Total Tayangan Halaman

Jumat, 17 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (024)

 


24.

Kanthi nggunakne ngelmu kebat angin, yaiku ngelmu kanggo mlaku sing cepet, ora nganti setengah ari lakune Sima Loreng wis tekan panggonan sing dituju. Sing diarani susuhe Brandhal Mingkur kuwi beda adoh karo susuhe brandhal-brandhal liyane. Sanadyan manggone ndhelik neng tengah alas, nanging wewangune ora kalah karo wewangunan ing padesan. Ana omah sing gedhe-gedhe jejer telu, pendhapane wangun limas ketok jembar mrebawani, platarane jembar, resik, pratandha saben dina ana sing nyaponi, ora adoh saka plataran ana gedhogane jaran, ketok ing kono ana jaran sing gedhe-gedhe cacah lima, sajake gedhogan jaran kuwi uga kopen. Kanthi nyawang nek neng gedhogan ana jarane, Sima Loreng bisa oleh dudutan yen Mingkur lan para sing mbaureksa papan kuwi ora lagi lelungan. Nanging Sima Loreng ora tumuli munggah menyang pendhapa nggoleki Mingkur, malah banjur singidan ing walike wit gedhe sing ora adoh saka papan kuwi, kupinge Sima Loreng krungu ana suwara tracak jaran saka kadohan sing nyedhaki papan kono. Suwara tracak jaran sing lagi mlayu kuwi sansaya keprungu cetha.

 

Ora suwe sabanjure, Sima Loreng weruh ana wong loro nunggang jaran mlebu plataran banjur nyancang jarane neng cancangan sing wis cemawis. Sima Loreng ora pangling, wong loro sing lagi teka kuwi Ki Bekel lan Ki Lurah sing biyen bareng-bareng karo Mingkur wis ngrekadaya lan ngrebut bandha sing kudune dadi duweke, yaiku bandha tinggalane mBok Randha Dirah wong tuwane pupon.

 

Tekane Ki Lurah karo Ki Bekel dipapagne dening andhahane Mingkur sing banjur mlayu nyedhaki wong loro kuwi, Sima Loreng isih apal karo andhahane Mingkur kuwi, ya iku sing meh wae ngiris gulune nganggo golok, sing banjur dipenging dening Ki Sima Abang, gurune.

 

"Ki Lurah saha Ki Bekel badhe kepanggih Lurah kula?" pitakone andhahane Mingkur kuwi marang dhayohe sing lagi teka.

 

"Iya, Ki Jodhog" wangsulane Ki Lurah "Ki Mingkur rak ya ana ing pasanggrahane ta?".

 

"Inggih wonten Ki" wangsulane wong sing jeneng Jodhog kuwi karo manthuk kurmat "mangga pinarak dhateng pendhapa, Lurahe kula kula aturane".

 

Wong telu kuwi banjur bareng mlaku menyang pendhapa. Sima Loreng banjur ngecakne aji Sapta Pangrungu, supaya bisa luwih cetha nggone arep ngrungokne apa sing arep dirembug Ki Lurah lan Ki Bekel sing mara neng papane Mingkur kuwi. Ora suwe Sima Loreng weruh Mingkur metu menyang pendhapa nemoni dhayohe, wong telu banjur padha mapan lungguh neng klasa sing lagi wae digelar Jodhog. Jodhog dhewe banjur nyingkrih memburi, ora wani melu jagongan karo Lurahe sing lagi nemoni dhayohe.

 

"Wonten wartos napa Ki Lurah kalih Ki Bekel? napa wonten Kutuk nglubuk sing betah kula damelne layang kekancingan ? Napa wonten kidang sing mlebet pategilan sing betah kula cepengne?" karo mesam-mesem sajak seneng Mingkur nakoni dhayohe.

 

"Nek Kidang sing mlebu tegalan satemene ya akeh Ki Mingkur" sing mangsuli Ki Bekel "nanging dening Ki Lurah isih durung dikeparengake dicekel. Nek kutuk sing nglubuk neng siwakan pancen ana, ya iku anak mantu sing ditinggal mati maratuwane".

 

"Mantune niku jaler napa estri Ki Bekel?" Mingkur takon maneh.

 

"Lanang, bojone wis mati sadurunge wong tuwane mati, kamangka anake ya mung siji kuwi" genti Ki Lurah sing aweh wangsulan "piye? bisa ta digawekne layang kekancingan?".

 

"Gampil Ki Lurah" wangsulane Mingkur karo mesem seneng.

 

"Nanging, mengko olehe ngedum kudu diowahi Ki Mingkur" Ki Bekel nrambul gunem "aja kaya padatane ngana kae".

 

"Diowahi pripun Ki Bekel?" Mingkur takon karo mesem.

 

"Aku krungu, ndika wingi karo Lurah Serut jare ya nyekel Kutuk sing nglubuk neng siwakan? sapa jenenge ? Taju?".

 

"Nggih leres, Taju"

 

"Lha, aku karo Ki Lurah mengko njaluk bagean sing padha karo bagean sing ndika wenehne Lurah karo Bekel Serut, jarene wonge ndikia bagei separo?" Ki Bekel nggenahne karepe.

 

"Leres Ki Bekel" wangsulane Mingkur karo ngguyu "amargi teng Serut kala wingi niku kutuke boten gadhah patil, dados lare-lare kula boten kula wedalne, benten kalih jaman nggarap teng siwakane mBok Randha Dirah siyen, nika kutuke kuru tur patile radi landhep. Lha Kutuk sing ajeng dicepeng niki mengke pripun?" .

 

"Ketoke wonge ringkih Ki Mingkur, nanging lemu lagi ngendhog pisan, dadi Ki Mingkur ora perlu nggawa kanca akeh-akeh, nek ana apa-apane aku sing saguh nandangi" wangsulane Ki Bekel .

 

"Nek ngoten nggih kula manut Ki Bekel, sepalih nggih sepalih, nanging kangge tumbas satane lare-lare kula sing kula ken ngancani ndika tanggel nggih?" Mingkur nyaguhi panjaluke Ki Bekel nanging mawa sarat "boten kathah kok, namung lare tiga napa sekawan".

 

"Ora bisa!" sadurunge Ki Bekel aweh wangsulan, dumadakan ora weruh sangkane ana wewayangan mencolot sing banjur ngadeg neng cedhake wong telu sing lagi jagongan kuwi karo malangkerik, aweh wangsulan marang Mingkur.

 

Wong telu sing lagi jagongan kuwi padha kaget, banjur padha ora kedhep ngulati sapa sing lagi teka, karo mripat sing murup merga nesu, rumangsa wis diganggu olehe lagi padha rembugan dening wong sing ora duwe deduga lan suba sita.

 

"Pangling karo aku he Ponakane mBok Randha Dirah?" Sima Loreng mesem ngece karo nakoni Mingkur.

 

Mingkur meneng ora wangsulan, pancen Mingkur wis lali karo rupane Jungkung, biyen olehe kepethuk mung pas dheweke teka karo Ki Lurah lan Ki Bekel menyang omahe mBok Randha Dirah saperlu ngrebut bandha warisane.

 

"Kowe...Jung.....kung?" Ki Bekel sing apal karo rupane Jungkung takon semu kaget, merga jaman semana ki Bekel wis dikandhani Mingkur nek Jungkung kapeksa dipateni dening andhahane merga ana niyat arep bali lan ngrebut bandha sing dipaeka dening Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur.

 

"He he he sanes Ki Bekel" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu nyepelekne "Jungkung empun mati disembeleh Jodhog andhahane Mingkur si Bajingan elek kancane Lurah nggladrah karo Bekel bosok saka desa Weru".

 

Mingkur sing wis bisa ngilangne rasa kagete tumuli njedhirne lambene, ngetokne suwara singsut nyeluk andhahane supaya mara menyang pendhapa kanthi siaga gegaman.

 

"Klumpukna kabeh andhahanmu Mingkur, kareben aku ora ndadak mindhon gaweni" kandhane Sima Loreng bareng ngerti Mingkur singsut ngundang andhahane.

 

"Setan alas kowe Jungkung" wangsulane Mingkur karo ngadeg, ditutne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga banjur ngadeg. Sauntara iku andhahane Mingkur wis padha teka kabeh, ana wong wong rolas sing padha nyekel gegamane dhewe-dhewe, siaga ngepung pendhapa.

 

"Ha ha ha..... " Sima Loreng ngguyu lakak-lakak krungu pisuhane Mingkur lan weruh andhahane Mingkur sing wis padha siaga.

 

"Ngapa kowe ngguyu Jungkung?" Mingkur nggetak karo mlilik nuduhne nesune.

 

"Kupingmu pancen budheg tenan Mingkur" wangsulane Sima Loreng sawise meneng guyune "wis kupingmu budheg isih ditambah matamu ya picek".

 

"Aja kakehan cocot kowe Jungkung" wangsulane Mingkur sing sansaya mundhak olehe nesu merga dilokne budheg karo picek "sedhela engkas, klakon tak suwek cangkemmu tenan kowe".

 

"Ha ha ha....." Sima Loreng bali gumuyu maneh banjur disusul wangsulan "kupingmu budheg merga ora krungu kandhane Jodhog karo kancane papat kae, Jungkung wis mati disembeleh neng alas. Matamu ya picek, merga kowe ora weruh sapa aku sing saiki ngadeg neng ngarepmu, lekna mripatmu ben weruh, jembrengen kupingmu ben bisa krungu sing ana ngarepmu iki Sima Loreng saka Paguron Parangabang. Ngerti?".

 

Mingkur lan andhahane padha kaget krungu jeneng Sima Loreng diucapne. Wong-wong kuwi pancen wis suwe krungu yen Sima Abang wis duwe wakil sing jenenge Sima Loreng, kasektene Sima Loreng ora pati adoh kaceke karo kasektene Sima Abang. Wis akeh susuhe para brandhal ditekani dening Sima Loreng dijaluki jatah kanggo ngragadi pagurone. Lan kabeh para benggolan brandhal padha ora ana sing bisa ngalahne kasektene Sima Loreng. Mingkur sing susuhe ndhelik durung konangan wong Paguron Parangabang, pancen durung tau diparani Sima Loreng. Malah Mingkur dhewe tau rerasanan karo andhahane yen nganti pandhelikane konangan dening wong Paguron Parangabang, lan diparani Sima Loreng, wis duwe niyat yen ora arep nglawan, arep manut apa sing dikarepne wong-wong Paguron Parangabang kuwi. Saiki kelakon, Sima Loreng wis tekan papan pandhelikane tenan. Mingkur dadi wiwit mikir, sida pasrah lan menehne apa sing dibutuhne Sima Loreng apa nglawan, merga tekane Sima Loreng mung ijen?.

 

Beda maneh karo sing ana angen-angene Jodhog karo wong papat kancane sing biyen tau arep mateni Jungkung. Jodhog karo wong papat kuwi kelingan, wis nggorohi Lurahe, kandha yen Jungkung wis dipateni lan bathane dibuwang neng jero jurang. Kamangka satemene, nalika samana Jungkung ora sida dipateni merga tekane Sima Abang . Apa kira-kira Jungkung banjur dipupu Sima Abang dadi muride? Sing wekasane duwe kasekten sing ngedab-edabi lan jenenge diganti nganggo jeneng Sima Loreng?.

 

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...