok balekne kanthi wutuh. Lima las dina maneh aku karo bocah-bocah Paguron Parangabang bakal nekani papan iki maneh. Nek nganti prentahku padha mbok lirwakne, aja padha takon dosa nek padha nampa pidana".
"Nggih Ki Sima Loreng, dhawuh ndika badhe kula estokne" wangsulane Mingkur isih karo ngglethak.
"Lha ndika pripun Ki Lurah kalih Ki Bekel?" Sima Loreng genti nakoni Lurah lan Bekele.
"Nggih Kisanak, weling ndika badhe kula lampahi".
Wis ana rasa rada lega ing dhadhane Sima Loreng, ora suwe ana kono banjur lunga, arep nerusne nggone golek sisik melik ing ngendi ana susuh brandhal sing durung tau diparani.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar