Total Tayangan Halaman

Jumat, 17 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (023)

 


23.

Ditinggal Ki Sima Abang Paguron Parangabang kaya ora ana bedane, kabeh lumaku kaya padatan. Mung Sima Loreng wae sing saiki gaweyane dadi tambah rada akeh, kajaba mulang matengake kanuragane sedulur-sedulure tunggal sapaguron uga nganglang jagade kadurjanan ngulat-ulati manawa ana susuh brandhal anyar utawa susuh brandhal sing durung tau diparani. Tumrap Sima Loreng, gaweyan mangkono kuwi ora aran angel. Merga kanthi kabisane ing reh kanuragan, Sima Loreng wis meh nyedhaki karo kondhange Ki Sima Abang lan Sima Loreng pancen pinter golek sisik melik ing ngendi ana susuhe brandhal. Sing rada angel golek-golekane kuwi yen ana Brandhal nanging ora kawistara nek brandhal, ya iku wong sing duwe praupan loro utawa luwih. Cethane ing donya iki jebul akeh manungsa sing ing wektu-wektu kang tinamtu jejer dadi punggawa desa utawa punggawa negara, nanging wektu liya sandhangane ganti lan jejer minangka branadhal, malah ana  uga sing brnadhal sing saben dinane kerep duwe praupan sing welas asih jalaran sandhangan sing dienggo sandhangane bangsa Ngulama utawa busanane Brahmana. 

 

Anuju sawijining esuk, Sima Loreng mlebu sawijining desa sing wis akeh wargane, tujuwane ya mung arep golek sisik melik ing ngendi ana susuh brandhal sing perlu diparani supaya gelem aweh jatah kanggo ngragadi pagurone. Wektu kuwi sandhangan sing dienggo Sima Loreng, kaya pacakane wong sing kulina nyambut gawe dadi tenaga kasar sing dodol bau marang wong sugih. Kaya lumrahe wong golek warta, Sima Loreng mlebu ing sawijining warung panganan sing cukup rame, akeh wong-wong sing lagi padha jajan lan mangan ana kono. Sima Loreng aba wedang kopi banjur golek nggon lungguh sing kepenak, karo ngrungokne omongane wong-wong sing lagi padha jejagongan.

 

"Lakon kaya sing dialami Taju kuwi cetha nek akal-akalane Lurah karo Bekel sing wis pidak jempol karo Bangsat sing didandani dadi adhik tunggal bapak karo mBah Dangsa" kandhane wong lanang sing lungguh ora adoh ing ngarepe Sima Loreng, marang kancane, wong kuwi pawakane cilik nanging ketok kiyeng, brengose dawa "aku ki ngerti dhewe, mBah Dangsa ki sedulure mung siji jenenge Tomblok, wis mati sadurunge rabi, lha kok bareng mBah Dangsa mati kok dumadakan ana wong teka ngaku-aku nek dheweke adhine mBah Dangsa. Kuwi kaya sing tau tak rungu kira-kira telung tahun kepungkur, neng Desa Weru ana kedadeyan sing persis karo lakone Taju iki. Kaceke sing dadi anak pupone sing mati, kabare banjur lunga ora karuwan parane, malah ana sing kandha jare wis mati merga dipateni wong sing ngaku-aku jare isih ponakane sing duwe bandha warisan".

 

"Nanging nyatane Ki Bekel apa dene Ki Lurah nyekel layang kekancingan sing nuduhne nek wong sing jeneng Mingkur kuwi pancen adhine Ki Dangsa lho Kang?" wangsulane kancane sing nganggo iket modang sing rupane wis klawus.

 

Krungu jeneng Mingkur disebut, atine Sima Loreng dadi rada nratab sethithik. Kelingan lelakon sing dialami jaman semana lan nek ndelok karo sing dikandhakne wong loro sing lagi jagongan kuwi, sajake Mingkur bali nindakne laku apus krama kaya jaman ngrebut bandha tinggalane mBok Randha Ditah marang dheweke biyen. Sima Loreng luwih tenanan nggone nyemak olehe jagongan wong loro kuwi.

 

"Alaaah, kowe kuwi kok gampang temen percaya unine layang" wong kiyeng sing brengose dawa kuwi wangsulan karo ngguyu "karo maneh, wong nuduhne layang kok marang wong sing ora ngerti tulis? Malah aku duwe gagasan, aja maneh kok aku kowe ngertia isine sing jarene layang kekancingan kae, lha wong Lurah karo Bekel kae wae durung karuwan nek bisa maca kok. Dadi kanggo ngalahne Taju supaya ora bisa maris bandha tinggalane mBah Dangsa sing ngopeni lan genti diopeni Taju nganti sak matine kae cukup nganggo sing jarene Layang Kekancingan sing unine piye ora ana sing ngerti".

 

"Kowe kok bisa ngarani ngono kuwi dhasare apa Kang?" wong sing nganggo iket modang takon.

 

"Dhasare cetha" wong sing awake kiyeng kuwi semaur "wingenane kae aku kandha supaya Taju diwenehi wektu kanggo nliti bener utawa orane layang kekancingan kuwi, nanging Ki Bekel malah nesu-nesu, ngunek-unekne nek mokal Taju bisa nliti layang kuwi, wong Taju ki cetha nek ora bisa maca. Nanging bareng aku njaluk supaya Ki Bekel utawa Ki Lurah macakne isine layang sing jarene kekancingan kuwi, wangsulane bola-bali ya mung "ngono kuwi mau" kamangka layange telung lembar sing dadi siji. Genah nek Lurah karo Bekel kuwi satemene ora beda karo wong liyane sing ora ngerti hanacaraka. Luwung wong sing dadi kaum kae, najan ora ngerti hanacaraka nanging ngerti alip bengkong".

 

"Ning sidane Taju rak ya ora oleh apa-apa ta Kang?" Iket modang takon maneh.

 

"Pancen Taju ya tak kon ngalah, merga wong sing jenenge Mingkur kae tekane ora ijen, nanging nggawa kanca. Sing diarep-arep Mingkur gelema Taju ngotot ben dadi pasulayan, nek wis ngono Taju banjur dirangket merga wis wani nerjang Paugeran wani karo pranatan, lha kanggoi ngrangket Taju sing tumandang kancane Mingkur, bisa-bisa Taju didakwa nglawan banjur dipateni pisan. Mula Taju tak kandhani supaya manut karo karepe Lurah, lan gandheng Taju kuwi isih ponakanku dhewe banjur tak jak bali manggon neng omahku. Kuwi wae, bengine Taju ditekani Mingkur sakancane diincim yen nganti Taju konangan sinau olah kanuragan jarene arep dilunasi pisan. Ya tak wangsuli, Taju tak penging sinau ajar gelut, merga wong luwe kuwi ora bisa wareg nek ora mangan, sanajan ta pinter gelut".

 

"Dadi ngono kuwi ta Kang critane?" wong sing ikete modang kuwi takon "pancen esuk iki mau ndika sengaja tak jak mrene kuwi mau ben gelem crita, merga nek neng kene arep ngrasani Bekel utawa Lurah ora bakal ana sing ngerti".

 

"Iya" wangsulane wong sing awake kiyeng brengose dawa "lha wong kene iki genah dhukuh Wates, ora bakal ana pamong utawa punggawa sing wani mlebu dhukuh kene, kejaba nek kepengin endheg umure dipangan dhanyang dhukuh kene".

 

"Nanging andhahane Mingkur rak ya wani ta nek mrene Kang?"

 

"Wanine wani, nanging mokal andhahane Mingkur arep klayaban mrene, wong susuhe ki manggon neng kidule alas Jowar kana" wangsulane wong sing awake kiyeng.

 

Wong loro kuwi bannnjur meneng, nutugne olehe ngombe wedange karo ngentekne panganan sing wis dicawisne neng ngarepe.

 

Sima Loreng ya banjur ngentekne wedange, banjur gage-gage nggone mbayari regane wedang sing diombe.

 

"Kok kesesa ta Kang?" pitakone sing duwe warung karo nampani dhuwite Sima Loreng.

 

"Enggih Dhi" wangsulane Sima Loreng alus "wong niki wau mpun radi kawanen, mpun kasep nek ajeng tawa bau teng sabin. Niki ajeng nyobi tawa bau teng padhusunan mawon".

 

"Nggih mugi-mugi angsal damelan Kang" kandhane sing duwe warung maneh.

 

"Kisanak apa ndika arep adol bau?" dumadakan wong sing awake kiyeng kuwi takon marang Sima Loreng.

 

"Enggih Ki? betah tenaga napa?" wangsulane Sima Loreng mbales takon.

 

"Neng omah mau ana gaweyan, nyrumbati krambil, kira-kira ya rong atusan, nek ndika gelem lan bisa, ayo saiki bareng aku mulih ndika tandangi gaweyan kuwi".

 

"Nggih Ki, mangga" wangsulane Sima Loreng karo mlaku metu saka warung.

 

Ora let suwe Sima Loreng mlaku bareng karo wong loro sing mau padha jagongan ngrembug pokale Lurah lan Bekel sing pidak jempol karo Durjana sing jenenge Mingkur.

 

Nalika Sima Loreng tekan omahe wong kiyeng sing nawani gaweyan kuwi, jebul kecelik krambil sing ditawakne supaya disrumbatne wis kadhung disrumbati dening Taju, ponakane.  Wong kiyeng kuwi rumangsa ora kepenak karo Sima Loreng, nanging Sima Loreng malah ngguyu seneng. Pancen satemene Sima Loreng ora butuh gaweyan, nanging butuh sisik melik ngenani Mingkur lan andhahane sarta ing ngendi susuhe.

 

"Boten dados napa Ki" kandhane Sima Loreng mangsuli kandhane wong kiyeng sing asok kaluputane "malah kaleresan, saged damel nylimur manahe ponakan ndika sing nembe susah atine niku. Malah nek ndika wonten wekdal, kula kepengin rembagan sakedhik".

 

"Ngrembug apa kuwi Kisanak?"

 

Sima loreng nyedhakne lambene menyang kupinge wong kuwi, takon ancer-ancer dalan sing tumuju papan sing digawe susuh Mingkur sakancane.

 

"Dadi ndika niku gadhah petang kalih durjana niku?" wong kuwi takon.

 

"Leres Ki" wangsulane Sima Loreng "mpun radi dangu kula madosi piyambake, nek ndika ngersakne ngertos perkawis kula kaliyan Mingkur, ndika saged taken dhateng tiyang Weru, enten perkawis napa antawisipun Mingkur kalih Jungkung, yoga pupone mBok Randha Dirah".

 

Wong kuwi plenggang-plenggong dhewe, nganti nalika Sima Loreng pamitan ora konber aweh wangsulan. Ngerti-ngerti dhayohe wis adoh ninggalne omahe.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...