22.
Satemene nek diarani Paguron ya durung pati pas, wong Parang Abang kuwi sing madeg dadi Guru ya mung siji lan sing dadi murid ya mung bocah pitu. Nanging murid-muride Ki Sima Rekta ya Sima Abang luwih seneng ngarani nek Parang Abang kuwi Paguron, merga kanyatane pancen nom-noman pitu kuwi tekane kono pancen arep meguru ngelmu kanuragan. Nadyan ing jagade para durjana Sima Abang kuwi kondhang minangka Durjana sing kasektene durung ana sing kuwawa mapaki, nanging durung ana critane Ki Sima Abang lan murid-muride ngrampog, ngecu utawa nindakne kadurjanan liyane ing padesan utawa nyegat lan mbegal bandhane wong sing lagi lelungan. Babar pisan durung tau ana. Awit Ki Sima Abang kuwi olehe gelem nindakne laku durjana juti ora kanggo numpuk kasugihan nanging mung kanggo nyukupi kabutuhan urip kaya dene sandhang lan pangan kanggo dheweke lan murid-muride, tur maneh Sima Abang kuwi olehe nindakne laku durjana juti, mligi nekani susuhe para durjana banjur njaluk bandha donya asil rampogan sacukupe, para brandhal sing susuhe ditekani Ki Sima Abang adhakane ya luwih milih nglilani bandha asile maling lan ngrampog dijupuk sethithik dening Ki Sima Abang, tinimbang ngukuhi kanthi adu kadigdayan luwih dhisik, jalaran kena dipesthekne sapa wani nglawan Ki Sima Abang paling beja remuk awake lan ora sethithik sing banjur dadi bathang.
"Kowe kabeh dadi muridku ora arep tak warahi dadi bajingan sing seneng ngrebut bandhane wong-wong sing olehe nglumpukne bandhane sarana nyambut gawe sing ora gawe kapitunane wong liya" pitutur ngene iki kerep dikandhakne Ki Sima Abang marang murid-muride, pitutur iki ya dijandhakne nalika Jungkung wis oleh sepasar manggon neng Parang Abang suwita dadi muride Ki Sima Abang "nanging, gandheng aku karo kowe ya butuh urip, murih bisa mangan lan salin sandhangan, awake dhewe bisa njupuk bandha asil malingan lan sapanunggalane ing susuh-susuhe para brandhal. Nek ana brandhal sing ora nglilani, ya kudu dipeksa karo kekuwatan. Mula aku mung kepengin kowe kabeh bisa dadi wong menangan, gaweyanmu neng kene mung gladhen kanuragan, mbesuk nek kowe wis dadi wong menangan, kari sakarepmu arep dadi wong tani, sodagar, apa dadi apa wae aku ora arep menging".
"Inggih Guru" murid-muride padha wangsulan bareng.
Gandheng wektu kanggo gladhen kanuragan sasat ora tau ana lerene, mula ora mokal nom-noman sing dadi murid Paguron Parang Abang kuwi, cepet olehe wasis ing reh kanuragan. Klebu Jungkung, malah Jungkung sing dhasare duwe bebalungan sing becik, dadi nduweni kapinteran sing luwih onjo tinimbang kanca-kancane. Oleh setahun anggone meguru, Jungkung sing olehe teka ing Parangabang keri dhewe, nanging kapinterane kacek adoh ing sadhuwure murid liyane, mula dening Ki Sima Abang, Jungkung diangkat dadi Murid sing paling tuwa lan jejer dadi wewakile Ki Sima Abang. Jungkung disampiri kuwajiban melu aweh gladhen marang sedulur-sedulure sapaguron. Jalaran Ki Sima Abang dhewe ing sela-selane nggladhi murid-muride uga ora tau kendhat nggone mbudidaya nambahi kasektene sarana njingglengi sarta mekarake ngelmu sing ditampa saka guru-gurune jaman biyen. Kanggo njupuk bandha kanggo ngragadi Paguron Parangabang ing susuhe para brandhal, saiki luwih kerep Ki Sima Abang aweh kaparcayan marang Jungkung mandhegani sedulur-sedulure, sauntara Ki Sima Abang keri neng Paguron kanggo matengne ngelmu-ngelmune.
Anuju sawijing wengi, ngepasi Jungkung karo sedulur-sedulure sapaguron lagi teka saka anggone njupuk jatah ing susuhe Brandhal Setan Kuning, dening Ki Sima Abang diceluk supaya ngadhep neng sanggar. Jungkung dadi krasa rada dheg-dhegan, padatan nek lagi rampung ngayahi kuwajiban ngono kuwi para murid diwenehi kalonggaran kanggo leren sedina, lagi sesuke ditakoni lakune olehe nyambut gawe mau. Iki durung suwe teka, Jungkung wis diceluk malah dikongkon ngadhep neng sanggar, mula ya banjur rada dheg-dhegan.
"Sidane sing mbok parani susuhe sapa iki mau Jungkung?" pitakone Ki Sima Abang sawise Jungkung tekan Sanggar.
"Susuhipun Setan Kuning Guru" wangsulane Jungkung "samangke ngalih dhateng wana sacaketipun Jurang Mangleng, kalih niki wau kapeksa kula nyukani tetenger dhateng Ki Jonggol awit badhe nyelaki kuwajibanipun dhateng Paguron Parangabang".
"Jonggol arep mbalela ngono apa piye?" Ki Sima Abang takon.
"Inggih Guru, piyambakipun boten pitados menawi dugi kula awit ngemban prentah saking Guru" wangsulane Jungkung "nanging, Ki Jonggol namung kula tengeri tatu nglebet, inggih kinten-kinten kalih peken sampun mantun".
"Bagus!, lha andhahane ana sing mati apa ora?"
"Andhahanipun namung didamel bonyok-bonyok dening para kadang, boten wonten ingkang dipun pejahi. Niki wau ingkang kula pendhet radi kathah, cekap kangge kabetahan Paguron antawis setunggal wulan" wangsulane Jungkung nggenahne asile.
"Ngene Jungkung" kandhane Ki Sima Abang sabanjure "aku arep lunga kanggo sawatara wektu ninggalne Parangabang kene, lungaku arep ngundhakne lan mateng ngelmu sing tak duweni iki murih luwih sampurna. Parangabang lan panggulawenthahe bocah-bocah tak pasrahne marang kowe, tindakna kabeh kuwajibanku kaya padatan, nganti aku bali. Sesuk esuk, sedulurmu klumpukna tak kandhanane perkara iki".
"Inggih Guru" wangsulane Jungkung "menapa kula dipun keparengaken ngertos dhateng pundi Guru badhe nyampurnakaken ngelmi menika?"
"Iki mung kanggo kowe dhewe, sing arep tak parani iki mengko ing puncake Gunung Wilis. Yen nganti setahun luwih aku durung bali, kowe tak wenangake nusul nggoleki aku. Nanging, yen ing kene isih akeh pagaweyan, Parangabang aja mbok tinggal, yen nganti rong tahun aku panggah durung bali, Parangabang iki kabeh dadi wewenangmu kanggo sateruse" wangsulane Ki Sima Abang ngiras aweh paweling.
"Guru?" Jungkung rada nggragap krungu welinge gurune ngono kuwi "kula suwun Guru kedah sampun kundur saderengipun setunggal tahun lan sampun ngantos Guru boten kundur, kula kaliyan para kadang boten saged gesang tanpa tuntunan saking Guru".
"Kowe aja kuwatir Jungkung" wangsulane Sima Abang karo ngguyu "ora nganti setahun aku mesthi wis bali mrene, nutugne olehku aweh kawruh kanuragan marang kowe. Welingku sing iki mau, mung dhapur kanggo njagani yen nganti apa sing tak rancang ana mlesete".
"Inggih Guru" wangsulane Jungkung alon.
Dina candhake, isih esuk Jungkung wis mrentahne para sedulure supaya mlumpuk ing sanggar kanggo gladhen kanuragan. Jumbuh karo sing diprentahne dening Ki Sima Abang mau bengi. Sawuse murid-murid Paguron Parangabang padha gladhen sauntara kanthi dipandhegani Jungkung, Ki Sima Abang teka, sing padha gladhen diprentah supaya leren. Ki Sima Abang arep aweh katrangan.
"Murid-muridku kabeh padha rungokna" kandhane Ki Sima Abang sawise murid-muride padha lungguh siaga nampa prentah "wiwit dina iki Jungkung tak sengkakne dadi Guru ing paguron kene, dheweke wenang nampa murid anyar sing kepengin nyuwita ing Paguron kene. Kaping pindho Jungkung tak paringi jeneng anyar, ya kuwi Ki Sima Loreng. Dadi saiki jeneng Jungkung wis ora ana maneh ing Paguron kene, sing ana Sima Loreng. Kaping telu kanggo sawantara suwene, mbuh sesasi, rong sasi, telung sasi utawa setahun aku arep lunga. Kabeh perkara sing magepokan karo Paguron Parangabang tak pasrahne marang Ki Sima Loreng. Iki kabeh prentah saka aku, sing sapa wani nglawan padha karo wani nglawan aku. Apa wis padha genah?".
"Inggih, sampun cetha sedaya Guru" wangsulane para murid bebarengan.
"Yen wis cetha, saiki mangsa bodhowa kowe Sima Loreng, Paguron Parangabang saisine tak pasrahne kowe" kandhane Ki Sima Abang sabanjure.
"Inggih Guru" wangsulane Sima Loreng karo nyembah "mugi-mugi kula saged nindakne kuwajiban menika kanthi leres lan boten damel kuciwaning penggalihipun Bapa Guru sawanci-wanci Bapa Guru kundur malih ing Parangabang".
KI Sima Abang banjur metu saka Sanggar lan tanpa pamitan maneh tumuli budhal ninggakne pagurone. Sima Loreng banjur ngalih panggonan, genti lungguh ing watu palungguhane Gurune, banjur wiwit aweh wejangan marang sedulur-sedulure :
"Sedulurku kabeh, tenane ngono aku rumangsa rada kabotan nampa dhawuh saka Guru iki mau. Nanging, aku percaya kanthi pambiyantumu kabeh aku mesthi bisa ora gawe kuciwaning penggalihe Bapa Guru sawayah-wayah Bapa Guru rawuh maneh ing kene. Mula tak jaluk ndika kabeh kanthi rilaning ati aweh pambiyantu marang aku, kanggo ngayahi jejibahan iki".
"Iya Kakang" sedulur-sedulure Sima Loreng wangsulan bareng.
"Sabanjure, prentah kapisan saka aku marang sedulurku kabeh padha rungokna!" Sima Loreng nutugne anggone guneman "perkara tindake Bapa Guru ninggal Parangabang iki aja nganti keprojol marang sapa wae, dadi aja nganti ana wong sajabane Paguron iki sing ngerti nek Bapa Guru ora ana ing Parangabang. Ngerti?".
"Iya, ngerti Kakang" kabeh wangsulan bareng.
"Prentah sabanjure bakal tak kandhakne mengko, saiki ayo ditutugne nggone padha gladhen".
Murid-murid Paguron Parangabang kuwi nuli nutugne anggone padha gladhen kanuragan dituntuni dening Sima Loreng sing saiki wis dadi pengarepe Paguron.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar